Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 2

”Kowé . . . Bakal Dadi Seksiku”

”Kowé . . . Bakal Dadi Seksiku”

Yésus mbantu para rasul bèn isa ngatur gawéan nginjil

Kisah 1:1-26

1-3. (a) Sakdurungé munggah swarga Yésus ngapa? (b) Pertanyaan apa waé sing isa awaké dhéwé pikirké?

 MURIDÉ Yésus ngalami sesuatu sing luar biasa. Mauné meréka sedhih banget, tapi sakwisé ndelok Yésus diuripké manèh meréka dadi seneng banget. Selama 40 dina, Yésus bola-bali nemoni murid-muridé. Dhèwèké mulang lan nyemangati murid-muridé. Tapi, saiki dina terakhir Yésus nemoni murid-muridé sakdurungé munggah swarga.

2 Meréka ngumpul ing Gunung Zaitun lan ngrungokké tenanan omongané Yésus. Bar kuwi Yésus ngangkat tangané lan ndonga bèn murid-muridé diberkahi. Terus, Yésus mulai keangkat munggah swarga lan murid-muridé ndeloki dhèwèké. Bar kuwi Yésus wis ora kétok manèh, Yésus wis munggah swarga tapi murid-muridé isih ndeloki langit.​—Luk. 24:50; Kis. 1:9, 10.

3 Terus bar Yésus munggah swarga, murid-muridé arep ngapa? Yésus mesthi wis nglatih murid-muridé bèn isa nglanjutké tugas sing penting. Piyé Yésus mbantu murid-muridé bèn gelem nglanjutké tugasé? Piyé sikapé meréka? Apa pelajarané kanggo wong Kristen jaman saiki? Jawabané ana ing bab pertama saka buku Kisah Para Rasul.

”Murid-muridé Bener-Bener Yakin” (Kis. 1:1-5)

4. Apa waé sing ditulis Lukas ing awal buku Kisah?

4 Ing awal buku Kisah, Lukas nulis kanggo Téofilus, wong sing disebutké ing buku Lukas. a Saka keterangan kuwi awaké dhéwé ngerti nèk buku Kisah kuwi lanjutané buku Lukas. Ing awal buku Kisah, Lukas nyritakké manèh secara singkat peristiwa sing ditulis ing akhir buku Lukas. Tapi ing buku Kisah iki, dhèwèké nulis keterangan sing luwih akèh soal peristiwa pas Yésus munggah swarga.

5, 6. (a) Piyé Yésus mbantu murid-muridé nduwé iman sing kuwat? (b) Piyé carané wong Kristen saiki nduwé iman sing kuwat?

5 Piyé Yésus mbantu murid-muridé nduwé iman sing kuwat? Ing Kisah 1:3 disebutké, ”Dhèwèké nemoni murid-muridé ping bola-bali supaya murid-muridé bener-bener yakin nèk dhèwèké wis urip manèh.” Kadhang Yésus nemoni siji utawa loro muridé, kadhang nemoni kabèh rasulé, kadhang nemoni langsung luwih saka 500 muridé. (1 Kor. 15:3-6) Kuwi mesthi nguwatké imané murid-muridé Yésus.

6 Wong Kristen saiki ya mesthi nduwé iman sing kuwat soalé ”bener-bener yakin” karo bukti-bukti sing wis ana. Misalé, bukti-bukti pas Yésus urip ing bumi, Yésus nebus dosané awaké dhéwé, lan Yésus diuripké manèh. Sakliyané kuwi, ana bukti saka wong-wong sing ndelok lan ngalami langsung peristiwa ing Alkitab. Nèk awaké dhéwé sinau soal bukti-bukti kuwi lan ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa paham sing dipelajari, imané awaké dhéwé isa tambah kuwat. Dadi awaké dhéwé ora mung asal percaya thok, tapi ya mbuktèkké tenan bèn awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat. Kuwi carané bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé.​—Yoh. 3:16.

7. Topik apa sing diomongké karo Yésus, lan piyé awaké dhéwé isa niru Yésus?

7 Yésus ”ngomongké soal Kerajaané Gusti Allah”. Misalé, dhèwèké njelaské ramalan soal Mésias sing kudu sengsara lan mati. (Luk. 24:13-32, 46, 47) Yésus ngandhani murid-muridé nèk dhèwèké kuwi Mésias lan bakal dadi Rajané Kerajaané Gusti Allah. Dadi topik utama sing diomongké Yésus ya soal Kerajaané Gusti Allah. Mula wektu nginjil, ya kuwi topik utama sing awaké dhéwé omongké.​—Mat. 24:14; Luk. 4:43.

