Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 21

”Nèk Nganti Wong-Wong Kuwi Mati, Kuwi Wis Dudu Tanggung Jawabku Manèh”

”Nèk Nganti Wong-Wong Kuwi Mati, Kuwi Wis Dudu Tanggung Jawabku Manèh”

Paulus semangat nginjil lan mènèhi naséhat kanggo para pinituwa

Kisah 20:1-38

1-3. (a) Piyé critané kok Éutikhus isa mati? (b) Pas Éutikhus mati Paulus ngapa, lan kuwi nduduhké nèk Paulus piyé?

 PAS ing Troas, Paulus ngumpul karo sedulur-sedulur ing kamar ndhuwur. Merga sésuké arep lunga, Paulus mènèhi akèh naséhat kanggo sedulur-sedulur lanang kuwi nganti tengah wengi. Ing kamar kuwi ana akèh lampu minyaké, mula ruangané suwé-suwé dadi panas lan pengap. Ana cah lanang sing jenengé Éutikhus lungguh ing cedhak jendhéla. Pas Paulus isih ngomong, Éutikhus keturon nganti angler banget lan tiba saka lantai telu.

2 Lukas kuwi dokter, dadi kétoké Lukas sing pertama kali metu lan mriksa kondhisiné cah lanang kuwi. Jebulé wektu diangkat, Éutikhus ”wis mati”. (Kis. 20:9) Tapi bar kuwi ana mukjijat, Paulus mbungkukké badané ing ndhuwuré badané cah lanang kuwi terus ngomong, ”Ora usah kuwatir. Dhèwèké wis urip manèh.” Paulus nguripké manèh Éutikhus.​—Kis. 20:10.

3 Peristiwa kuwi nduduhké nèk roh suciné Gusti Allah kuwasané gedhé banget. Mémang Éutikhus mati dudu merga Paulus, tapi Paulus ora péngin sedulur-sedulur sedhih lan ora nduwé iman karo Yéhuwah manèh merga pas pertemuan kuwi Éutikhus mati. Mula, Paulus nguripké manèh Éutikhus. Sedulur-sedulur ing jemaat kuwi dadi ngrasa seneng banget lan tambah semangat nginjil. Peristiwa kuwi nduduhké nèk Paulus nganggep uripé wong liya berharga. Kuwi nggawé awaké dhéwé éling karo kata-katané Paulus iki, ”Nèk nganti wong-wong kuwi mati, kuwi wis dudu tanggung jawabku manèh.” (Kis. 20:26) Saiki, ayo mbahas contoné Paulus sing isa awaké dhéwé tiru.

Paulus ”Neruské Perjalanané menyang Makédonia” (Kis. 20:1, 2)

4. Kaya sing dibahas ing bab sakdurungé, Paulus bar ngadhepi masalah apa?

4 Kaya sing dibahas ing bab sakdurungé, wektu nginjil ing Éfésus, Paulus ngadhepi masalah. Ana wong-wong sing marahi kutha kuwi dadi gègèr. Tukang-tukang pérak sing nggawé patung kanggo wong-wong sing nyembah Dèwi Artémis marahi gègèr kutha kuwi. Terus ing Kisah 20:1 dicritakké, ”Sakwisé gègèran kuwi mandheg, Paulus ngundang lan nguwatké murid-murid. Bar kuwi, dhèwèké pamit lan neruské perjalanané menyang Makédonia.”

5, 6. (a) Paulus ing Makédonia pirang taun, lan ing kono Paulus ngapa? (b) Piyé sikapé Paulus karo sedulur-sedulur?

5 Pas perjalanan arep ing Makédonia, Paulus manggon sedhéla ing Troas. Ing kono Paulus péngin ketemu karo Titus sing wis diutus lunga ing Korintus. (2 Kor. 2:12, 13) Pas ngerti nèk Titus ora isa teka, Paulus lunga ing Makédonia. Paulus manggon ing Makédonia kira-kira setengah taun kanggo ”nyampèkké omongan sing nguwatké murid-murid”. a (Kis. 20:2) Titus akhiré isa ketemu karo Paulus ing Makédonia. Titus nyritakké nèk sedulur-sedulur ing Korintus seneng banget nampa surat sing pertama saka Paulus lan meréka gelem manut arahané Paulus. (2 Kor. 7:5-7) Bar ngerti kabar saka Titus kuwi, Paulus nulis surat manèh kanggo jemaat ing Korintus. Saiki surat kuwi disebut 2 Korintus.

