BAB 6
’Stéfanus Disenengi Gusti Allah lan Diwènèhi Gusti Allah Kuwasa sing Gedhé’
Stéfanus kendel wektu ngadhep Sanhèdrin
1-3. (a) Apa sing dialami Stéfanus, lan piyé sikapé? (b) Apa waé sing bakal dirembug?
STÉFANUS lagi ing ruangan sing megah banget, mungkin kuwi ana ing cedhak bait ing Yérusalèm. Ing kono Stéfanus ngadhep Sanhèdrin sing anggotané 71 wong lanang. Meréka arep ngadili Stéfanus. Meréka kuwi wong sing nduwé wewenang, terkenal, lan akèh-akèhé ora seneng karo muridé Yésus. Sing ngongkon kabèh anggota Sanhèdrin ngumpul ing kono kuwi Imam Agung Kayafas. Pirang-pirang sasi sakdurungé, Kayafas sing ngongkon bèn Yésus dipatèni. Apa Stéfanus wedi?
2 Wektu kuwi ana peristiwa sing menarik. Kabèh anggota Sanhèdrin ndelok wajahé Stéfanus sing ”kaya wajahé malaékat”. (Kis. 6:15) Malaékat biasané nyampèkké omongané Yéhuwah, mulané meréka ora wedi lan tetep tenang. Nah Stéfanus ya kaya ngono, bahkan kabèh anggota Sanhèdrin ya ndelok nèk Stéfanus tetep tenang. Kok isa?
3 Awaké dhéwé isa sinau saka kisahé Stéfanus. Awaké dhéwé bakal ngrembug critané Stéfanus isa diadili ing ngarepé Sanhèdrin, buktiné nèk Stéfanus nduwé iman sing kuwat sakdurungé dhèwèké diadili, lan carané awaké dhéwé isa niru Stéfanus.
’Wong-Wong Kuwi Ngojok-ojoki Wong-Wong Liyané’ (Kis. 6:8-15)
4, 5. (a) Ngapa kok Stéfanus dibutuhké ing jemaat wektu kuwi? (b) Apa maksudé Stéfanus ”disenengi Gusti Allah lan diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé”?
4 Saka bab-bab sakdurungé, awaké dhéwé ngerti nèk Stéfanus dibutuhké banget ing jemaat Kristen wektu kuwi. Dhèwèké termasuk saka pitu wong lanang sing nduwé tugas penting. Meréka rendah hati lan gelem mbantu para rasul. Meskipun Stéfanus éntuk akèh anugrah saka Gusti Allah, tapi dhèwèké tetep rendah hati. Misalé, ing Kisah 6:8 disebutké nèk ”Stéfanus nindakké akèh perkara sing luar biasa lan mukjijat”. Terus dhèwèké ya ”disenengi Gusti Allah lan diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé”. Apa maksudé?
5 Stéfanus kuwi wongé nyenengké, ramah, lan apikan. Wong-wong seneng ngrungokké Stéfanus merga dhèwèké wongé tulus lan sing diajarké bermanfaat kanggo wong-wong kuwi. Stéfanus ya diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé merga dhèwèké gelem manut Yéhuwah. Terus dhèwèké ora nyombongké anugrahé saka Gusti Allah lan ketrampilané, tapi dhèwèké muji Yéhuwah lan perduli karo wong-wong sing ditemoni pas nginjil. Mulané mungsuh-mungsuhé ora seneng karo Stéfanus.
6-8. (a) Stéfanus ditudhuh apa waé, lan kenapa? (b) Ngapa kok pengalamané Stéfanus isa bermanfaat kanggo awaké dhéwé?
6 Ana wong-wong sing ngejak padu Stéfanus, tapi ”wong-wong kuwi ora isa mbantah omongané Stéfanus merga Stéfanus wicaksana lan dituntun karo roh suci wektu ngomong”. a Merga jèngkèl, ”meneng-meneng wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong liya” kanggo mitnah muridé Yésus sing ora salah apa-apa. Wong-wong kuwi ya ”ngojok-ojoki” para pemimpin, ahli Taurat, lan wong-wong liyané bèn Stéfanus diadili Sanhèdrin. (Kis. 6:9-12) Para penentang nudhuh nèk Stéfanus ngèlèk-èlèk Gusti Allah lan Musa. Kok isa?
