BAB 17
”Paulus Mulang lan Mbantu Wong-Wong Kuwi Bèn Isa Paham Isiné Kitab Suci”
Trampil mulang nganggo Kitab Suci, lan contoné wong-wong Béréa
1, 2. (a) Sapa sing lagi perjalanan arep ing Tésalonika? (b) Apa sing dipikirké wong-wong kuwi?
PAULUS, Silas, lan Timotius lagi perjalanan saka Filipi arep ing Tésalonika. Perjalanané adohé 130 kilomèter ngliwati pegunungan. Meréka mlaku ngliwati dalan sing digawé karo wong Roma. Dalané ramé banget. Ing kono ana swarané keledai, swarané rodha-rodha kréta sing ngliwati dalan, terus ya ana swarané wong-wong sing ngliwati dalan kuwi. Terus ing kono ya ana prajurit, wong dodolan, lan pengrajin. Perjalanané ora gampang, apa manèh Paulus karo Silas bar digebugi nganggo tongkat ing Filipi.—Kis. 16:22, 23.
2 Bèn ora ngrasa kesel, pas ing perjalanan meréka mesthi ngobrol. Meréka isih kèlingan soal penjaga penjara ing Filipi lan keluargané sing dadi muridé Yésus. Kuwi mesthi nggawé meréka tambah semangat nginjil. Tapi, pas wis mèh tekan ing Tésalonika meréka mungkin kepikiran, ’Mengko piyé ya tanggepané wong-wong Yahudi ing kono?’ Apa meréka bakal dianiaya utawa digebugi kaya pas ing Filipi?
3. Apa sing isa dipelajari saka contoné Paulus?
3 Awaké dhéwé isa ngerti perasaané Paulus wektu kuwi saka surat sing ditulis Paulus kanggo jemaat ing Tésalonika. Paulus nulis, ”Kowé ngerti nèk awalé aku wis ngalami kesengsaraan lan dirèmèhké ing Filipi. Ning, Gusti Allahé awaké dhéwé wis nggawé aku kendel martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé senajan ana akèh sing nentang.” (1 Tés. 2:2) Kata-katané Paulus kuwi nduduhké nèk dhèwèké ngrasa kuwatir utawa wedi pas arep ing Tésalonika merga bar dianiaya ing Filipi. Apa njenengan isa mbayangké perasaané Paulus? Apa njenengan tau ngrasa wedi pas arep nginjil? Paulus mesthi terus njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa kendel nginjil. Nèk sinau soal Paulus, awaké dhéwé ya isa niru contoné.—1 Kor. 4:16.
Kis. 17:1-3)
”Paulus Mulang lan Mbantu Wong-Wong . . . Paham Isiné Kitab Suci” (4. Kenapa awaké dhéwé isa ngerti nèk kétoké Paulus manggon ing Tésalonika luwih saka telung minggu?
4 Ing Alkitab dicritakké nèk pas ing Tésalonika, Paulus mulang ing sinagogé sak suwéné telung Sabat. Apa kuwi berarti Paulus ing kutha kuwi mung telung minggu? Awaké dhéwé ora ngerti pastiné piyé. Awaké dhéwé ora ngerti kapan dhèwèké mulai nginjil ing sinagogé sakwisé tekan ing Tésalonika. Sakliyané kuwi, saka surat-suraté Paulus awaké dhéwé ngerti nèk pas ing Tésalonika, Paulus karo kanca-kancané kerja kanggo nyukupi kebutuhan. (1 Tés. 2:9; 2 Tés. 3:7, 8) Terus selama ing Tésalonika, Paulus ya tau ping pindho diwènèhi bantuan saka sedulur-sedulur ing Filipi. (Flp. 4:16) Dadi, kétoké Paulus manggon ing Tésalonika luwih saka telung minggu.
