Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 24

”Kowé Kudu Terus Kendel”

”Kowé Kudu Terus Kendel”

Wong-wong ora berhasil matèni Paulus, lan Paulus nyampèkké pembélaané ing ngarepé Fèliks

Kisah 23:11–24:27

1, 2. Paulus ngerti saka endi nèk dhèwèké bakal dianiaya ing Yérusalèm?

 WONG-WONG ing Yérusalèm nesu banget nganti péngin matèni Paulus, tapi Paulus isa tetep slamet meskipun akhiré dipenjara manèh. Paulus ngerti nèk dhèwèké bakal dianiaya pas ing Yérusalèm. Soalé sakdurungé, dhèwèké wis dikandhani nèk ing kutha kuwi dhèwèké bakal ”dipenjara lan ngalami kesengsaraan”. (Kis. 20:22, 23) Meskipun ora ngerti apa waé sing bakal dialami, tapi Paulus ngerti nèk dhèwèké bakal dianiaya merga martakké soal Yésus.​—Kis. 9:16.

2 Ana nabi-nabi sing wis ngandhani Paulus nèk dhèwèké bakal dicekel lan ”diserahké marang wong-wong saka bangsa liya”. (Kis. 21:4, 10, 11) Sakdurungé, wong-wong Yahudi péngin matèni Paulus. Terus ora suwé bar kuwi, anggota Sanhèdrin debat karo Paulus lan ya arep ”matèni” dhèwèké. Nah, saiki Paulus dadi tahanan Romawi lan bakal diadili. (Kis. 21:31; 23:10) Mula, Paulus butuh banget dikuwatké.

3. Apa sing nggawé awaké dhéwé isa tetep dikuwatké bèn isa terus nginjil?

3 Saiki, awaké dhéwé urip ing akhir jaman. Awaké dhéwé ngerti nèk saiki ”kabèh wong sing dadi muridé Kristus Yésus lan ngabdi marang Gusti Allah ya bakal dianiaya”. (2 Tim. 3:12) Dadi, awaké dhéwé butuh dikuwatké bèn isa terus nginjil. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga isa dikuwatké liwat pertemuan ibadah lan wacan-wacan sing disedhiakké ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Yéhuwah ya janji nèk sapa waé sing nentang gawéan nginjil ora bakal berhasil. Dadi, ora ana sing isa nggawé awaké dhéwé mandheg nginjil. (Yés. 54:17; Yér. 1:19) Lha terus Rasul Paulus piyé? Apa dhèwèké ya bakal dikuwatké bèn isa terus nginjil meskipun ditentang? Nèk iya, piyé carané Yéhuwah nguwatké Paulus, terus Paulus ngapa?

Wong-Wong ”Nggawé Sumpah” Tapi Rencanané Gagal (Kis. 23:11-34)

4, 5. Piyé Yésus nguwatké Paulus, lan ngapa kok kuwi pas banget karo sing dibutuhké Paulus?

4 Sakwisé Paulus slamet saka anggota Sanhèdrin sing arep matèni dhèwèké, sésuk benginé Paulus dikuwatké. Ing Alkitab disebutké, ”Gusti marani Paulus lan kandha, ’Kowé kudu terus kendel. Kaya kowé wis mènèhi penjelasan sing lengkap soal aku ing Yérusalèm, kowé ya kudu mènèhi penjelasan sing lengkap soal aku ing Roma.’” (Kis. 23:11) Kata-katané Yésus kuwi nguwatké Paulus. Paulus yakin nèk dhèwèké bakal tetep urip pas ana ing Roma lan tetep isa nyritakké soal Yésus ing kana.

”Ana luwih saka wong 40 sing wis ngentèni arep nyerang Paulus.”—Kisah 23:21

5 Kata-katané Yésus kuwi pas banget karo sing dibutuhké Paulus. Soalé sésuké ana luwih saka 40 wong Yahudi sing ”sumpah ora arep mangan utawa ngombé nèk durung matèni Paulus”. ”Sumpah” kuwi nduduhké nèk wong-wong Yahudi bener-bener péngin matèni Paulus. Nèk nganti rencanané ora berhasil, meréka percaya nèk bakal dikutuk. (Kis. 23:12-15) Para imam kepala lan para pemimpin setuju karo rencanané wong-wong kuwi. Wong-wong Yahudi kuwi njaluk bèn Paulus digawa ing Sanhèdrin bèn isa ditakon-takoni. Padahal sakjané meréka arep matèni Paulus pas Paulus ing perjalanan kanggo ngadhep Sanhèdrin.