7 Stéfanus ditudhuh ngèlèk-ngèlèk Gusti Allah merga ngrèmèhké ”baité Gusti Allah” yaiku bait ing Yérusalèm. (Kis. 6:13) Stéfanus ya ditudhuh ngèlèk-ngèlèk Hukum Musa merga berupaya ngganti kebiasaan-kebiasaan sing wis ana kèt jamané Musa. Tudhuhané kuwi bahaya banget, merga meréka nganggep nèk baité Gusti Allah, Hukum Musa, lan tradhisi-tradhisi sing meréka tambahké dhéwé kuwi penting banget. Dadi wong-wong nganggep nèk Stéfanus pantes dipatèni.
8 Ing jaman saiki, akèh pemimpin agama nudhuh sing ora-ora soal Seksi Yéhuwah. Meréka ngojok-ojoki pamréntah bèn nganiaya Seksi Yéhuwah. Piyé nèk awaké dhéwé ditudhuh kaya ngono? Awaké dhéwé isa niru contoné Stéfanus.
Kendel Martakké soal ”Gusti Allah sing Hébat” (Kis. 7:1-53)
9, 10. (a) Para ahli nganggep jawabané Stéfanus piyé? (b) Apa sing isa dipikirké?
9 Kaya sing wis dibahas sakdurungé, Stéfanus tetep tenang pas ditudhuh lan wajahé kaya wajahé malaékat. Terus Imam Agung Kayafas takon, ”Apa kuwi bener?” (Kis. 7:1) Iki kesempatané Stéfanus njelaské.
10 Para ahli nganggep nèk penjelasané Stéfanus sing dawa ora ana hubungané karo tudhuhané para penentang. Padahal sakjané awaké dhéwé isa niru contoné Stéfanus sing apik kanggo ”mènèhi jawaban” pas nginjil. (1 Ptr. 3:15) Pikirna, mau wis dirembug nèk Stéfanus ditudhuh ngèlèk-èlèk Gusti Allah merga ngrèmèhké baité Gusti Allah. Stéfanus ya ditudhuh ngèlèk-èlèk Musa merga berupaya ngganti kebiasaan-kebiasaan sing wis ana kèt jamané Musa. Pas njawab, Stéfanus njelaské soal telu jaman sing béda-béda. Terus dhèwèké njelaské penerapané siji-siji. Ayo mbahas kabèh penjelasané Stéfanus.
11, 12. (a) Piyé Stéfanus nggunakké contoné Abraham pas njelaské? (b) Ngapa kok Stéfanus ya njelaské soal Yusuf?
11 Jamané Abraham lan Yusuf. (Kis. 7:1-16) Stéfanus mulai nyritakké soal Abraham. Wong Yahudi ngajèni Abraham merga Abraham nduwé iman sing kuwat. Stéfanus mbahas topik sing cocog kanggo wong Yahudi. Dhèwèké njelaské nèk Yéhuwah, ”Gusti Allah sing hébat” nemoni Abraham ing Mésopotamia. (Kis. 7:2) Sakjané, Abraham termasuk wong asing sing manggon ing Tanah Perjanjian. Wektu kuwi durung ana bait utawa Hukum Musa, tapi Abraham tetep nduwé iman lan manut karo Gusti Allah.
12 Bar kuwi Stéfanus njelaské soal Yusuf. Wong Yahudi ya ngajèni Yusuf. Stéfanus ya ngélingké wong Yahudi nèk Yusuf dianiaya lan diedol dadi budhak karo kakang-kakangé dhéwé tapi Yéhuwah malah nggunakké Yusuf kanggo nylametké wong Israèl pas ana kelaparan. Stéfanus mesthi ngerti nèk sing dialami Yésus Kristus karo Yusuf kuwi padha tapi Stéfanus ora langsung njelaské kuwi bèn kabèh anggota Sanhèdrin gelem ngrungokké omongané.