5. Piyé carané Paulus mbantu bèn wong-wong percaya karo sing dhèwèké wulangké?
5 Paulus kendel nginjil, dhèwèké mlebu ing sinagogé lan ngobrol karo wong-wong sing ana ing kono. Kaya biasané, ”Paulus mulang lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa paham isiné Kitab Suci. Paulus nerangké lan mbuktèkké liwat ayat-ayat nèk Kristus pancèn kudu ngalami sengsara lan diuripké manèh. Paulus kandha, ’Yésus, sing tak wartakké marang kowé, dhèwèké kuwi Kristus.’” (Kis. 17:2, 3) Wektu kuwi Paulus ora ngobrol ngalor ngidul, tapi dhèwèké ngejak mikir wong-wong ing kono. Paulus ngerti nèk wong-wong ing sinagogé kerep maca lan nganggep penting Kitab Suci, tapi meréka ora paham isiné. Makané, Paulus mulang lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa paham isiné Kitab Suci. Terus, Paulus nerangké lan mbuktèkké liwat Kitab Suci nèk Yésus saka Nazarèt kuwi mémang Mésias, utawa Kristus.
6. Apa buktiné nèk Yésus mulang nganggo Kitab Suci, lan piyé tanggepané murid-muridé?
6 Paulus niru contoné Yésus sing mulang nganggo Kitab Suci. Misalé pas Yésus nginjil, dhèwèké ngomong karo murid-muridé, nèk menurut Kitab Suci dhèwèké bakal dianiaya, dipatèni, lan diuripké manèh. (Mat. 16:21) Sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni murid-muridé. Kuwi mbuktèkké nèk omongané Yésus bener. Tapi ora mung kuwi, wektu ketemu loro muridé, ”Yésus nerangké marang wong loro kuwi kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci soal dhèwèké. Yésus nerangké mulai saka tulisané Musa lan kabèh Tulisané Para Nabi”. Terus, wong loro kuwi ngomong, ”Pantesan mau pas ing dalan, wektu dhèwèké ngomong lan nerangké Kitab Suci, awaké dhéwé dadi semangat banget.”—Luk. 24:13, 27, 32.
7. Ngapa kok wektu mulang awaké dhéwé kudu nggunakké Alkitab?
7 Omongané Gusti Allah nduwé kuwasa sing gedhé banget. (Ibr. 4:12) Makané umaté Yéhuwah saiki niru Yésus, Paulus, lan rasul-rasul liyané sing nganggo Kitab Suci wektu mulang. Awaké dhéwé njelaské artiné ayat-ayat ing Alkitab, ngejak wong liya mikir, lan ngejak wong liya mbukak Alkitabé dhéwé bèn isa mbuktèkké nèk sing diajarké kuwi saka Alkitab. Hasilé, wong sing dikabari isa percaya karo wulangan sing bener merga awaké dhéwé nduduhké nèk sing diwulangké kuwi asalé saka Gusti Allah dudu saka awaké dhéwé. Sakliyané kuwi, kaya Paulus awaké dhéwé ya kendel nginjil merga nyampèkké omongané Gusti Allah.
’Ana Wong-Wong ing Kono sing Dadi Wong Percaya’ (Kis. 17:4-9)
8-10. (a) Piyé tanggepané wong-wong ing Tésalonika wektu krungu kabar apik? (b) Kenapa ana wong-wong Yahudi sing nesu banget karo Paulus? (c) Wong-wong Yahudi sing nesu kuwi ngapa?
8 Yésus tau ngomong, ”Budhak ora ngluwihi majikané. Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé. Nèk wong-wong nindakké omonganku, wong-wong kuwi ya bakal nindakké omonganmu.” (Yoh. 15:20) Paulus wis ngalami sing diomongké Yésus. Pas Paulus nginjil ing Tésalonika, tanggepané wong-wong ing kono béda-béda. Ana sing ora seneng, tapi ya ana sing gelem nampa. Lukas nulis ngéné, ”Ana wong-wong ing kono [wong Yahudi] lan akèh wong Yunani dadi nyembah Gusti Allah [dadi wong Kristen]. Wong-wong wédok sing diajèni ya dadi wong percaya lan nggabung karo Paulus lan Silas.” (Kis. 17:4) Wong-wong sing lagi waé dadi muridé Yésus kuwi mesthi seneng banget merga isa paham isiné Kitab Suci.
