BAB 20
Saya Nyebar lan Saya Gedhé Kuwasané” Meskipun Ana Tantangan
Apolos lan Paulus mbantu wong-wong dadi muridé Yésus
1, 2. (a) Masalah apa sing dialami Paulus lan kanca-kancané ing Éfésus? (b) Apa sing bakal dibahas ing bab iki?
WONG-WONG ing Éfésus padha gègèr. Ana swarané wong-wong padha mlayu lan mbengok. Ana grombolan wong sing marahi gègèr kutha kuwi. Meréka nyekel lan nyèrèd loro kancané Paulus sing mèlu nginjil ing kono. Dalan sing amba sing akèh toko-tokoné dadi sepi merga wong-wong padha mèlu grombolan kuwi. Meréka mlebu ing stadion sing gedhé sing isa dienggo 25.000 wong. Akèh-akèhé wong-wong kuwi ora ngerti ngapa kok kuthané dadi gègèr, tapi meréka ngira nèk kuil-kuil lan Dèwi Artémis wis ora diajèni manèh. Terus meréka mbengok-mbengok, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.”—Kis. 19:34.
2 Liwat grombolan sing marahi gègèr kuwi, Sétan péngin bèn gawéan nginjil mandheg. Sétan nduwé akèh cara bèn muridé Yésus ora nginjil manèh lan sedulur-sedulur ora bersatu. Ing bab iki, awaké dhéwé bakal mbahas cara-cara sing digunakké Sétan. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngerti nèk kabèh upayané Sétan gagal merga ”omongané Gusti Allah dadi saya nyebar lan saya gedhé kuwasané”. (Kis. 19:20) Ngapa kok wong-wong Kristen wektu kuwi isa tetep setya meskipun Sétan nyerang nganggo akèh cara? Wong Kristen jaman mbiyèn lan jaman saiki isa tetep setya merga dibantu Yéhuwah, dudu merga upayané dhéwé. Tapi, kaya wong Kristen jaman mbiyèn, awaké dhéwé saiki ya kudu manut arahan saka Yéhuwah. Liwat tuntunané roh suci, awaké dhéwé isa nduwé sipat-sipat sing apik bèn isa berhasil wektu nginjil. Nah saiki, ayo mbahas kisahé Apolos.
”Apolos . . . Ngerti Akèh soal Kitab Suci” (Kis. 18:24-28)
3, 4. (a) Apa kekurangané Apolos sing digatèkké Akuila lan Priskila? (b) Akuila lan Priskila ngapa?
3 Wektu Paulus arep ing Éfésus pas perjalanan utusan injilé sing ketelu, ana wong Yahudi sing jenengé Apolos teka ing kutha Éfésus. Dhèwèké saka Alèksandria, Mesir. Apolos nduwé beberapa ketrampilan, misalé trampil ngomong lan ”ngerti akèh soal Kitab Suci”. Terus ”merga dituntun roh suci”, Apolos semangat lan kendel banget mulang ing sinagogé.—Kis. 18:24, 25.
4 Akuila karo Priskila ngrungokké omongané Apolos. Meréka mesthi seneng banget wektu ngrungokké Apolos ngomong lan mulang soal Yésus, ”lan penjelasané kuwi bener kabèh”. Tapi, Akuila karo Priskila suwé-suwé ngerti nèk pengetahuané Apolos ana sing kurang. Apolos ”mung ngerti soal baptisan Yohanes”. Meskipun Priskila lan Akuila mung tukang nggawé kémah, tapi meréka ora ragu-ragu ngandhani Apolos sing trampil ngomong lan pendidikané dhuwur. Akuila lan Priskila ”ngundang Apolos lan mbantu dhèwèké bèn nduwé pemahaman sing luwih akèh soal dalané Gusti Allah”. (Kis. 18:25, 26) Terus piyé tanggepané Apolos? Apolos tetep rendah hati. Wong Kristen ya kudu nduwé sipat kuwi.
5, 6. (a) Ngapa kok Yéhuwah nganggep Apolos berharga? (b) Apa sing isa dipelajari saka contoné Apolos?
