Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

Pengurus Pusat Wis Nggawé Keputusan

Pengurus Pusat Wis Nggawé Keputusan

Pengurus pusat nggawé keputusan sing nggawé jemaat-jemaat dadi rukun manèh

Kisah 15:13-35

1, 2. (a) Pertanyaan apa waé sing dibahas pengurus pusat wektu kuwi? (b) Para rasul lan para pinituwa mriksa apa waé bèn isa nggawé keputusan sing bener, lan kuwi nduduhké apa?

 ING Yérusalèm, para rasul lan para pinituwa ngumpul ing salah siji ruangan. Meréka padha tegang merga arep nggawé keputusan sing penting soal sunat. Ana loro pertanyaan sing bakal dibahas. Apa wong Kristen kudu manut Hukum Musa? Apa wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi kudu dibédakké?

2 Para rasul lan para pinituwa wis mriksa bukti-bukti termasuk ramalan-ramalan ing Kitab Suci lan pengalaman-pengalaman sing nduduhké arahané Yéhuwah. Meréka ora sungkan nyampèkké pendapaté. Ana akèh bukti-bukti sing nduduhké nèk roh suciné Yéhuwah mbantu ngrampungké masalah soal sunat iki. Dadi, apa meréka gelem manut arahané Yéhuwah?

3. Apa sing isa ditiru saka pengalamané pengurus pusat sing dicathet ing Kisah bab 15?

3 Bèn isa manut arahané Yéhuwah, para rasul lan para pinituwa kudu kendel lan nduwé iman sing kuwat. Kok isa? Soalé keputusan soal sunat isa marahi para pemimpin Yahudi saya sengit karo meréka. Sakliyané kuwi, ing jemaat Kristen ya ana wong-wong sing mempengaruhi sedulur-sedulur liyané bèn luwih manut Hukum Musa daripada manut arahan saka pengurus pusat. Lha terus pengurus pusat piyé? Kuwi sing mengko bakal dibahas. Mengko ya bakal dibahas, piyé Pengurus Pusat jaman saiki niru pengurus pusat jaman mbiyèn. Awaké dhéwé isa niru contoné Pengurus Pusat pas awaké dhéwé arep nggawé keputusan utawa lagi ngadhepi masalah.

”Sesuai karo sing Diomongké ing Tulisané Para Nabi” (Kis. 15:13-21)

4, 5. Yakobus ngutip ayat apa?

4 Kétoké Yakobus adhi tiriné Yésus sing mimpin pertemuan kuwi. a Omongané Yakobus kétoké wis disetujui pengurus pusat wektu kuwi. Yakobus ngomong, ”Kaya sing bar awaké dhéwé rungokké mau, Siméon wis nyritakké kabèh soal piyé Gusti Allah wis nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé. Iki sesuai karo sing diomongké ing Tulisané Para Nabi.”​—Kis. 15:14, 15.

5 Sakwisé ngrungokké omongané Siméon, utawa Simon Pétrus, lan bukti-bukti sing diduduhké Barnabas lan Paulus, Yakobus dadi kèlingan ayat sing cocog karo topik sing dibahas. (Yoh. 14:26) Nah, bar ngomong nèk ”iki sesuai karo sing diomongké ing Tulisané Para Nabi”, Yakobus ngutip kata-kata ing Amos 9:11, 12. Buku Amos termasuk Kitab-Kitab Ibrani sing biasané disebut ”Tulisané Para Nabi”. (Mat. 22:40; Kis. 15:16-18) Tapi sing dikutip Yakobus kata-katané rada béda karo sing ana ing kitab Amos. Kétoké Yakobus nggunakké terjemahan Septuaginta, yaiku Kitab Ibrani sing diterjemahké ing basa Yunani.

6. Apa buktiné nèk ayat-ayat ing Kitab Suci isa mbantu sedulur-sedulur dadi luwih paham soal masalah sunat iki?

6 Liwat Nabi Amos, Yéhuwah ngramalké nèk Dhèwèké bakal mbangun manèh ”pondoké Daud”, maksudé ana keturunané Daud sing bakal dadi raja lan bakal mréntah ing Kerajaané Gusti Allah. (Yèh. 21:26, 27) Lha terus apa mung wong-wong saka keturunané bangsa Israèl thok sing dipilih Yéhuwah dadi umaté? Ora. Soalé ing ramalan kuwi disebutké nèk ”wong-wong saka kabèh bangsa” bakal dikumpulké dadi ”umat sing disebut nganggo jeneng-Ku [Gusti Allah]”. Terus Pétrus ya kandha nèk Gusti Allah ”blas ora mbédak-mbédakké awaké dhéwé [wong Kristen Yahudi] karo wong-wong kuwi [wong Kristen dudu Yahudi]. Dhèwèké malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman”. (Kis. 15:9) Kuwi berarti kabèh wong nduwé kesempatan dadi raja bareng Yésus ing Kerajaané Gusti Allah. (Rm. 8:17; Éf. 2:17-19) Nah saka ramalan-ramalan sing wis dibahas, kuwi dadi bukti nèk wong sing dudu Yahudi ora kudu disunat utawa pindhah agama dadi Yahudi bèn isa éntuk kesempatan munggah swarga.

