Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 3

”Murid-Murid Nampa Roh Suciné Gusti Allah”

”Murid-Murid Nampa Roh Suciné Gusti Allah”

Hasil sing dirasakké muridé Yésus sakwisé nampa roh suci pas Péntakosta

Kisah 2:1-47

1. Critakna keadaan pas Péntakosta.

 ING Yérusalèm dalan-dalané ramé banget. a Terus ana asap sing kemebul saka mézbah bait. Wong-wong Lèwi nyanyi Mazmur Halèl sing ana ing Mazmur 113 nganti 118. Meréka saut-sautan pas nyanyi. Ana akèh banget sing teka saka Élam, Mésopotamia, Kapadokia, Pontus, Mesir, lan Roma. b Ngapa kok meréka mrono? Soalé ana Péntakosta utawa perayaan ”hasil pertama saka ladhang”. (Wi. 28:26) Pas perayaan kuwi panèn barli wis rampung, terus panèn gandum dimulai. Perayaan kuwi mesthi nyenengké banget.

2. Pas Péntakosta 33 M ana peristiwa sing luar biasa apa?

2 Pas musim semi 33 M, dina Minggu kira-kira jam sanga ésuk ana peristiwa sing luar biasa. ”Ujug-ujug ana swara sing banter banget saka langit kaya swara angin ribut”. (Kis. 2:2) Murid-muridé Yésus sing jumlahé 120 ya krungu swara kuwi lan meréka kagèt. Ing ndhuwur sirahé meréka ana geni-geni cilik sing bentuké kaya ilat. c Bar kuwi, murid-murid ”nampa roh suciné Gusti Allah” lan meréka mulai isa ngomong nganggo akèh basa. Terus pas murid-muridé Yésus ketemu karo wong-wong sing ana ing dalan-dalan mau, wong-wong kuwi kagèt soalé murid-muridé Yésus isa omong-omongan ”nganggo basa asliné wong-wong kuwi”.​—Kis. 2:1-6.

3. (a) Kenapa peristiwa Péntakosta 33 M kuwi penting banget? (b) Apa hubungané ’kunci-kunci kerajaan’ karo omongané Pétrus karo wong akèh?

3 Peristiwa pas Péntakosta 33 M kuwi penting banget merga wektu kuwi mulai ana Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Gal. 6:16) Sakliyané kuwi, ana peristiwa liyané sing penting. Pétrus nggunakké ’kunci-kunci kerajaan’ pas dhèwèké ngomong karo wong akèh. Kunci-kunci kerajaan kuwi maksudé kesempatan sing diwènèhké kanggo wong-wong bèn isa dadi umaté Yéhuwah lan mengkoné bakal munggah swarga. (Mat. 16:18, 19) Kunci sing pertama digunakké kanggo wong-wong Yahudi lan wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi. d Meréka kudu nampa kabar apik lan nampa roh suciné Gusti Allah bèn isa dadi bagéan saka Israèl rohani, terus mengkoné meréka isa dadi raja lan imam bareng karo Yésus. (Why. 5:9, 10) Kunci sing keloro digunakké kanggo wong-wong Samaria. Kunci sing ketelu digunakké kanggo wong-wong sing dudu Yahudi. Apa sing isa dipelajari saka peristiwa-peristiwa pas Péntakosta 33 M?

”Murid-Murid Ngumpul ing Salah Siji Omah” (Kis. 2:1-4)

4. Piyé critané jemaat Kristen taun 33 M dadi tambah akèh nganti saiki?

4 Mauné jemaat Kristen mung ana kira-kira 120 wong sing ngumpul ing kamar dhuwur ”salah siji omah”. Meréka dipilih Yéhuwah liwat roh suci. (Kis. 2:1) Tapi bar kuwi, jumlahé dadi tambah akèh soalé ana éwonan sing dibaptis. Jemaat Kristen jumlahé dadi tambah akèh nganti saiki. Sing dadi bagéan saka jemaat Kristen jaman saiki kuwi wong-wong sing manut karo Gusti Allah. Meréka martakké ”kabar apik soal Kerajaan . . . ing kabèh wilayah ing bumi” sakdurungé ’akhir kuwi teka’.​—Mat. 24:14.