5 Apolos gelem dibantu karo Akuila lan Priskila, makané Apolos dadi luwih trampil nginjil. Pas Apolos lunga ing Akhaya, dhèwèké ”mbantu akèh wong” Kristen. Dhèwèké ya trampil nginjil karo wong-wong Yahudi ing kono sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Lukas nulis, ”Apolos semangat banget mbuktèkké nèk wulangané wong Yahudi kuwi salah. Apolos ya nduduhké saka Kitab Suci nèk Yésus kuwi Kristus.” (Kis. 18:27, 28) Apolos dadi muridé Yésus sing berharga. Merga Apolos semangat nginjil, ”omongané Gusti Allah” dadi saya nyebar. Apa sing isa dipelajari saka contoné Apolos?
6 Wong Kristen kudu ngupaya bèn tetep rendah hati. Mémang, awaké dhéwé nduwé kelebihané dhéwé-dhéwé, misalé luwih trampil, luwih pengalaman, utawa luwih pinter. Tapi awaké dhéwé kudu tetep rendah hati, nèk ora rendah hati, kelebihané awaké dhéwé dadi ora berguna. Kuwi ya bahaya banget merga suwé-suwé awaké dhéwé isa dadi sombong. (1 Kor. 4:7; Yak. 4:6) Nèk rendah hati, awaké dhéwé nganggep wong liya luwih unggul timbang awaké dhéwé. (Flp. 2:3) Terus, awaké dhéwé ya gelem nampa naséhat saka wong liya lan ora tersinggung. Nèk ana arahan anyar saka organisasi, awaké dhéwé gelem manut lan ora nganggep pendapaté awaké dhéwé sing paling bener. Nèk tetep rendah hati, awaké dhéwé berguna kanggo Yéhuwah lan Yésus.—Luk. 1:51, 52.
7. Apa buktiné nèk Paulus lan Apolos rendah hati?
7 Nèk rendah hati, awaké dhéwé ya ora bakal saingan. Pas jamané Paulus karo Apolos, Sétan mesthi ngupaya bèn sedulur-sedulur dadi ora rukun. Sétan mesthi seneng banget nèk Apolos karo Paulus sing trampil nginjil dadi seneng saingan. Nèk wong loro kuwi saingan, sedulur-sedulur ing jemaat mesthi ya ora bakal rukun. Ing Korintus, ana wong-wong Kristen sing ngomong, ”Aku muridé Paulus.” Sing liyané ngomong, ”Aku muridé Apolos.” Apa Paulus lan Apolos setuju karo pandhangané sedulur-sedulur kuwi? Ora. Paulus rendah hati lan nganggep nèk pelayanané Apolos berharga, mula Paulus mènèhi dhèwèké tugas-tugas sing penting. Apolos dhéwé ya gelem manut arahané Paulus. (1 Kor. 1:10-12; 3:6, 9; Tit. 3:12, 13) Awaké dhéwé mesthi péngin niru contoné Paulus lan Apolos sing gelem kerja sama lan rendah hati.
Kis. 18:23; 19:1-10)
”Mbantu Wong-Wong Bèn Yakin soal [Kerajaané Gusti Allah]” (8. Pas arep bali ing Éfésus, Paulus liwat endi, lan kenapa?
8 Paulus tau janji kanggo bali ing Éfésus lan dhèwèké nepati janjiné. a (Kis. 18:20, 21) Ayo dibahas jalur sing arep diliwati karo Paulus. Sakdurungé ing Éfésus, Paulus isih ing Antiokhia Siria. Isa waé bèn tekan Éfésus, Paulus liwat jalur sing paling cedhak, yaiku numpak kapal saka Séléukia. Tapi Paulus ora liwat kono, Paulus malah ”njlajahi dhaérah-dhaérah sing adoh saka laut”. Ana sing ngétung nèk perjalanané Paulus sing dicathet ing Kisah 18:23 lan 19:1 kuwi adohé kira-kira 1.600 kilomèter. Ngapa kok Paulus ndadak liwat kono? Merga Paulus arep ”nguwatké murid-murid” ing dhaérah kuwi. (Kis. 18:23) Paulus mesthi réla berkorban ing perjalanan utusan injilé sing pertama lan keloro. Dadi saiki ing perjalanan utusan injilé sing ketelu, Paulus ya mesthi nggawé pengorbanan luwih akèh. Tapi, dhèwèké ora nganggep nèk upayané kuwi sia-sia. Saiki, para pinituwa wilayah lan bojoné ya réla berkorban kaya Paulus. Awaké dhéwé mesthi péngin menghargai pengorbanané sedulur-sedulur kuwi.
