Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 15

”Nguwatké Jemaat-Jemaat”

”Nguwatké Jemaat-Jemaat”

Sedulur-sedulur sing diutus marani lan nguwatké jemaat-jemaat

Kisah 15:36–16:5

1-3. (a) Pas perjalanan utusan injilé sing keloro, Paulus dikancani sapa, lan wongé piyé? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?

 PAULUS lagi mlaku bareng karo Timotius ngliwati dalan sing digawé saka watu. Timotius kuwi cah enom sing semangat. Wektu kuwi umuré kira-kira 18-23 taun. Suwé-suwé meréka mlaku saya adoh saka omahé Timotius. Pas wis soré, meréka wis adoh saka kutha Listra lan Ikonium. Lha meréka arep ing endi? Paulus wis nggawé rencana kanggo perjalanan utusan injilé sing keloro. Paulus ngerti nèk pas perjalanan utusan injil, meréka bakal ngadhepi bahaya. Paulus mungkin mikir, ’Apa Timotius sanggup?’

2 Timotius kuwi cah enom sing rendah hati. Mungkin awalé Timotius ngrasa ora sanggup mèlu perjalanan utusan injil, tapi Paulus ora mikir kaya ngono. Saka pengalamané Paulus sakdurungé, dhèwèké yakin nèk butuh kanca kanggo ngancani ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Sakliyané kuwi, Paulus ya ngerti nèk pas marani sedulur-sedulur ing jemaat lan nguwatké meréka, Paulus kudu tetep setya lan rukun karo sing ngancani dhèwèké. Mungkin Paulus mikirké kuwi merga Paulus tau padu karo Barnabas nganti meréka ora nglayani bareng manèh.

3 Ing bab iki, awaké dhéwé bakal sinau piyé carané isa rukun manèh karo sedulur liya. Awaké dhéwé bakal ngerti kenapa kok Paulus milih Timotius kanggo ngancani dhèwèké ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngerti apa waé tugasé pinituwa wilayah.

”Ayo Awaké Dhéwé Marani Manèh Para Sedulur” (Kis. 15:36)

4. Ing perjalanan utusan injilé sing keloro, apa tujuané Paulus?

4 Ing bab sakdurungé, awaké dhéwé wis mbahas nèk Paulus, Barnabas, Yudas, lan Silas nguwatké sedulur-sedulur ing Antiokhia lan ngandhani meréka keputusané pengurus pusat soal sunat. Terus, Paulus ngandhani Barnabas soal rencana perjalanan utusan injilé sing keloro. Paulus ngomong, ”Ayo awaké dhéwé marani manèh para sedulur ing saben kutha sing wis awaké dhéwé kabari soal omongané Yéhuwah bèn awaké dhéwé ngerti piyé keadaané para sedulur kuwi.” (Kis. 15:36) Paulus ora mung arep marani sedulur-sedulur sing lagi waé dadi wong Kristen. Tapi saka buku Kisah, awaké dhéwé isa ngerti apa waé tujuané Paulus ing perjalanan utusan injilé sing keloro. Tujuan sing pertama, Paulus péngin nyampèkké keputusan-keputusané pengurus pusat. (Kis. 16:4) Tujuan sing keloro, Paulus péngin nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat-jemaat lan mbantu bèn meréka nduwé iman sing kuwat. (Rm. 1:11, 12) Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné para rasul jaman mbiyèn?

5. Piyé carané Pengurus Pusat jaman saiki mènèhi petunjuk lan nggatèkké jemaat-jemaat?

5 Saiki, Yésus ngarahké jemaat-jemaat liwat Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah. Pengurus Pusat mènèhi petunjuk liwat surat, wacan tercétak utawa èlèktronik, pertemuan ibadah, lan cara-cara liyané. Pengurus Pusat ngupaya nggatèkké sedulur-sedulur liwat para pinituwa wilayah sing teka ing jemaat-jemaat. Pengurus Pusat ya wis nglantik akèh banget pinituwa sing memenuhi syarat kanggo dadi pinituwa wilayah.