9 Mémang ana sing seneng karo kabar apik sing disampèkké Paulus, tapi ya ana wong-wong sing nesu banget. Ana wong-wong Yahudi sing iri merga Paulus berhasil nggawé ”akèh wong Yunani” dadi wong Kristen. Wong-wong Yahudi kuwi wis mulang wong-wong Yunani soal Kitab Suci. Meréka péngin wong Yunani pindhah agama dadi Yahudi. Tapi pas Paulus teka ing kono, wong-wong Yunani kuwi malah dadi wong Kristen, ora pindhah agama dadi Yahudi. Makané wong-wong Yahudi sengit banget karo Paulus.
10 Bar kuwi piyé? Lukas nulis, ”Ning merga iri, wong Yahudi nglumpukké berandalan-berandalan sing senengé saba pasar, terus mbentuk grombolan kanggo nggègèrké kutha. Wong-wong kuwi nggrudug omahé Yason lan meksa arep nggawa metu Paulus lan Silas. Wektu ora nemokké Paulus lan Silas, wong-wong kuwi nyèrèt Yason lan sedulur-sedulur kanggo digawa marang para penguasa kutha. Wong-wong kuwi mbengok, ’Wong-wong sing nggawé masalah ing endi-endi, saiki ana ing kéné. Malah Yason nyambut wong-wong kuwi dadi tamu. Kabèh wong iki nglawan hukumé Kaisar merga ngomong nèk ana raja liya, yaiku Yésus.’” (Kis. 17:5-7) Lha terus Paulus karo kanca-kancané piyé?
11. (a) Paulus karo kanca-kancané ditudhuh apa? (b) Sing dimaksud nglawan hukumé Kaisar kuwi, nglawan hukum sing endi? (Deloken cathetan ngisor.)
11 Grombolan sing digunakké karo wong Yahudi kuwi bahaya banget. Meréka kejem banget lan isa matèni Paulus lan Silas. Kaya banyu ing kali sing ora isa diendhegké, ora ana sing isa ngendhegké meréka. Sakwisé wong-wong Yahudi lan grombolan kuwi ”nggègèrké kutha”, meréka nudhuh Paulus lan Silas. Tudhuhan sing pertama, Paulus karo kanca-kancané ditudhuh ”nggawé masalah ing endi-endi” padahal meréka ora kaya ngono. Tudhuhan sing keloro luwih bahaya, wong-wong Yahudi nudhuh nèk Paulus karo kanca-kancané nglawan hukumé Kaisar merga ngomong nèk ana Raja liya, yaiku Yésus. a
12. Kenapa kok tudhuhané wong-wong Yahudi ing Tésalonika kuwi bahaya banget?
12 Mbiyèn para pemimpin agama ya nudhuh Yésus kaya ngono. Meréka ngomong karo Pilatus, ”Wong iki wis nyebabké wong-wong mbrontak marang pamréntah . . . lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.” (Luk. 23:2) Mungkin merga Pilatus wedi dianggep ora setya karo kaisar, mula dhèwèké masrahké Yésus kanggo dipatèni. Tudhuhan sing disampèkké wong-wong Yahudi ing Tésalonika mau akibaté ya bahaya banget. Ana siji buku sing nyebutké ngéné, ”Mémang bener nèk akibat saka tudhuhan kuwi bahaya banget soalé ’mung ditudhuh nglawan Kaisar waé isa dipatèni.’” Apa berarti rencanané wong-wong Yahudi kuwi berhasil?
13, 14. (a) Kenapa kok rencanané wong-wong Yahudi lan grombolan mau gagal? (b) Apa buktiné nèk Paulus manut karo naséhaté Yésus? (c) Piyé carané awaké dhéwé niru contoné Paulus?