9. Kenapa kok ana murid-muridé Yohanes sing kudu dibaptis manèh, lan apa pelajarané?
9 Pas wis tekan Éfésus, Paulus ketemu karo murid-muridé Yohanes Pembaptis sing jumlahé 12. Meréka kétoké dibaptis nganggo baptisan Yohanes sing wis ora berlaku manèh. Terus, kétoké meréka ora tau ngerti soal roh suci. Paulus njelaské karo meréka nèk dibaptis nganggo jenengé Yésus kuwi penting. Kaya Apolos, wong-wong kuwi rendah hati lan gelem manut karo arahan sing anyar. Sakwisé dibaptis nganggo jenengé Yésus, meréka nampa roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya. Meréka ya isa nyampèkké ramalan. Apa pelajarané? Awaké dhéwé bakal diberkahi nèk manut karo arahan sing paling anyar saka organisasiné Yéhuwah.—Kis. 19:1-7.
10. Ngapa Paulus pindhah saka sinagogé ing ruang pertemuan sekolah, lan apa pelajarané?
10 Ana manèh sing isa awaké dhéwé pelajari. Paulus kendel nginjil ing sinagogé selama telung sasi. Meskipun Paulus ngupaya ”mbantu wong-wong bèn yakin soal [Kerajaané Gusti Allah]”, ana wong-wong sing ora seneng lan nentang Paulus. Paulus ora péngin ngladèni wong-wong sing ”ngèlèk-èlèk Dalan sing Bener”, mula Paulus pindhah ing ruang pertemuan sekolah lan saben dina ceramah ing kono. (Kis. 19:8, 9) Paulus ngejak wong-wong sing péngin ngrungokké ceramahé pindhah saka sinagogé ing ruang pertemuan kuwi. Nèk wong-wong kuwi péngin ngerti sing bener, meréka mesthi gelem manut Paulus. Apa pelajarané? Nèk pas nginjil ana wong sing nentang utawa ngejak debat, awaké dhéwé pamit waé lan tetep ramah. Isih ana wong akèh sing gelem ngrungokké kabar apik.
11, 12. (a) Apa buktiné nèk Paulus kerja keras lan gelem nggawé penyesuaian bèn isa terus nginjil? (b) Piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah niru contoné Paulus?
11 Paulus kétoké ceramah ing ruang pertemuan sekolah saben dina saka jam 11 awan nganti jam 4 soré. (Deloken keterangan tambahan Kis. 19:9 saka Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru edisi pelajaran.) Jam-jam semono biasané sepi soalé wong-wong sing kerja padha istirahat lan mangan, tapi cuacané panas. Coba bayangna, nèk selama rong taun jadwal nginjilé Paulus kaya ngono, kuwi berarti Paulus wis nginjil luwih saka 3.000 jam utawa kira-kira 125 jam saben sasi. b Mula ana akèh sing krungu kabar apik lan dadi wong Kristen. Paulus ya kerja keras lan gelem nggawé penyesuaian bèn isa terus nginjil. Dhèwèké nggolèk panggonan lan wektu sing cocog bèn isa nginjil karo wong-wong ing kono. Ing Alkitab disebutké, ”Hasilé, kabèh penduduk Provinsi Asia, termasuk wong Yahudi lan wong Yunani, dadi krungu omongané Gusti.” (Kis. 19:10) Kuwi bener-bener conto sing apik banget.
12 Seksi-Seksi Yéhuwah saiki ya kerja keras lan gelem nggawé penyesuaian bèn isa terus nginjil. Awaké dhéwé nginjil ing endi waé lan kapan waé. Misalé ing pinggir dalan, ing pasar, lan ing parkiran. Awaké dhéwé ya isa nginjil liwat télépon utawa surat. Terus, awaké dhéwé ya nginjil saka omah ing omah lan ngupaya nggolèk wektu sing cocog bèn isa ketemu karo wong-wong ing omahé.
