Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 12

”Nganggo Wewenang saka Yéhuwah, Paulus lan Barnabas Terus Kendel Mènèhi Kesaksian”

”Nganggo Wewenang saka Yéhuwah, Paulus lan Barnabas Terus Kendel Mènèhi Kesaksian”

Paulus karo Barnabas rendah hati, setya, lan kendel

Kisah 14:1-28

1, 2. Ana peristiwa apa waé pas Paulus lan Barnabas ing Listra?

 WONG-WONG ing Listra kagèt banget lan seneng merga ana wong loro sing asalé embuh saka endi ngerti-ngerti isa marèkké wong lanang sing sikilé cacad kèt lair. Wong loro kuwi Paulus lan Barnabas. Wong-wong ing kono kagum banget nganti Paulus lan Barnabas dikira déwa. Imamé Zéus nggawa hiasan kembang lan sapi lanang. Sapi lanang kuwi arep dikorbanké kanggo Paulus lan Barnabas. Terus, Paulus lan Barnabas nyuwèk klambiné lan langsung mlayu marani wong akèh mau karo mbengok bèn wong-wong kuwi ora nyembah meréka.

2 Terus, ana wong-wong Yahudi saka Antiokhia Pisidia lan Ikonium sing teka ing kono. Meréka ora seneng karo Paulus lan Barnabas lan ngojok-ojoki wong-wong ing Listra. Ujug-ujug wong-wong sing mauné nyembah Paulus dadi péngin matèni Paulus. Paulus dibandhemi nganggo watu nganti semaput. Bar kuwi, Paulus disèrèt tekan njaba kutha merga dikira wis mati.

3. Pertanyaan apa waé sing bakal dibahas ing bab iki?

3 Piyé critané kok isa kaya ngono? Apa sing isa dipelajari saka Barnabas, Paulus, lan wong-wong ing Listra sing gampang diojok-ojoki? Piyé para pinituwa niru contoné Paulus lan Barnabas sing ”nganggo wewenang saka Yéhuwah, . . . terus kendel mènèhi kesaksian”?​—Kis. 14:3.

”Akèh Wong . . . Dadi Percaya” (Kis. 14:1-7)

4, 5. Kenapa Paulus lan Barnabas lunga ing Ikonium, lan ana peristiwa apa ing kono?

4 Beberapa hari sakdurungé, Paulus lan Barnabas diusir saka kutha Antiokhia Pisidia merga wong-wong Yahudi ing kono ora seneng. Tapi, meréka ora cilik ati lan ora nesu. Meréka ”ngebutké debu saka sikilé”. (Kis. 13:50-52; Mat. 10:14) Kuwi nduduhké nèk Paulus lan Barnabas ora tanggung jawab nèk misalé wong-wong ing kono dihukum Gusti Allah. (Kis. 18:5, 6; 20:26) Meréka tetep bahagia lan terus nginjil ing dhaérah liya. Meréka mlaku sekitar 150 kilomèter nganti tekan dataran tinggi sing subur sing ana ing tengah-tengahé Pegunungan Taurus lan Pegunungan Sultan.

5 Awalé, Paulus lan Barnabas ing Ikonium. Ing kutha kuwi isih ana akèh kebudayaan Yunani. Ikonium kuwi ya termasuk kutha sing penting ing provinsi Galatia. a Ing kutha kuwi, wong-wong Yahudi nduwé pengaruh sing gedhé banget. Terus, ing kana ya ana akèh wong dudu Yahudi sing pindhah agama dadi Yahudi. Pas ing Ikonium, Paulus lan Barnabas nginjil ing sinagogé. (Kis. 13:5, 14) Meréka ”trampil banget wektu mulang. Mula, akèh wong Yahudi lan Yunani dadi percaya”.​—Kis. 14:1.

6. (a) Ngapa kok Paulus lan Barnabas isa trampil nginjil lan mulang? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa niru Paulus lan Barnabas?

6 Ngapa kok Paulus lan Barnabas isa trampil nginjil lan mulang? Paulus bener-bener ngerti isiné Kitab Suci. Dhèwèké ngerti soal sejarah, ramalan, lan tulisan ing Hukum Musa sing mbuktèkké nèk Yésus kuwi Mésias sing dijanjèkké. (Kis. 13:15-31; 26:22, 23) Barnabas perduli karo wong liya. (Kis. 4:36, 37; 9:27; 11:23, 24) Wong loro kuwi ya ”nganggo wewenang saka Yéhuwah”, maksudé meréka ora ngendelké pemahamané dhéwé. Awaké dhéwé isa niru Paulus lan Barnabas nèk sinau Alkitab tenanan, milih ayat-ayat sing cocog kanggo nginjil, ngerti carané menghibur wong liya, lan ora ngendelké pemahamané dhéwé pas mulang wong liya.