5. Pas jaman mbiyèn lan saiki, apa manfaaté bergaul karo sedulur-sedulur ing jemaat?

5 Liwat jemaat Kristen, sedulur-sedulur sing dipilih munggah swarga lan sing dadi ”domba-domba liyané” isa dikuwatké. (Yoh. 10:16) Paulus seneng banget merga ndelok sedulur-sedulur ing jemaat saling ndhukung. Dhèwèké nulis kanggo jemaat ing Roma, ”Aku péngin banget ketemu karo kowé supaya aku isa mbantu kowé dikuwatké Gusti Allah lan nggawé imanmu kuwat. Aku ya péngin ketemu kowé bèn awaké dhéwé isa padha-padha nguwatké. Aku dikuwatké merga imanmu, lan kowé dikuwatké merga imanku.”​—Rm. 1:11, 12.

6, 7. Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo préntahé Yésus kanggo nginjil?

6 Umaté Yéhuwah jaman saiki lan jaman mbiyèn manut karo préntahé Yésus iki, ”Dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak, Anak, lan roh suci. Wulangen wong-wong kuwi bèn nindakké kabèh sing wis tak préntahké marang kowé.” Meskipun kuwi ora gampang, tapi kuwi tugas sing nyenengké.​—Mat. 28:19, 20.

7 Saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya manut karo préntahé Yésus kanggo nginjil lan ndadèkké murid. Mémang nginjil karo wong-wong sing basané béda-béda kuwi angèl, tapi Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé wacan-wacan Alkitab luwih saka 1.000 basa. Nèk njenengan teratur teka ing pertemuan ibadah lan mèlu nginjil lan ndadèkké murid, njenengan mesthi bahagia. Ngandhani wong liya soal jenengé Yéhuwah kuwi kesempatan sing luar biasa lan mung sithik sing gelem mèlu nginjil.

8. Kenapa jemaat Kristen kuwi hadiah saka Yéhuwah?

8 Yéhuwah wis nyedhiakké sedulur-sedulur sak donya bèn njenengan isa tetep setya ing akhir jaman iki. Rasul Paulus ngomong karo wong-wong Kristen ing Ibrani, ”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting, senajan ana wong-wong sing nduwé kebiasaan kaya ngono. Ning, awaké dhéwé kudu padha-padha nguwatké lan luwih tenanan nindakké kabèh kuwi, merga dinané Gusti Allah wis saya cedhak.” (Ibr. 10:24, 25) Jemaat Kristen kuwi hadiah saka Yéhuwah merga njenengan isa nguwatké lan dikuwatké sedulur liya. Terusa akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat. Aja nganti njenengan nganggep nèk teka ing pertemuan ibadah kuwi ora penting.

”Murid-Murid Isa Ngomong Nganggo Basa Asliné Wong-Wong Kuwi” (Kis. 2:5-13)

”Awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomongké soal tumindaké Gusti Allah sing luar biasa nganggo basané awaké dhéwé.”—Kisah 2:11

9, 10. Apa sing diupayakké umaté Yéhuwah bèn isa nginjil karo wong-wong sing basané béda?

9 Bayangna wong-wong Yahudi lan wong-wong sing pindhah agama dadi Yahudi mesthi seneng banget pas ngumpul ing dina Péntakosta 33 M. Sing teka ing kono akèh-akèhé mung isa basa Yunani utawa Ibrani thok. Ning, wong-wong kuwi ngerti nèk ”murid-murid isa ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi”. (Kis. 2:6) Meréka mesthi seneng banget isa krungu kabar apik nganggo basa asliné. Mémang, jaman saiki ora ana mukjijat sing nggawé awaké dhéwé isa ngomong nganggo basa liya, tapi umaté Yéhuwah tetep isa nginjil karo wong-wong sing basané béda-béda. Kok isa? Sedulur-sedulur gelem sinau basa liya bèn isa pindhah ing jemaat liya utawa negara liya. Malah, wong-wong sing dikabari seneng merga sedulur-sedulur kuwi ngupaya sinau basané.