7, 8. (a) Yakobus mènèhi saran apa? (b) Apa Yakobus nggunakké wewenangé kanggo nggawé keputusan dhéwé? Jelasna.

7 Sakwisé ngerti bukti-bukti saka Kitab Suci lan ngrungokké pendapaté sedulur-sedulur, Yakobus ngomong ngéné, ”Mula, menurut pendapatku, ora apik nèk awaké dhéwé nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing wis gelem nglayani Gusti Allah. Ning, luwih apik awaké dhéwé nulis surat waé kanggo ngandhani wong-wong kuwi bèn nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala, saka hubungan sèks sing ora pantes, saka daging kéwan sing mati ditekak, lan saka getih. Kèt mbiyèn nganti saiki, ana wong-wong sing nyampèkké omongané Musa ing saben kutha, merga saben dina sabat, tulisané diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé bèn dirungokké wong-wong.”​—Kis. 15:19-21.

8 Yakobus kétoké sing mimpin pertemuan kuwi. Apa Yakobus nggunakké wewenangé kanggo nggawé keputusan dhéwé? Ora. Pas Yakobus ngomong ”menurut pendapatku”, kuwi ora berarti dhèwèké mutuské dhéwé hasil pertemuané. Dhèwèké ngomong kaya ngono merga péngin mènèhi saran sakwisé ngrungokké bukti-bukti lan ramalan-ramalan sing disebutké ing Kitab Suci.

9. Apa waé manfaaté nèk sarané Yakobus ditrapké?

9 Sarané Yakobus apik banget. Mula, para rasul lan para pinituwa ya setuju karo saran kuwi. Apa waé manfaaté nèk sarané Yakobus ditrapké? Pertama, keputusan kuwi ora ”nyusahké” wong dudu Yahudi merga meréka ora kudu manut karo kebiasaan-kebiasaan sing ana ing Hukum Musa. (Kis. 15:19) Keloro, keputusan kuwi ora nggawé hati nuraniné wong Kristen Yahudi keganggu soalé meréka wis bertaun-taun ”saben dina sabat” ngrungokké omongané Musa sing ”diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé”. b (Kis. 15:21) Keputusan iki mesthi isa nggawé wong Kristen Yahudi lan sing dudu Yahudi dadi rukun manèh. Kuwi mesthi nyenengké Yéhuwah merga cocog karo karepé. Contoné pengurus pusat jaman mbiyèn apik banget. Meréka isa ngatasi masalah sing serius lan nggawé sedulur-sedulur dadi rukun manèh. Conto iki isa ditiru wong-wong Kristen jaman saiki.

Sedulur Albert Schroeder ceramah ing pertemuan internasional taun 1998

10. Apa buktiné nèk Pengurus Pusat jaman saiki niru pengurus pusat jamané para rasul?

10 Kaya sing disebutké ing Bab 13, Pengurus Pusat jaman saiki niru pengurus pusat jamané para rasul. Saiki, Pengurus Pusat ya nggolèk arahané Yéhuwah sing Mahakuwasa ing alam semesta lan Yésus Kristus, Kepalané jemaat Kristen. c (1 Kor. 11:3) Apa buktiné? Sedulur Albert D. Schroeder anggota Pengurus Pusat kèt taun 1974 nganti Maret 2006 ngomong ngéné, ”Saben dina Rebo Pengurus Pusat ana pertemuan, sakdurungé dimulai biasané ndonga dhisik njaluk arahané roh suci. Pengurus Pusat ngupaya tenanan bèn kabèh keputusan sing digawé sesuai karo Alkitab.” Sakliyané kuwi, sedulur Milton G. Henschel sing dadi Pengurus Pusat nganti Maret 2003 takon karo siswa Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal kelas ke-101, ”Apa ana organisasi liyané sing pemimpiné nggolèk petunjuk ing Alkitab dhisik sakdurungé nggawé keputusan?” Jelas ora ana.

