Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 19

”Kowé Kudu Terus Ngomong lan Terus Nyampèkké Kabar Apik”

”Kowé Kudu Terus Ngomong lan Terus Nyampèkké Kabar Apik”

Paulus nyambut gawé bèn isa nyukupi kebutuhané, tapi tetep ngutamakké gawéan nginjil

Kisah 18:1-22

1-3. (a) Ngapa kok Paulus teka ing Korintus? (b) Pas ing Korintus, Paulus mungkin kuwatir soal apa?

 WEKTU kuwi akhir taun 50 M. Rasul Paulus lagi ana ing Korintus. Kutha Korintus kuwi pusat perdagangan lan penduduké kuwi wong Yunani, Romawi, lan Yahudi. a Paulus teka ing Korintus dudu merga arep dodolan utawa nggolèk gawéan, tapi arep martakké soal Kerajaané Gusti Allah. Ing kono Paulus mesthi butuh tempat tinggal, tapi dhèwèké ya ora péngin ngrépoti sedulur-sedulur. Sakliyané kuwi, Paulus ya ora péngin sedulur-sedulur mikir nèk kudu nyukupi kebutuhané Paulus merga Paulus nginjil ing kono. Lha terus Paulus piyé?

2 Paulus trampil kerja nggawé kémah. Kuwi ora gampang, tapi Paulus gelem nyambut gawé bèn isa nyukupi kebutuhané. Apa Paulus isa nyambut gawé ing kutha Korintus iki? Apa dhèwèké isa éntuk tempat tinggal sing cocog? Meskipun Paulus kudu nyambut gawé lan nggolèk tempat tinggal sing cocog, tapi Paulus tetep ngutamakké gawéan nginjil.

3 Mengko awaké dhéwé bakal ngerti nèk Paulus manggon ing Korintus rada suwé lan ana akèh sing gelem nampa kabar apik. Saka pengalamané Paulus ing Korintus, apa sing isa ditiru wektu nginjil ing dhaérahé awaké dhéwé?

Paulus, Akuila, lan Priskila Kerja Bareng ”Nggawé Kémah” (Kis. 18:1-4)

4, 5. (a) Selama ing Korintus Paulus manggon ing endi, lan nyambut gawé apa? (b) Kok isa Paulus trampil nggawé kémah?

4 Pas ing Korintus, Paulus ketemu suami istri sing murah hati lan apikan sing jenengé Akuila lan Priskila, utawa Priska. Meréka wong Yahudi sing pindhah ing Korintus merga ”Kaisar Klaudius mréntahké kabèh wong Yahudi ninggalké Roma”. (Kis. 18:1, 2) Akuila lan Priskila ngejak Paulus manggon ing omahé lan kerja bareng karo meréka. Ing Alkitab disebutké nèk Paulus ”manggon ing omahé Akuila lan Priskila. Paulus ya kerja bareng karo wong loro kuwi merga nduwé ketrampilan sing padha yaiku nggawé kémah”. (Kis. 18:3) Selama ing Korintus, Paulus manggon ing omahé suami istri sing apikan lan seneng nampa tamu iki. Kemungkinan pas manggon ing omahé Akuila lan Priskila, Paulus nulis surat-surat sing akhiré dadi bagéan saka Alkitab. b

5 Kok isa Paulus trampil nggawé kémah, padahal mbiyèn dhèwèké sekolah lan ”dadi muridé Gamalièl”? (Kis. 22:3) Pas jamané para rasul, wong Yahudi biasané nyekolahké anak-anaké, tapi meréka ya ngajari anak-anaké ketrampilan liyané sing isa dienggo nyambut gawé. Kemungkinan Paulus diajari nggawé kémah pas isih enom, soalé Paulus asalé saka Tarsus ing Kilikia. Dhaérah kuwi terkenal merga kain cilicium sing biasané digunakké kanggo nggawé kémah. Wong sing nggawé kémah kudu kerja keras, soalé kain kémah sing bahané kaku lan kasar kudu ditenun dhisik utawa dipotong lan dijahit.

6, 7. (a) Piyé pandhangané Paulus soal gawéané, lan nèk pandhangané Akuila karo Priskila piyé? (b) Piyé carané wong Kristen jaman saiki niru contoné Paulus, Akuila, lan Priskila?