6 Lukas nyritakké nèk pas Paulus ngunjungi sedulur-sedulur ing Éfésus lan Makédonia, meréka bener-bener ngrasa dikuwatké. Kuwi nduduhké nèk Paulus sayang banget karo sedulur-sedulur. Sikapé Paulus ora kaya wong Farisi sing seneng ngrendhahké wong liya. Paulus nganggep nèk sedulur-sedulur ing jemaat kuwi kanca nyambut gawéné. (Yoh. 7:47-49; 1 Kor. 3:9) Bahkan pas Paulus kudu mènèhi naséhat sing tegas, Paulus ora ngrendhahké sedulur-sedulur kuwi.​—2 Kor. 2:4.

7. Piyé carané para pinituwa niru Paulus?

7 Jaman saiki, para pinituwa lan pinituwa wilayah ya niru contoné Paulus. Wektu mènèhi naséhat sing tegas, meréka ora nyalahké sedulur-sedulur tapi nguwatké lan mbantu sedulur-sedulur kuwi. Sedulur lanang sing wis suwé dadi pinituwa wilayah ngomong, ”Sedulur-sedulur sakjané wis ngerti apa sing bener lan ngerti kudu piyé. Tapi kadhang-kadhang meréka ngadhepi masalah sing nggawé wedi, kuwatir, lan mungkin nganti ngrasa ora sanggup ngadhepi kuwi.” Para pinituwa isa nguwatké lan mbantu sedulur-sedulur sing kaya ngono.​—Ibr. 12:12, 13.

”Wong Yahudi Nggawé Rencana Jahat Arep Matèni [Paulus]” (Kis. 20:3, 4)

8, 9. (a) Ngapa kok rencanané Paulus berubah? (b) Ngapa kok wong Yahudi benci banget karo Paulus?

8 Saka Makédonia, Paulus lunga ing Korintus. b Sakwisé manggon telung sasi ing Korintus, Paulus arep ing Kènkhréa. Terus saka Kènkhréa, Paulus arep numpak kapal ing Siria. Saka Siria, Paulus arep bali ing Yérusalèm kanggo mènèhké dhuwit sumbangan kanggo sedulur-sedulur sing mbutuhké bantuan. c (Kis. 24:17; Rm. 15:25, 26) Tapi ing Kisah 20:3 dicritakké nèk ”wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni [Paulus]”. Dadi rencanané Paulus berubah.

9 Ngapa kok wong Yahudi benci banget karo Paulus? Soalé meréka nganggep nèk Paulus kuwi wong murtad. Sakliyané kuwi, pas Paulus nginjil ing Korintus, ana ketua sinagogé sing jenengé Krispus sing dadi wong Kristen. (Kis. 18:7, 8; 1 Kor. 1:14) Terus ing ngarepé gubernur Akhaya sing jenengé Galio, Paulus ditudhuh karo wong-wong Yahudi ing Korintus tapi Galio ora gelem ngurusi masalah kuwi lan nganggep masalahé wis rampung. Kuwi nggawé wong-wong sing nentang Paulus dadi nesu banget. (Kis. 18:12-17) Wong-wong Yahudi ing Korintus kétoké ngerti nèk Paulus arep numpak kapal saka Kènkhréa, dadi meréka nggawé rencana jahat arep matèni Paulus. Lha terus Paulus piyé?

10. Apa Paulus ora sida ing Kènkhréa merga dhèwèké wedi? Jelasna.

10 Paulus ora sida ing Kènkhréa. Dhèwèké bali liwat Makédonia supaya ora dipatèni wong Yahudi ing Kènkhréa lan supaya dhuwit sumbangan sing digawa Paulus tetep aman. Mémang perjalanan liwat darat tetep waé ana bahayané. Misalé, jaman mbiyèn ing dalan-dalan akèh perampok bahkan pas ing penginepan keadaané ya ora aman. Tapi, Paulus tetep milih perjalanan liwat darat ketimbang ngadhepi wong-wong Yahudi ing Kènkhréa sing arep matèni dhèwèké. Untungé selama perjalanan, Paulus dikancani Aristarkhus, Gayus, Sékundus, Sopater, Tikhikus, Timotius, lan Trofimus.​—Kis. 20:3, 4.