7. (a) Nèk ana sing ngrungokké kabar apik, isa waé pengaruhé apa? (b) Nèk keluargané njenengan ora seneng njenengan nglayani Yéhuwah isa waé merga apa, lan awaké dhéwé kudu piyé?

7 Ora kabèh wong ing Ikonium gelem ngrungokké Paulus lan Barnabas. Lukas nulis, ”Wong Yahudi sing ora percaya ngojok-ojoki lan mengaruhi wong saka bangsa liya kanggo nentang Paulus lan Barnabas.” Mulané ”nganti pirang-pirang minggu”, Paulus lan Barnabas tetep manggon ing kono kanggo mbéla kabar apik. Meréka ”kendel mènèhi kesaksian”. Hasilé, ”penduduk kutha kuwi terbagi dadi rong golongan. Ana sing mihak wong Yahudi lan ana sing mihak Paulus lan Barnabas”. (Kis. 14:2-4) Jaman saiki ya padha. Sakwisé ngrungokké kabar apik, isa waé ana sing dadi rukun karo wong liya. Sing liyané, mungkin malah dimungsuhi karo wong liya. (Mat. 10:34-36) Keluargané njenengan mungkin ya ora seneng nèk njenengan nglayani Yéhuwah. Tapi, meréka kaya ngono mungkin merga krungu informasi sing ora bener. Nèk tetep apikan, njenengan isa mbuktèkké nèk informasi kuwi ora bener, lan keluargané njenengan mungkin ora mungsuhi njenengan manèh.​—1 Ptr. 2:12; 3:1, 2.

8. (a) Kenapa Paulus lan Barnabas lunga saka Ikonium? (b) Apa sing isa dipelajari saka peristiwa kuwi?

8 Ora suwé bar kuwi, wong-wong ing Ikonium péngin mbandhemi Paulus lan Barnabas nganggo watu. Sakwisé ngerti soal kuwi, Paulus lan Barnabas nginjilé pindhah ing dhaérah liya. (Kis. 14:5-7) Jaman saiki, awaké dhéwé ya kudu ngati-ati pas nginjil. Nèk pas nginjil ana sing ngèlèk-èlèk Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé tetep kendel nyampèkké kabar apik. (Flp. 1:7; 1 Ptr. 3:13-15) Tapi nèk pas nginjil ana sing arep nganiaya, awaké dhéwé kudu lunga bèn awaké dhéwé lan sedulur-sedulur liya ora cilaka.​—WB. 22:3.

”Nyembah Gusti Allah sing Urip” (Kis. 14: 8-19)

9, 10. (a) Listra kuwi ing endi? (b) Awaké dhéwé isa ngerti apa soal penduduk ing Listra?

9 Paulus lan Barnabas lunga ing Listra. Listra kuwi dhaérah sing dikuwasani Romawi sing adohé kira-kira 30 kilomèter saka Ikonium. Kutha Listra mèh padha karo Antiokhia Pisidia. Tapi, ing kutha Listra ora ana akèh wong Yahudi. Meskipun wong-wong ing Listra ngomongé nganggo basa Yunani, tapi basa asliné wong-wong kuwi basa Likaonia. Kétoké merga ing kono ora ana sinagogé, Paulus lan Barnabas nginjil ing panggonan umum. Pas ing Yérusalèm, Pétrus marèkké wong sing lumpuh kèt lair. Ing Listra, Paulus marèkké wong sing sikilé cacad kèt lair. (Kis. 14:8-10) Sakwisé Pétrus nggawé mukjijat, akèh wong gelem dadi muridé Yésus. (Kis. 3:1-10) Tapi, mukjijaté Paulus hasilé ora kaya ngono.

10 Ing awal mau dicritakké nèk Paulus marèkké wong sing sikilé cacad kèt lair. Tapi, wong-wong ing Listra malah ngira nèk Barnabas kuwi Zéus, déwa sing paling unggul, lan Paulus kuwi Hèrmes, anaké Zéus lan juru bicarané déwa-déwa liya. (Deloken kothak ” Kutha Listra lan Wong-Wong sing Nyembah Zéus lan Hèrmes”.) Terus, Paulus lan Barnabas njelaské karo wong-wong ing kana nèk kuwasané meréka dudu saka déwa-déwa, tapi saka Yéhuwah, Gusti Allah sing bener.​—Kis. 14:11-14.

”Ninggalké perkara-perkara sing ora ana gunané iki lan nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit [lan] bumi.”—Kisah 14:15

11-13. (a) Paulus lan Barnabas ngomong apa karo wong-wong ing Listra? (b) Apa sing isa dipelajari saka omongané Paulus lan Barnabas?