6 Paulus kerja nggawé kémah bèn isa nyukupi kebutuhané, dudu merga péngin nggolèk dhuwit sing akèh. Dhèwèké tetep fokus martakké kabar apik saka Gusti Allah ”tanpa dibayar”. (2 Kor. 11:7) Nèk Priskila karo Akuila piyé? Kaya Paulus, meréka ya ora fokus nggolèk dhuwit sing akèh. Malah pas Paulus lunga saka Korintus taun 52 M, Akuila karo Priskila ninggalké usahané lan mèlu Paulus ing Éfésus. Terus omahé Akuila karo Priskila ing Éfésus dienggo pertemuan ibadah. (1 Kor. 16:19) Bar saka Éfésus, Akuila karo Priskila bali ing Roma, terus akhiré lunga manèh ing Éfésus. Suami istri iki semangat banget nglayani Yéhuwah lan réla mbantu sedulur-sedulur ing jemaat nganti Paulus lan ”kabèh jemaat saka bangsa-bangsa liya maturnuwun banget” karo Akuila lan Priskila.​—Rm. 16:3-5; 2 Tim. 4:19.

7 Jaman saiki umaté Yéhuwah ya niru contoné Paulus, Akuila, lan Priskila. Umaté Yéhuwah tetep nyambut gawé bèn ’ora dadi beban’ kanggo wong liya. (1 Tés. 2:9) Para perintis biasané nggolèk gawéan sing ora saben dina kerja bèn isa tetep fokus nginjil. Kaya Akuila lan Priskila, sedulur-sedulur ya murah hati lan réla nèk omahé dienggo nginep pinituwa wilayah. Sedulur-sedulur kuwi ”nggatèkké lan apikan” karo sedulur liya. Kuwi mesthi isa nguwatké lan dadi conto sing apik kanggo sedulur liyané.​—Rm. 12:13.

”Ana Akèh Wong ing Korintus . . . Dadi Wong Percaya” (Kis. 18:5-8)

8, 9. (a) Piyé tanggepané Paulus wektu wong Yahudi ora seneng merga Paulus terus nginjil? (b) Terus, Paulus nginjil ing endi?

8 Ana bukti liyané sing nduduhké nèk Paulus nyambut gawé kuwi mung kanggo nyukupi kebutuhané thok. Misalé, pas Silas karo Timotius teka ing Korintus saka Makédonia, meréka mènèhi kebutuhané Paulus. (2 Kor. 11:9) Terus, Paulus langsung ”mulai sibuk nggunakké akèh wektuné kanggo martakké omongané Gusti Allah”. (Kis. 18:5) Tapi, wong Yahudi ora seneng merga Paulus terus nginjil. Merga wong Yahudi nolak kabar apik soal Yésus, Paulus ngebutké debu saka klambiné lan ngomong, ”Nèk nganti kowé ora dislametké, kuwi dudu tanggung jawabku. Mulai saiki, aku bakal lunga menyang bangsa-bangsa liya.”​—Kis. 18:6; Yèh. 3:18, 19.

9 Terus, Paulus nginjil ing endi? Paulus ora nginjil ing sinagogé manèh. Paulus nginjilé ing omahé Titius Yustus sing ana ing jèjèré sinagogé. Titius Yustus kuwi kétoké wong sing pindhah agama dadi Yahudi lan dhèwèké gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Paulus. (Kis. 18:7) Wong-wong sing arep ngrungokké kabar apik sing disampèkké Paulus kudu ing omahé Titius Yustus. Tapi selama ing Korintus, Paulus manggoné tetep ing omahé Akuila lan Priskila.

10. Apa Paulus tetep ora gelem nyampèkké kabar apik karo wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi, lan apa buktiné?

10 Ing paragraf 8 disebutké nèk Paulus bakal lunga menyang bangsa-bangsa liya, lha terus piyé nèk ana wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi sing isih gelem ngrungokké? Apa Paulus tetep ora gelem nyampèkké kabar apik karo wong-wong kuwi? Paulus ora kaya ngono. Buktiné, ”Krispus, yaiku ketua sinagogé kuwi, bareng karo keluargané dadi wong sing percaya marang Gusti”. Sakliyané kuwi, ana wong-wong liyané ing sinagogé sing gelem nampa kabar apik lan dadi wong Kristen. Ing Alkitab disebutké, ”Ana akèh wong ing Korintus ya krungu kabar apik lan dadi wong percaya, terus dibaptis.” (Kis. 18:8) Akhiré, ana jemaat anyar ing Korintus lan meréka ngibadahé ing omahé Titius Yustus. Nèk Lukas nulis buku Kisah sesuai urutan peristiwané, berarti wong-wong Yahudi lan sing pindhah agama dadi Yahudi gelem dadi wong Kristen sakwisé Paulus ngebutké debu saka klambiné. Kuwi nduduhké nèk Paulus gelem nggawé penyesuaian lan ora kaku.

