Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 11

”Dituntun Roh Suci lan Ngrasa Bahagia”

”Dituntun Roh Suci lan Ngrasa Bahagia”

Sinau saka contoné Paulus wektu ngadhepi wong-wong sing ora gelem ngrungokké kabar apik lan nganiaya Paulus

Kisah 13:1-52

1, 2. (a) Saul lan Barnabas diutus ing endi? (b) Piyé ramalan ing Kisah 1:8 kelakon?

 SEDULUR-SEDULUR ing Antiokhia Siria mesthi seneng banget. Meréka ngerti nèk ing antarané nabi-nabi lan guru-guru, Barnabas lan Saul dipilih roh suci kanggo martakké kabar apik ing panggonan sing adoh. a (Kis. 13:1, 2) Mémang sakdurungé, ana sing tau diutus ing dhaérah liya sing wong-wongé wis padha nampa kabar apik. (Kis. 8:14; 11:22) Tapi saiki Barnabas lan Saul, sing dikancani karo Yohanes Markus, bakal diutus ing dhaérah-dhaérah sing akèh-akèhé durung tau krungu kabar apik.

2 Kira-kira 14 taun sakdurungé, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Ramalan kuwi kelakon pas Saul lan Barnabas ditugasi nginjil marang bangsa liya. b

Ditugasi ”Supaya Nindakké Gawéan” (Kis. 13:1-12)

3. Ngapa kok pas jamané para rasul, lunga ing dhaérah liya kuwi angèl?

3 Jaman saiki wis ana mobil lan pesawat, dadi nèk mèh lunga ing panggonan sing adoh isa luwih cepet, mung sak jam utawa rong jam thok. Kuwi béda banget karo jamané para rasul. Wektu kuwi akèh-akèhé padha mlaku, terus dalané ya èlèk. Sedina mlaku isa waé mung 30 kilomèter, kuwi waé wis kesel banget. c Dadi meskipun Barnabas lan Saul semangat banget nginjilé, tapi meréka kudu berjuang lan réla berkorban bèn isa tekan ing dhaérah tugasé.​—Mat. 16:24.

4. (a) Saul lan Barnabas dipilih merga apa? (b) Piyé tanggepané sedulur-sedulur soal keputusan kuwi? (c) Nèk ana sedulur-sedulur sing éntuk tugas tambahan ing jemaat, awaké dhéwé kudu piyé?

4 Kenapa kok Barnabas lan Saul sing dipilih roh suci supaya ”nindakké gawéan”? (Kis. 13:2) Ing Alkitab ora disebutké alesané, tapi sing jelas Barnabas lan Saul dipilih merga arahané roh suci. Ing Alkitab ya ora disebutké nèk nabi-nabi lan guru-guru ing Antiokhia ora setuju karo keputusan kuwi, malah meréka bener-bener ndhukung keputusan kuwi. Bayangna perasaané Barnabas lan Saul wektu ngerti sedulur-sedulur ing jemaat ora iri. Malah, ”sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul, terus ngongkon wong loro kuwi mangkat”. (Kis. 13:3) Jaman saiki ya padha, awaké dhéwé ndhukung sedulur-sedulur sing éntuk tugas tambahan ing jemaat termasuk para pinituwa. Ketimbang iri, awaké dhéwé kudu ”bener-bener nresnani lan ngajèni wong-wong kuwi merga apa sing wis ditindakké wong-wong kuwi”.​—1 Tés. 5:13.

5. Critakna soal Barnabas lan Saul sing nginjil ing Siprus.

5 Barnabas lan Saul mlaku ing pelabuhan Séléukia ing cedhak Antiokhia, terus meréka numpak kapal bèn isa lunga ing Pulau Siprus sing adohé kira-kira 200 kilomèter. d Barnabas semangat banget arep nginjil ing Siprus merga dhèwèké asliné saka kono. Pas tekan ing Salamis, kutha ing sisih wétané Pulau Siprus, Barnabas lan Saul ”mulai martakké omongané Gusti Allah ing sinagogé-sinagogé wong Yahudi”. e (Kis. 13:5) Barnabas karo Saul nginjil nganti tekan ujungé Pulau Siprus. Kemungkinan meréka ya nginjil ing kutha-kutha sing diliwati selama perjalanan. Embuh meréka liwat ngendi, tapi meréka mlakuné kira-kira 160 kilomèter.