13. (a) Piyé penjelasané Stéfanus soal Musa isa njawab tudhuhané wong-wong? (b) Apa inti penjelasané Stéfanus?
13 Jamané Musa. (Kis. 7:17-43) Stéfanus luwih akèh njelaské soal Musa. Kuwi cocog banget merga anggota Sanhèdrin kuwi wong-wong Saduki, meréka ora percaya kabèh isiné Kitab Suci kecuali sing ditulis Musa. Mau Stéfanus ditudhuh ngèlèk-èlèk Musa, tapi jawabané Stéfanus nduduhké nèk dhèwèké menghargai Musa lan hukum Taurat. (Kis. 7:38) Stéfanus ya njelaské nèk mbiyèn Musa pas umuré 40 ya ditolak wong Israèl. Bahkan 40 taun bar kuwi, bangsa Israèl beberapa kali ya ora gelem manut karo Musa. b Dadi, inti penjelasané Stéfanus yaiku wong Israèl wis bola-bali nolak wong-wong sing dipilih Yéhuwah dadi pemimpin.
14. Apa inti liyané saka penjelasané Stéfanus soal Musa?
14 Stéfanus ngélingké kabèh anggota Sanhèdrin nèk Musa ngramalké bakal ana nabi saka Israèl sing kaya Musa. Stéfanus ora langsung njelaské sapa nabiné kuwi lan mengkoné nabiné bakal piyé. Dhèwèké mbahas inti liyané saka penjelasané. Stéfanus njelaské nèk Musa ngerti nèk ing endi waé isa dadi panggonan sing suci kanggoné Yéhuwah. Misalé, pas Yéhuwah ngomong karo Musa saka semak berduri sing metu geniné, panggonan kuwi dadi panggonan sing suci kanggoné Yéhuwah. Dadi, nèk arep ngibadah apa kudu ing sak panggonan waé, misalé ing bait ing Yérusalèm? Ayo dibahas.
15, 16. (a) Ngapa kok Stéfanus nyebutké soal tabernakel wektu njelaské? (b) Piyé Stéfanus nggunakké topik soal baité Salomo pas njelaské?
15 Jaman pas tabernakel lan bait digunakké. (Kis. 7:44-50) Stéfanus ngomong nèk sakdurungé ana bait ing Yérusalèm, Yéhuwah ngongkon Musa mbangun tabernakel, yaiku kémah kanggo ngibadah sing isa dipindhah-pindhah. Kabèh anggota Sanhèdrin ora mungkin ngomong nèk bait ing Yérusalèm luwih unggul daripada tabernakel sing digawé Musa, soalé Musa dhéwé ngibadahé ya ing kono.
16 Salomo mbangun bait ing Yérusalèm. Sakwisé mbangun bait, Salomo ndonga karo Yéhuwah. Ana pelajaran sing apik saka dongané Salomo. Stéfanus nyebutké, ”Sing Mahaluhur ora manggon ing panggonan sing digawé manungsa.” (Kis. 7:48; 2 Bb. 6:18) Bèn karepé isa kelakon, Yéhuwah isa waé nggunakké bait, tapi nèk ora ana bait Dhèwèké ya isa nggunakké cara liyané. Dadi ora masuk akal nèk umaté Yéhuwah mung éntuk ngibadah ing bait. Mulané Stéfanus nggawé kesimpulan sing apik, dhèwèké ngutip kata-kata saka buku Yésaya sing isiné, ”Yéhuwah kandha, ’Swarga kuwi takhta-Ku lan bumi kuwi alas sikil-Ku. Panggonan kaya apa sing bakal mbok bangun kanggo Aku? Utawa, apa ana panggonan sing pantes kanggo Aku? Aku dhéwé sing nyiptakké kuwi kabèh, ta?’”—Kis. 7:49, 50; Yés. 66:1, 2.
17. (a) Saka penjelasané Stéfanus, awaké dhéwé isa ngerti apa? (b) Piyé Stéfanus njelaské nèk dhèwèké ora salah?