”Milih Sedulur Loro lan Ngutus Wong-Wong Kuwi” (Kis. 15:22-29)

11. Piyé pengurus pusat nyampèkké hasil keputusané ing jemaat-jemaat?

11 Pengurus pusat ing Yérusalèm wis nggawé keputusan soal sunat. Bèn sedulur-sedulur ing kabèh jemaat isa manut karo keputusan kuwi, mula pas nyampèkké keputusané kudu jelas lan ora nggawé tersinggung. Lha terus piyé carané? Ing Alkitab dicritakké, ”Para rasul, para pinituwa, lan kabèh jemaat, mutuské kanggo milih sedulur loro lan ngutus wong-wong kuwi menyang Antiokhia bareng karo Paulus lan Barnabas. Sedulur loro sing dipilih kuwi nduwé tanggung jawab ing jemaat. Sing siji jenengé Yudas sing ya disebut Barsabas, lan sing siji jenengé Silas.” Terus wong-wong sing diutus kuwi nggawa surat sing bakal diwacakké ing kabèh jemaat ing Antiokhia, Siria, lan Kilikia.​—Kis. 15:22-26.

12, 13. Apa hasilé sakwisé (a) Yudas lan Silas diutus ing jemaat-jemaat? (b) surat saka pengurus pusat diwacakké?

12 Yudas lan Silas kuwi wong-wong sing ”nduwé tanggung jawab ing jemaat”, makané meréka dadi wakilé pengurus pusat. Kemungkinan wong papat kuwi ora mung njawab keputusan soal sunat, tapi meréka ya mbantu sedulur-sedulur paham nèk kuwi petunjuk sing anyar saka pengurus pusat. Yudas lan Silas, ”sedulur loro sing dipilih” kuwi mesthi isa mbantu wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm lan wong Kristen sing dudu Yahudi ing jemaat-jemaat dadi bersatu. Arahan kuwi cocog lan apik banget. Umaté Yéhuwah isa dadi bersatu lan rukun.

13 Surat saka pengurus pusat kuwi isiné arahan sing jelas kanggo wong Kristen sing dudu Yahudi. Meréka ora mung dadi paham arahan soal sunat, tapi ya ngerti apa sing kudu diupayakké bèn nggawé Yéhuwah seneng lan diberkahi Yéhuwah. Iki intiné surat kuwi, ”Roh suci wis mbantu aku nggawé kesimpulan bèn ora nambahi beban manèh kanggo kowé, ning ngandhani kowé bèn nindakké perkara-perkara sing penting iki waé: Kowé kudu terus nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala, saka getih, saka daging kéwan sing mati ditekak, lan saka hubungan sèks sing ora pantes. Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka kabèh kuwi, keadaanmu bakal dadi apik. Muga-muga kowé terus séhat.”​—Kis. 15:28, 29.

14. Kenapa Seksi-Seksi Yéhuwah isa tetep bersatu?

14 Jaman saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya jumlahé luwih saka 8 juta lan jemaaté luwih saka 100.000. Seksi-Seksi Yéhuwah nduwé kepercayaan sing padha lan kabèh bersatu. Kok isa Seksi-Seksi Yéhuwah tetep bersatu padahal jaman saiki akèh sing marahi ora rukun? Seksi-Seksi Yéhuwah isa bersatu merga ana petunjuk sing jelas saka ”budhak sing setya lan wicaksana”, yaiku Pengurus Pusat, sing langsung diarahké Yésus Kristus, Kepalané jemaat Kristen. (Mat. 24:45-47) Sakliyané kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah ya isa bersatu merga sedulur-sedulur sak donya gelem manut petunjuk saka Pengurus Pusat.

”Murid-Murid Dadi Seneng Banget” lan Dikuwatké (Kis. 15:30-35)

15, 16. (a) Piyé tanggepané sedulur-sedulur sakwisé ngerti petunjuk sing anyar saka pengurus pusat? (b) Kenapa kok hasilé isa apik?

15 Terus ing buku Kisah dicritakké nèk wong papat kuwi tekan ing Antiokhia, bar kuwi meréka ”ngumpulké kabèh murid ing kana lan nyerahké surat kuwi”. Piyé tanggepané sedulur-sedulur sakwisé ngerti petunjuk sing anyar saka pengurus pusat? Ing Alkitab disebutké, ”Sakwisé surat sing isiné nguwatké kuwi diwacakké, murid-murid dadi seneng banget.” (Kis. 15:30, 31) Bar kuwi Yudas lan Silas ”nyampèkké akèh ceramah kanggo nguwatké sedulur-sedulur”. Wong loro kuwi ngandhani wong-wong soal karepé Gusti Allah, mula meréka disebut ’nabi’, kaya Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané.​—Kis. 13:1; 15:32; Pa. 7:1, 2.

16 Jelas banget nèk Yéhuwah mberkahi kèt awal masalah sunat iki dibahas nganti keputusan soal sunat iki diumumké ing sedulur-sedulur. Hasilé apik banget lan sedulur-sedulur ya seneng. Kok isa hasilé apik? Merga pengurus pusat mènèhi arahan sing jelas lan tepat waktu. Terus petunjuké ya sesuai karo isiné Kitab Suci lan arahan roh suci. Ora mung kuwi, petunjuké ya disampèkké nganggo cara sing apikan lan ora nggawé tersinggung.