6, 7. (a) Sèrgius Paulus kuwi sapa? (b) Ngapa kok Bar-Yésus ngalang-alangi Sèrgius Paulus ngrungokké kabar apik, lan tanggepané Saul piyé?

6 Pas jamané para rasul, wong-wong Siprus padha seneng nggunakké ilmu gaib. Buktiné, pas Barnabas lan Saul tekan ing Pafos sing ana ing sisih kuloné Pulau Siprus, meréka ketemu karo ”wong Yahudi sing jenengé Bar-Yésus. Dhèwèké kuwi ahli ilmu gaib lan nabi palsu. Bar-Yésus kuwi kerja kanggo gubernur ing Pulau Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus. Sèrgius Paulus kuwi wong sing cerdas banget.” f Wektu kuwi akèh-akèhé wong Romawi, termasuk sing ”sing cerdas banget” kaya Sèrgius Paulus, njaluk bantuané ahli ilmu gaib lan ahli ilmu bintang bèn isa nggawé keputusan-keputusan sing penting. Tapi Sèrgius Paulus ”péngin banget ngrungokké omongané Gusti Allah”. Bar-Yésus sing disebut Èlimas sing nèk diterjemahké artiné ”ahli ilmu gaib”, ora seneng merga Sèrgius Paulus péngin ngerti kabar apik.​—Kis. 13:6-8.

7 Bar-Yésus nentang Saul lan Barnabas. Bèn dhèwèké isih isa dadi penaséhaté Sèrgius Paulus, Bar-Yésus ”ngupaya ngalang-alangi supaya gubernur kuwi aja nganti nduwé iman marang Gusti”. (Kis. 13:8) Tapi, Saul ora meneng waé. Ing Alkitab disebutké, ”Saul, sing ya disebut Paulus, sing dituntun roh suci, ndeloki ahli ilmu gaib kuwi [Bar-Yésus]. Paulus kandha, ’Kowé kuwi bener-bener tukang ngapusi lan licik. Kowé kuwi anaké Iblis lan mungsuhé kabèh sing bener. Ngapa kok wulangané Yéhuwah sing bener malah mbok ubah-ubah? Yéhuwah bakal ngukum kowé. Kowé bakal dadi wuta lan kanggo sementara waktu, kowé ora bakal isa ndelok sinar matahari.’ Mripaté Èlimas langsung ora isa ndelok jelas manèh lan dadi peteng. Dhèwèké grayah-grayah nggolèki wong kanggo nuntun dhèwèké.” g Terus, Sèrgius Paulus piyé? Ing Alkitab disebutké, ”Wektu ndelok peristiwa kuwi, gubernur dadi kagum karo wulangané Yéhuwah lan akhiré dadi wong sing percaya.”​—Kis. 13:9-12

Kaya Paulus, awaké dhéwé kendel nyampèkké wulangan sing bener saka Alkitab meskipun ditentang

8. Piyé carané niru Paulus sing kendel?

8 Paulus ora wedi wektu ditentang Bar-Yésus. Saiki, awaké dhéwé ya ora wedi nèk ana sing ngalang-alangi wong-wong nampa kabar apik. Mémang, omongané awaké dhéwé kudu nyenengké ”kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah”. (Kol. 4:6) Tapi, awaké dhéwé aja nganti ora ngandhani wulangan sing bener merga wedi nggawé wong liya tersinggung. Awaké dhéwé ya ora wedi nduduhké nèk ajarané agama palsu ora sesuai karo Alkitab, soalé agama palsu kuwi kaya Bar-Yésus sing ’ngubah-ubah’ wulangané Yéhuwah sing bener. (Kis. 13:10) Kaya Paulus, awaké dhéwé kendel ngandhani wong-wong ajaran sing bener saka Alkitab lan mbantu wong-wong sing rendah hati kanggo sinau Alkitab. Meskipun saiki Yéhuwah ora nggunakké mukjijat kaya jamané Paulus mbiyèn, tapi awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah nggunakké roh suci bèn wong-wong isa ngerti ajaran sing bener.​—Yoh. 6:44.

