Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 22

”Muga-Muga Apa sing Dadi Karepé Yéhuwah Kelakon”

”Muga-Muga Apa sing Dadi Karepé Yéhuwah Kelakon”

Paulus manut karo karepé Yéhuwah lan lunga ing Yérusalèm

Kisah 21:1-17

1-4. Kenapa Paulus lunga ing Yérusalèm, lan ing kono dhèwèké bakal ngalami apa?

 WEKTU Paulus lan Lukas lunga saka Milétus, sedulur-sedulur sedhih banget lan ngrasa kélangan. Paulus karo Lukas ya sedhih banget merga kudu ninggalké para pinituwa ing Éfésus sing wis akrab banget karo meréka. Paulus karo Lukas ngadeg ing ndhuwur kapal. Meréka nggawa barang-barang sing dibutuhké selama perjalanan. Meréka ya nggawa dhuwit sumbangan sing wis diklumpukké kanggo sedulur-sedulur ing Yudéa lan péngin cepet-cepet ngirimké dhuwit sumbangan kuwi.

2 Layar kapalé kena angin lan suwé-suwé kapalé mlaku saya adoh saka pelabuhan. Paulus, Lukas, karo pitu sedulur lanang liyané ndeloki wajahé sedulur-sedulur sing sedhih banget. (Kis. 20:4, 14, 15) Paulus lan kanca-kancané dhadhah-dhadhah karo sedulur-sedulur ing pelabuhan nganti meréka ora isa ndelok sedulur-sedulur kuwi manèh.

3 Paulus wis kerja sama karo para pinituwa ing Éfésus kira-kira telung taun. Tapi saiki merga éntuk arahan saka roh suci, dhèwèké kudu lunga ing Yérusalèm. Dhèwèké mung ngerti beberapa hal sing bakal dialami ing Yérusalèm. Paulus tau ngomong karo para pinituwa ing Éfésus, ”Nurut karepé roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm. Ning, aku ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kesengsaraan.” (Kis. 20:22, 23) Meskipun bakal ngadhepi bahaya tapi Paulus gelem manut ”karepé roh suci”, yaiku lunga ing Yérusalèm. Paulus mémang nganggep uripé kuwi berharga lan ora péngin ngadhepi bahaya, tapi dhèwèké péngin luwih ngutamakké karepé Yéhuwah merga kuwi sing paling penting.

4 Apa njenengan ya ngrasa kaya Paulus? Pas awaké dhéwé janji arep nglayani Yéhuwah kuwi berarti awaké dhéwé ya janji nèk bakal terus ngutamakké Yéhuwah lan nganggep karepé Yéhuwah kuwi sing paling penting. Ing bab iki, awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat nèk sinau saka contoné Paulus sing tetep setya.

”Ngliwati Pulau Siprus” (Kis. 21:1-3)

5. Pas Paulus karo sedulur-sedulur liyané numpak kapal ing Tirus, meréka liwat endi?

5 Paulus karo sedulur-sedulur ”numpak kapal” lan langsung menyang Kos. Merga cuacané apik, kapal kuwi mlakuné ora ménggok-ménggok lan isa langsung tekan Kos dina kuwi. (Kis. 21:1) Kétoké kapal kuwi mandheg sewengi ing pelabuhan Kos lan sésuké mangkat manèh ing Rodès lan Patara. Patara kuwi ana ing Asia Kecil sisih kidul. Saka kono, Paulus lan sedulur-sedulur numpak kapal gedhé sing nggawa barang-barang. Kapal kuwi tujuané langsung ing Tirus, Fénisia. Pas perjalanan, meréka ”ngliwati Pulau Siprus sing kétok ing sisih kiwa”. (Kis. 21:3) Ngapa kok Lukas sing nulis buku Kisah nyebutké nèk meréka ngliwati Pulau Siprus?

