BAB 13
”Wong-Wong . . . Padu”
Pengurus pusat mbantu ngrampungké masalah soal sunat
1-3. (a) Ana masalah apa ing jemaat Kristen wektu kuwi? (b) Apa manfaaté nèk sinau kisah iki?
SAKWISÉ perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus lan Barnabas bali ing Antiokhia Siria. Meréka seneng merga Yéhuwah ”wis mbukak dalan kanggo bangsa-bangsa supaya padha nduwé iman”. (Kis. 14:26, 27) Kuwi mémang bener. Misalé ing Antiokhia Siria, ”akèh” wong sing dudu Yahudi wis krungu kabar apik lan gelem dadi muridé Yésus.—Kis. 11:20-26.
2 Wong-wong ing Yudea ngerti berita kuwi, ning meréka ora seneng nèk ana sing durung disunat tapi wis dadi muridé Yésus. Lha terus apa wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi isa tetep rukun? Apa wong Kristen sing dudu Yahudi kudu manut Hukum Musa? Masalah kuwi marakké sedulur-sedulur debat lan padu. Nèk masalah kuwi ora ndang dirampungké, kuwi nggawé sedulur-sedulur ing jemaat dadi ora rukun. Lha terus piyé bèn masalahé isa rampung?
3 Ana akèh sing isa dipelajari saka kisah iki. Nèk sinau saka kisah iki, awaké dhéwé isa luwih wicaksana pas ana masalah sing nggawé awaké dhéwé lan sedulur-sedulur ora rukun.
”Nèk Kowé Ora Disunat” (Kis. 15:1)
4. (a) Wektu kuwi ana wong-wong Yahudi sing mikir piyé? (b) Pertanyaan apa sing mengko bakal dijawab?
4 Lukas nulis, ”Ana wong-wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia. Wong-wong kuwi mulai mulang sedulur-sedulur, ’Nèk kowé ora disunat kaya sing dipréntahké Hukum Musa, kowé ora isa dislametké.’” (Kis. 15:1) Awaké dhéwé mémang ora ngerti apa ”wong-wong . . . saka Yudéa” kuwi mbiyèn wong Farisi sing saiki dadi muridé Yésus. Tapi sing jelas carané mikir isih kaya wong-wong Yahudi. Terus pas ngomong kaya ngono, meréka seolah-olah mewakili para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm. (Kis. 15:23, 24) Kira-kira 13 taun sakdurungé peristiwa iki, Gusti Allah wis ngongkon Pétrus nginjil karo wong-wong dudu Yahudi sing ora disunat lan akhiré ana sing dadi muridé Yésus. Dadi, kenapa kok isih ana wong-wong Kristen Yahudi sing kepéngin murid-muridé Yésus kudu disunat? a—Kis. 10:24-29, 44-48.
5, 6. (a) Ngapa kok wong Yahudi kepéngin bèn murid-muridé Yésus kudu disunat? (b) Apa perjanjian sunat kuwi bagéan perjanjian Abraham? Jelasna. (Deloken cathetan ngisor.)
5 Mungkin, wong-wong sing péngin muridé Yésus disunat kuwi mikirké beberapa alesan. Misalé, mbiyèn Yéhuwah dhéwé sing ngongkon wong lanang kudu disunat lan nèk wis disunat kuwi tandha nèk dhèwèké isa dadi umaté Yéhuwah. Terus, mbiyèn Yéhuwah ya ngongkon Abraham lan kabèh wong lanang sing manggon bareng dhèwèké disunat. b Sakliyané kuwi, perjanjian sunat wis ana sakdurungé Hukum Musa. Akhiré, perjanjian sunat ya dadi bagéan saka Hukum Musa. (Km. 12:2, 3) Alesan liyané, menurut hukum kuwi wong asing ya kudu disunat bèn isa mèlu perayaan-perayaané wong Yahudi. Contoné, mèlu mangan korban Paskah. (Pa. 12:43, 44, 48, 49) Dadi kanggoné wong Yahudi, nèk wong lanang ora disunat kuwi najis lan ora pantes nglayani Yéhuwah.—Yés. 52:1.
6 Wong Yahudi kudu rendah hati pas ana petunjuk anyar soal sunat. Merga Hukum Musa wis diganti karo hukum sing anyar, dadi nèk ana wong Yahudi sing nduwé anak, anaké kuwi ora isa langsung dadi umaté Yéhuwah. Wong-wong Kristen Yahudi, kaya sing manggon ing Yudéa, kudu kendel lan berupaya tenanan ngakoni Yésus lan nganggep nèk murid-murid sing ora disunat kuwi sedulur seiman.—Yér. 31:31-33; Luk. 22:20.