”Saya Nyebar lan Saya Gedhé Kuwasané” Meskipun Ana Roh-Roh Jahat (Kis. 19:11-22)
13, 14. (a) Yéhuwah nggawé Paulus isa ngapa? (b) Anak-anak lanangé Skéwa nindakké apa, lan apa buktiné nèk wong-wong jaman saiki kaya anak-anak lanangé Skéwa?
13 Lukas nulis nèk pelayanané Paulus ing Éfésus hasilé apik banget, khususé merga Yéhuwah nggawé Paulus isa ”nindakké mukjijat-mukjijat sing hébat”. Bahkan, sapu tangan lan klambi sing tau dienggo Paulus isa digunakké kanggo marèkké wong-wong sing lara lan ngusir roh-roh jahat. c (Kis. 19:11, 12) Peristiwa sing luar biasa kuwi nggawé wong-wong dadi nggumun, tapi ana wong-wong sing salah tampa.
14 Ana ”wong-wong Yahudi sing seneng lunga ing endi-endi kanggo ngusir roh jahat”, meréka péngin nggawé mukjijat kaya Paulus. Lukas nulis nèk ing antarané wong-wong kuwi ana sing nyoba ngusir roh jahat nganggo jenengé Yésus lan Paulus. Misalé, anak-anaké lanang Imam Skéwa sing jumlahé pitu. Pas anak-anaké Skéwa nindakké kuwi, roh jahat kuwi malah njawab, ”Aku kenal Yésus lan aku ya ngerti Paulus. Ning kowé kuwi sapa?” Terus, wong sing kesurupan kuwi nyerang lan nubruk anak-anaké Skéwa nganti babak bundhas. Bar kuwi, anak-anaké Skéwa mlayu banter banget karo wuda. (Kis. 19:13-16) Bédané cetha banget. Paulus isa ngusir roh jahat merga éntuk kuwasa saka Yéhuwah, tapi wong-wong kuwi ora. Kuwi mbuktèkké nèk ”omongané Gusti Allah” gedhé banget kuwasané. Jaman saiki, akèh wong mikir nèk nyebut jenengé Yésus lan ngaku dadi ”wong Kristen” kuwi wis cukup. Tapi kuwi salah, Yésus ngomong nèk sing isa nduwé harapan ing masa depan lan dislametké kuwi mung wong-wong sing bener-bener manut karo kepénginané Gusti Allah.—Mat. 7:21-23.
15. Apa sing dipelajari saka contoné wong Éfésus?
15 Anak-anak lanangé Skéwa digawé isin merga ora isa ngusir roh-roh jahat. Kuwi nggawé wong-wong ing kono wedi karo Gusti Allah lan gelem dadi wong Kristen. Meréka ya ora nggunakké ilmu gaib manèh. Mémang, wong-wong ing Éfésus akèh-akèhé nggunakké ilmu gaib soalé kebudayaané mémang kaya ngono. Meréka kerep nganggo jimat lan mantra-mantra sing akèh-akèhé bentuké tertulis. Tapi sakwisé ngerti wulangan sing bener, wong-wong Éfésus nglumpukké buku-buku sing ana hubungané karo ilmu gaib lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh, padahal regané larang banget. d Lukas nulis, ”Merga kuwasané Yéhuwah, omongané Gusti Allah dadi saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.” (Kis. 19:17-20) Kuwi bukti sing luar biasa nèk omongané Gusti Allah luwih gedhé kuwasané timbang ajaran palsu lan ilmu gaib. Wong-wong Éfésus sing ngobong buku-buku ilmu gaib dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Saiki, akèh barang-barang sing ana hubungané karo ilmu gaib. Nèk nduwé barang-barang kuwi, awaké dhéwé mesthi péngin niru wong Éfésus. Awaké dhéwé bakal langsung nyingkirké barang-barang kuwi meskipun regané larang banget utawa berharga kanggo awaké dhéwé.