13 Rencanané wong-wong Yahudi lan grombolan mau gagal. Kenapa? Meréka ora isa nemokké Paulus lan Silas. Terus para penguasa kutha ya ora yakin nèk tudhuhan-tudhuhan sing disampèkké wong-wong kuwi bener. Sakwisé ”mbayar dhuwit jaminan”, Yason karo sedulur-sedulur liyané dibébaské. (Kis. 17:8, 9) Paulus karo kanca-kancané manut omongané Yésus iki, ”Kowé kudu ngati-ati kaya ula, ning tulus kaya manuk dara.” Hasilé apa? Paulus isa tetep aman lan isa terus nginjil ing dhaérah liya. (Mat. 10:16) Paulus kuwi mémang kendel, tapi dhèwèké tetep ngati-ati lan ora nékad. Piyé wong Kristen jaman saiki niru contoné Paulus?
14 Jaman saiki, akèh pemimpin agama ya mempengaruhi wong-wong bèn nglawan Seksi-Seksi Yéhuwah. Meréka ya nudhuh Seksi-Seksi Yéhuwah nglawan pamréntah. Meréka nudhuh kaya ngono bèn pamréntah nglarang gawéan nginjil lan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Kaya wong-wong Yahudi sing nentang Paulus lan kanca-kancané, saiki wong-wong nentang Seksi Yéhuwah merga iri lan sengit. Meskipun ditentang, awaké dhéwé ora nggawé masalah karo wong-wong kuwi. Awaké dhéwé ya ngupaya damai lan apikan karo wong-wong sing nentang. Nèk situasiné ora apik, awaké dhéwé kudu ngati-ati. Awaké dhéwé isa nginjil manèh ing kono nèk situasiné wis apik.
Kis. 17:10-15)
Meréka ”Luwih Seneng Sinau” (15. Piyé tanggepané wong-wong Béréa pas krungu kabar apik?
15 Sedulur-sedulur ing Tésalonika ngongkon Paulus lan Silas lunga ing Béréa bèn Paulus lan Silas tetep aman. Béréa kuwi adohé kira-kira 65 kilomèter saka Tésalonika. Sakwisé tekan Béréa, Paulus lan Silas langsung ing sinagogé lan martakké kabar apik ing kono. Paulus lan Silas mesthi seneng banget merga wong-wong Béréa gelem ngrungokké. Lukas nulis nèk wong-wong Yahudi ing Béréa kuwi ”luwih seneng sinau timbang wong-wong ing Tésalonika. Sebab, pas nampa omongané Gusti Allah, wong Béréa semangat banget. Wong-wong kuwi ya saben dina mriksa Kitab Suci kanggo mastèkké apa sing diomongké Paulus kuwi pancèn bener apa ora”. (Kis. 17:10, 11) Apa kata-katané Lukas nduduhké nèk wong-wong Béréa luwih apik timbang sedulur-sedulur ing Tésalonika? Ora. Soalé Paulus tau nulis ngéné kanggo sedulur-sedulur ing Tésalonika, ”Aku ya ora mandheg ngucap syukur marang Gusti Allah, merga wektu kowé krungu omongané Gusti Allah saka aku, kowé ora nganggep kuwi omongané manungsa, ning nganggep kuwi bener-bener omongané Gusti Allah sing mbantu kowé.” (1 Tés. 2:13) Nah nèk ngono, kenapa kok Lukas nulis nèk wong Yahudi ing Béréa luwih seneng sinau?
16. Apa buktiné nèk wong-wong Béréa ”luwih seneng sinau”?
16 Meskipun wong-wong Béréa lagi waé krungu soal kabar apik sing disampèkké Paulus lan Silas, tapi meréka ora curiga lan ora langsung nolak. Meréka ya ora langsung percaya. Apa buktiné? Meréka ngrungokké tenanan sing diomongké Paulus, meréka mriksa Kitab Suci kanggo mastèkké omongané Paulus bener apa ora. Terus meréka ya rajin sinau Kitab Suci saben dina, ora mung pas dina Sabat. Meréka ”semangat banget” mbuktèkké nèk wulangan sing anyar kuwi asalé mémang saka Kitab Suci. Sakliyané kuwi, meréka ya rendah hati merga gelem ngetrapké wulangan sing anyar. Buktiné, ”akèh wong” ing kono ”dadi percaya”. (Kis. 17:12) Makané cocog nèk Lukas nyebut wong-wong Béréa ”luwih seneng sinau”.