7. ”Wong-wong . . . saka Yudéa” durung paham soal apa?
7 Meskipun ana petunjuk sing anyar, pathokané Yéhuwah tetep padha. Bahkan perjanjian sing anyar kuwi ya dhasaré saka Hukum Musa. (Mat. 22:36-40) Makané pirang-pirang taun bar kuwi, Rasul Paulus njelaské manèh soal sunat. Paulus ngomong, ”Wong isa dianggep dadi wong Yahudi sing sejati kuwi merga atiné. Tandhané wong Yahudi sing sejati kuwi ana ing atiné. Tandha kuwi ana merga roh suci, dudu merga hukum sing ditulis.” (Rm. 2:29; PT. 10:16) ”Wong-wong . . . saka Yudéa” durung paham petunjuké Yéhuwah sing anyar soal sunat iki. Meréka nganggep nèk Yéhuwah isih ngongkon umaté disunat. Apa meréka gelem manut arahan sing anyar?
”Padu lan Debat” (Kis. 15:2)
8. Ngapa kok masalah sunat iki nganti kudu dibahas karo pengurus pusat ing Yérusalèm?
8 Lukas nulis, ”Kuwi marakké wong-wong saka Yudéa mau padu lan debat karo Paulus lan Barnabas. Mula, para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm kanggo takon soal masalah iki.” c (Kis. 15:2) Kata ”padu lan debat” nduduhké nèk wong-wong Yudéa karo Paulus lan Barnabas padha-padha ngrasa nèk pendapaté bener. Sedulur-sedulur ing Antiokhia ora isa ngrampungké masalah kuwi dhéwé. Makané bèn isa tetep rukun, sedulur-sedulur njaluk bantuané pengurus pusat wektu kuwi yaiku ”para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm”. Apa sing isa dipelajari saka para pinituwa ing Antiokhia?
9, 10. Apa sing isa ditiru saka sedulur-sedulur ing Antiokhia, Paulus, lan Barnabas?
9 Pelajaran sing pertama, awaké dhéwé kudu percaya karo organisasiné Yéhuwah. Mbiyèn sedulur-sedulur ing Antiokhia ngerti nèk kabèh anggota pengurus pusat ing Yérusalèm kuwi wong Yahudi. Tapi, sedulur-sedulur ing Antiokhia percaya nèk pengurus pusat isa ngrampungké masalah sunat sesuai pathokané Kitab Suci. Meréka yakin nèk Yéhuwah mesthi isa ngarahké pengurus pusat liwat roh suci lan Yésus Kristus. (Mat. 28:18, 20; Éf. 1:22, 23) Nèk jaman saiki ana masalah ing jemaat, awaké dhéwé isa niru sedulur-sedulur ing Antiokhia. Awaké dhéwé percaya karo organisasiné Yéhuwah lan Pengurus Pusat.
10 Pelajaran keloro, awaké dhéwé kudu rendah hati lan sabar. Paulus lan Barnabas mémang wis dipilih roh suciné Gusti Allah bèn isa nginjil karo bangsa-bangsa liya. Tapi, meréka ora kesusu ngrampungké dhéwé masalah sunat ing Antiokhia. (Kis. 13:2, 3) Paulus nulis, ”Aku mangkat mrana [ing Yérusalèm] merga Gusti ngongkon aku lunga mrana.” Kuwi bukti nèk Paulus dituntun roh suci. (Gal. 2:2) Para pinituwa saiki ya niru Paulus lan Barnabas. Wektu ana masalah-masalah sing nggawé sedulur-sedulur ing jemaat ora rukun, meréka rendah hati lan ora kesusu nggawé keputusan. Ketimbang debat, para pinituwa nggolèk tuntunan lan pathokané Yéhuwah ing Alkitab. Meréka ya nggolèk lan manut arahané budhak sing setya lan wicaksana.—Flp. 2:2, 3.
11, 12. Ngapa kok awaké dhéwé kudu sabar ngentèni petunjuk saka Yéhuwah?