11. Umaté Yéhuwah jaman saiki piyé nèk ngerti ana bahaya, lan nèk Yésus piyé wektu ngerti ana bahaya?

11 Kaya Paulus, umaté Yéhuwah jaman saiki tetep ngati-ati pas nginjil. Ing beberapa dhaérah, sedulur-sedulur nginjilé bareng-bareng. Misalé, sak kelompok utawa loro-loro. Ya mémang murid-muridé Yésus bakal dianiaya, tapi awaké dhéwé mesthi bakal tetep ngati-ati lan nyingkir wektu ana bahaya. (Yoh. 15:20; 2 Tim. 3:12) Ayo mbahas contoné Yésus. Wektu para penentang ing Yérusalèm mulai njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus, ”Yésus ndhelik lan metu saka bait”. (Yoh. 8:59) Terus pas wong Yahudi arep matèni Yésus, ”Yésus ora tau ngétok manèh ing ngarepé wong Yahudi. Yésus ninggalké dhaérah kuwi lan lunga menyang dhaérah ing cedhaké padhang belantara”. (Yoh. 11:54) Yésus tetep ngati-ati lan nyingkir wektu ana bahaya, sing penting kuwi tetep sesuai karo karepé Yéhuwah. Umaté Yéhuwah jaman saiki ya niru contoné Yésus.​—Mat. 10:16.

Sedulur-Sedulur ”Ngrasa Seneng Banget” (Kis. 20:5-12)

12, 13. (a) Sakwisé Éutikhus diuripké manèh, sedulur-sedulur ing jemaat piyé? (b) Ing Alkitab ana harapan apa kanggo wong-wong sing ditinggal mati wong sing disayangi?

12 Sakwisé Paulus karo kanca-kancané ngliwati Makédonia, meréka pisah lan ketemu manèh ing Troas. d Ing Alkitab disebutké, ”Sakwisé limang dina, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo wong-wong sing wis ngentèni mau . . . ing Troas.” e (Kis. 20:6) Peristiwa Éutikhus sing diuripké manèh, kaya sing dicritakké ing awal bab iki, kelakoné ing Troas. Bayangna piyé perasaané sedulur-sedulur wektu Éutikhus diuripké manèh. Ing Alkitab disebutké nèk meréka ”ngrasa seneng banget”.​—Kis. 20:12.

13 Mémang, jaman saiki wis ora ana mukjijat kaya ngono. Tapi sedulur-sedulur sing ditinggal mati wong-wong sing disayangi isa ”ngrasa seneng banget” merga ing Alkitab ana harapan nèk wong mati isa diuripké manèh. (Yoh. 5:28, 29) Ya mémang Éutikhus akhiré mati manèh merga dhèwèké ora sampurna. (Rm. 6:23) Tapi, wong-wong sing diuripké manèh ing donya anyar nduwé harapan urip saklawasé. Sakliyané kuwi, wong-wong sing diuripké manèh ing swarga kanggo mréntah bareng Yésus ya nduwé badan sing ora isa mati. (1 Kor. 15:51-53) Umaté Yéhuwah jaman saiki sing nduwé harapan munggah swarga utawa ”domba-domba liyané” mesthi ya ”ngrasa seneng banget” merga nduwé harapan.​—Yoh. 10:16.

”Ing Ngarepé Wong Akèh lan saka Omah menyang Omah” (Kis. 20:13-24)

14. Paulus ngomong apa karo para pinituwa Éfésus pas meréka ketemu ing Milétus?

14 Paulus karo sedulur-sedulur liyané lunga saka Troas ing Asos. Terus bar kuwi meréka numpak kapal menyang Mitiléné, Khios, Samos, lan Milétus. Paulus péngin ndang tekan Yérusalèm bèn isa mèlu perayaan Péntakosta, mulané dhèwèké numpak kapal sing ora mandheg ing Éfésus. Tapi merga Paulus péngin ketemu karo para pinituwa Éfésus, Paulus njaluk tulung bèn para pinituwa kuwi nemoni Paulus ing Milétus. (Kis. 20:13-17) Pas para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé wis ngerti dhéwé apa sing tak lakoni saksuwéné bareng karo kowé kèt dina pertama aku ing Provinsi Asia iki. Aku ngupaya rendah hati kaya budhak wektu nglayani Gusti. Aku ya ngrasakké sengsara nganti nangis-nangis, merga wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni aku. Senajan ngono, aku tetep ngandhani kabèh sing ana manfaaté kanggo kowé. Aku ya tetep mulang kowé ing ngarepé wong akèh lan saka omah menyang omah. Aku ya wis mènèhi penjelasan sing lengkap marang wong Yahudi lan Yunani nèk wong-wong kuwi kudu mertobat, nyembah Gusti Allah, lan nduwé iman marang Gustiné awaké dhéwé, yaiku Yésus.”​—Kis. 20:18-21.