6. (a) Kok isa akhiré Paulus ngerti rencanané wong-wong kanggo matèni dhèwèké? (b) Piyé cah-cah enom isa niru ponakané Paulus?

6 Ponakané Paulus ngerti rencana kuwi lan crita karo Paulus. Terus, Paulus ngongkon ponakané bèn crita soal kuwi karo komandan militèr sing jenengé Klaudius Lisias. (Kis. 23:16-22) Jaman saiki, Yéhuwah mesthi sayang karo cah-cah enom sing kaya ponakané Paulus sing ora disebutké jenengé kuwi. Meréka gelem mbantu lan ngutamakké kepentingané wong liya meskipun isa waé ngalami bahaya. Sakliyané kuwi, meréka ya berupaya kanggo nglayani Yéhuwah.

7, 8. Bèn Paulus ora dipatèni wong Yahudi, Klaudius Lisias ngapa?

7 Sakwisé ngerti nèk wong-wong arep matèni Paulus, Klaudius Lisias sing mimpin 1.000 prajurit langsung ngongkon 470 prajurit kanggo ngeterké Paulus saka Yérusalèm tekan Kaisaréa. Saka 470 prajurit kuwi, sebagéan ana sing numpak jaran lan ana sing nggawa tombak. Pas tekan Kaisaréa Paulus diserahké Gubernur Fèliks. a Kaisaréa kuwi pusat pamréntahané Romawi ing Yudéa. Meskipun ing kono ana akèh wong Yahudi, tapi luwih akèh wong sing dudu Yahudi. Dhaérah kuwi luwih aman daripada Yérusalèm, merga ing Yérusalèm ana akèh wong sing ora seneng karo agama liya, seneng mbédak-mbédakké, lan ana akèh kerusuhan. Kaisaréa kuwi ya dadi markasé prajurit Romawi ing Yudéa.

8 Merga péngin manut hukum Romawi, Lisias ngirim surat kanggo Fèliks. Ing surat kuwi, Lisias nyritakké soal kasusé Paulus lan nyebutké nèk sakwisé ngerti Paulus kuwi warga negara Romawi, dhèwèké nylametké Paulus sing ”arep dipatèni” wong Yahudi. Lisias ya nyebutké nèk sakjané Paulus ora nglakoni apa-apa sing nggawé Paulus ”pantes dihukum mati utawa dipenjara”. Tapi merga ana wong-wong sing arep matèni Paulus, Lisias masrahké kasusé Paulus ing Gubernur Fèliks bèn Fèliks krungu dhéwé tudhuhané wong-wong sing sengit karo Paulus lan isa ngrampungké kasus kuwi.​—Kis. 23:25-30.

9. (a) Apa buktiné nèk haké Paulus dadi warga negara Romawi dilanggar? (b) Ngapa kok awaké dhéwé nggunakké hak lan hukum ing negarané awaké dhéwé?

9 Apa ing suraté kuwi Lisias nyritakké kabèh sing kelakon? Ora. Lisias mung nyritakké sing nggawé Gubernur Fèliks terkesan karo dhèwèké. Sakjané, Lisias nylametké Paulus dudu merga ngerti Paulus kuwi warga negara Romawi. Sakliyané kuwi, Lisias ya ora nyebutké nèk dhèwèké ngongkon prajurité bèn tangané Paulus ”ditalèni nganggo ranté loro”. Lisias ya ora nyebutké nèk dhèwèké tau ngongkon bèn Paulus ”ditakon-takoni karo dipecuti”. (Kis. 21:30-34; 22:24-29) Dadi, sakjané Lisias wis nglanggar haké Paulus dadi warga negara Romawi. Jaman saiki, Sétan ya nggunakké para penentang bèn awaké dhéwé dianiaya. Para penentang kuwi ya nglanggar hak-haké awaké dhéwé sing nggawé awaké dhéwé ora isa bébas ngibadah manèh. Tapi kaya Paulus, umaté Yéhuwah isa nggunakké hak-hak lan hukum ing negarané bèn isa dilindhungi.