6, 7. Apa waé tugasé pinituwa wilayah?

6 Tugas utamané para pinituwa wilayah jaman saiki kuwi nggatèkké lan nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat nggunakké ayat-ayat Alkitab. Meréka niru contoné Paulus lan wong-wong Kristen liyané ing jamané para rasul. Misalé, Paulus tau ngomong ngéné karo Timotius sing wektu kuwi ditugasi marani jemaat-jemaat, ’Kowé kudu semangat martakké omongané Gusti Allah, wektu keadaané apik utawa èlèk. Kowé kudu ngandhani, ngélikké, lan sabar wektu mènèhi naséhat lan trampil wektu mulang. Kowé kudu nindakké tugas dadi penginjil.’​—2 Tim. 4:2, 5.

7 Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, pinituwa wilayah lan bojoné bakal nginjil bareng karo sedulur-sedulur ing jemaat. Meréka semangat nginjil lan trampil mulang. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi ya dadi semangat nèk niru meréka. (Rm. 12:11; 2 Tim. 2:15) Pinituwa wilayah karo bojoné ya réla berkorban. Misalé, meréka tetep gelem teka ing jemaat-jemaat meskipun ing perjalanan cuacané ora apik lan isa waé ngadhepi bahaya. (Flp. 2:3, 4) Pinituwa wilayah ya nguwatké, mulang, lan mènèhi naséhat sedulur-sedulur ing jemaat liwat ceramah-ceramah sing dhasaré Alkitab. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi isa éntuk akèh manfaat nèk niru sipat-sipat apiké pinituwa wilayah lan imané sing kuwat.​—Ibr. 13:7.

”Paulus karo Barnabas Padu” (Kis. 15:37-41)

8. Piyé tanggepané Barnabas pas dijak Paulus marani manèh para sedulur?

8 Barnabas gelem dijak Paulus ”marani manèh” para sedulur. (Kis. 15:36) Meréka wis berhasil kerja sama pas perjalanan utusan injil sing pertama. Meréka ya wis ngerti dhaérahé lan wis kenal karo sedulur-sedulur sing arep diparani. (Kis. 13:2–14:28) Dadi, cocog nèk Barnabas ngancani Paulus ing perjalanan utusan injilé sing keloro, tapi sayangé ana masalah. Ing Kisah 15:37 disebutké, ”Barnabas péngin banget ngejak Yohanes, sing ya disebut Markus.” Kuwi ora mung usul, tapi Barnabas ”péngin banget” ngejak Markus sepupuné ing perjalanan utusan injil iki.

9. Ngapa kok Paulus ora setuju nèk Markus mèlu?

9 Paulus ora setuju. Lha ngapa? Ing Alkitab disebutké, ”Paulus ora seneng nèk Markus dijak merga Markus wis tau ninggalké Paulus lan Barnabas ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng karo sedulur loro kuwi.” (Kis. 15:38) Markus mémang wis tau mèlu Paulus lan Barnabas ing perjalanan utusan injil sing pertama, tapi Markus ora mèlu nganti rampung. (Kis. 12:25; 13:13) Pas isih ing Pamfilia, Markus malah bali ing Yérusalèm. Ing Alkitab ora dicritakké ngapa kok dhèwèké kaya ngono. Tapi, kétoké Paulus nganggep nèk sikapé Markus kuwi ora bener. Paulus mungkin ya mikir nèk Markus kuwi ora isa diendelké.

10. Merga Paulus lan Barnabas ora isa sepakat, apa akibaté?

10 Paulus lan Barnabas tetep ora isa sepakat. Ing Kisah 15:39 disebutké, ”Kuwi marahi Paulus karo Barnabas padu nganti wong loro kuwi pisah.” Terus, Barnabas ngejak Markus numpak kapal menyang Siprus. Lha nèk Paulus piyé? Ing Alkitab disebutké, ”Paulus ngejak Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndongakké bèn Paulus dilindhungi karo Yéhuwah.” (Kis. 15:40) Meréka lunga ing ”Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana”.​—Kis. 15:41.