6. (a) Kenapa kok Paulus ngrasa dikuwatké pas ngéling-éling peristiwa ing Pulau Siprus? (b) Nèk ngrenungké berkah lan bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

6 Pas ngliwati Pulau Siprus, Paulus mungkin nduding pulau kuwi lan nyritakké pengalaman pas nginjil ing kono. Kira-kira sangang taun sakdurungé pas perjalanan utusan injil sing pertama, Paulus karo Barnabas lan Yohanes Markus kudu ngadhepi Èlimas, ahli ilmu gaib sing nentang gawéan nginjil. (Kis. 13:4-12) Pas ndelok pulau kuwi lan ngéling-éling peristiwa sing tau kelakon ing kono, Paulus mungkin ngrasa dikuwatké lan disemangati kanggo ngadhepi tantangan sing bakal kelakon ing Yérusalèm. Padha kaya Paulus, awaké dhéwé isa dikuwatké nèk ngrenungké berkah lan bantuané Yéhuwah wektu awaké dhéwé ngadhepi tantangan. Nèk ngrenungké soal kuwi, awaké dhéwé mesthi ya yakin karo kata-katané Daud iki, ”Wong sing bener ngalami akèh kesusahan, tapi Yéhuwah mbébaské wong kuwi saka kabèh kesusahan mau.”​—Mzm. 34:19.

”Aku lan Sedulur-Sedulur Nggolèki Murid-Murid” lan ”Ketemu” Meréka (Kis. 21:4-9)

7. Paulus lan sedulur-sedulur ngapa sakwisé tekan ing Tirus?

7 Paulus ngerti nèk bergaul karo sedulur-sedulur ing jemaat kuwi penting. Dhèwèké ya seneng bergaul karo sedulur-sedulur. Lukas nulis nèk pas tekan Tirus, Paulus, Lukas, karo sedulur-sedulur ”nggolèki” lan ”ketemu” murid-murid sing ana ing kono. (Kis. 21:4) Terus Paulus, Lukas, lan sedulur-sedulur manggon ing Tirus. Salah siji berkah merga dadi umaté Yéhuwah yaiku ing endi waé awaké dhéwé isa ketemu sedulur seiman lan meréka seneng nyambut awaké dhéwé. Wong-wong sing sayang karo Yéhuwah lan manut karo préntahé nduwé akèh sedulur seiman sak donya.

8. Saka Kisah 21:4, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

8 Wektu Lukas nyritakké nèk meréka manggon ing Tirus nganti pitung dina, Lukas nulis, ”Liwat tuntunané roh suci, murid-murid kuwi [sedulur-sedulur ing Tirus] bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm.” (Kis. 21:4) Kata-katané Lukas kuwi isa waé marahi bingung. Apa kuwi berarti karepé Yéhuwah berubah? Apa kuwi berarti Yéhuwah ngarahké Paulus bèn ora lunga ing Yérusalèm? Ora. Roh suciné Yéhuwah mung ngandhani Paulus nèk dhèwèké bakal ngalami kesengsaraan ing Yérusalèm, tapi roh suciné Yéhuwah ora nglarang Paulus lunga ing Yérusalèm. Merga arahan roh suci, kétoké sedulur-sedulur ngerti Paulus bakal ngalami kesengsaraan ing Yérusalèm, kuwi nggawé meréka kuwatir. Mula, sedulur-sedulur bola-bali njaluk bèn Paulus ora lunga ing Yérusalèm. Sakjané wajar nèk murid-murid ngomong ngono merga meréka péngin nglindhungi Paulus lan ora péngin Paulus cilaka, tapi Paulus tetep lunga ing Yérusalèm merga péngin manut karepé Yéhuwah.​—Kis. 21:12.

9, 10. (a) Wektu sedulur-sedulur ing Tirus nguwatirké Paulus, mungkin Paulus kèlingan apa? (b) Jaman saiki wong-wong biasané piyé, lan kenapa sikapé meréka béda karo murid-muridé Yésus?