11. Piyé awaké dhéwé niru Paulus wektu martakké kabar apik karo wong-wong sing dadi anggota jemaat gréja?

11 Jaman saiki ing akèh negara ana gréja-gréja gedhé lan jemaaté akèh. Gréja-gréja kuwi nduwé pengaruh sing kuwat kanggo jemaaté. Ing beberapa dhaérah ing sak donya, malah ana utusan injil saka gréja-gréja kuwi sing nginjil lan nggawé akèh wong dadi jemaaté. Kaya wong Yahudi ing Korintus pas jamané para rasul, wong-wong sing dadi jemaaté gréja-gréja kuwi biasané isih manut karo kebiasaan lan tradhisi-tradhisi ing dhaérahé sing ora sesuai ajaran Alkitab. Tapi, kaya Paulus, Seksi-Seksi Yéhuwah gelem nginjil kanggo mbantu wong-wong ngerti ajaran sing bener saka Alkitab. Meskipun wong-wong kuwi utawa pemimpin gréjané nentang utawa malah nganiaya awaké dhéwé, awaké dhéwé ora nyerah kanggo nginjil. Kenapa ora nyerah? Merga awaké dhéwé ngerti nèk ing antarané wong-wong kuwi ana sing ”semangat ngabdi marang Gusti Allah”, tapi ”ora bener-bener paham karo karepé Gusti Allah”. Meréka ya rendah hati lan gelem nampa kabar apik.​—Rm. 10:2.

”Akèh Wong ing Kutha Iki Bakal Percaya karo Aku” (Kis. 18:9-17)

12. Yésus ngomong apa kanggo nguwatké Paulus?

12 Paulus mungkin tau ngrasa ragu-ragu apa dhèwèké isa terus nginjil ing Korintus. Nèk Paulus mémang tau ngrasa kaya ngono, dhèwèké mesthi ngrasa dikuwatké wektu Yésus ngomong karo Paulus liwat wahyu. Yésus kandha, ”Aja wedi. Kowé kudu terus ngomong lan terus nyampèkké kabar apik sebab aku ngancani kowé. Ora bakal ana wong sing nyerang kowé lan nggawé kowé cilaka. Akèh wong ing kutha iki bakal percaya karo aku.” (Kis. 18:9, 10) Wahyu kuwi mesthi bener-bener nguwatké Paulus. Yésus janji nèk Paulus ora bakal cilaka. Yésus ya nggawé Paulus yakin nèk ing kutha kuwi isih ana akèh wong sing gelem nampa kabar apik. Terus Paulus piyé? Ing Alkitab disebutké, ”Paulus manggon ing kana nganti siji setengah taun lan mulangké omongané Gusti Allah marang wong-wong kuwi.”​—Kis. 18:11.

13. (a) Paulus mungkin kèlingan apa pas dhèwèké ana ing ngarepé kursi pengadilan? (b) Ngapa kok Paulus isa yakin nèk dhèwèké ora bakal dipatèni?

13 Sakwisé kira-kira setaun manggon ing Korintus, Paulus tambah yakin nèk Yésus ndhukung dhèwèké. Wektu kuwi ”wong Yahudi padha sekongkol nglawan Paulus lan nggawa dhèwèké ing ngarepé kursi pengadilan” sing disebut bema. (Kis. 18:12) Ana wong-wong sing ngomong nèk bema kuwi panggung sing digawé saka marmer werna biru lan putih sing dihiasi ukiran-ukiran. Kétoké bema kuwi letaké ing tengah pasar Korintus. Ing ngarepé bema, ana kaya lapangan sing amba sing isa dienggo ngumpul wong akèh. Beberapa ahli sejarah ngomong nèk letaké kursi pengadilan kétoké cedhak banget saka sinagogé lan omahé Yustus. Pas Paulus ing ngarepé kursi pengadilan [bema], dhèwèké mungkin kèlingan wektu Stéfanus dipatèni merga nyritakké soal Yésus. Paulus, sing mbiyèné disebut Saul, ”setuju nèk Stéfanus dipatèni”. (Kis. 8:1) Apa saiki Paulus ya bakal dipatèni? Ora, merga Yésus wis janji, ”Ora bakal ana wong sing . . . nggawé kowé cilaka.”​—Kis. 18:10.