11 Kadhang-kadhang awaké dhéwé kudu ngentèni rada suwé bèn isa éntuk petunjuk sing jelas saka Yéhuwah. Awaké dhéwé isa éling pas jamané Rasul Paulus, sedulur-sedulur kudu ngentèni 13 taun nganti Yéhuwah mènèhi petunjuk sing jelas soal sunat. Meréka ngentèni kèt taun 36 M pas Kornélius dipilih roh suci, nganti taun 49 M. Ngapa kok suwé banget? Mungkin Yéhuwah mènèhi kesempatan lan wektu bèn akhiré wong-wong Yahudi isa manut petunjuk sing anyar soal sunat. Apa manèh perjanjiané Yéhuwah karo Abraham soal sunat wis ana kèt 1.900 taun sakdurungé. Dadi masalah soal sunat iki ora sepélé.—Yoh. 16:12.
12 Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga isa diarahké karo Yéhuwah, Bapak sing sabar lan apikan. Nèk awaké dhéwé manut, mesthi kuwi bermanfaat lan hasilé apik. (Yés. 48:17, 18; 64:8) Awaké dhéwé aja nganti sombong lan nganggep nèk pendapaté awaké dhéwé sing paling bener. Nèk ana petunjuk sing anyar utawa keterangan sing luwih jelas soal ayat-ayat Alkitab, awaké dhéwé kudu manut. (Pkh. 7:8) Nèk njenengan mulai angèl manut karo arahan sing anyar, njenengan isa ndonga lan mikirké pathokan-pathokan ing Kisah bab 15. d
13. Pas mbantu sing sinau Alkitab, piyé awaké dhéwé isa niru Yéhuwah?
13 Awaké dhéwé kudu sabar nèk sing sinau Alkitab angèl ngetrapké sing dipelajari lan isih mèlu-mèlu tradhisi sing ora sesuai karo Alkitab. Awaké dhéwé ya perlu sabar merga sing sinau Alkitab butuh wektu bèn roh suci isa mbantu dhèwèké ngetrapké sing dipelajari. (1 Kor. 3:6, 7) Awaké dhéwé ya isa ndongakké sing sinau Alkitab. Nèk wis pas wektuné, Yéhuwah bakal mbantu bèn awaké dhéwé ngerti piyé carané mbantu wong kuwi.—1 Yoh. 5:14.
Wong-Wong Kuwi ”Nyritakké Kabèh” Pengalaman sing Nguwatké (Kis. 15:3-5)
14, 15. (a) Apa buktiné nèk sedulur-sedulur ing Antiokhia ngajèni Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané? (b) Piyé Paulus nguwatké sedulur-sedulur ing Fénisia lan Samaria?
14 Lukas nulis, ”Sedulur-sedulur ing jemaat ngeterké wong-wong kuwi nganti tekan sebagéan perjalanan, terus sedulur-sedulur kuwi bali. Ning Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané mau neruské perjalanané liwat Fénisia lan Samaria. Ing kana, wong-wong kuwi nyritakké kabèh pengalaman soal piyé wong-wong saka bangsa-bangsa liya mulai ngibadah marang Gusti Allah. Wektu krungu kuwi, kabèh sedulur dadi seneng.” (Kis. 15:3) Sedulur-sedulur ngeterké Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané nganti tekan sebagéan perjalanan merga sayang lan ngajèni wong-wong kuwi. Meréka ya ndongakké bèn Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané diberkahi Yéhuwah. Sedulur-sedulur ing Antiokhia kuwi dadi conto sing apik banget. Apa njenengan ya ngajèni sedulur-sedulur, ”khususé [para pinituwa] sing kerja keras kanggo ngomongké lan mulangké omongané Gusti Allah”?—1 Tim. 5:17.
15 Pas ing Fénisia lan Samaria, Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané ”nyritakké kabèh” pengalaman soal wong-wong dudu Yahudi sing gelem dadi muridé Yésus. Kuwi mesthi nguwatké sedulur-sedulur ing kono. Ing antarané wong-wong mau mungkin ana wong Kristen Yahudi sing lunga ing kutha-kutha kuwi sakwisé Stéfanus dipatèni. Saiki, ya ana akèh pengalamané sedulur-sedulur sing berhasil pas nginjil. Pengalaman kuwi isa nguwatké sedulur-sedulur termasuk sing lagi ana masalah. Awaké dhéwé isa ngerti pengalaman sing nguwatké kuwi saka pertemuan ibadah, pertemuan gabungan wilayah, lan wacan-wacan sing dicétak utawa sing ana ing jw.org.