9 Wektu sedulur-sedulur ing Tirus nguwatirké Paulus, mungkin Paulus kèlingan nèk murid-muridé Yésus ya tau kaya ngono. Mbiyèn Yésus tau ngomong karo murid-muridé nèk dhèwèké bakal lunga ing Yérusalèm, dianiaya, lan akhiré dipatèni. Merga sayang karo Yésus, Pétrus ngomong, ”Aja ngomong ngono, Gusti. Ora mungkin njenengan ngalami kuwi.” Terus Yésus njawab, ”Lungaa kana, Sétan! Kowé ngalang-alangi aku merga sing mbok pikirké dudu pikirané Gusti Allah, ning pikirané manungsa.” (Mat. 16:21-23) Yésus gelem ngorbanké uripé merga péngin manut karepé Yéhuwah. Rasul Paulus ya niru Yésus. Lha nèk sedulur-sedulur ing Tirus kaya Pétrus, meréka ngomong kaya ngono sakjané merga sayang tapi meréka ora paham karepé Yéhuwah.

Dadi muridé Yésus kudu réla berkorban

10 Jaman saiki akèh wong nggolèk pénaké dhéwé lan ora gelem berkorban. Mula, wong-wong biasané milih agama sing ngibadahé gampang lan ora akèh aturané. Kuwi béda banget karo murid-muridé Yésus. Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé, kudu mikul cagak hukumané, lan terus ngetutké aku.” (Mat. 16:24) Dadi muridé Yésus kuwi keputusan sing bener lan wicaksana meskipun kuwi ora gampang.

11. Apa buktiné nèk sedulur-sedulur ing Tirus sayang lan bener-bener ndhukung Paulus kanggo terus nginjil?

11 Pas maca kisahé Paulus, Lukas, lan kanca-kancané sing arep neruské perjalanan, awaké dhéwé isa ngerti nèk sedulur-sedulur ing Tirus sayang lan bener-bener ndhukung Paulus kanggo terus nginjil. Wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah ngeterké Paulus lan kanca-kancané nganti tekan pinggir pantai. Terus, meréka berlutut lan ndonga bareng. Sakwisé pamitan, Paulus lan kanca-kancané numpak kapal lan mangkat ing Ptolémais. Ing Ptolémais, meréka ketemu sedulur-sedulur lan nginep sewengi ing kono.​—Kis. 21:5-7.

12, 13. (a) Filipus dikenal wong sing piyé? (b) Piyé sedulur lanang sing dadi bapak isa niru contoné Filipus?

12 Menurut tulisané Lukas, Paulus karo sedulur-sedulur liyané lunga ing Kaisaréa. Ing kono meréka ”nginep ing omahé penginjil sing jenengé Filipus”. a (Kis. 21:8) Meréka mesthi seneng ketemu Filipus manèh. Kira-kira 20 taun sakdurungé, para rasul milih Filipus kanggo ngurusi pembagian jatah panganan saben dina kanggo jemaat sing anyar ing Yérusalèm. Filipus dikenal wong sing semangat nginjil. Wektu murid-muridé Yésus dianiaya lan mencar ing dhaérah liya, Filipus lunga ing Samaria lan nginjil ing kono. Filipus ya mbantu pejabat Étiopia ngerti isiné Kitab Suci nganti akhiré pejabat kuwi dibaptis. (Kis. 6:2-6; 8:4-13, 26-38) Filipus terus setya nglayani Yéhuwah.

13 Filipus saiki manggon ing Kaisaréa lan Lukas nyebut dhèwèké ”penginjil”. Kuwi nduduhké nèk ing Kaisaréa, Filipus ya tetep sregep nginjil. Awaké dhéwé ya ngerti saiki Filipus wis nduwé anak wédok papat sing isa mènèhi ramalan. Kuwi nduduhké nèk anak-anaké niru semangaté Filipus. b (Kis. 21:9) Filipus mesthi ngupaya tenan bèn keluargané isa akrab karo Yéhuwah. Sedulur lanang sing dadi bapak isa niru Filipus. Meréka dadi conto kanggo keluargané merga semangat nginjil lan mbantu anak-anaké seneng nginjil.