11 Pas wong-wong ing Listra padha nyembah Paulus lan Barnabas, Paulus lan Barnabas ngupaya bèn wong-wong ing kono gelem ngrungokké omongané. Ing kisah iki, Lukas nulis piyé Paulus lan Barnabas nggunakké cara sing cocog kanggo nginjil. Meréka ngomong ngéné, ”Ngapa kowé nindakké iki? Aku iki ya manungsa sing nduwé kekurangan kaya kowé. Aku lagi martakké kabar apik marang kowé supaya kowé ninggalké perkara-perkara sing ora ana gunané iki lan nyembah Gusti Allah sing urip, sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné. Ing jaman mbiyèn, Dhèwèké ngejarké bangsa-bangsa tumindak sak karepé dhéwé. Ning, Gusti Allah tetep mènèhi kesaksian soal Dhèwèké dhéwé nganggo cara nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn. Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.”​—Kis. 14:15-17.

12 Apa pelajarané? Pelajaran sing pertama, Paulus lan Barnabas ora ngrasa luwih unggul ketimbang wong-wong sing dikabari. Meréka rendah hati lan ngakoni nèk nduwé kelemahan kaya wong sing dikabari. Ya mémang Paulus lan Barnabas nampa roh suciné Gusti Allah lan wis ora dipengaruhi ajaran agama palsu manèh. Meréka ya nduwé harapan bakal mréntah bareng Yésus ing swarga. Tapi meréka ngerti nèk wong-wong ing Listra ya isa nampa berkah-berkah kuwi nèk gelem manut karo Yésus.

13 Pas nginjil, apa awaké dhéwé ngrasa luwih unggul ketimbang wong sing dikabari? Pas mbantu wong liya sinau Alkitab, apa awaké dhéwé niru Paulus lan Barnabas sing ora gelem dipuji-puji? Awaké dhéwé isa niru contoné Charles Taze Russell sing pinter mulang. Dhèwèké mimpin gawéan nginjil kira-kira taun 1870-1916. Dhèwèké ngomong, ”Aku karo sedulur-sedulur liyané ora péngin diunggul-unggulké utawa dipuji-puji, meskipun wis nggawé wacan-wacan. Kami ya ora gelem disebut Pendhéta utawa Guru.” Sedulur Russell niru Paulus lan Barnabas sing rendah hati. Awaké dhéwé ya padha. Tujuané awaké dhéwé nginjil dudu merga péngin dipuji-puji, tapi péngin mbantu wong liya nyembah ”Gusti Allah sing urip”.

14-16. Apa manèh sing isa dipelajari saka omongané Paulus lan Barnabas?

14 Pelajaran sing keloro, Paulus lan Barnabas milih topik sing cocog kanggo wong sing dikabari. Wong-wong ing Listra ora padha kaya wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi ing Ikonium. Wong-wong ing Listra mungkin ora ngerti soal isiné Kitab Suci utawa soal bangsa Israèl sing dadi umaté Yéhuwah. Wong-wong ing Listra akèh-akèhé kerja dadi petani merga ing kono tanahé subur lan musimé cocog kanggo nandur-nandur. Paulus lan Barnabas mbahas soal musim panèn bèn wong-wong ing kono ngerti sipat-sipaté Gusti Allah. Nah, topik kuwi sing digunakké bèn wong-wong ing Listra gelem ngrungokké.​—Rm. 1:19, 20.

15 Pas nginjil, apa awaké dhéwé ya milih topik sing cocog kanggo wong sing dikabari? Umpamané, ana petani sing nandur benih ing ladhang. Benihé padha tapi cara nanduré isa waé béda-béda. Ana tanah sing isa langsung ditanduri, tapi tanah sing liyané mungkin kudu digemburké sik. Awaké dhéwé pas nginjil ya kaya ngono. Kabar apik sing disampèkké kuwi padha, yaiku soal Kerajaané Gusti Allah. Tapi kaya Paulus lan Barnabas, awaké dhéwé kudu ngerti, wong sing dikabari kuwi agamané apa lan latar belakangé piyé. Nèk wis ngerti soal kuwi, awaké dhéwé isa milih topik sing cocog.​—Luk. 8:11, 15.

16 Saiki pelajaran sing ketelu. Meskipun awaké dhéwé wis ngupaya tenanan mbantu wong liya sinau Alkitab, tapi isa waé ana sing ngrampas benih sing awaké dhéwé sebar utawa benih kuwi tiba ing panggonan sing akèh watuné. (Mat. 13:18-21) Nèk kaya ngono, aja cilik ati. Paulus tau ngomong ngéné karo murid-murid ing Roma, ”Saben wong ing antarané awaké dhéwé [termasuk wong sing dikabari] bakal tanggung jawab marang Gusti Allah.”​—Rm. 14:12.