”Nganti Tekan Panggonan sing Paling Adoh ing Bumi” (Kis. 1:6-12)

8, 9. (a) Mbiyèn para rasul nduwé pandhangan sing salah apa? (b) Piyé Yésus ngandhani meréka soal sing bener, lan apa pelajarané kanggo umaté Yéhuwah jaman saiki?

8 Wektu para rasul ngumpul ing Gunung Zaitun, kuwi terakhir kaliné meréka ketemu karo Yésus. Meréka takon karo Yésus, ”Gusti, apa saiki Kerajaan ing Israèl arep mbok pulihké manèh?” (Kis. 1:6) Saka pertanyaan kuwi awaké dhéwé ngerti nèk para rasul nduwé pandhangan sing salah. Sing pertama, meréka mikir nèk Kerajaan Israèl bakal dipulihké karo Gusti Allah kaya mbiyèn. Sing keloro, meréka berharap Kerajaané Gusti Allah langsung mréntah ”saiki”, maksudé pas jamané para rasul. Piyé Yésus ngandhani meréka soal sing bener?

9 Soal pandhangané murid-muridé sing pertama, Yésus ora perlu langsung ngandhani meréka. Soalé Yésus ngerti nèk sepuluh dina bar dhèwèké munggah swarga, murid-muridé bakal ngerti dhéwé soal Israèl rohani. Gusti Allah wis ora nduwé urusan manèh karo bangsa Israèl sing mbiyèn. Terus soal pandhangané murid-muridé sing keloro, Yésus ngomong, ”Kowé ora perlu ngerti soal jam utawa wektuné merga mung Bapak sing nduwé wewenang kanggo mutuské kuwi.” (Kis. 1:7) Dadi, Yéhuwah wis nduwé rencana lan apa sing direncanakké mesthi bakal kelakon tepat waktu. Sakdurungé mati, Yésus ya ora ngerti soal kapan dinané Yéhuwah teka, mula dhèwèké ngomong, ”Soal dina lan jamé, ora ana sing ngerti. . . . Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.” (Mat. 24:36) Makané, awaké dhéwé ora perlu nguwatirké soal kapan dinané Yéhuwah teka merga kuwi urusané Yéhuwah.

10. Apa sing isa awaké dhéwé tiru saka para rasul, lan apa alesané?

10 Meskipun para rasul nduwé pandhangan sing salah, tapi awaké dhéwé ngerti nèk meréka sakjané nduwé iman sing kuwat. Meréka rendah hati, terus ya gelem dikandhani Yésus. Saka pertanyaané para rasul mau, kuwi ya nduduhké nèk meréka gelem manut préntahé Yésus sing kandha, ”Kowé kudu terus jaga-jaga.” (Mat. 24:42; 25:13; 26:41) Meréka jaga-jaga lan ngentèni Yéhuwah tumindak. Saiki awaké dhéwé ya kudu terus jaga-jaga, apa manèh awaké dhéwé urip ”ing akhir jaman”.​—2 Tim. 3:1-5.

11, 12. (a) Murid-muridé Yésus kudu fokus karo apa? (b) Kenapa roh suci penting pas nginjil?

11 Murid-muridé Yésus kudu fokus karo apa? Yésus ngomong, ”Pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa. Kowé ya bakal dadi seksiku ing Yérusalèm, ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria, nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Murid-muridé Yésus kudu fokus martakké berita soal Yésus sing diuripké manèh ing Yérusalèm, ing Yudéa, lan Samaria. Terus tekan panggonan sing adoh.

12 Yésus ya ngomong nèk murid-muridé bakal nampa roh suci bèn isa nginjil. Ing buku Kisah, kata ”roh suci” disebutké luwih saka 40 ing basa asliné. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ora isa terus nginjil, nèk ora dibantu Yéhuwah liwat roh suciné. Dadi ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah kuwi penting banget. (Luk. 11:13) Apa manèh saiki, awaké dhéwé kudu njaluk luwih akèh roh suci.

13. Umaté Yéhuwah wis nginjil tekan endi, lan ngapa kok awaké dhéwé kudu sregep nginjil?

13 Wektu kuwi para rasul mémang durung isa nginjil ”nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi”. Tapi, saiki umaté Yéhuwah wis isa nginjil ing endi-endi bahkan ing sak donya. Kaya sing dibahas ing bab sakdurungé, umaté Yéhuwah nginjil lan nyritakké Kerajaané Gusti Allah karo kabèh wong bèn wong-wong kuwi dislametké. (1 Tim. 2:3, 4) Apa njenengan sregep nginjil? Nèk iya, njenengan mesthi ngrasa seneng lan puas. Yéhuwah mesthi bakal mbantu njenengan bèn isa terus nginjil. Nèk sinau buku Kisah Para Rasul, awaké dhéwé isa ngerti nginjilé kudu piyé lan sikapé awaké dhéwé kudu piyé bèn isa mbantu luwih akèh wong dadi muridé Yésus.