15. Ngapa kok nginjil saka omah menyang omah dadi cara nginjil sing paling utama?

15 Jaman saiki awaké dhéwé nginjil ing endi-endi lan nganggo akèh cara. Kaya Paulus, awaké dhéwé nginjil ing panggonan sing akèh wongé. Misalé, ing halte bis, ing pinggir dalan, utawa ing pasar. Tapi cara sing paling utama kuwi nginjil saka omah menyang omah. Lha ngapa? Alesan sing pertama, nèk nginjil saka omah menyang omah kabèh wong isa éntuk kesempatan kanggo ngrungokké kabar apik. Kuwi ya nduduhké nèk Gusti Allah ora mbédak-bédakké. Alesan sing keloro, nèk nginjil saka omah menyang omah awaké dhéwé isa ngerti kebutuhané saben wong sing dikabari bèn wong kuwi ngerti isiné Alkitab. Alesan sing ketelu, nèk nginjil saka omah menyang omah, awaké dhéwé isa nduwé iman sing luwih kuwat lan tetep semangat nginjil. Ciriné wong Kristen kuwi semangat nginjil ”ing ngarepé wong akèh lan saka omah menyang omah”.

16, 17. (a) Apa buktiné nèk Paulus kendel? (b) Piyé umaté Yéhuwah saiki niru Paulus?

16 Paulus ngomong karo para pinituwa Éfésus nèk Paulus dhéwé ya ora ngerti dhèwèké bakal ngadhepi bahaya apa ing Yérusalèm. Paulus kandha, ”Senajan ngono, aku ora nganggep uripku penting. Sing tak péngini mung isa ngrampungké apa sing saiki lagi tak tindakké lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku ngumumké kabar apik soal sipat apikané Gusti Allah.” (Kis. 20:24) Paulus tetep kendel nginjil lan manut karepé Yéhuwah meskipun dhèwèké lara utawa ditentang wong-wong.

17 Umaté Yéhuwah jaman saiki ya ngadhepi akèh masalah. Ana sing dilarang nginjil lan ngibadah karo pamréntah. Ana sing dianiaya lan ana sing kudu berjuang merga nduwé penyakit parah utawa nduwé penyakit méntal. Cah-cah enom ya digodha kanca-kanca ing sekolahé bèn mèlu-mèlu nakal. Embuh lagi ngadhepi masalah apa, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep kendel kaya Paulus lan nduwé tékad kanggo ”ngumumké kabar apik”.

”Kowé Kudu Nggatèkké Awakmu Dhéwé lan Domba-Domba sing Ana ing Jemaat” (Kis. 20:25-38)

18. (a) Pas mènèhi naséhat para pinituwa jemaat Éfésus, kenapa Paulus ngomong nèk nganti wong-wong kuwi mati kuwi wis dudu tanggung jawabé dhèwèké manèh? (b) Piyé para pinituwa Éfésus niru contoné Paulus?

18 Paulus mènèhi naséhat sing tegas kanggo para pinituwa Éfésus. Paulus ya nyritakké nèk meréka isa niru contoné Paulus sing terus nggatèkké sedulur-sedulur ing jemaat. Awalé Paulus ngomong nèk kétoké dhèwèké ora bakal ketemu karo para pinituwa kuwi manèh. Terus Paulus ngomong, ”Nèk nganti wong-wong kuwi mati, kuwi wis dudu tanggung jawabku manèh. Sebab, kabèh sing dadi karepé Gusti Allah wis tak omongké marang kowé lan ora ana sing tak tutup-tutupi.” Piyé para pinituwa ing Éfésus niru Paulus? Paulus ngomong manèh, ”Liwat roh suci, kowé wis dilantik dadi pengawas. Kowé kudu dadi gembala kanggo jemaaté Gusti Allah sing wis dituku nganggo getihé Anaké Gusti Allah dhéwé. Mula, kowé kudu nggatèkké awakmu dhéwé lan domba-domba sing ana ing jemaat.” (Kis. 20:26-28) Paulus ngandhani nèk ing antarané jemaat bakal ana ”serigala-serigala sing kejem . . . sing mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi”. Terus para pinituwa kudu piyé? Paulus ngomong, ”Kowé kudu terus jaga-jaga. Élinga nèk saksuwéné telung taun, awan lan bengi, aku terus mènèhi kowé naséhat karo mbrebes mili.”​—Kis. 20:29-31.