”Ana Gègèran Gedhé” (Kis. 19:23-41)
16, 17. (a) Piyé critané kok Démétrius nganti marahi kutha Éfésus dadi gègèr? (b) Apa sing nduduhké nèk wong-wong ing Éfésus nganggep nèk kepercayaané sing paling bener?
16 Saiki, awaké dhéwé arep mbahas tulisané Lukas soal cara sing digunakké Sétan kanggo ngendhegké gawéan nginjil. Lukas nyebutké, ”Ana gègèran gedhé gara-gara Dalan sing Bener.” Kaya sing ditulis Lukas, wektu kuwi keadaané mémang bahaya banget. e (Kis. 19:23) Ana tukang pérak sing jenengé Démétrius sing marahi masalah. Dhèwèké ngumpulké tukang-tukang pérak liyané lan ngomong nèk meréka isa sugih merga ngedol patung-patung. Terus dhèwèké ya ngomong nèk gara-gara Paulus nginjil ing kono, wong-wong ora tuku patung manèh lan bisnisé tukang pérak dadi rugi merga wong-wong sing dadi Kristen wis ora nyembah patung. Sakliyané kuwi, Démétrius ngerti nèk tukang-tukang pérak ing kono bangga dadi warga negara Romawi, mula dhèwèké ngomong nèk akèh sing gelem ngrungokké omongané Paulus, Dèwi Artémis lan kuil-kuilé ”ora bakal diajèni manèh”.—Kis. 19:24-27.
17 Démétrius berhasil mempengaruhi tukang pérak ing kono. Tukang-tukang kuwi nesu lan mbengok, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.” Terus, sak kutha dadi gègèr kaya sing disebutké ing awal bab iki. f Merga Paulus wongé kendel, sakjané dhèwèké kepéngin mlebu ing stadion bèn isa mènèhi penjelasan. Tapi, murid-murid nglarang Paulus merga keadaané bahaya banget. Ana wong sing jenengé Alèksander sing maju lan arep mènèhi penjelasan ing kono. Dhèwèké kuwi wong Yahudi, mula dhèwèké péngin njelaské nèk wong Yahudi karo wong Kristen kuwi béda. Tapi, penjelasané Alèksander ora digagas soalé ora penting kanggo wong-wong ing kono. Wektu wong-wong kuwi ngerti nèk Alèksander wong Yahudi, meréka ngongkon Alèksander mundur. Terus nganti kira-kira rong jam, wong-wong kuwi mbengok-mbengok, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.” Nganti saiki ana wong-wong sing mbanggak-mbanggakké kepercayaané lan nganggep nèk kepercayaané kuwi sing paling bener. Kuwi nggawé pikiran lan tingkah lakuné meréka ora masuk akal.—Kis. 19:28-34.
18, 19. (a) Piyé critané kok wali kota isa nggawé wong-wong ing stadion dadi tenang? (b) Apa buktiné nèk kadhang-kadhang ana pejabat pamréntah sing nglindhungi umaté Yéhuwah? (c) Apa sing isa awaké dhéwé upayakké bèn isa dilindhungi pejabat pamréntah?
18 Akhiré, wali kota nggawé wong-wong kuwi tenang. Wali kota kuwi wongé masuk akal, dhèwèké nggawé wong-wong ing kono yakin nèk Paulus karo kanca-kancané ora ngrampok kuil utawa ngrèmèhké dèwiné wong-wong kuwi. Wali kota kuwi ya njelaské nèk masalah kaya ngono kuduné digawa ing pengadilan sing sah. Dhèwèké ya ngélingké wong-wong ing kono nèk meréka nggawé kisruh kaya ngono kuwi padha waé nglanggar hukum Romawi lan isa ditudhuh nyebabké pembrontakan. Bar kuwi, wali kota mau mbubarké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi gampang terpengaruh lan diojok-ojoki wong liya. Tapi, meréka ya isa cepet dibubarké merga omongané wali kota sing jelas lan masuk akal.—Kis. 19:35-41.