17. (a) Ngapa kok contoné wong-wong Béréa dicathet ing Alkitab? (b) Wong-wong sing wis suwé dadi Seksi Yéhuwah kudu piyé?
17 Wong-wong Béréa mesthi ora nyangka nèk kisahé ditulis ing Alkitab bèn isa dadi conto kanggo umaté Yéhuwah. Wong-wong Béréa seneng sinau Kitab Suci lan gelem ngetrapké apa sing diwulangké Yéhuwah liwat Paulus. Awaké dhéwé ya kudu nyemangati wong-wong bèn seneng sinau Alkitab. Meréka bakal nduwé iman sing kuwat merga mriksa dhéwé sing bener saka Alkitab. Lha terus sing wis suwé dadi Seksi-Seksi Yéhuwah piyé? Awaké dhéwé kudu luwih seneng sinau Alkitab, terus sing disinaoni ya kudu langsung ditrapké. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé gelem diwulang lan dilatih karo Yéhuwah. (Yés. 64:8) Awaké dhéwé ya bakal nyenengké Yéhuwah lan bakal terus digunakké Yéhuwah.
18, 19. (a) Kenapa Paulus lunga saka Béréa? (b) Kaya Paulus, awaké dhéwé kudu piyé? (c) Sakwisé saka Béréa, Paulus nginjil ing endi?
18 Paulus ora isa suwé-suwé ing Béréa. Ing Alkitab disebutké, ”Wektu ngerti nèk Paulus ya martakké omongané Gusti Allah ing Béréa, wong Yahudi ing Tésalonika mara ing Béréa kanggo ngojok-ojoki lan nggawé gègèr wong-wong ing kono. Sedulur-sedulur langsung cepet-cepet ngongkon Paulus lunga menyang cedhak laut, ning Silas lan Timotius tetep manggon ing Béréa. Ana sedulur-sedulur sing ngancani Paulus nganti tekan Athéna. Sedulur-sedulur kuwi langsung lunga sakwisé Paulus ngongkon sedulur-sedulur kuwi ngandhani Silas lan Timotius bèn ndang cepet-cepet nemoni Paulus.” (Kis. 17:13-15) Wong-wong Yahudi ing Tésalonika sing péngin ngendhegké gawéan nginjil kuwi ora nyerah. Meréka wis ngusir Paulus saka Tésalonika, tapi nèk ngono thok meréka ora puas. Meréka lunga ing Béréa lan nggawé masalah ing kono bèn Paulus lan kanca-kancané mandheg nginjil. Tapi upayané meréka ya gagal. Dhaérahé Paulus kanggo nginjil kuwi isih akèh, dadi Paulus isa nginjil ing dhaérah liya. Kaya Paulus, saiki awaké dhéwé ya ora nyerah kanggo tetep nginjil karo kabèh wong meskipun ditentang.
19 Sakwisé martakké kabar apik karo wong-wong Yahudi ing Tésalonika lan Béréa, Paulus ngerti nèk kudu luwih kendel lan mbantu wong-wong paham wulangan sing bener saka Kitab Suci. Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. Nah, saiki Paulus arep nginjil marang wong-wong dudu Yahudi sing ana ing Athéna. Piyé kisahé? Kuwi bakal dibahas ing bab berikuté.
a Ana ahli Alkitab sing nyebutké nèk Kaisar Romawi nggawé hukum sing isiné ora éntuk ngomongké sapa sing bakal dadi raja sing anyar utawa kerajaan endi sing bakal berkuasa, terus ya ora ana sing éntuk ngomong nèk raja utawa kerajaan kuwi bakal nyingkirké kaisar. Wong sing nentang padha nudhuh Paulus kaya ngono bèn Paulus lan kanca-kancané seolah-olah nglanggar hukumé Kaisar. Deloken kothak ” Kaisar sing Mréntah Selama Peristiwa ing Buku Kisah Kelakon”.