Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 7

Martakké ”Kabar Apik soal Yésus”

Martakké ”Kabar Apik soal Yésus”

Niru contoné Filipus sing trampil nginjil

Kisah 8:4-40

1, 2. Pas dianiaya, apa murid-muridé Yésus mandheg nginjil, lan apa buktiné?

 SAUL mulai nganiaya murid-muridé Yésus ”nganggo cara sing kejem”. Kuwi cocog karo basa asliné sing nduduhké nèk Saul nganiayané sadis banget. (Kis. 8:3) Bar kuwi, murid-murid mencar ing dhaérah liya. Saul nganggep nèk dhèwèké wis berhasil nyingkirké jemaat Kristen, tapi kenyataané malah ora kaya ngono. Piyé maksudé?

2 Murid-muridé Yésus sing mencar ing dhaérah liya mulai ”martakké kabar apik soal omongané Gusti Allah”. (Kis. 8:4) Meskipun dianiaya lan mencar ing dhaérah liya, meréka ora mandheg nginjil. Kuwi malah isa nggawé meréka nginjil ing dhaérah sing anyar, bahkan ing dhaérah-dhaérah sing adoh. Peristiwa kaya ngono ya kelakon ing jaman saiki.

”Murid-Murid sing Mencar” (Kis. 8:4-8)

3. (a) Filipus kuwi sapa? (b) Ngapa kok akèh wong Samaria sing durung krungu kabar apik? (c) Sakdurungé munggah swarga, Yésus ngomong apa soal Samaria?

3 Salah siji ”murid-murid sing mencar” kuwi Filipus. a (Kis. 8:4; deloken kothak ” Filipus Kuwi ’Penginjil’”.) Dhèwèké lunga ing Samaria. Ing kono akèh sing durung krungu kabar apik merga mbiyèn Yésus tau ngomong, ”Aja mlebu ing kuthané wong Samaria. Ning, lungaa marang wong Israèl waé. Wong-wong kuwi kaya domba-domba sing kesasar.” (Mat. 10:5, 6) Tapi Yésus ya ngerti nèk mengkoné wong Samaria bakal ngrungokké kabar apik. Soalé sakdurungé mati Yésus tau ngomong, ”Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.”​—Kis. 1:8.

4. Piyé tanggepané wong Samaria pas Filipus martakké kabar apik, lan kenapa?

4 Filipus ngerti nèk wong-wong Samaria kaya ”ladhang-ladhang [sing] wis putih lan siap dipanèn”. (Yoh. 4:35) Kabar apik sing dicritakké Filipus kuwi mesthi nggawé wong-wong Samaria seneng. Kenapa? Merga Filipus kuwi ora kaya wong Farisi lan wong-wong Yahudi sing seneng ngrèmèhké wong-wong Samaria lan seneng mbédak-bédakké. Terus, wong Samaria ya ngerti nèk kabar apik kuwi ya sakjané kanggo kabèh wong. Dadi, meréka ora ngrasa dibédak-bédakké. Mula, akèh wong Samaria sing ”nggatèkké tenanan” omongané Filipus.​—Kis. 8:6.

5-7. Critakna pengalamané sedulur-sedulur sing tetep nginjil meskipun pindhah-pindhah panggonan.

5 Padha kaya jaman mbiyèn, saiki umaté Gusti Allah ya tetep nginjil meskipun dianiaya. Ana sing dipeksa kudu pindhah ing dhaérah liya lan ana sing dipenjara, tapi meréka malah isa nginjil ing panggonan sing anyar kuwi. Misalé pas Perang Donya II, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep isa nginjil meskipun dipenjara ing kamp konsèntrasi Nazi. Ana wong Yahudi sing padha-padha dipenjara ing kamp konsèntrasi ngomong ngéné, ”Meskipun dipenjara, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep semangat nginjil. Aku dadi yakin nèk imané meréka kuwi dhasaré saka Alkitab. Akhiré aku ya dadi Seksi Yéhuwah.”

6 Kadhang-kadhang, wong sing awalé nganiaya akhiré gelem sinau Alkitab lan dadi Seksi Yéhuwah. Misalé, pas Franz Desch dipindhah ing kamp konsèntrasi Gusen ing Austria, ing kono ana penjaga penjara sing gelem sinau Alkitab karo dhèwèké. Pirang-pirang taun bar kuwi, meréka ketemu manèh pas pertemuan gabungan wilayah lan penjaga penjarané kuwi wis dadi Seksi Yéhuwah. Meréka mesthi seneng banget.