11. Nèk awaké dhéwé jèngkèl utawa padu karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu nduwé sipat apa?

11 Kisahé Paulus lan Barnabas nduduhké nèk manungsa kuwi ora sampurna. Paulus lan Barnabas kuwi wong-wong sing dadi wakilé pengurus pusat jaman mbiyèn. Paulus dhéwé kétoké ya dadi anggota pengurus pusat. Tapi Paulus lan Barnabas tetep waé isa padu merga meréka ora sampurna. Apa meréka ora isa rukun manèh? Isa. Merga Paulus lan Barnabas niru Yésus sing rendah hati, dadi mesthiné meréka ngupaya bèn isa rukun manèh. (Éf. 4:1-3) Beberapa taun bar kuwi, Paulus lan Markus wis gelem kerja sama ing tugas liyané. aKol. 4:10.

12. Bèn isa niru Paulus lan Barnabas, para pinituwa jaman saiki kudu nduwé sipat apa?

12 Ing kisah iki mémang Paulus lan Barnabas nesu nganti padu. Tapi sakjané meréka wongé ora gampang nesu. Apa buktiné? Barnabas kuwi jeneng asliné Yusuf. Tapi para rasul nyebut dhèwèké Barnabas sing artiné ”Wong sing Nyemangati Wong Liya”. Kuwi nduduhké nèk Barnabas kuwi wongé nyenengké lan apikan. (Kis. 4:36) Paulus ya nduduhké nèk dhèwèké wongé apikan lan sayang karo wong liya. (1 Tés. 2:7, 8) Para pinituwa jaman saiki, termasuk pinituwa wilayah, ya niru Paulus lan Barnabas sing rendah hati. Meréka ya apikan karo pinituwa liyané lan kabèh sedulur.​—1 Ptr. 5:2, 3.

’Sedulur-Sedulur Ngomong Nèk Timotius Kuwi Wong sing Apik’ (Kis. 16:1-3)

13, 14. (a) Timotius kuwi sapa, lan piyé critané kok dhèwèké isa ketemu Paulus? (b) Ngapa kok Paulus nggatèkké Timotius? (c) Timotius diwènèhi tugas apa?

13 Pas perjalanan utusan injil sing keloro, Paulus lunga ing salah siji provinsi Romawi, yaiku Galatia. Ing Galatia wis ana beberapa jemaat. Terus, ”Paulus tekan ing Dèrbé lan Listra. Ing kono, ana murid sing jenengé Timotius. Ibuné Timotius kuwi wong Yahudi sing wis dadi muridé Yésus, ning bapaké wong Yunani”.​—Kis. 16:1. b

14 Kétoké, kira-kira taun 47 M pas perjalanan utusan injilé sing pertama, Paulus ketemu karo keluargané Timotius. Terus kira-kira rong taun utawa telung taun bar kuwi, Paulus luwih nggatèkké Timotius pas perjalanan utusan injilé sing keloro. Lha ngapa? Merga sedulur-sedulur ngomong nèk Timotius kuwi ”wong sing apik”. Sing ngomong nèk Timotius kuwi wongé apik, ora mung sedulur-sedulur ing kutha Listra thok. Tapi ing Alkitab disebutké nèk sedulur-sedulur ing Ikonium sing adohé kita-kira 30 kilomèter saka Listra, ya ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik. (Kis. 16:2) Merga dituntun roh suci, para pinituwa mènèhi Timotius tugas sing penting yaiku ngancani Paulus lan Silas marani jemaat-jemaat.​—Kis. 16:3.

15, 16. Meskipun Timotius isih enom, ngapa kok akèh sing ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik?