19 Iki dudu pertama kaliné ana pejabat pamréntah sing nggawé keputusan sing nglindhungi umaté Yéhuwah. Kuwi cocog karo wahyu sing didelok Yohanes. Ing wahyu kuwi, Yohanes ndelok nèk bumi mbukak cangkemé lan ngeleg kali sing disemburké naga. Maksudé, selama akhir jaman bakal ana pamréntahan sing nglindhungi murid-muridé Yésus saka serangané Sétan. (Why. 12:15, 16) Kenyataané mémang kaya ngono. Buktiné, saiki ana akèh pengalaman sing nduduhké nèk ana hakim-hakim sing adil sing gelem mbéla haké Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa terus ngibadah lan nginjil. Kuwi isa kelakon merga Seksi-Seksi Yéhuwah ya nduwé sipat lan tingkah laku sing apik. Mbiyèn, Paulus ya apikan lan ngajèni pejabat pamréntah ing Éfésus. Mula, beberapa pejabat pamréntah kuwi ya ngajèni Paulus lan péngin nglindhungi dhèwèké. (Kis. 19:31) Awaké dhéwé mesthi ya péngin dadi wong sing jujur lan ngajèni wong liya. Kuwi mesthi digatèkké lan ana manfaaté kanggo awaké dhéwé.
20. (a) Piyé perasaané njenengan wektu ngerti nèk omongané Gusti Allah dadi saya nyebar pas jamané para rasul lan jaman saiki? (b) Sakwisé mbahas bab iki, apa tékadé njenengan?
20 Awaké dhéwé mesthi kagum nèk ngrenungké ”omongané Gusti Allah dadi saya nyebar lan saya gedhé kuwasané” pas jamané para rasul. Awaké dhéwé mesthi ya kagum merga nganti saiki, saya akèh sing krungu kabar apik lan ora ana sing isa ngendhegké gawéan nginjil. Apa njenengan ya gelem mèlu ndhukung bèn omongané Yéhuwah saya nyebar? Awaké dhéwé isa sinau saka conto-conto sing dibahas ing bab iki. Awaké dhéwé kudu rendah hati, manut arahan sing paling anyar saka organisasiné Yéhuwah, kerja keras, lan nyingkirké kabèh sing ana hubungané karo ilmu gaib. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu jujur lan ngajèni wong liya merga kuwi isa waé digatèkké utawa malah nggawé wong liya tertarik karo kabar apik.
a Deloken kothak ” Éfésus Kuwi Ibu Kota Provinsi Asia”.
b Pas ing Éfésus, Paulus ya nulis surat 1 Korintus.
c Sapu tangan iki kétoké diiketké ing bathuké Paulus bèn kringeté ora nètès ing mripat. Lha nèk klambi sing disebutké kuwi maksudé celemèk. Paulus kétoké nganggo celemèk iki pas dhèwèké nggawé kémah. Dhèwèké mungkin nggawé kémah pas ésuk-ésuk pas lagi sela.—Kis. 20:34, 35.
d Lukas nyebutké nèk regané buku-buku sing diobong jumlahé 50.000 dhuwit pérak. Nèk sing dimaksud kuwi dhuwit dinar, berarti kuwi padha karo upah nyambut gawé 50.000 dina utawa kira-kira 137 taun nèk nyambut gawé terus saben dina.
e Ana sing ngomong nèk peristiwa iki sing dimaksud Paulus wektu dhèwèké ngomong, ”Nganti aku mikir nèk aku mesthi mati.” (2 Kor. 1:8) Tapi isa waé wektu kuwi Paulus mikirké peristiwa liyané sing luwih bahaya. Terus pas Paulus nulis, ”Aku tarung karo kéwan-kéwan buas ing Éfésus”, mungkin kuwi maksudé Paulus lagi tarung karo kéwan buas ing stadion utawa kudu ngadhepi wong-wong sing nganiaya dhèwèké. (1 Kor. 15:32) Kata-katané Paulus kuwi isa waé maksudé tenanan utawa mung perumpamaan.
f Perkumpulan tukang pérak isa waé pengaruhé gedhé. Kira-kira 100 taun bar kuwi, ana perkumpulan tukang nggawé roti sing marahi gègèr kaya ngono ing Éfésus.