”Aku Seneng Nyampèkké Pembélaanku ing Ngarepé Njenengan” (Kis. 23:35–24:21)

10. Paulus ditudhuh apa waé?

10 Paulus digawa ing Kaisaréa lan ”ditahan ing istanané Hérodès” karo ngentèni wong-wong sing nudhuh dhèwèké teka saka Yérusalèm. (Kis. 23:35) Limang dina bar kuwi, para penentang kuwi teka yaiku Imam Agung Ananias, pengacara sing jenengé Tèrtulus, lan para pemimpin Yahudi. Pas ngomong ing ngarepé Fèliks, awalé Tèrtulus muji-muji Fèliks bèn Fèliks seneng lan gelem ndhukung wong-wong Yahudi kuwi. b Terus, pas ngomongké soal kasusé Paulus, Tèrtulus ngomong, ”Wong iki [yaiku, Paulus] tukang nggawé masalah. Dhèwèké ngojok-ojoki wong Yahudi ing endi-endi bèn mbrontak nglawan pamréntah. Dhèwèké kuwi ya pentholané sèkte wong Nazarèt. Dhèwèké ngupaya nggawé najis bait, mula dhèwèké tak tangkep.” Terus wong-wong Yahudi liyané ”mèlu-mèlu nudhuh Paulus lan ngomong nèk tudhuhan-tudhuhan kuwi bener”. (Kis. 24:5, 6, 9) Paulus ditudhuh ngojok-ojoki wong Yahudi, nyebarké ajaran sing bahaya, lan nggawé najis bait. Tudhuhan-tudhuhan kuwi bahaya lan isa marahi Paulus dihukum mati.

11, 12. Piyé Paulus njelaské nèk tudhuhané wong-wong Yahudi kuwi ora bener?

11 Bar kuwi, Gubernur Fèliks ngongkon Paulus ngomong. Paulus kandha, ”Aku seneng nyampèkké pembélaanku ing ngarepé njenengan.” Terus, Paulus njelaské nèk kabèh tudhuhan kuwi ora bener. Dhèwèké ora ngupaya nggawé najis bait lan ora ngojok-ojoki wong Yahudi. Paulus ya njelaské nèk dhèwèké wis ”pirang-pirang taun” ora teka ing Yérusalèm. Dhèwèké akhiré teka manèh ing Yérusalèm kanggo mènèhké ”dhuwit sumbangan” kanggo wong-wong Kristen sing susah merga ngalami kelaparan lan dianiaya. Paulus ya ngomong tegas banget nèk sakdurungé mlebu bait, dhèwèké wis ”nindakké upacara nyucèkké badan” lan dhèwèké wis ’ngupaya supaya hati nuraniné tetep resik ing ngarepé Gusti Allah lan manungsa’.​—Kis. 24:10-13, 16-18.

12 Mémang, Paulus ngakoni nèk dhèwèké ”mèlu cara ngibadah sing disebut wong-wong kuwi ’sèkte’”. Mula, Paulus ’nindakké tugas suci marang Gusti Allahé nènèk moyangé’. Tapi, Paulus tegas banget ngomong nèk dhèwèké ”percaya karo kabèh sing wis ditulis ing Taurat lan Tulisané Para Nabi”. Sakliyané kuwi, padha kaya wong-wong sing nentang dhèwèké, Paulus ya percaya nèk ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener”. Terus, Paulus njaluk bèn wong-wong kuwi mbuktèkké apa mémang tudhuhan kuwi bener. Paulus ngomong, ”Coba kongkonen wong-wong sing ana ing kéné iki ngandhani njenengan soal apa kesalahan sing ditemokké wong-wong iki saka aku wektu aku ing ngarepé Sanhèdrin. Wong-wong iki mung isa nudhuh aku merga perkara iki, yaiku wektu aku ngadeg ing ngarepé Sanhèdrin, aku kandha, ’Aku saiki lagi diadili merga harapan soal wong mati sing isa diuripké manèh.’”​—Kis. 24:14, 15, 20, 21.

13-15. Ngapa kok Paulus isa dadi conto sing apik soal kendel mènèhi penjelasan ing ngarepé pejabat pamréntah?