15 Meskipun Timotius isih enom, ngapa kok akèh sing ngomong nèk dhèwèké kuwi wong sing apik? Apa merga dhèwèké pinter, nggantheng, lan trampil apa waé? Wong-wong biasané kagum nèk ana sing kaya ngono. Mbiyèn Nabi Samuèl ya tau ndelok wong saka njabané waé. Tapi Yéhuwah ngomong, ”Gusti Allah kuwi ora kaya manungsa, merga manungsa mung ndelok apa sing kétok, ning Yéhuwah ndelok piyé atiné.” (1 Sam. 16:7) Timotius isa disebut wong sing apik dudu merga penampilané, tapi merga dhèwèké nduwé sipat-sipat sing apik.

16 Beberapa taun sakwisé Timotius ngancani Paulus ing perjalanan utusan injil, Paulus crita nèk Timotius nduwé sipat-sipat sing apik. Misalé réla berkorban, tulus nggatèkké wong liya, lan gelem kerja keras. (Flp. 2:20-22) Imané Timotius ya ”ora munafik”.​—2 Tim. 1:5.

17. Piyé carané cah-cah enom saiki niru Timotius?

17 Jaman saiki ya ana akèh cah enom sing nduwé sipat-sipat sing apik kaya Timotius. Meskipun isih enom, meréka nduwé réputasi sing apik. (WB. 22:1; 1 Tim. 4:15) Cah-cah enom kuwi nduwé iman sing ora munafik, meréka semangat nglayani Yéhuwah lan ngetrapké isiné Alkitab. (Mzm. 26:4) Makané ana akèh cah enom sing nduwé tugas-tugas ing jemaat kaya Timotius. Sedulur-sedulur ing jemaat mesthi seneng banget nèk ana cah enom sing memenuhi syarat dadi penginjil terus gelem janji ngabdi karo Yéhuwah lan akhiré dibaptis.

”Dadi Saya Kuwat Imané” (Kis. 16:4, 5)

18. (a) Paulus lan Timotius nampa tugas apa saka pengurus pusat? (b) Hasil apa waé sing dirasakké sedulur-sedulur ing jemaat?

18 Paulus kerja bareng karo Timotius nganti beberapa taun. Meréka marani jemaat-jemaat lan gelem nampa tugas saka pengurus pusat. Ing Alkitab disebutké, ”Ing saben kutha sing diparani, Paulus lan kanca-kancané nyampèkké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur.” (Kis. 16:4) Sedulur-sedulur ing jemaat gelem manut karo arahané pengurus pusat ing Yérusalèm. Hasilé, ”jemaat-jemaat dadi saya kuwat imané, lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya dadi saya akèh”.​—Kis. 16:5

19, 20. Ngapa kok awaké dhéwé kudu manut karo ”wong-wong sing mimpin”?

19 Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ya ngrasakké akèh berkah merga manut arahané ”wong-wong sing mimpin”. (Ibr. 13:17) Merga donya iki wis arep berakhir, mula awaké dhéwé kudu manut arahan lan petunjuké ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45; 1 Kor. 7:29-31) Nèk manut, awaké dhéwé isa nduwé iman sing kuwat lan ora bakal nglanggar pathokané Alkitab.​—Yak. 1:27.

20 Mémang, kaya Paulus, Barnabas, Markus, lan para pinituwa liyané jaman mbiyèn, para pinituwa jaman saiki lan Pengurus Pusat ya ora sampurna. (Rm. 5:12; Yak. 3:2) Tapi, Pengurus Pusat saiki tetep isa dipercaya merga terus manut karo pathokané Alkitab lan niru contoné para rasul jaman mbiyèn. (2 Tim. 1:13, 14) Hasilé, sedulur-sedulur ing jemaat isa luwih semangat nglayani Yéhuwah lan kuwat imané.

a Deloken kothak ” Markus Éntuk Akèh Tugas Tambahan”.