14, 15. (a) Malaékat ngomong apa soal tekané Yésus, lan apa maksudé omongané malaékat kuwi? (Deloken cathetan ngisor.) (b) Apa maksudé Yésus teka nganggo ”cara sing padha”?

14 Ing awal bab iki dicritakké nèk Yésus keangkat munggah swarga, bar kuwi Yésus ora kétok manèh. Terus ana malaékat loro sing ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Hé wong-wong Galiléa, ngapa kok kowé ndeloki langit terus? Yésus sing diangkat menyang langit bakal teka nganggo cara sing padha kaya sing mbok delok pas dhèwèké munggah menyang langit.” (Kis. 1:11) Apa Yésus bakal teka nganggo wujud manungsa kaya sing disebutké para pemimpin agama? Ora. Apa buktiné?

15 Malaékat mau ngomong nèk Yésus bakal teka nganggo ”cara sing padha”. b Tapi apa maksudé? Pas malaékat mau ngomong, Yésus wis ora kétok. Mung para rasul thok sing wis ndelok Yésus keangkat saka bumi terus bali manèh ing swarga bareng karo Bapaké. Saiki mung wong-wong sing paham isiné Alkitab, sing isa ngerti nèk Yésus wis dadi raja. (Luk. 17:20) Awaké dhéwé kudu sinau Alkitab bèn yakin nèk Yésus wis dadi raja. Terus, awaké dhéwé ya kudu nyritakké kuwi karo wong liya bèn meréka sadhar nèk iki wis akhir jaman.

”Tulung Duduhna Sapa sing Njenengan Pilih” (Kis. 1:13-26)

16-18. (a) Apa sing isa awaké dhéwé pelajari saka Kisah 1:13, 14, soal ngibadah? (b) Apa sing isa ditiru saka Maria ibuné Yésus? (c) Ngapa kok ngibadah kuwi penting?

16 Para rasul ”bali ing Yérusalèm karo seneng banget”. (Luk. 24:52) Lha apa buktiné nèk meréka manut karo arahané Yésus? Ing Kisah 1:13, 14 dijelaské nèk meréka ngumpul ing ”kamar ndhuwur”. Mbiyèn, omah-omah ing Palestina nduwé ”kamar ndhuwur”. Nèk wong arep munggah kamar kuwi isa nggunakké tangga saka njaba. Nah, ing Kisah 12:12, ya disebutké nèk ibuné Markus, ya nduwé omah sing dienggo ngumpul. Mungkin kamar ndhuwur ing omah kuwi sing dadi panggonané murid-muridé Yésus ngumpul. Tapi sing penting, muridé Yésus isa ngumpul bareng. Nah, sapa waé sing ngumpul ing kono, lan kenapa meréka ngumpul?

17 Ing ayat mau disebutké nèk sing ngumpul kuwi ora mung para rasul lan wong-wong lanang. Ana ”wong-wong wédok” sing mèlu ngumpul, termasuk Maria ibuné Yésus. Bar kuwi, Maria ora disebutké manèh ing Alkitab. Kisahé Maria apik banget, dhèwèké gelem ngumpul karo sedulur-sedulur liyané lan ora rumangsa luwih unggul. Dhèwèké mesthi ya seneng, soalé anak-anaké sing awalé ora percaya karo Yésus akhiré gelem dadi muridé Yésus lan ngumpul bareng ing kono. (Mat. 13:55; Yoh. 7:5) Kuwi nduduhké nèk adhi-adhiné Yésus nduwé iman karo Yésus sakwisé Yésus mati lan diuripké manèh.​—1 Kor. 15:7.

18 Murid-muridé Yésus ngumpul ”merga nduwé tujuan sing padha”, meréka ”ndonga terus”. (Kis. 1:14) Pelajarané, ngumpul kanggo ngibadah kuwi penting. Awaké dhéwé isa nyemangati sedulur liya, nampa arahan lan naséhat, lan sing paling penting tujuané awaké dhéwé ngumpul kuwi kanggo ngibadah karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, ndonga lan nyanyi bareng kuwi penting banget merga kuwi nyenengké Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu terus teka ngibadah.​—Ibr. 10:24, 25.

19-21. (a) Apa sing dipelajari saka Pétrus sing ngatur kegiatané para rasul? (b) Kenapa kok Yudas kudu diganti? (c) Apa sing isa dipelajari pas para rasul nguncalké undhi?

