Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 8

Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”

Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”

Saul sing mbiyèné kejem nganiaya muridé Yésus saiki dadi penginjil sing semangat

Kisah 9:1-43

1, 2. Saul ngapa ing Damaskus?

 ANA wong-wong sing niaté jahat sing teka ing Damaskus. Meréka lagi nggolèki murid-muridé Yésus. Pas ketemu, murid-murid kuwi langsung disèrèt metu saka omahé, tangané diiket, lan digawé isin. Terus, meréka digawa ing Sanhèdrin kanggo diadili.

2 Sing mimpin wong-wong kuwi jenengé Saul. a Durung suwé iki Saul ya mèlu-mèlu wektu Stéfanus dipatèni. (Kis. 7:57–8:1) Saul ora mung péngin nganiaya murid-muridé Yésus ing Yérusalèm, tapi dhèwèké ya péngin nganiaya murid-muridé Yésus ing dhaérah liyané. Saul nduwé tékad arep matèni kabèh muridé Yésus sing disebut pengikuté ”Dalan sing Bener”.​—Kis. 9:1, 2; deloken kothak ” Saul Nduwé Wewenang ing Damaskus”.

3, 4. (a) Apa sing dialami Saul? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dirembug?

3 Wektu kuwi ujug-ujug ana cahaya sing bersinar ing sekitaré Saul. Wong-wong sing lunga bareng karo Saul kagèt lan ora isa ngomong apa-apa. Terus Saul dadi wuta lan tiba ing lemah. Meskipun ora isa ndelok apa-apa, Saul isa krungu swara saka swarga, ”’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?’ Saul kandha, ’Njenengan sapa, Pak?’ Swara kuwi njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya.’” Pas krungu kuwi, Saul mesthi kagèt banget.​—Kis. 9:3-5; 22:9.

4 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus karo Saul kuwi? Apa manfaaté mbahas peristiwa-peristiwa pas Saul mertobat? Sakwisé Saul mertobat lan jemaat-jemaat isa ngrasakké ayem tentrem, meréka ngapa waé bar kuwi? Apa sing isa dipelajari saka kisah kuwi?

”Ngapa Kok Kowé Nganiaya Aku?” (Kis. 9:1-5)

5, 6. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus?

5 Pas Saul perjalanan arep ing Damaskus, Yésus ora ngomong, ”Ngapa kok kowé nganiaya murid-muridku?” tapi Yésus ngomong, ”Ngapa kok kowé nganiaya aku?” (Kis. 9:4) Yésus tau dianiaya, dadi Yésus ngerti sing dirasakké murid-muridé pas meréka dianiaya.​—Mat. 25:34-40, 45.

6 Nèk njenengan lagi dianiaya merga tetep setya karo Yéhuwah, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah karo Yésus ngerti sing njenengan rasakké. (Mat. 10:22, 28-31) Yéhuwah mungkin ora langsung nyingkirké masalahé. Misalé, Yésus mesthi ngerti pas Stéfanus dipatèni lan pas murid-muridé Yésus disèrèt metu saka omahé dhéwé-dhéwé. (Kis. 8:3) Yésus mémang ora langsung bertindak wektu kuwi. Tapi Yéhuwah, liwat Yésus, isa mènèhi Stéfanus lan murid-murid liyané kekuwatan bèn isa tetep setya.

7. Piyé carané bèn isa kuwat ngadhepi penganiayaan?

7 Ana sing isa nggawé njenengan kuwat ngadhepi penganiayaan. (1) Tetep setya ora soal keadaané piyé. (2) Njaluk bantuané Yéhuwah. (Flp. 4:6, 7) (3) Percaya nèk Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mbales. (Rm. 12:17-21) (4) Yakin nèk Yéhuwah bakal nguwatké awaké dhéwé nganti Yéhuwah nyingkirké kabèh penganiayaan.​—Flp. 4:12, 13.

”Saul, Sedulurku, Gusti Yésus . . . Wis Ngutus Aku” (Kis. 9:6-17)

8, 9. Piyé perasaané Ananias pas dikèki tugas sing penting, lan kenapa?

8 Sakwisé njawab pertanyaané Saul, ”Njenengan sapa, Pak?” Yésus ngomong, ”Ngadega lan mlebua menyang kutha. Mengko ana wong sing bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.” (Kis. 9:6) Terus, Saul sing wuta dituntun lan dijak mlebu Damaskus. Ing kono, dhèwèké pasa lan ndonga nganti telung dina. Wektu kuwi, Yésus ya ngomongké soal Saul karo salah siji muridé sing jenengé Ananias. Kabèh wong Yahudi ing Damaskus ngomong nèk Ananias kuwi ”wong sing apik”.​—Kis. 22:12.