7 Ana sing terpaksa pindhah ing negara liya merga dianiaya. Misalé pas taun 1970-an, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Malawi kudu pindhah ing Mozambik merga ora éntuk nginjil lan ngibadah karo pamréntah. Tapi bar kuwi ing Mozambik, meréka ya ora éntuk nginjil lan ngibadah merga dilarang. Sedulur Francisco Coana ngomong, ”Ana sedulur-sedulur sing beberapa kali dipenjara pas nginjil, tapi saya akèh sing gelem sinau Alkitab. Kami yakin nèk Yéhuwah ndhukung kami kaya Yéhuwah ya ndhukung murid-muridé Yésus jaman mbiyèn.”

8. Kok isa perang utawa krisis ékonomi malah nggawé akèh wong isa sinau Alkitab?

8 Meskipun ana penganiayaan, jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah dadi tambah akèh. Tapi, jumlahé tambah akèh manèh merga ana wong-wong sing pindhah ing negara liya. Misalé, ana wong-wong sing ngungsi merga perang utawa krisis ékonomi. Wong-wong kuwi basané béda-béda lan saka negara sing béda-béda. Nah merga pindhah negara, wong-wong sing ngungsi kuwi malah isa sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Hasilé, ana akèh jemaat anyar sing nganggo basa asing. Nèk njenengan dhéwé piyé? Apa njenengan isa nginjil karo wong-wong sing asalé ”saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa” ing dhaérahé njenengan?​—Why. 7:9.

”Mbok Aku Ya Diwènèhi Kuwasa sing Kaya Ngono” (Kis. 8:9-25)

”Simon ndelok wong-wong nampa roh suci wektu para rasul numpangké tangan ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi. Mula, Simon nawani para rasul dhuwit.”—Kisah 8:18

9. Simon kuwi sapa, lan ngapa kok dhèwèké kagum karo Filipus?

9 Ing Samaria, Filipus nggawé akèh mukjijat. Dhèwèké isa marèkké wong lara lan ngusir roh jahat. (Kis. 8:6-8) Ana wong sing kagum karo Filipus, jenengé Simon. Mbiyèn, Simon kuwi ahli ilmu gaib lan wong-wong nganggep nèk dhèwèké nduwé ”kuwasané Gusti Allah sing hébat”. Tapi saiki dhèwèké ndelok dhéwé nèk mukjijat-mukjijaté Filipus kuwi bener-bener saka kuwasané Gusti Allah. Nah, bar kuwi Simon gelem dibaptis. (Kis. 8:9-13) Tapi, sakjané kenapa dhèwèké péngin dibaptis?

10. (a) Pétrus lan Yohanes ngapa ing Samaria? (b) Piyé tanggepané Simon sakwisé ndelok Pétrus lan Yohanes numpangké tangané ing ndhuwur sirahé murid-murid sing lagi waé dibaptis?

10 Murid-muridé Yésus ing Samaria tambah akèh, mula para rasul ngutus Pétrus lan Yohanes teka mrono. (Deloken kothak ” Pétrus Nggunakké ’Kunci-kunciné Kerajaan’”.) Pas teka ing Samaria, Pétrus lan Yohanes numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong sing lagi waé dadi muridé Yésus bèn wong-wong kuwi isa nampa roh suciné Gusti Allah. b Simon kagum ndelok peristiwa kuwi. Dhèwèké ngomong karo para rasul, ”Mbok aku ya diwènèhi kuwasa sing kaya ngono. Dadi, saben wong sing sirahé tak tumpangi tanganku ya isa éntuk roh suci.” Bahkan Simon ya nawani dhuwit bèn dhèwèké isa kaya Pétrus lan Yohanes.​—Kis. 8:14-19.

11. (a) Pétrus ngomong apa karo Simon? (b) Piyé tanggepané Simon?

11 Pétrus tegas banget ngomong karo Simon, ”Apa mbok pikir hadiah saka Gusti Allah kuwi isa mbok tuku nganggo dhuwit? Muga-muga kowé dimusnahké bareng karo dhuwitmu. Kowé ora bakal éntuk kuwasa kuwi merga Gusti Allah ndelok nèk atimu kuwi ora bener.” Pétrus ngongkon Simon mertobat lan ndonga bèn dosané diapura Yéhuwah. Pétrus ngomong, ”Njaluka marang Yéhuwah lan pikiranmu sing èlèk kuwi kudu mbok ubah bèn kowé diapura.” Sakjané, Simon kuwi dudu wong sing jahat. Mungkin wektu kuwi niaté Simon apik, tapi dhèwèké ora ngerti nèk kaya ngono kuwi salah. Mula Simon ngomong karo para rasul, ”Tulung, njaluka marang Yéhuwah bèn apa sing mbok omongké kuwi ora kelakon marang aku.”​—Kis. 8:20-24.