19 Sakwisé Yésus munggah swarga, ora ana sing ngatur soal kegiatané para rasul, mula Pétrus sing mulai ngatur soal kuwi. (Ayat 15-26) Pengalamané Pétrus kuwi mesthi menghibur awaké dhéwé, meskipun Pétrus tau ngomong nganti ping telu nèk ora kenal karo Yésus, tapi saiki Pétrus dikèki tugas sing penting. (Mrk. 14:72) Awaké dhéwé ya ora sampurna lan isa nggawé kesalahan, tapi Yéhuwah kuwi ”apikan lan gelem ngapura” wong-wong sing gelem mertobat.​—Mzm. 86:5.

20 Pétrus ngerti nèk Rasul Yudas sing wis ngianati Yésus kudu diganti karo wong liyané. Rasul sing nggantèni Yudas kuwi kudu wong sing kèt awal mèlu bareng karo para rasul selama Yésus nginjil lan ndelok Yésus diuripké manèh. (Kis. 1:21, 22) Kuwi cocog karo omongané Yésus, ”Kowé sing wis dadi muridku bakal lungguh ing takhta 12 lan ngadili suku Israèl 12.” (Mat. 19:28) Kemungkinan, Yéhuwah péngin rasul 12 sing nglayani bareng Yésus ing bumi dadi ”watu pondhasi 12” ing Yérusalèm Anyar. (Why. 21:2, 14) Mungkin Pétrus ya langsung éling ramalan sing kandha, ”Bèn waé tugasé dadi pengawas diwènèhké wong liya.” Dadi Yudas kudu diganti.​—Mzm. 109:8.

21 Piyé para rasul nggolèk penggantiné Yudas? Kaya kebiasaan wektu kuwi, meréka nguncalké undhi. (WB. 16:33) Tapi, kuwi terakhir kaliné undhi disebutké ing Alkitab. Apa manèh sakwisé Péntakosta 33 M, cara kuwi ora digunakké manèh. Ngapa kok para rasul nggunakké undhi? Wektu kuwi para rasul ndonga, ”Oh Yéhuwah, Njenengan kan ngerti isi atiné kabèh wong. Mula, tulung duduhna sapa sing Njenengan pilih saka wong loro iki.” (Kis. 1:23, 24) Meréka péngin ngerti sapa sing dipilih Yéhuwah dadi penggantiné Yudas. Sing dipilih kuwi Matias. Kemungkinan dhèwèké kuwi salah siji saka 70 murid sing diutus Yésus kanggo nginjil. Mula, Matias dipilih kanggo dadi salah siji saka ”rasul 12”. cKis. 6:2.

22, 23. Kenapa awaké dhéwé kudu manut karo sedulur-sedulur sing dipilih Yéhuwah kanggo ngatur umaté?

22 Peristiwa pas jamané para rasul nduduhké nèk kudu ana sing ngatur umaté Yéhuwah. Mulané, saiki ya kudu ana sing ngatur umaté Yéhuwah. Ana wong-wong lanang sing dipilih dadi pengawas ing jemaat. Pas mèh ngusulké sedulur-sedulur sing arep dadi pinituwa, para pinituwa kudu nggatèkké syarat-syarat sing ana ing Alkitab. Terus, meréka ya kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn nuntun liwat roh suciné. Dadi merga sedulur-sedulur kuwi dipilih Yéhuwah liwat roh suciné, mulané awaké dhéwé kudu manut lan isa kerja sama karo meréka.​—Ibr. 13:17.

Manut lan kerja sama karo sedulur-sedulur sing dipilih Yéhuwah

23 Sakwisé ndelok Yésus diuripké manèh lan Matias dipilih kanggo nggantèni Yudas, imané murid-muridé Yésus mesthi tambah kuwat lan luwih siap kanggo ngerjakké tugas sing penting. Kuwi bakal dibahas ing bab berikuté.

a Ing buku Lukas, Lukas nyebut Téofilus, ”Bapak Téofilus sing tak hormati.” Dadi, ana sing mikir nèk Téofilus kuwi wong sing penting lan durung dadi muridé Yésus. (Luk. 1:3) Tapi ing buku Kisah iki, Lukas nyebut, ”Téofilus sing tak tresnani.” Saka keterangan kuwi ana ahli Alkitab sing mikir nèk Téofilus dadi wong Kristen sakwisé maca buku Lukas. Menurut ahli kuwi, Lukas langsung nyebut jenengé Téofilus, merga Téofilus wis dadi wong Kristen.

b Ing ayat iki nggunakké kata Yunani tropos sing artiné ”cara”, dudu morfe sing artiné ”wujud”.

c Paulus dadi ”rasul sing diutus marang bangsa-bangsa liya” tapi dhèwèké dudu bagéan saka rasul 12. (Rm. 11:13; 1 Kor. 15:4-8) Paulus ora isa dadi bagéan saka rasul 12 merga dhèwèké ora mèlu nginjil karo Yésus.