Kata-Kata sing ”Nyemangati” (Kis. 13:13-43)

9. Piyé sedulur-sedulur sing nduwé tugas tambahan ing jemaat isa niru Paulus lan Barnabas?

9 Barnabas, Paulus, lan Yohanes Markus lunga saka Pafos ing Pérga numpak kapal. Pérga kuwi ana ing pesisir Asia Kecil. Saka Pafos ing Pérga jaraké kira-kira 250 kilomèter. Ing Kisah 13:13 disebutké sing lunga ing Pérga kuwi ”Paulus lan kanca-kancané”. Kuwi nduduhké nèk kétoké Paulus sing mimpin gawéan nginjil wektu kuwi. Tapi ora disebutké nèk Barnabas iri karo Paulus, malah meréka kerja sama kanggo nginjil. Sedulur-sedulur sing nduwé tugas tambahan ing jemaat isa niru Paulus lan Barnabas. Daripada saingan karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu éling omongané Yésus iki, ”Kowé kabèh kuwi sedulur.” Terus, Yésus ya kandha, ”Gusti Allah bakal ngrendhahké wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”​—Mat. 23:8, 12.

10. Critakna perjalanané Paulus lan Barnabas saka Pérga ing Antiokhia Pisidia.

10 Pas tekan Pérga, Yohanes Markus ninggalké Paulus lan Barnabas terus bali ing Yérusalèm. Ing Alkitab ora dicritakké kenapa Yohanes Markus bali ing Yérusalèm. Terus, Paulus lan Barnabas nglanjutké perjalanan saka Pérga ing Antiokhia Pisidia, salah siji kutha ing Galatia. Paulus lan Barnabas berjuang bèn isa tekan Antiokhia Pisidia soalé kutha kuwi letaké kira-kira 1.100 mèter diatas permukaan laut. Perjalanané ya bahaya merga ngliwati jalur pegunungan sing angèl diliwati lan ing kono ana akèh perampoké. Terus, wektu kuwi kétoké Paulus ya lagi lara. h

11, 12. Pas ing sinagogé Antiokhia Pisidia, piyé Paulus nggawé wong-wong gelem ngrungokké omongané?

11 Ing Antiokhia Pisidia, Paulus lan Barnabas mlebu ing sinagogé pas dina Sabat. Ing Alkitab dicritakké, ”Sakwisé Taurat lan Tulisané Para Nabi diwacakké ing ngarepé wong-wong, para ketua sinagogé ngomong karo Barnabas lan Saul, ’Sedulur-sedulur, apa ana sing arep njenengan sampèkké kanggo nyemangati wong-wong sing ana ing kéné?’” (Kis. 13:15) Terus Paulus ngadeg lan mulai ngomong.

12 Paulus ngomong ngéné, ”Hé wong Israèl lan njenengan kabèh sing wedi marang Gusti Allah.” (Kis. 13:16) Wong-wong sing ngrungokké Paulus kuwi wong-wong Yahudi lan wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi. Piyé carané Paulus nggawé wong-wong kuwi gelem ngrungokké, padahal meréka durung ngerti nèk Yésus kuwi Mésias? Awalé, Paulus nyritakké soal sejarahé bangsa Israèl. Terus, Paulus njelaské nèk Yéhuwah nulungi wektu bangsa Israèl ”dadi penduduk asing ing Mesir”. Dhèwèké ya ngomong, ”Pas ing padhang belantara, Gusti Allah terus sabar marang nènèk moyangé awaké dhéwé nganti 40 taun.” Paulus ya nyritakké piyé bangsa Israèl isa ngrebut Tanah Perjanjian lan Yéhuwah ”mbagi-mbagi negara kuwi dadi tanah warisan”. (Kis. 13:17-19) Ana sing ngomong nèk Paulus nggunakké ayat-ayat sing bar diwacakké pas perayaan Sabat. Nèk kenyataané mémang kaya ngono, berarti Paulus ”ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu kabèh wong”.​—1 Kor. 9:22.