17 Saka penjelasané Stéfanus, awaké dhéwé ngerti nèk Stéfanus nduduhké nèk tudhuhan lan sikapé kabèh anggota Sanhèdrin kuwi salah. Stéfanus nduduhké nèk Yéhuwah kuwi ora kaku lan ora mbutuhké tradhisi-tradhisiné manungsa bèn karepé isa kelakon. Kuwi berarti meréka sing mung nganggep penting bait lan tradhisi-tradhisi ora ngerti tujuané Yéhuwah nggawé hukum lan bait. Stéfanus seolah-olah takon kaya ngéné, ’Nèk menghargai hukum Taurat lan bait kuduné manut karo Yéhuwah, ta?’ Saka penjelasané, Stéfanus nduduhké nèk dhèwèké ora salah soalé wis manut karo Yéhuwah.
18. Piyé carané awaké dhéwé isa niru Stéfanus?
18 Apa sing isa dipelajari saka omongané Stéfanus? Dhèwèké bener-bener ngerti isiné Kitab Suci. Awaké dhéwé ya kudu rajin sinau Alkitab bèn sing ’diomongké kuwi bener’. (2 Tim. 2:15) Stéfanus ya ramah lan omongané dipikir sik. Kabèh anggota Sanhèdrin benci banget karo Stéfanus, tapi Stéfanus ngupaya nggunakké topik-topik sing dianggep penting karo kabèh anggota Sanhèdrin. Stéfanus ya ngajèni meréka buktiné Stéfanus nyebut meréka ”bapak-bapak”. (Kis. 7:2) Pas nginjil, awaké dhéwé ya ”kudu alus lan ngajèni” wong liya.—1 Ptr. 3:15.
19. Apa buktiné Stéfanus kendel nyampèkké berita penghukuman saka Yéhuwah kanggo kabèh anggota Sanhèdrin?
19 Aja nganti awaké dhéwé ragu-ragu nyampèkké kabar apik mung merga wedi nggawé wong liya tersinggung. Pas kudu nyampèkké berita penghukuman, awaké dhéwé ya gelem nyampèkké kuwi. Stéfanus dadi conto sing apik pas nyampèkké berita penghukuman. Meskipun wis mènèhi bukti sing jelas karo kabèh anggota Sanhèdrin, Stéfanus ngerti nèk kuwi ora bakal nggawé meréka berubah pikiran. Mula ing akhir penjelasané Stéfanus kandha nèk meréka ora ana bédané karo wong-wong Israèl mbiyèn sing nolak Yusuf, Musa, lan nabi-nabi liyané. (Kis. 7:51-53) Bahkan, meskipun Musa lan nabi-nabi liyané wis ngramalké nèk bakal ana Mésias, meréka malah matèni Mésias. Dadi jelas banget nèk sakjané meréka nglanggar Hukum Musa.
”Yésus Gustiku, Nyawaku Tak Serahké Njenengan” (Kis. 7:54–8:3)
20, 21. (a) Sakwisé ngrungokké omongané Stéfanus, kabèh anggota Sanhèdrin piyé? (b) Piyé Yéhuwah nguwatké Stéfanus?
20 Kabèh anggota Sanhèdrin ora isa mbantah omongané Stéfanus. Meréka nesu banget lan gregeten. Stéfanus ngerti nèk dhèwèké bakal dipatèni kaya Yésus.
21 Wektu kuwi Stéfanus mesthi butuh dikuwatké. Yéhuwah nguwatké Stéfanus liwat wahyu. Stéfanus ndelok kemuliaané Gusti Allah lan ndelok Yésus ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah. Pas Stéfanus nyritakké wahyu sing didelok, kabèh anggota Sanhèdrin padha nutupi kupingé. Kenapa? Merga ora suwé sakdurungé, pas Yésus diadili Sanhèdrin, Yésus ngomong nèk dhèwèké kuwi Mésias lan bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. (Mrk. 14:62) Wahyu sing didelok Stéfanus nduduhké nèk omongané Yésus bener lan Yésus kuwi mémang Mésias. Kuwi berarti kabèh anggota Sanhèdrin nolak lan matèni Mésias. Bar kuwi, Stéfanus disèrèt lan dibandhemi watu nganti mati. c
22, 23. (a) Apa persamaané antara Stéfanus karo Yésus? (b) Ngapa kok awaké dhéwé ora perlu wedi nèk ditentang?