9 Perasaané Ananias mesthi dadi ora karuan. Dhèwèké dijak omong langsung karo Yésus sing wis diuripké manèh lan sing dadi Kepalané jemaat, apa manèh saiki Ananias dikèki tugas sing penting. Pas Ananias dikongkon ngomong karo Saul, Ananias ngomong, ”Gusti, aku wis krungu soal wong iki saka akèh wong. Dhèwèké kuwi jahat banget karo murid-muridmu ing Yérusalèm. Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep kabèh wong sing percaya marang jenengmu.”​—Kis. 9:13, 14.

10. Apa sing isa dipelajari saka sikapé Yésus sakwisé ngrungokké jawabané Ananias?

10 Yésus ora nesu karo jawabané Ananias. Yésus langsung njelaské alesané Ananias dipilih kanggo tugas sing penting iki lan njelaské dhèwèké kudu ngapa. Terus Yésus ngomong karo Ananias, ”Aku wis milih [Saul] kanggo martakké jenengku marang bangsa-bangsa liya, raja-raja, lan wong Israèl. Aku bakal nduduhké marang dhèwèké nèk dhèwèké bakal ngalami akèh kesengsaraan merga jenengku.” (Kis. 9:15, 16) Ananias manut karo Yésus. Bar kuwi, Ananias nemoni Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus sing nemoni kowé ing dalan wis ngutus aku bèn kowé isa ndelok manèh lan dituntun roh suci.”​—Kis. 9:17.

11, 12. Apa sing isa dipelajari saka ceritané Yésus, Ananias, lan Saul iki?

11 Apa sing isa dipelajari saka ceritané Yésus, Ananias, lan Saul iki? Awaké dhéwé isa sinau nèk Yésus kuwi bener-bener ngarahké gawéan nginjil. (Mat. 28:20) Meskipun saiki Yésus ora langsung ngarahké gawéan nginjil sak donya, tapi dhèwèké tetep mènèhi arahan liwat budhak sing setya. (Mat. 24:45-47) Saiki Pengurus Pusat ngarahké para penginjil lan para perintis bèn isa terus nginjil ing endi waé. Kaya sing disebutké ing bab sakdurungé, meréka bakal ketemu karo wong-wong sing ndonga njaluk bantuané Gusti Allah.​—Kis. 9:11.

12 Ananias gelem nampa tugas saka Yésus kuwi lan diberkahi Yéhuwah. Apa njenengan ya gelem nginjil meskipun ngrasa tugas kuwi abot? Ana sing wedi nginjil ing omah-omah lan ketemu karo wong sing ora dikenal. Ana manèh sing ngrasa ora trampil nginjil ing dhaérah bisnis, ing pinggir dalan, liwat télpon, utawa liwat surat. Meskipun awalé wedi, tapi Ananias ngupaya bèn ora wedi manèh lan akhiré dhèwèké isa mbantu Saul nampa roh suci. b Ananias isa berhasil merga dhèwèké percaya karo Yésus lan nganggep nèk Saul kuwi isa dadi sedulur seiman. Kaya Ananias, awaké dhéwé isa tetep kendel nèk yakin Yésus sing ngarahké gawéan nginjil, perduli karo wong liya, lan nganggep kabèh wong isa dadi sedulur seiman.​—Mat. 9:36.

”Dhèwèké Langsung Martakké . . . Nèk Yésus Kuwi Anaké Gusti Allah” (Kis. 9:18-30)

13, 14. Nèk njenengan durung dibaptis, piyé carané njenengan niru Saul?

13 Saul langsung ngetrapké apa sing dipelajari. Sakwisé Saul isa ndelok manèh, dhèwèké dibaptis lan bergaul karo murid-murid ing Damaskus. Tapi ora mung kuwi, ”dhèwèké langsung martakké ing sinagogé-sinagogé nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah”.​—Kis. 9:20.

14 Nèk njenengan durung dibaptis, apa njenengan gelem niru Saul sing langsung ngetrapké apa sing dipelajari? Sakwisé Yésus nggawé mukjijat marèkké Saul, kuwi nggawé Saul kepéngin dibaptis lan mulai nginjil. Tapi mbiyèn pas Yésus marèkké wong lanang sing tangané lumpuh, wong Farisi ora percaya. Terus pas Yésus nguripké manèh Lazarus, wong Yahudi ya ora percaya. Wong Farisi lan wong Yahudi malah nentang Yésus. (Mrk. 3:1-6; Yoh. 12:9, 10) Kenapa Saul gelem berubah tapi sing liyané ora? Saul wedi karo Gusti Allah. Dhèwèké ya ngrasakké dhéwé nèk Yésus sayang karo dhèwèké. (Flp. 3:8) Nèk njenengan niru Saul, ora soal kaya apa keadaané, njenengan mesthi gelem mèlu nginjil lan ngupaya bèn isa dibaptis.