12. ”Simony” kuwi apa, lan apa buktiné nèk wong Kristen sing murtad jaman mbiyèn kelakuané kaya ngono?

12 Naséhaté Pétrus kanggo Simon ya cocog kanggo wong Kristen jaman saiki. Saka kisahé Simon, ing basa Inggris dadi muncul istilah ”simony”. Istilah kuwi artiné tuku utawa ngedol jabatan. Iki biasané ana hubungané karo agama. Mbiyèn, wong-wong Kristen sing murtad kelakuané kaya ngono. Ing buku The Encyclopædia Britannica (1878) édhisi sing kesanga disebutké, ”Nèk awaké dhéwé ndelok sejarah soal pemilihan paus, ngedol utawa tuku jabatan kuwi wis biasa wektu kuwi. Meskipun kabèh wong ngerti, meréka tetep kaya ngono lan ora nduwé isin.”

13. Piyé bèn wong Kristen aja nganti seolah-olah tuku utawa ngedol tugas penting ing jemaat?

13 Wong Kristen aja nganti seolah-olah tuku utawa ngedol tugas penting ing jemaat. Wektu mènèhi hadiah utawa pujian kanggo wong sing nduwé wewenang ing jemaat, apa awaké dhéwé kaya ngono merga péngin diwènèhi tugas penting ing jemaat? Utawa nèk awaké dhéwé nduwé wewenang ing jemaat, apa awaké dhéwé mung nglantik sedulur-sedulur sing kerep muji-muji lan mènèhi hadiah? Loro-loroné kuwi termasuk simony. Nèk kepéngin éntuk tugas penting ing jemaat, awaké dhéwé kudu ”rendah hati” lan sabar ngentèni arahané roh suci bèn awaké dhéwé isa dilantik. (Luk. 9:48) Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé ”ngupaya bèn dipuji wong liya”.​—WB. 25:27.

”Apa Njenengan Paham karo sing Njenengan Waca Kuwi?” (Kis. 8:26-40)

14, 15. (a) ”Pejabat tinggi saka Étiopia” kuwi sapa, lan piyé critané kok Filipus isa ketemu dhèwèké? (b) Piyé tanggepané pejabat Étiopia pas ngrungokké penjelasané Filipus? (c) Apa buktiné nèk keputusané pejabat Étiopia kanggo dibaptis kuwi dudu merga kesusu? (Deloken cathetan ngisor.)

14 Filipus dikongkon malaékaté Yéhuwah lunga saka Yérusalèm ing Gaza. Pas ing perjalanan, Filipus lagi ngerti ngapa kok dhèwèké diutus lunga ing Gaza. Dhèwèké ketemu pejabat tinggi saka Étiopia sing lagi lungguh ing kréta lan ”maca tulisané Nabi Yésaya nganggo swara sing banter”. (Deloken kothak ” ’Pejabat Tinggi’ utawa ’Pejabat Istana’?”.) Terus merga dituntun roh suci, Filipus nyedhaki krétané pejabat Étiopia. Filipus mlayu ing sebelahé kréta kuwi terus takon, ”Apa njenengan paham karo sing njenengan waca kuwi?” Pejabat Étiopia kuwi njawab, ”Piyé aku isa paham nèk ora ana sing njelaské marang aku?”​—Kis. 8:26-31.

15 Pejabat Étiopia ngongkon Filipus munggah ing krétané. Meréka ngobrolké topik menarik apa? Meréka ngobrolké soal ”domba” lan ’abdi’ sing ana ing ramalané Yésaya. Kèt mbiyèn, durung ana sing ngerti sapa sing dimaksud ing ramalan kuwi. (Yés. 53:1-12) Terus bar kuwi, Filipus njelaské nèk sing dimaksud ing ramalan kuwi sakjané Yésus Kristus. Kaya wong-wong sing dibaptis pas Péntakosta 33 M, pejabat Étiopia sing pindhah agama dadi Yahudi kuwi langsung péngin dibaptis. Terus dhèwèké ngomong karo Filipus, ”Lha kuwi ana banyu. Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?” Terus Filipus langsung mbaptis pejabat Étiopia kuwi. c (Deloken kothak ” Baptis ing ’Panggonan sing Akèh Banyuné’”.) Bar kuwi, Filipus éntuk tugas kanggo nginjil ing Asdod.​—Kis. 8:32-40.