”Rasul Loro Kuwi . . . Masrahké Para Pinituwa Kuwi marang Yéhuwah” (Kis. 14:20-28)

17. (a) Sakwisé saka Dèrbé, Paulus lan Barnabas ing endi? (b) Kenapa Paulus lan Barnabas lunga mrono?

17 Sakwisé Paulus disèrèt metu saka kutha Listra merga dikira wis mati, murid-murid ngumpul ing sekitaré Paulus lan mbantu dhèwèké ngadeg. Terus murid-murid ngejak Paulus mlebu ing kutha bèn isa nginep sewengi ing kono. Sésuké Paulus lan Barnabas langsung lunga ing Dèrbé sing adohé kira-kira 100 kilomèter. Bayangna piyé rasané dadi Paulus. Dhèwèké kudu mlaku adoh padahal wingi bar dibandhemi nganggo watu. Tapi, Paulus lan Barnabas tetep semangat nginjil. Pas tekan ing Dèrbé, meréka mbantu ”cukup akèh wong dadi murid”. Bar kuwi, Paulus lan Barnabas ”bali menyang Listra, Ikonium, lan Antiokhia [ing Pisidia]”. Lha kenapa kok meréka ora langsung mulih waé ing Antiokhia Siria, padahal nèk langsung mulih kan perjalanané luwih cedhak? Alesané merga Paulus lan Barnabas kepéngin ”nguwatké murid-murid supaya tetep nduwé iman”. (Kis. 14:20-22) Paulus lan Barnabas dadi conto sing apik banget. Meréka ora ngutamakké kepentingané dhéwé. Jaman saiki, para pinituwa wilayah lan utusan injil ya niru contoné Paulus lan Barnabas.

18. Pas arep milih sapa sing dadi pinituwa, para pinituwa kudu ngapa?

18 Sakwisé nguwatké sedulur-sedulur, Paulus lan Barnabas ngapa manèh? Meréka nglantik ”pinituwa-pinituwa ing saben jemaat”. Meskipun Paulus lan Barnabas ”dituntun roh suci”, meréka tetep ndonga lan pasa wektu arep ”masrahké para pinituwa kuwi marang Yéhuwah”. (Kis. 13:1-4; 14:23) Para pinituwa jaman saiki ya niru contoné Paulus lan Barnabas. Sakdurungé milih sapa sing isa dadi pinituwa, para pinituwa kudu ndonga lan mastèkké apa wong kuwi memenuhi syarat sing ana ing Alkitab. (1 Tim. 3:1-10, 12, 13; Tit. 1:5-9; Yak. 3:17, 18; 1 Ptr. 5:2, 3) Sedulur lanang dipilih dadi pinituwa, kuwi merga omongané, tingkah lakuné, lan reputasiné nduduhké nèk dhèwèké dituntun roh suci, dudu merga dhèwèké wis suwé dibaptis. Dadi, sedulur lanang isa dipilih dadi pinituwa nèk dhèwèké memenuhi syarat sing ana ing Alkitab. (Gal. 5:22, 23) Saiki, pinituwa wilayah sing ditugasi kanggo nglantik pinituwa.​—Bandhingna 1 Timotius 5:22.

19. (a) Para pinituwa bakal tanggung jawab karo sapa? (b) Piyé para pinituwa isa niru Paulus lan Barnabas?

19 Para pinituwa kudu ngupayakké sing paling apik kanggo jemaat merga meréka bakal tanggung jawab karo Gusti Allah. (Ibr. 13:17) Kaya Paulus lan Barabas, para pinituwa semangat nginjil. Meréka ya nguwatké sedulur-sedulur ing jemaat. Terus meréka ya nggatèkké kepentingané wong liya, ora mung kepentingané dhéwé.​—Flp. 2:3, 4.

20. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé maca kisahé murid-muridé Yésus jaman mbiyèn sing semangat nginjil?

20 Pas Paulus lan Barnabas bali ing Antiokhia Siria, meréka nyritakké ”kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah liwat rasul loro kuwi. Paulus lan Barnabas ya ngandhani nèk Gusti Allah wis mbukak dalan kanggo bangsa-bangsa supaya padha nduwé iman”. (Kis. 14:27) Nèk awaké dhéwé maca kisahé murid-muridé Yésus jaman mbiyèn sing semangat nginjil lan diberkahi Yéhuwah, awaké dhéwé dadi ”terus kendel mènèhi kesaksian” merga ”nganggo wewenang saka Yéhuwah”.

a Deloken kothak ” Ikonium Kuwi Kuthané Wong Frigia”.