”Terus, Galio ngongkon wong-wong kuwi lunga saka kursi pengadilan mau.”—Kisah 18:16

14, 15. (a) Wong-wong Yahudi nudhuh Paulus apa? (b) Ngapa Galio nganggep nèk kasus kuwi wis rampung? (c) Sostènes diapakké, lan apa hasilé?

14 Pas Paulus digawa ing kursi pengadilan, apa sing kelakon? Ing kono ana gubernur Akhaya sing jenengé Galio. Galio kuwi masé Seneka, ahli filsafat Romawi. Wong-wong Yahudi nudhuh Paulus ngéné, ”Wong iki ngojok-ojoki wong-wong kanggo ngibadah marang Gusti Allah nganggo cara sing nglanggar hukum.” (Kis. 18:13) Meréka nudhuh nèk Paulus nggawé wong-wong pindhah agama nganggo cara sing nglanggar hukum. Tapi, Galio ngerti nèk Paulus ora ”salah” lan ora nglakoni ”kejahatan sing serius”. (Kis. 18:14) Galio ora gelem mèlu-mèlu urusan kuwi, bahkan Paulus durung sempet mènèhi penjelasan apa-apa, tapi Galio wis nganggep nèk kasus kuwi wis rampung. Wong-wong Yahudi sing nudhuh Paulus nesu banget, saking nesuné meréka nangkep Sostènes sing wektu kuwi dadi ketua sinagogé nggantèni Krispus. Bar kuwi, meréka ”nggebugi [Sostènes] ing ngarepé kursi pengadilan”.​—Kis. 18:17.

15 Ngapa kok Galio meneng waé wektu Sostènes digebugi? Mungkin Galio mikir nèk Sostènes kuwi pemimpiné wong-wong sing nentang Paulus, makané dhèwèké pantes digebugi. Embuh kenyataané piyé, sing jelas saka peristiwa kuwi ana hasil sing apik. Beberapa taun bar kuwi, pas Paulus nulis suraté sing pertama kanggo jemaat ing Korintus, Paulus nyebutké sedulur seiman sing jenengé Sostènes. (1 Kor. 1:1, 2) Apa iki Sostènes sing padha karo sing digebugi ing Korintus mau? Nèk iya, merga digebugi kuwi mungkin malah nggawé Sostènes gelem dadi wong Kristen.

16. Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé nèk mikirké kata-katané Yésus, ”Kowé kudu terus ngomong lan terus nyampèkké kabar apik sebab aku ngancani kowé”?

16 Kaya sing wis dibahas mau, sakwisé wong Yahudi nolak kabar apik sing disampèkké Paulus, Yésus nguwatké Paulus lan ngomong, ”Aja wedi. Kowé kudu terus ngomong lan terus nyampèkké kabar apik sebab aku ngancani kowé.” (Kis. 18:9, 10) Wektu awaké dhéwé nginjil lan wong-wong ora gelem nampa, awaké dhéwé ya kudu ngéling-éling kata-katané Yésus kuwi. Terus, awaké dhéwé ya kudu yakin nèk Yéhuwah isa ndelok piyé atiné wong-wong lan isa narik wong-wong sing tulus bèn gelem dadi umaté. (1 Sam. 16:7; Yoh. 6:44) Nèk terus mikirké kuwi, awaké dhéwé isa tambah semangat nginjil. Saben taun ana kira-kira 300.000 sing dibaptis, kuwi berarti saben dina ana kira-kira 800 sing dibaptis. Yésus tau ngongkon murid-muridé, ”Dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.” Nèk manut préntahé Yésus kuwi, awaké dhéwé isa yakin nèk Yésus bakal ”terus ngancani” awaké dhéwé ”nganti akhir jaman”.​—Mat. 28:19, 20.