17. Apa buktiné nèk pinituwa wilayah jaman saiki niru Paulus, Barnabas, Yudas, lan Silas?

17 Saiki, Pengurus Pusat ya mènèhi arahan-arahan sing tepat waktu kanggo sedulur-sedulur sak donya. Nèk ana petunjuk sing anyar, kuwi bakal dijelaské ing sedulur-sedulur. Misalé, pinituwa wilayah diutus kanggo langsung nyampèkké arahan saka Pengurus Pusat. Para pinituwa wilayah kuwi réla berkorban kanggo teka ing jemaat-jemaat, nyampèkké petunjuk sing jelas, lan nguwatké sedulur-sedulur. Meréka niru Paulus lan Barnabas sing terus ”mulang lan martakké kabar apik soal omongané Yéhuwah”. (Kis. 15:35) Meréka ya niru Yudas lan Silas sing ”nyampèkké akèh ceramah kanggo nguwatké sedulur-sedulur”.

18. Piyé bèn awaké dhéwé diberkahi Yéhuwah?

18 Nèk sedulur-sedulur ing jemaat piyé? Meskipun jaman saiki akèh sing marahi ora rukun, apa sing nggawé sedulur-sedulur ing jemaat tetep rukun lan bersatu? Yakobus tau nulis ngéné, ”Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi murni, seneng rukun, seneng ngalah, siap manut . . . Wong-wong sing ngupaya bèn tetep rukun karo wong liya kuwi nggawé keadaan dadi tentrem, lan hasilé yaiku wong-wong kuwi isa nindakké apa sing bener.” (Yak. 3:17, 18) Awaké dhéwé ora ngerti pas nulis ayat iki Yakobus kèlingan karo pertemuan ing Yérusalèm apa ora. Tapi sing jelas, kaya sing dicritakké ing Kisah bab 15, Yéhuwah bakal mberkahi nèk awaké dhéwé gelem bersatu karo sedulur-sedulur lan manut arahan saka organisasi.

19, 20. (a) Apa buktiné sedulur-sedulur ing jemaat Antiokhia isa rukun lan bersatu? (b) Paulus lan Barnabas fokus ngapa?

19 Akhiré sedulur-sedulur ing jemaat Antiokhia isa rukun lan bersatu manèh. Sedulur-sedulur ing kono gelem nampa arahan sing anyar saka pengurus pusat, meréka ya seneng banget pas Yudas lan Silas teka ing Antiokhia. Terus, ”sedulur loro kuwi manggon pirang-pirang dina ing kono. Pas sedulur loro kuwi arep bali [ing Yérusalèm], para murid ing Antiokhia ndongakké bèn perjalanané sedulur loro kuwi lancar lan ora ana apa-apa”. d (Kis. 15:33) Sedulur-sedulur ing Yérusalèm mesthi seneng banget wektu krungu critané Yudas lan Silas ing Antiokhia. Tugasé meréka ing Antiokhia isa berhasil merga dibantu Yéhuwah.

20 Sakwisé masalah soal sunat rampung, Paulus lan Barnabas manggon ing Antiokhia. Meréka fokus mimpin gawéan nginjil. Saiki, para pinituwa wilayah ya fokus mimpin gawéan nginjil wektu ngunjungi jemaat-jemaat. (Kis. 13:2, 3) Para pinituwa wilayah kuwi berkah kanggo sedulur-sedulur ing jemaat. Terus, Paulus lan Barnabas ngapa waé? Berkah apa sing meréka tampa? Kuwi bakal dibahas ing bab berikuté.

Umaté Yéhuwah saiki isa éntuk manfaat saka kabèh sing disedhiakké Yéhuwah liwat Pengurus Pusat lan asistèn-asistèné

a Deloken kothak ” Yakobus Kuwi ’Adhiné Gusti’”.

b Yakobus nyebutké tulisan-tulisan sing dicathet Musa sing isiné ora mung soal hukum Taurat, tapi ya soal kepénginané Gusti Allah lan carané Gusti Allah ngatasi masalah sakdurungé ana hukum Taurat. Misalé ing Purwaning Dumadi, Musa nulis pandhangané Gusti Allah soal getih, laku jina, lan nyembah brahala. (PD. 9:3, 4; 20:2-9; 35:2, 4) Kuwi nduduhké nèk pathokan-pathokané Yéhuwah berlaku kanggo kabèh wong, ora soal wong Yahudi utawa dudu Yahudi.

c Deloken kothak ” Tugas-tugasé Pengurus Pusat”.

d Ing ayat 34 ana beberapa terjemahan Alkitab sing nambahi kata-kata nèk Silas tetep manggon ing Antiokhia. (Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan) Tapi kata-kata kuwi sakjané ora ana ing tulisan asliné, lan mung beberapa penyalin Alkitab sing nambahi kata-kata kuwi.