10 Gatèkna pengalamané Christine sing sinau basa Gujarati karo pitu sedulur liyané. Dhèwèké nyapa kanca kerjané nganggo basa Gujarati. Kancané kagèt lan péngin ngerti ngapa kok Christine sinau basa Gujarati, padahal basa Gujarati kuwi ora gampang. Akhiré Christine nyritakké alesané lan isa nyampèkké kabar apik karo kancané. Terus kancané ngomong karo Christine, ”Aku yakin kabar apik sing mbok sampèkké kuwi penting banget nganti kowé sinau basa liya.”

11. Piyé carané awaké dhéwé isa martakké kabar apik karo wong-wong sing basané béda?

11 Mémang ora kabèh isa sinau basa liya tapi awaké dhéwé isa nyampèkké kabar apik nganggo basa liya. Kok isa? Awaké dhéwé isa nggunakké aplikasi JW Language®. Ing aplikasi kuwi awaké dhéwé isa ngerti piyé carané ngejak omong-omongan wong liya sing basané béda. Awaké dhéwé ya isa sinau ngucapké salam nganggo basané wong sing dikabari bèn meréka tertarik karo kabar apik. Bar kuwi, awaké dhéwé isa nduduhké situs wèb jw.org lan vidéo-vidéo karo wacan-wacan ing basané meréka. Nèk awaké dhéwé nggunakké kabèh sing wis disedhiakké organisasi, awaké dhéwé mesthi seneng wektu nginjil. Kuwi kaya sing dirasakké murid-murid pas wong-wong saka bangsa liya ngerti nèk ”murid-murid isa ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi”.

”Pétrus Ngadeg” (Kis. 2:14-37)

12. (a) Apa ramalané Yoèl sing kelakon pas Péntakosta 33 M? (b) Kenapa murid-muridé Yésus ngarep-arep ramalané Yoèl kuwi kelakon?

12 ”Pétrus ngadeg”, terus ngomong karo wong akèh. (Kis. 2:14) Dhèwèké njelaské nèk mukjijat isa ngomong nganggo basa liya kuwi sakjané kaya ramalané Nabi Yoèl. Nabi Yoèl nulis, ”Aku bakal mènèhké roh suci-Ku marang wong-wong.” (Yl. 2:28) Sakdurungé munggah swarga Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Aku bakal njaluk marang Bapak, lan Dhèwèké bakal mènèhi kowé penolong liyané.” Penolong sing dimaksud Yésus kuwi ”roh suci”.​—Yoh. 14:16, 17.

13, 14. Piyé Pétrus mbantu wong-wong Yahudi bèn mertobat, lan piyé awaké dhéwé niru contoné Pétrus?

13 Pétrus ngomong, ”Kabèh wong Israèl kudu bener-bener yakin nèk Gusti Allah wis nglantik Yésus, wong sing mbok patèni ing cagak kuwi, dadi Gusti lan Kristus.” (Kis. 2:36) Mémang ora kabèh sing ngrungokké Pétrus ndelok langsung Yésus dipatèni ing cagak, tapi meréka meneng waé pas Yésus dipatèni. Meskipun ngono, pas omongan karo wong Yahudi Pétrus tetep alus lan apikan. Pétrus ora nyalahké meréka tapi péngin bèn wong-wong kuwi mertobat. Apa hasilé? Wong-wong kuwi dadi ”gela banget”. Terus meréka takon, ”Aku kudu piyé?” Merga Pétrus omongané alus lan apikan, wong-wong kuwi gelem mertobat.​—Kis. 2:37.

14 Awaké dhéwé isa niru contoné Pétrus. Pas nginjil, nèk wong sing dikabari crita soal pendapaté utawa soal pandhangané sing ora sesuai Alkitab, ora perlu langsung nyalahké. Luwih apik awaké dhéwé nggolèk persamaané sik. Nèk cocog, awaké dhéwé isa mbahas Alkitab. Nèk carané awaké dhéwé nyampèkké tetep alus lan apikan, wong-wong mesthi gelem nampa kabar apik.