”Nèk Kuwi Mémang Sesuai karo Karepé Yéhuwah” (Kis. 18:18-22)

17, 18. Selama perjalanan saka Kènkhréa ing Éfésus, Paulus mungkin kèlingan soal apa?

17 Apa sikapé Galio karo wong-wong sing nentang Paulus kuwi nggawé wong Kristen ing Korintus tetep damai, isa nginjil, lan ora ana sing nentang manèh? Ya awaké dhéwé ora ngerti pastiné piyé. Sakwisé manggon ing kono ”pirang-pirang dina manèh”, Paulus pamit karo sedulur-sedulur ing Korintus. Pas musim semi 52 M, Paulus arep numpak kapal saka pelabuhan Kènkhréa sing adohé kira-kira 11 kilomèter saka Korintus. Saka pelabuhan Kènkhréa kuwi, Paulus numpak kapal tekan Siria. Sakdurungé lunga saka Kènkhréa, Paulus ”nyukur cendhak rambuté . . . merga dhèwèké wis janji marang Gusti Allah”. c (Kis. 18:18) Bar kuwi, Paulus karo Akuila lan Priskila lunga ing Éfésus sing ana ing Asia Kecil numpak kapal ngliwati Laut Aegea.

18 Pas perjalanan saka Kènkhréa, Paulus mungkin kèlingan karo pengalamané selama nginjil ing Korintus. Mesthi pengalaman-pengalaman kuwi berkesan banget lan nggawé dhèwèké ngrasa puas. Selama siji setengah taun, Paulus nginjil ing kono lan hasilé apik. Ana jemaat anyar ing Korintus sing ngibadahé ing omahé Yustus. Sing termasuk anggota jemaat Korintus wektu kuwi yaiku Yustus, Krispus lan keluargané, lan sedulur-sedulur liyané. Merga Paulus sing mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn dadi wong Kristen, makané dhèwèké sayang banget karo meréka. Beberapa taun bar kuwi, Paulus nulis surat kanggo jemaat ing Korintus. Ing surat kuwi, Paulus madhakké sedulur-sedulur ing Korintus kaya surat-surat pujian sing ditulis ing atiné. Kaya Paulus, awaké dhéwé sayang lan akrab karo wong-wong sing awaké dhéwé bantu sinau Alkitab lan akhiré dadi umaté Yéhuwah. Wong-wong kuwi kaya ”surat” sing isiné pujian.​—2 Kor. 3:1-3.

19, 20. (a) Pas tekan Éfésus, Paulus ngapa? (b) Apa sing isa dipelajari saka Paulus soal nduwé cita-cita?

19 Pas tekan Éfésus, Paulus langsung sibuk nginjil. Paulus ”lunga menyang sinagogé. Ing kono, Paulus mulang lan mbantu wong Yahudi bèn isa paham isiné Kitab Suci”. (Kis. 18:19) Paulus ing Éfésus mung sedhéla. Meskipun wong-wong njaluk bèn Paulus manggon ing kono luwih suwé, tapi ”Paulus ora gelem”. Terus Paulus pamit lan kandha, ”Aku bakal mréné manèh nèk kuwi mémang sesuai karo karepé Yéhuwah.” (Kis. 18:20, 21) Paulus mesthi ngerti nèk ing Éfésus isih akèh sing durung krungu kabar apik. Nèk rencanané sesuai karo karepé Yéhuwah, dhèwèké bakal teka ing Éfésus manèh. Kuwi mesthi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Awaké dhéwé mesthi nduwé cita-cita kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn cita-cita kuwi isa kelakon. Sing paling penting, awaké dhéwé péngin terus manut arahané Yéhuwah.​—Yak. 4:15.

20 Akuila karo Priskila tetep ing Éfésus, lan Paulus lunga ing Kaisaréa numpak kapal. Kétoké, Paulus ”lunga menyang” Yérusalèm lan nemoni sedulur-sedulur ing kono. (Deloken keterangan tambahan Kis. 18:22 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Terus, Paulus bali ing tempat tinggalé selama dhèwèké ora lagi perjalanan utusan injil, yaiku ing Antiokhia Siria. Perjalanan utusan injilé Paulus sing keloro wis rampung lan hasilé apik. Lha terus, piyé critané perjalanan utusan injilé sing ketelu?

a Deloken kothak ” Korintus Nduwé Loro Pelabuhan”.

c Deloken kothak ” Janjiné Paulus”.