16. Apa buktiné nèk masalah soal sunat dadi masalah sing serius?
16 Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané mlaku kira-kira 550 kilomèter saka Antiokhia. Lukas nulis, ”Sakwisé tekan Yérusalèm, para rasul, para pinituwa, lan jemaat ing Yérusalèm seneng banget wektu wong-wong kuwi teka. Terus, wong-wong kuwi nyritakké akèh perkara sing ditindakké Gusti Allah liwat wong-wong kuwi.” (Kis. 15:4) Tapi bar kuwi ana sing ora seneng. Ing Alkitab ditulis, ”Ing kono, ana sedulur-sedulur sing mbiyèné saka sèkte Farisi, ning wis dadi muridé Yésus Kristus. Wong-wong kuwi ngadeg, terus kandha, ’Wong-wong percaya sing dudu wong Yahudi kuwi kudu disunat lan dipréntahké kanggo nindakké Hukum Musa.’” (Kis. 15:5) Masalah soal sunat iki serius, dadi kudu ndang dirampungké.
”Para Rasul lan Para Pinituwa Ngumpul” (Kis. 15:6-12)
17. (a) Sapa waé anggota pengurus pusat ing Yérusalèm? (b) Kenapa kok ”para pinituwa” dadi anggota pengurus pusat?
17 ”Para rasul lan para pinituwa ngumpul lan mbahas masalah iki [masalah soal sunat]”. (Kis. 15:6) Kuwi cocog kaya sing disebutké ing Wulang Bebasan 13:10, ”Wong sing nggolèk naséhat kuwi wicaksana.” ”Para rasul lan para pinituwa” kuwi kaya Pengurus Pusat jaman saiki sing mewakili sedulur-sedulur ing jemaat. Kenapa kok ”para pinituwa” mbantu para rasul ngurusi masalah ing jemaat? Soalé wektu kuwi Rasul Yakobus wis dipatèni lan Rasul Pétrus tau dipenjara. Isa waé rasul-rasul liyané mengko ya ngalami kuwi. Dadi, para pinituwa iki dipilih bèn isa mbantu ngurusi jemaat.
18, 19. (a) Sakwisé diskusi suwé, Pétrus ngomong apa? (b) Sakwisé ngrungokké omongané Pétrus, kuduné wong-wong kuwi piyé?
18 Lukas nulis manèh, ”Sakwisé diskusi suwé, Pétrus ngadeg lan kandha, ’Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti ta nèk ing antarané awaké dhéwé, aku sing pertama dipilih Gusti Allah lan dikongkon nyampèkké kabar apik marang bangsa-bangsa liya supaya wong-wong kuwi dadi percaya. Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa, ya wis mbuktèkké nèk Dhèwèké nampa wong-wong kuwi. Buktiné, wong-wong kuwi diwènèhi roh suci kaya sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé. Gusti Allah blas ora mbédak-bédakké awaké dhéwé karo wong-wong kuwi. Dhèwèké malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman.’” (Kis. 15:7-9) Ana buku sing njelaské soal kata ”diskusi suwé” ing basa Yunani sing disebutké ing ayat 7. Kata kuwi berarti ”nggolèki” utawa ”takon”. Maksudé, meskipun sedulur-sedulur wektu kuwi nduwé pendapat sing béda-béda, tapi meréka ora sungkan nyampèkké pendapaté.
19 Pétrus tegas banget ngélingké meréka nèk dhèwèké dhéwé sing pertama kali ndelok wong dudu Yahudi sing ora disunat dipilih roh suci taun 36 M. Sing dimaksud Pétrus kuwi Kornélius lan keluargané. Yéhuwah wis ora mbédak-mbédakké wong Yahudi karo wong sing dudu Yahudi, dadi kuduné wong-wong Kristen ya ora mbédak-mbédakké. Kata-katané Pétrus ya nduduhké nèk wong bakal dianggep bener nèk nduwé iman karo Yésus, dudu merga manut karo Hukum Musa.—Gal. 2:16.