13 Pengalamané Paulus iki dadi conto sing apik nèk misalé awaké dhéwé ditudhuh nggawé masalah, nglawan pamréntah, utawa ditudhuh dadi anggota ”sèkte berbahaya”. Awaké dhéwé ya isa niru contoné Paulus nèk misalé kudu ngadhep pejabat pamréntah kanggo njelaské soal kepercayaané awaké dhéwé. Paulus ora kaya Tèrtulus sing muji-muji gubernur supaya nggawé gubernur kuwi seneng. Paulus tetep tenang lan ngajèni wong liya. Sakliyané kuwi, Paulus ya mikir dhisik sakdurungé ngomong mula penjelasané isa cetha lan bener. Paulus ya nyebutké nèk ”wong-wong Yahudi saka Provinsi Asia” sing nudhuh Paulus nggawé najis bait ora teka ing kono. Dadi, Paulus ora isa krungu langsung tudhuhané wong-wong kuwi lan ora isa nyampèkké pembélaané ing ngarepé meréka.​—Kis. 24:18, 19.

14 Terus sing paling penting, Paulus ora ragu-ragu nyritakké soal kepercayaané. Paulus kendel njelaské manèh soal wong mati sing isa diuripké manèh, padahal pas Paulus ngadhep Sanhèdrin topik kuwi sing marahi masalah. (Kis. 23:6-10) Lha ngapa kok Paulus njelaské manèh soal harapan wong mati isa diuripké? Merga Paulus péngin nyritakké soal Yésus lan nèk Yésus wis diuripké manèh. Topik kuwi sing ora isa ditampa karo para penentangé Paulus. (Kis. 26:6-8, 22, 23) Intiné, sing dadi masalah kuwi soal harapan wong mati isa diuripké manèh, khususé merga para penentang kuwi ora percaya karo Yésus lan ora percaya nèk Yésus wis diuripké manèh.

15 Kaya Paulus, awaké dhéwé isa kendel wektu mènèhi penjelasan lan dikuwatké merga yakin karo kata-katané Yésus kanggo murid-muridé iki, ”Kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku. Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.” Terus, awaké dhéwé ora perlu kuwatir soal apa sing kudu diomongké. Soalé Yésus janji, ”Wektu wong-wong nangkep kowé lan nyerahké kowé marang pamréntah, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké merga sing ngomong dudu kowé, ning roh suci.”​—Mrk. 13:9-13.

”Fèliks Dadi Wedi” (Kis. 24:22-27)

16, 17. (a) Pas ngadili Paulus, Fèliks ngapa, lan dhèwèké ngomong apa? (b) Ngapa kok Fèliks dadi wedi, lan ngapa kok Fèliks kerep ngundang Paulus?

16 Iki dudu pertama kaliné Gubernur Fèliks krungu soal ajarané wong Kristen. Ing Alkitab dicritakké, ”Fèliks, sing ngerti akèh soal Dalan sing Bener [sebutané wong Kristen pas jamané para rasul], nunda sidang kuwi. Dhèwèké kandha, ’Sakwisé Komandan Lisias teka, aku bakal nggawé keputusan soal kasusmu.’ Terus, Fèliks mènèhi préntah marang perwira prajurit supaya Paulus tetep ditahan ning rada diwènèhi kebébasan. Kanca-kancané Paulus ya diijinké ngurusi kebutuhané Paulus.”​—Kis. 24:22, 23.

17 Pirang-pirang dina bar kuwi, Fèliks karo bojoné, wong Yahudi sing jenengé Drusila, ngundang Paulus lan ”ngrungokké Paulus njelaské apa artiné percaya marang Kristus Yésus”. (Kis. 24:24) Tapi wektu Paulus ngomongké soal ”tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn, Fèliks dadi wedi”. Kétoké Fèliks wedi merga dhèwèké sadhar nèk wis jahat karo wong-wong lan ngrasa bersalah. Mula Fèliks ngongkon Paulus lunga lan kandha, ”Kowé éntuk lunga saiki. Nèk ana kesempatan, kowé bakal tak undang manèh.” Bar kuwi, Fèliks kerep ngundang Paulus merga berharap Paulus nyuap dhèwèké dudu merga péngin ngerti ajaran sing bener.​—Kis. 24:25, 26.

18. Ngapa kok Paulus ngomongké soal ”tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn”?

18 Ngapa kok Paulus ngomongké soal ”tumindak sing bener, ngendhalèni dhiri, lan pengadilan sukmbèn”? Paulus ngomongké kuwi merga Fèliks lan bojoné péngin ngerti apa artiné ”percaya marang Kristus Yésus”. Paulus ngerti nèk meréka kuwi wongé bejat, kejem, lan ora adil. Mula, Paulus ngandhani meréka kudu piyé nèk arep dadi muridé Yésus. Omongané Paulus nduduhké nèk pathokané Gusti Allah soal apa sing bener kuwi béda banget karo uripé Fèliks lan bojoné. Saka omongané Paulus, kuduné Fèliks karo bojoné ngerti nèk pikiran, omongan, lan kelakuané manungsa kuwi didelok Gusti Allah, lan manungsa kudu tanggung jawab karo Gusti Allah. Kuduné Fèliks karo bojoné sadhar nèk Gusti Allah bakal ngadili meréka. Fèliks kuduné luwih mikirké nèk dhèwèké bakal diadili Gusti Allah daripada ngadili Paulus. Mulané Fèliks ”dadi wedi”.