16, 17. Apa buktiné nèk para malaékat mbantu awaké dhéwé pas nginjil?

16 Kaya Filipus, awaké dhéwé ya nduwé kesempatan berharga kanggo nginjil. Biasané pas lagi dolan, awaké dhéwé ya isa tetep nginjil karo wong-wong. Pas ketemu karo wong sing berminat kuwi dudu merga kebetulan, tapi malaékat sing mbantu awaké dhéwé isa nginjil karo wong-wong saka ”kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. (Why. 14:6) Yésus wis ngramalké nèk malaékat bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa nginjil. Pas njelaské perumpamaan soal gandum lan alang-alang, Yésus ngomong nèk pas wektuné panèn, yaiku pas akhir jaman, sing manèn kuwi ”para malaékat”. Para malaékat ya bakal ”nglumpukké wong-wong sing nglanggar hukum lan sing nyebabké wong liya dosa”. (Mat. 13:37-41) Sakliyané kuwi, malaékat bakal ngumpulké wong-wong sing dipilih Yéhuwah yaiku wong-wong sing dipilih munggah swarga lan ”kumpulan gedhé” utawa ”domba-domba liyané”.​—Why. 7:9; Yoh. 6:44, 65; 10:16.

17 Ana bukti-bukti sing nduduhké nèk malaékat mbantu pas awaké dhéwé nginjil. Misalé, ana sing ndonga njaluk bantuané Gusti Allah terus akhiré ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana pengalaman saka loro sedulur sing nginjil bareng bocah cilik. Pas wis arep mulih, bocah cilik kuwi isih péngin nginjil. Dhèwèké mlaku dhéwé ing omah berikuté lan ndhodhog lawangé. Terus ana mbak-mbak sing metu lan loro sedulur mau ngobrol karo mbak-mbak kuwi. Ternyata dhèwèké bar donga lan njaluk bèn ana sing teka kanggo mbantu dhèwèké ngerti isiné Alkitab. Bar kuwi, dhèwèké mulai sinau Alkitab.

”Gusti Allah, nèk njenengan mémang ana, tulung bantu aku”

18. Kenapa awaké dhéwé kudu nganggep penting gawéan nginjil?

18 Awaké dhéwé kudu nganggep penting gawéan nginjil. Iki kesempatan sing istiméwa merga awaké dhéwé isa kerja bareng malaékat lan mbantu luwih akèh wong sinau Alkitab. Nèk awaké dhéwé tetep semangat ”nyampèkké kabar apik soal Yésus”, awaké dhéwé bakal bahagia.​—Kis. 8:35.

a Filipus sing disebutké ing kéné dudu Rasul Filipus. Tapi kaya sing dicritakké ing Bab 5, Filipus iki termasuk ”sedulur lanang pitu sing réputasiné apik”. Dhèwèké sing dipilih ngurusi pembagian jatah pangan saben dina kanggo randha-randha sing nganggo basa Yunani lan randha-randha sing nganggo basa Ibrani.​—Kis. 6:1-6.

b Mbiyèn sakwisé dibaptis murid-murid langsung nampa roh suci lan dipilih dadi raja lan imam sing mréntah bareng Yésus ing swarga. (2 Kor. 1:21, 22; Why. 5:9, 10; 20:6) Tapi pas Pétrus lan Yohanes ing Samaria, murid-murid ora langsung nampa roh suci sakwisé dibaptis. Murid-murid ing Samaria kuwi lagi nampa roh suci lan dipilih munggah swarga sakwisé Pétrus lan Yohanes numpangké tangané ing ndhuwur sirahé meréka.

c Keputusané pejabat Étiopia kanggo dibaptis kuwi ora merga kesusu. Dhèwèké wis pindhah agama dadi Yahudi. Dadi, dhèwèké wis ngerti isiné Kitab Suci termasuk ramalan soal Mésias. Sakwisé dhèwèké ngerti apa waé sing wis Yésus lakoni bèn karepé Yéhuwah kelakon, pejabat Étiopia kuwi langsung péngin dibaptis.