14. Apa hasilé merga Paulus bergaul karo sedulur-sedulur, lan piyé penerapané jaman saiki?

14 Ing endi waé, Paulus péngin ketemu sedulur-sedulur lan bergaul karo meréka. Mesthiné sedulur-sedulur ya seneng ketemu Paulus lan kanca-kancané. Hasilé, Paulus lan sedulur-sedulur isa ”padha-padha nguwatké”. (Rm. 1:11, 12) Jaman saiki ya padha, awaké dhéwé isa dikuwatké lan éntuk akèh manfaat nèk gelem ngundang pinituwa wilayah lan bojoné bergaul ing omahé awaké dhéwé, meskipun mungkin omahé ora apik.​—Rm. 12:13.

”Aku . . . Siap Mati” (Kis. 21:10-14)

15, 16. (a) Apa sing disampèkké Agabus? (b) Piyé tanggepané sedulur-sedulur sakwisé ngrungokké omongané Agabus?

15 Wektu Paulus manggon ing omahé Filipus, Agabus teka mrono. Wong-wong sing ngumpul ing omahé Filipus ngerti nèk Agabus kuwi nabi, dhèwèké tau ngramalké nèk pas pamréntahané Klaudius bakal ana kelaparan sing parah. (Kis. 11:27, 28) Sedulur-sedulur ing omahé Filipus mungkin mikir, ’Ngapa ya kok Agabus teka mréné? Dhèwèké mèh ngomongké apa?’ Sedulur-sedulur ndelok Agabus njupuk sabuké Paulus. Sabuk kuwi saka kain sing dawa lan biasané dienggo nyimpen dhuwit karo barang liyané. Terus sabuk kuwi ditalèkké ing sikil lan tangané Agabus dhéwé. Dhèwèké nyampèkké pesen sing penting banget. Agabus ngomong, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm. Dhèwèké ya bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya.’”​—Kis. 21:11.

16 Ramalan kuwi nduduhké nèk Paulus bakal tetep mangkat ing Yérusalèm. Ramalan kuwi ya nduduhké nèk wektu Paulus nyampèkké kabar apik karo wong Yahudi ing Yérusalèm, Paulus bakal ”diserahké marang wong-wong saka bangsa liya”. Wektu krungu ramalan kuwi, sedulur-sedulur ing kono dadi kuwatir. Lukas nulis, ”Wektu krungu kuwi, aku lan wong-wong sing ana ing kono njaluk tenanan karo Paulus bèn ora lunga menyang Yérusalèm. Terus, Paulus njawab, ’Ngapa kok kowé nangis lan malah ngalang-ngalangi aku? Kowé ora perlu kuwatir. Aku ora mung siap kanggo ditalèni, ning ya siap mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.’”​—Kis. 21:12, 13.

17, 18. Apa buktiné nèk Paulus nduwé tékad sing kuwat, lan piyé tanggepané sedulur-sedulur?

17 Coba dibayangké situasiné. Sedulur-sedulur ing kono termasuk Lukas, njaluk bèn Paulus ora lunga ing Yérusalèm. Malah, ana sing nganti nangis-nangis. Paulus ngerti sedulur-sedulur kaya ngono merga sayang karo dhèwèké. Mula, nganggo cara sing alus Paulus ngomong nèk sedulur-sedulur ”ngalang-ngalangi” dhèwèké utawa ing terjemahan Alkitab liyané disebutké nèk sedulur-sedulur ’nggawé susah atiné’ Paulus. Paulus nduwé tékad sing kuwat, sedulur-sedulur ing Tirus ora isa ngalang-ngalangi dhèwèké mangkat ing Yérusalèm, dadi sedulur-sedulur ing Kaisaréa ya ora isa ngalang-ngalangi Paulus meskipun meréka nganti nangis-nangis. Malah, Paulus njelaské ngapa kok dhèwèké kudu mangkat. Tékadé Paulus kuwat banget lan dhèwèké kendel. Padha kaya Yésus, Paulus tetep lunga ing Yérusalèm. (Ibr. 12:2) Paulus ora péngin dipatèni, tapi nèk nganti dihukum mati, Paulus mesthi seneng merga isa tetep setya dadi muridé Yésus.