”Saben Wong ing Antaramu Kudu Dibaptis” (Kis. 2:38-47)

15. (a) Pétrus ngomong apa karo wong-wong, lan piyé tanggepané meréka? (b) Kok isa éwonan wong sing ngrungokké kabar apik pas Péntakosta langsung dibaptis?

15 Pas Péntakosta 33 M, Pétrus ngomong karo wong Yahudi lan wong sing pindhah agama dadi Yahudi, ”Kowé kudu mertobat. Saben wong ing antaramu kudu dibaptis.” (Kis. 2:38) Hasilé, kira-kira wong 3.000 sing dibaptis. Mungkin baptisé ing kolam-kolam ing Yérusalèm utawa ing sekitaré Yérusalèm. e Apa meréka kesusu lan ora mikir sik sakdurungé dibaptis? Saka kisah kuwi, apa iki berarti sing sinau Alkitab kudu cepet-cepet dibaptis? Terus, apa wong tuwa kudu ngongkon anak-anaké bèn cepet-cepet dibaptis? Ora. Awaké dhéwé kudu éling nèk wong-wong sing dibaptis pas Péntakosta 33 M kuwi wong-wong sing sregep sinau Kitab Suci. Sakdurungé, meréka ya dadi bagéan saka bangsa sing wis diwulang Yéhuwah. Sakliyané kuwi, meréka ya wis nduduhké iman. Buktiné meréka teka ing perayaan iki, malah ana sing teka saka panggonan sing adoh. Sakwisé meréka nduwé iman karo Yésus, meréka dibaptis lan dadi muridé Yésus.

16. Apa buktiné nèk murid-muridé Yésus wektu kuwi réla berkorban?

16 Yéhuwah mberkahi wong-wong sing wektu kuwi dadi muridé Yésus. Ing buku Kisah ya dicritakké nèk ”kabèh murid sing anyar kuwi ngumpul bareng lan berbagi apa sing diduwèni. Wong-wong kuwi ngedol tanahé lan apa sing diduwèni, terus mbagi hasilé nurut kebutuhané saben wong”. f (Kis. 2:44, 45) Umaté Yéhuwah saiki mesthi péngin niru murid-muridé Yésus sing réla berkorban.

17. Apa waé syaraté bèn isa dibaptis?

17 Bèn isa dibaptis ana syarat-syaraté. Sing pertama, kudu ngerti isiné Alkitab. (Yoh. 17:3) Sing keloro, kudu mbuktèkké nèk nduwé iman karo Yéhuwah lan Yésus. Sing ketelu, kudu bener-bener mertobat. (Kis. 3:19) Sing kepapat, kelakuané kudu berubah sesuai kaya sing dikarepké Yéhuwah. (Rm. 12:2; Éf. 4:23, 24) Sakwisé ngetrapké syarat-syarat mau, wong sing dibaptis isa ndonga, janji ngabdi karo Yéhuwah, lan akhiré dibaptis.​—Mat. 16:24; 1 Ptr. 3:21.

18. Nèk wis dibaptis njenengan bersyukur merga apa?

18 Apa njenengan wis dibaptis? Nèk wis dibaptis kaya murid-muridé Yésus mbiyèn, njenengan mesthi bersyukur banget merga isa nampa roh suci lan nduwé kesempatan isa nginjil lan nglayani Yéhuwah.

a Deloken kothak ” Yérusalèm Kuwi Pusat Agama Yahudi”.

c ”Geni-geni cilik sing bentuké kaya ilat” kuwi dudu geni tenanan, tapi kuwi roh suci sing wujudé kétok kaya geni.

e Tanggal 7 Agustus 1993, pas pertemuan internasional Seksi-Seksi Yéhuwah ing kutha Kiev, Ukraina, ana 7.402 sing dibaptis. Acara baptisané suwéné rong jam seprapat.

f Ana sing manggon ing Yérusalèm luwih suwé bèn imané luwih dikuwatké. Merga nresnani meréka, sedulur-sedulur ing Yérusalèm nyedhiakké kebutuhané meréka.​—Kis. 5:1-4.