20. Kenapa wong-wong sing nganggep sunat kuwi penting nggawé ”Gusti Allah dadi ora sabar”?
20 Pétrus ngomong nggunakké Kitab Suci lan dituntun roh suci. Dhèwèké nyimpulké, ”Mula, ngapa kok kowé nggawé Gusti Allah dadi ora sabar karo awaké dhéwé merga kowé meksa murid-murid dadi nduwé beban, padahal awaké dhéwé utawa nènèk moyangé awaké dhéwé waé ora bakal kuwat mikul beban kuwi? Kaya awaké dhéwé wis dislametké, awaké dhéwé ya nduwé iman sing ngomong nèk wong-wong kuwi ya dislametké liwat sipat apikané Gusti Yésus.” (Kis. 15:10, 11) Wong-wong sing nganggep sunat kuwi penting nggawé ”Gusti Allah dadi ora sabar”. Meréka ngongkon wong sing dudu Yahudi manut hukum Taurat, padahal wong-wong Yahudi dhéwé ora isa manut karo kabèh hukum kuwi. Makané wong-wong Yahudi sing mung ngendelké hukum, bakal dikutuk nganti mati. (Gal. 3:10) Wong-wong Yahudi sing ngrungokké Pétrus kuduné bersyukur merga Gusti Allah wis apikan lan gelem ngapura meréka liwat tebusané Yésus.
21. Apa sing dicritakké Paulus lan Barnabas bèn masalah soal sunat isa rampung?
21 Omongané Pétrus nggawé ”wong-wong sing ngumpul ing kono padha meneng kabèh”. Bar kuwi, Barnabas lan Paulus nyritakké ”akèh mukjijat lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah liwat wong loro kuwi ing antarané wong-wong saka bangsa liya”. (Kis. 15:12) Akhiré, para rasul lan para pinituwa isa mriksa bukti-bukti lan nggawé keputusan soal sunat sing sesuai karo karepé Yéhuwah.
22-24. (a) Apa buktiné nèk Pengurus Pusat jaman saiki niru pengurus pusat jaman mbiyèn? (b) Para pinituwa kudu piyé nèk ana masalah sing ora isa dirampungké?
22 Pengurus Pusat jaman saiki ya niru pengurus pusat jaman mbiyèn. Meréka nggolèk arahané Yéhuwah liwat Alkitab lan ndonga njaluk roh suci. (Mzm. 119:105; Mat. 7:7-11) Bahkan Pengurus Pusat ya nduwé jadwal rapat. Dadi sakdurungé rapat, meréka isa ndelok bahané lan ndongakké soal kuwi. Hasilé meréka isa nggawé keputusan sing sesuai karepé Yéhuwah. (WB. 15:28) Pas rapat, Pengurus Pusat kerep nggunakké Alkitab. Meréka ya leluasa nyampèkké pendapaté tapi tetep padha-padha ngajèni.
23 Para pinituwa ing jemaat ya isa niru contoné Pengurus Pusat. Sakliyané kuwi, nèk ana masalah sing dibahas ing rapat tapi tetep ora isa dirampungké, pinituwa isa ngomong karo kantor cabang utawa karo sedulur-sedulur sing nduwé wewenang, misalé pinituwa wilayah. Nèk masalahé isih durung isa dirampungké, kantor cabang isa nulis surat ing Pengurus Pusat.
24 Yéhuwah mesthi mberkahi wong-wong sing manut arahan organisasiné. Yéhuwah ya seneng nèk awaké dhéwé rendah hati, sabar, lan tetep setya. Ing bab berikuté awaké bakal mbahas berkah-berkahé Yéhuwah. Awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah, rukun, lan bersatu karo sedulur-sedulur.
a Deloken kothak ” Ajarané Sedulur-Sedulur Palsu”.
b Perjanjian sunat kuwi dudu bagéan saka perjanjian Abraham. Perjanjian Abraham dimulai taun 1943 SM wektu Abraham umur 75. Wektu kuwi Abraham nyebrang Kali Éfrat arep ing Kanaan. Perjanjian Abraham isih berlaku nganti saiki. Perjanjian sunat lagi dimulai taun 1919 SM pas Abraham umuré 99 taun.—PD. 12:1-8; 17:1, 9-14; Gal. 3:17.
c Kétoké, Titus ngancani Paulus lan Barnabas ing Yérusalèm. Titus kuwi wong Yunani sing dadi Kristen. Dhèwèké ya dipercaya karo Paulus. (Gal. 2:1; Tit. 1:4) Titus kuwi wong dudu Yahudi sing ora disunat lan nampa roh suciné Gusti Allah. Dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik.—Gal. 2:3.
d Deloken kothak ” Alkitab Kuwi Dhasar Kepercayaané Seksi-Seksi Yéhuwah”.