22 Kaya Yésus, Stéfanus ngrasa ayem merga tetep setya karo Yéhuwah nganti mati. Dhèwèké bener-bener percaya karo Yéhuwah lan gelem ngampuni wong-wong sing matèni dhèwèké. Stéfanus kandha, ”Yésus Gustiku, nyawaku tak serahké njenengan.” Mungkin, Stéfanus ngomong kaya ngono merga dhèwèké isih ndelok Yéhuwah lan Yésus liwat wahyu. Stéfanus mesthi kèlingan kata-katané Yésus sing kandha, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.” (Yoh. 11:25) Terus Stéfanus mbengok, ”Yéhuwah, aja ngukum wong-wong iki merga dosané.” Sakwisé ngomongké kuwi dhèwèké mati.—Kis. 7:59, 60.
23 Stéfanus kuwi muridé Yésus sing pertama kali dipatèni utawa dadi martir. (Deloken kothak ” Apa Maksudé Dadi ’Martir’?”.) Sayangé ora mung Stéfanus sing dipatèni. Saiki umaté Yéhuwah sing setya ya padha dipatèni karo pemimpin agama, pamréntah, lan para penentang. Tapi kaya Stéfanus, awaké dhéwé ora perlu wedi soalé Yésus saiki wis dadi Raja. Yésus wis diwènèhi kuwasa sing gedhé karo Bapaké. Yésus mesthi isa nguripké manèh wong-wong sing setya sing wis mati.—Yoh. 5:28, 29.
24. (a) Apa buktiné nèk Saul mèlu-mèlu pas Stéfanus dipatèni? (b) Apa manfaaté nèk sinau saka pengalamané Stéfanus?
24 Ana cah lanang jenengé Saul sing ndelok kabèh peristiwa iki. Dhèwèké setuju pas Stéfanus dipatèni, bahkan dhèwèké sing njaga klambiné wong-wong sing matèni Stéfanus. Ora suwé bar kuwi, Saul dadi pemimpiné wong-wong sing kejem banget nganiaya murid-muridé Yésus liyané. Stéfanus mémang wis mati, tapi imané sing kuwat isa diconto umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan jaman saiki. Saul, sing bertaun-taun bar kuwi disebut Paulus, mesthi ya ngrasa gela merga mèlu-mèlu pas Stéfanus dipatèni. (Kis. 22:20) Dhèwèké ngomong, ”Aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.” (1 Tim. 1:13) Paulus ora bakal lali karo Stéfanus lan penjelasané Stéfanus wektu kuwi. Malah beberapa ceramah lan suraté Paulus topiké padha karo sing dijelaské Stéfanus. (Kis. 7:48; 17:24; Ibr. 9:24) Akhiré, Paulus isa nduwé iman sing kuwat lan kendel kaya Stéfanus sing ”disenengi Gusti Allah lan diwènèhi Gusti Allah kuwasa sing gedhé”. Nah saiki, apa awaké dhéwé gelem niru contoné Stéfanus?
a Wong-wong kuwi asalé saka kelompok sing disebut ”Sinagogé Wong sing Dibébaské”. Kemungkinan meréka tau dipenjara wong-wong Roma lan dibébaské, utawa kemungkinan meréka budhak sing wis dibébaské lan pindhah agama dadi Yahudi. Ana sing asalé saka Kilikia, kaya Saul saka Tarsus. Ing buku Kisah ora disebutké nèk Saul termasuk wong Kilikia sing ora isa mbantah omongané Stéfanus.
b Keterangan sing disebutké Stéfanus ora ana ing kitab-kitab liyané, misalé soal pendidikané Musa ing Mesir, umuré Musa pas pertama kali lunga saka Mesir, lan sepira suwéné Musa manggon ing Midian.
c Sanhèdrin kuwi manut hukum Romawi tapi awaké dhéwé ora ngerti pasti apa Sanhèdrin éntuk mènèhi hukuman mati. (Yoh. 18:31) Kétoké Stéfanus dipatèni merga wong-wong ing kono ngamuk dudu merga keputusan pengadilan.