19, 20. (a) Awaké dhéwé kudu piyé nèk pas nginjil ketemu karo wong sing kétoké péngin ngerti wulangan sing bener, tapi ternyata ora gelem berubah lan ora gelem manut wulangané Alkitab? (b) Apa buktiné nèk Fèliks ora mbéla Paulus?

19 Wektu nginjil, awaké dhéwé mungkin ketemu karo wong-wong sing kaya Fèliks. Awalé meréka kétoké péngin ngerti wulangan sing bener tapi sakjané meréka ora gelem berubah lan ora gelem manut pathokané Gusti Allah. Awaké dhéwé kudu ngati-ati nèk ketemu wong sing kaya ngono. Tapi kaya Paulus, awaké dhéwé ya bakal tetep apikan ngandhani meréka soal wulangan sing bener. Mungkin akhiré meréka isa berubah lan gelem manut pathokané Gusti Allah. Tapi nèk ternyata ora gelem berubah, awaké dhéwé ora bakal meksa meréka. Awaké dhéwé isa nggolèki wong liyané sing mémang péngin ngerti wulangan sing bener.

20 Saka kata-kata ing Alkitab, awaké dhéwé dadi isa ngerti sakjané apa niaté Fèliks. Ing Alkitab disebutké, ”Sakwisé rong taun, Fèliks diganti Porkius Fèstus. Wektu kuwi, Fèliks isih nahan Paulus merga péngin nyenengké atiné wong Yahudi.” (Kis. 24:27) Jelas banget nèk Fèliks ora mbéla Paulus. Fèliks sakjané ngerti nèk pengikuté ”Dalan sing Bener” kuwi dudu wong sing mbrontak nglawan pamréntah. (Kis. 19:23) Fèliks ya ngerti nèk Paulus ora nglanggar hukumé wong Romawi. Tapi, Paulus tetep ditahan karo Fèliks merga Fèliks péngin ”nyenengké atiné wong Yahudi”.

21. (a) Wektu Porkius Fèstus dadi gubernur, apa sing dialami Paulus? (b) Kenapa kok Paulus isa tetep kendel lan tetep kuwat imané?

21 Kaya sing disebutké ayat terakhir ing Kisah bab 24, Paulus isih dadi tahanan wektu Porkius Fèstus nggantèni Fèliks dadi gubernur. Sejak kuwi Paulus kerep diadili lan kudu ngadhep pejabat sing béda-béda. Rasul Paulus tetep kendel meskipun digawa ”ing ngarepé raja-raja lan gubernur-gubernur”. (Luk. 21:12) Mengko awaké dhéwé bakal mbahas peristiwa pas Paulus mènèhi kesaksian ing ngarepé pejabat sing paling berkuasa wektu kuwi. Selama peristiwa-peristiwa kuwi imané Paulus tetep kuwat. Paulus mesthi isa tetep kuwat merga éling kata-katané Yésus iki, ”Kowé kudu terus kendel.”

a Deloken kothak ” Fèliks Kuwi Gubernuré Yudéa”.

b Tèrtulus ngomong nèk merga Fèliks dadi gubernur, bangsa kuwi isa ”ayem tentrem”. Tapi kenyataané ora kaya ngono. Selama Fèliks dadi gubernur, keadaané malah ora ayem tentrem dibandhingké pas gubernur-gubernur liyané mréntah Yudéa. Keadaané padha kaya pas jamané wong Yahudi mbrontak nglawan Romawi. Terus, Tèrtulus ya ngomong nèk dhèwèké lan wong-wong Yahudi ”terus bersyukur” merga perubahan-perubahan sing digawé pas Fèliks mréntah. Padahal kenyataané akèh wong Yahudi sing sengit karo Fèliks merga Fèliks wis nggawé uripé meréka sengsara lan Fèliks kejem banget wektu nangani wong-wong sing mbrontak.​—Kis. 24:2, 3.