18 Terus sedulur-sedulur piyé? Meréka menghargai keputusané Paulus. Ing Alkitab disebutké, ”Merga Paulus ora isa dicegah manèh, mula aku lan sedulur-sedulur ora meksa dhèwèké manèh. Aku lan sedulur-sedulur ngomong, ’Muga-muga apa sing dadi karepé Yéhuwah kelakon.’” (Kis. 21:14) Sedulur-sedulur wis ora meksa Paulus manèh. Meréka gelem ngrungokké Paulus, nampa penjelasané Paulus, lan meréka ya akhiré paham karo karepé Yéhuwah. Meréka gelem manut karepé Yéhuwah meskipun kuwi rasané abot banget. Merga nggawé keputusan lunga ing Yérusalèm, kemungkinan Paulus bakal dihukum mati ing kana. Dadi nèk sedulur-sedulur ora ngalang-ngalangi, Paulus isa luwih gampang manut karepé Yéhuwah.

19. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Paulus?

19 Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Paulus? Nèk ana wong liya sing arep nggawé pengorbanan luwih akèh kanggo nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé aja ngalang-ngalangi wong kuwi. Mungkin, keadaané awaké dhéwé saiki ora nganti kaya Paulus, tapi saka pengalamané Paulus ana akèh sing isa ditrapké. Misalé, wong tuwa mungkin sedhih nèk anaké pindhah ing dhaérah sing adoh merga arep nglayani Yéhuwah. Tapi, meréka ora ngalang-ngalangi anaké nggawé keputusan kuwi. Ana sedulur wédok jenengé Phyllis sing manggon ing Inggris. Dhèwèké nyritakké perasaané wektu anaké wédok ditugaské dadi utusan injil ing Afrika, padahal anaké ya mung siji kuwi. Phyllis ngomong, ”Rasané sedhih banget wektu ngerti anakku bakal pindhah ing dhaérah sing adoh, tapi sakjané aku ya bangga karo anakku. Aku ndonga karo Yéhuwah lan nyritakké perasaanku. Kuwi keputusané anakku, aku ya ora tau ngojok-ojoki dhèwèké bèn berubah pikiran. Sakliyané kuwi, kèt mbiyèn aku ngandhani anakku bèn terus ngutamakké Kerajaané Gusti Allah. Wis 30 taun, dhèwèké nglayani ing luar negeri. Saben dina aku bersyukur karo Yéhuwah merga anakku isa terus setya.” Dadi nèk awaké dhéwé ndhukung sedulur-sedulur sing réla berkorban nglayani Yéhuwah, kuwi apik banget.

Nèk ndhukung sedulur-sedulur sing réla berkorban nglayani Yéhuwah, kuwi apik banget

”Aku lan Sedulur-Sedulur Disambut lan Kuwi Nyenengké Banget” (Kis. 21:15-17)

20, 21. (a) Apa buktiné nèk Paulus seneng bergaul karo sedulur-sedulur? (b) Kenapa Paulus seneng bergaul karo sedulur-sedulur?

20 Paulus siap-siap mangkat manèh. Dhèwèké dikancani karo sedulur-sedulur sing terus ndhukung dhèwèké. Selama perjalanan ing Yérusalèm, Paulus karo kanca-kancané nemoni sedulur-sedulur. Ing Tirus, meréka ketemu karo sedulur-sedulur lan manggon karo meréka pitung dina. Ing Ptolémais, Paulus karo kanca-kancané ketemu karo sedulur-sedulur lan nginep sewengi ing kono. Ing Kaisaréa, Paulus karo kanca-kancané manggon pirang-pirang dina ing omahé Filipus. Terus, sedulur-sedulur ing Kaisaréa ngeterké Paulus lan kanca-kancané tekan Yérusalèm. Akhiré, meréka ing omahé Mnason sing wis suwé dadi muridé Yésus. Lukas nulis nèk pas meréka tekan Yérusalèm, ”aku lan sedulur-sedulur disambut lan kuwi nyenengké banget”.​—Kis. 21:17.

21 Paulus seneng bergaul karo sedulur-sedulur. Kaya awaké dhéwé jaman saiki, Paulus ngrasa dikuwatké merga bergaul karo sedulur-sedulur seiman. Kuwi ya nggawé Paulus isa tetep setya meskipun dianiaya karo para penentang sing arep matèni dhèwèké.