19. (a) Apa buktiné nèk sekitar 60 taun sakwisé Yésus mati ana wong-wong murtad? (b) Atusan taun bar kuwi apa akibaté?

19 Sekitar 60 taun sakwisé Yésus mati, ”serigala-serigala sing kejem” kuwi wis ana. Kira-kira taun 98 M, Yohanes nulis, ”Saiki wis ana akèh sing nglawan Kristus. . . . Wong-wong kuwi mauné karo awaké dhéwé, ning wong-wong kuwi metu merga béda karo awaké dhéwé. Nèk wong-wong kuwi padha kaya awaké dhéwé, wong-wong kuwi mesthi isih ana karo awaké dhéwé.” (1 Yoh. 2:18, 19) Kira-kira 200 taun sakwisé Yésus mati, ana wong-wong sing nduwé tanggung jawab ing jemaat sing dadi murtad lan ngrasa luwih unggul timbang liyané. Terus 300 taun sakwisé Yésus mati, Kaisar Konstantin ndadèkké agama ”Kristen” sing murtad dadi agama resmi. Para pemimpin agama ”mulangké ajaran sesat” soalé meréka mulangké tradhisi-tradhisi kafir lan nggawé ajaran kuwi seolah-olah ajarané wong ”Kristen”. Akibaté, nganti saiki ajaran sing palsu kuwi lan kebiasaan sing salah isih diajarké ing gréja-gréja lan kuwi nggawé akèh wong ora ngerti ajaran sing bener.

20, 21. (a) Apa buktiné nèk Paulus réla berkorban? (b) Piyé carané para pinituwa saiki niru contoné Paulus?

20 Paulus ora kaya wong-wong sing nggolèk keuntungan saka sedulur-sedulur ing jemaat. Paulus nyambut gawé bèn isa nyukupi kebutuhané lan ora ngrépoti sedulur-sedulur ing jemaat. Dhèwèké kerja keras mbantu sedulur-sedulur ing jemaat dudu merga péngin dibayar. Paulus ngandhani para pinituwa Éfésus bèn padha réla berkorban. Paulus ngomong nèk meréka kudu ”mbantu wong sing mbutuhké” lan ”kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.’”​—Kis. 20:35.

21 Kaya Paulus, para pinituwa saiki ya réla berkorban. Kuwi béda banget karo para pemimpin agama sing nggolèk keuntungan saka jemaaté, padahal wong sing dadi ”gembala kanggo jemaaté Gusti Allah” kuduné réla berkorban. Wong sing sombong ora isa nduwé tanggung jawab ing jemaat. Sakliyané kuwi, nèk lancang lan mung ”ngupaya bèn dipuji wong liya” akibaté bakal dirèmèhké.​—WB. 11:2; 25:27.

”Sedulur-sedulur kuwi nangis sesenggukan.”—Kisah 20:37

22. Kenapa kok para pinituwa ing Éfésus sayang karo Paulus?

22 Paulus sayang karo sedulur-sedulur, mula sedulur-sedulur ya sayang karo Paulus. Pas Paulus arep mangkat, sedulur-sedulur kuwi ”nangis sesenggukan karo ndhekep Paulus lan ngambungi dhèwèké”. (Kis. 20:37, 38) Awaké dhéwé mesthi sayang karo sedulur-sedulur sing kaya Paulus sing réla ngorbanké wektu, tenaga, lan dhuwité kanggo mbantu sedulur-sedulur ing jemaat. Sakwisé mbahas contoné Paulus, awaké dhéwé ngerti nèk Paulus ora nyombongké diri wektu dhèwèké ngomong, ”Nèk nganti wong-wong kuwi mati, kuwi wis dudu tanggung jawabku manèh.”​—Kis. 20:26.

b Suraté Paulus kanggo wong Roma kétoké ditulis wektu Paulus ing Korintus.

d Ing Kisah 20:5, 6, Lukas nulis ”Aku lan sedulur-sedulur”, kuwi nduduhké nèk kétoké Lukas ketemu manèh karo Paulus pas ing Filipi sakwisé Lukas manggon sementara ing kono.​—Kis. 16:10-17, 40.

e Perjalanan numpak kapal saka Filipi ing Troas suwéné limang dina. Kétoké wektu kuwi cuacané ora apik soalé pas perjalanan sakdurungé saka Filipi ing Troas suwéné mung rong dina.​—Kis. 16:11.