13. Piyé carané awaké dhéwé nggawé wong-wong gelem ngrungokké?

13 Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn wong-wong gelem ngrungokké pas awaké dhéwé nginjil. Misalé nèk ngerti agamané wong sing ditemoni, awaké dhéwé isa milih topik sing cocog lan menarik. Terus awaké dhéwé ya isa ngutip ayat-ayat Alkitab sing dingertèni wong kuwi. Bèn wong kuwi luwih yakin, dhèwèké isa dikongkon maca saka Alkitabé dhéwé. Awaké dhéwé kudu nggunakké akèh cara bèn wong-wong gelem ngrungokké.

14. (a) Piyé Paulus njelaské soal Yésus? (b) Paulus ngélikké wong-wong kuwi soal apa? (c) Piyé tanggepané wong-wong kuwi sakwisé ngrungokké omongané Paulus?

14 Paulus njelaské nèk Yésus lair saka keturunané raja-raja Israèl. Paulus ya njelaské nèk Yohanes Pembaptis wis mbantu wong-wong bèn percaya karo ”wong sing bakal nylametké, . . . yaiku Yésus”. Bar kuwi, Paulus njelaské soal piyé ceritané Yésus nganti dipatèni lan akhiré diuripké manèh. (Kis. 13:20-37) Paulus ngomong, ”Njenengan kabèh tak kandhani nèk Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu mung liwat wong kuwi. . . . Merga wong kuwi wis mati, wong sing percaya isa dianggep bener karo Gusti Allah.” Paulus ya ngélikké wong-wong sing ngrungokké, ”Njenengan kudu ngati-ati bèn njenengan ora ngalami apa sing diomongké ing Tulisané Para Nabi, yaiku, ’Hé kowé sing wis ngrèmèhké apa sing wis Tak tindakké, kowé bakal kagèt. Kowé bakal lenyap. Kuwi merga kowé ora tau percaya apa sing wis Tak tindakké pas ing jamanmu, senajan kowé wis dikandhani nganti jelas banget.’” Piyé tanggepané wong-wong kuwi? Ing Alkitab disebutké, ”Wong-wong padha njaluk bèn Paulus lan Barnabas ngrembug kuwi manèh ing dina Sabat berikuté.” Sakwisé pertemuan ibadah ing sinagogé rampung, ”akèh wong Yahudi lan wong sing pindhah agama menyang agama Yahudi padha ngetutké Paulus lan Barnabas”.​—Kis. 13:38-43.

”Tak Umumké marang Bangsa-Bangsa Liya” (Kis. 13:44-52)

15. Ing dina Sabat berikuté, ana peristiwa apa?

15 Ing dina Sabat berikuté, ”mèh kabèh wong ing kutha kuwi” ngumpul kanggo ngrungokké Paulus. Ana beberapa wong Yahudi sing ora seneng. Meréka ”nentang Paulus lan ngrèmèhké omongané”. Paulus lan Barnabas ngomong terus terang karo meréka, ”Omongané Gusti Allah pancèn kudu disampèkké luwih dhisik marang kowé. Ning kuwi malah mbok tolak lan kowé nduduhké nèk ora pantes urip saklawasé. Mula, omongan kuwi tak umumké marang bangsa-bangsa liya. Yéhuwah wis ngongkon aku kanggo nindakké kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Kowé Tak lantik dadi kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa bèn kowé isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.’”​—Kis. 13:44-47; Yés. 49:6.

”Paulus lan Barnabas dianiaya . . . Murid-murid terus dituntun roh suci lan ngrasa bahagia.”—Kisah 13:50-52

16. (a) Wong-wong Yahudi piyé sakwisé ngrungokké omongané Paulus karo Barnabas? (b) Sakwisé dianiaya karo wong Yahudi ing kono, Paulus lan Barnabas piyé?

16 Wong-wong saka bangsa liya dadi bahagia merga krungu kabar apik lan ”kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé dadi percaya”. (Kis. 13:48) Ora let suwé, wong-wong ing kabèh dhaérah kuwi krungu omongané Yéhuwah, tapi wong Yahudi ora seneng. Paulus lan Barnabas njelaské nèk sing pertama kali ngerti soal omongané Yéhuwah kuwi wong-wong Yahudi, tapi meréka nolak Mésias. Mula, Yéhuwah ora nampa ibadahé meréka manèh. Terus, wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong penting ing kutha kuwi, termasuk wong-wong wédok sing taat ngibadah lan wong-wong lanang liyané. Akibaté, ”Paulus lan Barnabas dianiaya lan diusir saka dhaérah kuwi”. Terus Paulus lan Barnabas piyé? Meréka ”ngebutké debu saka sikilé . . . Terus, wong loro kuwi lunga menyang Ikonium”. Apa kuwi berarti ora ana manèh murid-muridé Yésus ing Antiokhia Pisidia? Ternyata isih ana sing dadi murid-muridé Yésus ing kono. Meréka ”terus dituntun roh suci lan ngrasa bahagia”.​—Kis. 13:50-52.