15, 16. (a) Saul ngapa ing sinagogé-sinagogé? (b) Piyé tanggepané wong-wong ing Damaskus?

15 Piyé perasaané wong-wong sing ndelok Saul nyritakké soal Yésus ing sinagogé-sinagogé? Meréka mesthi kagèt lan nesu. Meréka ngomong, ”Lho, iki kan wong sing nganiaya murid-muridé Yésus ing Yérusalèm, ta?” (Kis. 9:21) Wektu Saul njelaské kenapa kok dhèwèké gelem dadi muridé Yésus, penjelasané Saul masuk akal. Buktiné, dhèwèké isa ”mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus”. (Kis. 9:22) Tapi wong-wong kuwi tetep ora gelem nampa penjelasané Saul merga meréka sombong utawa luwih ngutamakké tradhisi-tradhisi. Meskipun tanggepané wong-wong kaya ngono, tapi Saul ora nyerah.

16 Telung taun bar kuwi, wong Yahudi ing Damaskus isih nentang Saul. Meréka péngin matèni Saul. (Kis. 9:23; 2 Kor. 11:32, 33; Gal. 1:13-18) Wektu ngerti nèk arep dipatèni, Saul nggawé keputusan sing wicaksana kanggo lunga saka kutha kuwi. Saul diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha. Kaya sing ditulis Lukas, sing ngedhunké Saul nganggo kranjang kuwi ”murid-muridé Saul”. (Kis. 9:25) Kuwi berarti ing Damaskus ana wong-wong sing gelem nampa kabar apik sing disampèkké Saul lan akhiré dadi muridé Yésus.

17. (a) Piyé tanggepané wong-wong wektu awaké dhéwé nyritakké soal Alkitab? (b) Apa sing isa awaké dhéwé upayakké, lan kenapa?

17 Pas njenengan nyritakké soal Alkitab karo keluarga, kanca, lan liyané, mungkin njenengan berharap meréka gelem nampa merga ajaran ing Alkitab kuwi masuk akal. Mémang ana sing nampa, tapi ya akèh sing ora gelem nampa. Malah njenengan mungkin dimungsuhi karo anggota keluarga. (Mat. 10:32-38) Tapi, nèk njenengan ngupaya luwih trampil pas njelaské isiné Alkitab lan ngupaya nduwé sipat-sipat sing apik, wong-wong sing mbiyèné nentang mungkin dadi ora nentang manèh.​—Kis. 17:2; 1 Ptr. 2:12; 3:1, 2, 7.

18, 19. (a) Wektu Barnabas nyritakké piyé Saul isa dadi muridé Yésus, piyé tanggepané para rasul? (b) Piyé awaké dhéwé isa niru Barnabas lan Saul?

18 Pas Saul teka ing Yérusalèm, murid-muridé Yésus sing liyané ora percaya nèk Saul wis dadi muridé Yésus. Tapi, sakwisé Barnabas nyritakké piyé Saul isa dadi muridé Yésus, para rasul ya percaya soal kuwi. Terus, Saul sementara manggon bareng karo para rasul. (Kis. 9:26-28) Mémang Saul kuwi wongé ngati-ati pas nginjil, tapi dhèwèké ya ora isin martakké kabar apik. (Rm. 1:16) Dhèwèké kendel nginjil ing Yérusalèm padahal mbiyèn dhèwèké dhéwé sing nganiaya murid-muridé Yésus ing kono. Ternyata wong Yahudi ngerti nèk wong sing mbiyèné mimpin nganiaya muridé Yésus saiki malah dadi muridé Yésus. Terus meréka dadi péngin matèni Saul. Ing Alkitab disebutké, ”Pas ngerti soal iki, para sedulur ngeterké [Paulus] menyang Kaisaréa bèn dhèwèké lunga menyang Tarsus.” (Kis. 9:30) Saul manut arahané Yésus liwat para rasul. Hasilé kabèh ngrasakké manfaaté.

19 Saka kisah kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk Barnabas gelem mbantu Saul. Mula, meréka isa akrab lan nglayani Yéhuwah bareng-bareng. Njenengan ya isa niru Barnabas. Ing jemaat, ana sedulur-sedulur sing lagi waé dadi penginjil utawa lagi waé dibaptis. Njenengan isa nginjil bareng lan mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn isa nduwé iman sing kuwat. Nèk gelem mbantu, Yéhuwah bakal mberkahi upayané njenengan. Terus nèk njenengan lagi waé dadi penginjil, tirunen Saul sing gelem dibantu sedulur liya. Nèk njenengan nginjil karo sedulur liya sing luwih trampil, njenengan ya bakal tambah trampil nginjil, bahagia, lan akrab karo sedulur-sedulur.