17-19. (a) Piyé carané niru contoné Paulus lan Barnabas? (b) Piyé awaké dhéwé isa bahagia wektu nginjil?

17 Ana sing isa dipelajari saka pengalamané Paulus lan Barnabas. Awaké dhéwé ora bakal mandheg nginjil meskipun ana wong-wong sing nduwé wewenang sing dhuwur nglarang awaké dhéwé nginjil. Mbiyèn, wektu wong-wong ing Antiokhia ora gelem ngrungokké kabar apik, Paulus lan Barnabas ”ngebutké debu saka sikilé”. Kuwi ora berarti Paulus karo Barnabas nesu karo wong-wong ing kono. Tapi kuwi berarti meréka wis manut préntahé Yéhuwah lan ora tanggung jawab nèk misalé wong-wong ing kono dihukum Yéhuwah. Paulus lan Barnabas ngerti nèk meréka ora isa nggawé kabèh wong gelem nampa kabar apik. Tapi meréka isa ngupaya bèn tetep semangat nginjil. Kenyataané, meréka terus nginjil selama perjalanan ing Ikonium.

18 Terus murid-murid ing Antiokhia sing ditinggal Paulus lan Barnabas piyé? Mémang, akèh wong Antiokhia ora seneng karo murid-muridé Yésus. Tapi embuh piyé tanggepané wong-wong pas nginjil, murid-murid ing Antiokhia tetep bahagia. Yésus ngomong, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.” (Luk. 11:28) Murid-murid ing Antiokhia Pisidia mesthi ngetrapké omongané Yésus kuwi.

19 Kaya Paulus lan Barnabas, mémang awaké dhéwé ora isa nggawé kabèh wong gelem nampa kabar apik. Tapi sing penting, awaké dhéwé kudu terus nginjil. Nèk wong sing dikabari kétoké ora berminat, awaké dhéwé isa niru contoné murid-muridé Yésus pas jamané para rasul. Nèk gelem dituntun roh suci lan nganggep penting wulangané Alkitab, awaké dhéwé isa terus bahagia meskipun ana sing nentang.​—Gal. 5:18, 22.

b Wektu kuwi jemaat-jemaat Kristen wis ana nganti tekan Antiokhia Siria. Antiokhia Siria kuwi jaraké kira-kira 550 kilomèter saka Yérusalèm.

c Deloken kothak ” Perjalanan Jaman Mbiyèn”.

d Pas jamané para rasul, kapal isa mlaku kira-kira 160 kilomèter sedina nèk cuacané apik. Tapi nèk cuacané èlèk, perjalanané dadi luwih suwé.

e Deloken kothak ” Sinagogé-Sinagogé Wong Yahudi”.

f Siprus kuwi dipréntah déwan perwakilan rakyat sing disebut Senat Romawi. Pejabat sing paling dhuwur ing kono kuwi gubernur provinsi sing ya disebut prokonsul.

g Mulai wektu kuwi Saul disebut Paulus. Ana sing nyebutké nèk dhèwèké nggunakké jeneng Romawi kuwi kanggo ngajèni Sèrgius Paulus. Tapi, sakwisé lunga saka Siprus dhèwèké tetep nggunakké jeneng Paulus merga Saul nganggep nèk dhèwèké kuwi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya”. Terus, alesan liyané mungkin merga kata Saul mirip karo kata ing Basa Yunani sing kesané èlèk.​—Rm. 11:13.

h Beberapa taun bar kuwi, Paulus nulis surat kanggo wong-wong Galatia. Paulus kandha, ”Kowé ngerti aku pertama kali éntuk kesempatan martakké kabar apik marang kowé kuwi merga penyakitku.”​—Gal. 4:13.