”Akèh Wong Dadi Percaya” (Kis. 9:31-43)

20, 21. Wektu keadaané ”ayem tentrem”, umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki ngapa?

20 Sakwisé Saul mertobat lan lunga ing Tarsus, ”kabèh jemaat ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria ngrasakké ayem tentrem”. (Kis. 9:31) Pas ”keadaané apik”, murid-murid piyé? (2 Tim. 4:2) Ing Alkitab disebutké nèk meréka ”saya semangat”. Para rasul lan sedulur-sedulur lanang mbantu murid-murid liyané bèn imané kuwat, ”wedi marang Yéhuwah, lan nampa penghiburan saka roh suci”. Misalé, Pétrus nguwatké murid-murid ing kutha Lida, sing ana ing Dataran Syaron. Hasilé ing kono ana wong-wong sing dadi ”muridé Gusti”. (Kis. 9:32-35) Murid-murid mung fokus nginjil lan nguwatké liyané. Mula, jumlahé murid-murid dadi ”saya akèh”.

21 Sekitar taun 1990, Seksi-Seksi Yéhuwah ing akèh negara ya ”ngrasakké ayem tentrem”. Pamréntah sing puluhan taun nindhes Seksi-Seksi Yéhuwah wis ora berkuasa manèh lan Seksi-Seksi Yéhuwah isa luwih bébas nginjil. Mula akèh sing semangat nginjil lan akèh banget sing dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.

22. Pas keadaané ayem tentrem, njenengan kudu piyé?

22 Apa njenengan tetep ngutamakké gawéan nginjil pas keadaané ayem tentrem? Nèk ing dhaérahé njenengan bébas nginjil, Sétan péngin bèn njenengan fokus nggolèk dhuwit sing akèh timbang nglayani Yéhuwah. (Mat. 13:22) Aja gelem dipengaruhi Sétan. Mumpung isih isa bébas nginjil, njenengan kudu semangat nginjil lan nguwatké sedulur-sedulur. Élinga nèk keadaané awaké dhéwé ujug-ujug isa berubah.

23, 24. (a) Apa sing isa dipelajari saka kisahé Tabita? (b) Apa tékadé awaké dhéwé?

23 Saiki ayo mbahas muridé Yésus sing jenengé Tabita, utawa Dorkas. Dhèwèké manggon ing Yopa, yaiku kutha ing cedhaké Lida. Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké kuwi wong sing apikan lan seneng mènèhi sedhekah.” Tapi ujug-ujug dhèwèké lara lan mati. c Para murid ing Yopa sedhih banget, terutama randha-randha sing tau dibantu Tabita. Pas Tabita arep dimakamké, Pétrus teka lan nggawé mukjijat. Pétrus ndonga lan nguripké manèh Tabita. Kuwi nggawé murid-murid liyané kagum. Bayangna, para randha lan murid-murid liyané mesthi seneng banget wektu ngerti Tabita urip manèh. Peristiwa iki mesthi nguwatké meréka kanggo ngadhepi penganiayaan sing bakal kelakon. Akhiré, ”Kabèh wong ing dhaérah Yopa ngerti soal peristiwa kuwi, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti”.​—Kis. 9:36-42.

Piyé carané niru Tabita?

24 Ana sing isa dipelajari saka kisahé Tabita. (1) Urip kuwi mung sedhéla, awaké dhéwé isa ujug-ujug lara lan mati. Mula mumpung isih isa, awaké dhéwé mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng. (Pkh. 7:1) (2) Yéhuwah mesthi nguripké manèh wong sing wis mati. Yéhuwah ngerti nèk Tabita kuwi apikan lan Yéhuwah mberkahi dhèwèké. Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé wis nggawé pengorbanan kanggo nglayani Yéhuwah. Dadi nèk misalé sakdurungé Armagédon awaké dhéwé mati, Yéhuwah ya bakal nguripké manèh. (Ibr. 6:10) Embuh ’keadaané èlèk’ utawa lagi ”ngrasakké ayem tentrem”, awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo semangat nginjil.​—2 Tim. 4:2.

a Deloken kothak ” Saul Kuwi Wong Farisi”.

b Biasané roh suci diwènèhké liwat para rasul, tapi ing kisah iki Yésus ngekèki Ananias wewenang kanggo mènèhké roh suci kanggo Saul, wong sing ’dipilih’ Yésus. Sakwisé mertobat, Saul kétoké isa tetep nginjil meskipun durung ketemu karo salah siji saka 12 rasulé Yésus. Dadi jelas nèk Yésus sing mènèhi Saul ketrampilan sing dibutuhké bèn isa nginjil.

c Deloken kothak ” Tabita Kuwi ’Wong sing Apikan’”.