Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 5

”Penguasa sing Kudu Tak Turuti Kuwi Gusti Allah”

”Penguasa sing Kudu Tak Turuti Kuwi Gusti Allah”

Para rasul dadi conto kanggo umaté Yéhuwah

Kisah 5:12–6:7

1-3. (a) Ngapa kok para rasul ngadhep Sanhèdrin? (b) Pertanyaan paling penting apa sing isa dipikirké? (c) Ngapa kok awaké dhéwé kudu sinau saka pengalamané para rasul wektu kuwi?

 KABÈH anggota Sanhèdrin nesu banget pas rasul-rasulé Yésus ngadhep meréka. Imam agung lan pemimpiné Sanhèdrin sing jenengé Yusuf Kayafas ngomong ngéné, ”Kowé kan wis tak préntahké supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi, ta?” Saking jèngkèlé, Kayafas ora gelem nyebut jenengé Yésus. Terus dhèwèké ngomong, ”Kowé malah wis nyebarké ajaranmu nganti sak Yérusalèm ngerti kabèh. Kowé mesthi péngin bèn aku disalahké wong-wong merga matiné wong kuwi.” (Kis. 5:28) Dhèwèké ngongkon bèn para rasul mandheg nginjil, nèk ora mandheg meréka bakal dihukum.

2 Lha terus para rasul piyé? Meréka ngerti nèk tugas kanggo nginjil kuwi saka Yésus sing diutus Gusti Allah. (Mat. 28:18-20) Terus, apa meréka wedi lan akhiré mandheg nginjil? Sing paling penting, meréka manut karo Gusti Allah apa karo manungsa? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané saka kata-katané Pétrus sing kendel lan tegas.

3 Awaké dhéwé kuwi murid-muridé Yésus, awaké dhéwé ya éntuk tugas kanggo nginjil. Tapi, isa waé ana sing ora seneng awaké dhéwé nginjil. (Mat. 10:22) Mula, awaké dhéwé péngin sinau piyé tanggepané para rasul pas diancam karo Sanhèdrin. a Nèk ana sing nglarang nginjil, awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané para rasul wektu kuwi.

”Malaékaté Yéhuwah Mbukak Lawang-lawangé Penjara” (Kis. 5:12-21a)

4, 5. Kenapa kok Kayafas lan wong Saduki ”iri”?

4 Pas pertama kali dikon mandheg nginjil, Pétrus karo Yohanes ngomong, ”Aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kis. 4:20) Sakwisé nemoni Sanhèdrin, Pétrus, Yohanes, karo rasul-rasul liyané tetep nginjil ing bait. Ing ”Serambi Salomo” sing ana ing sisih wétané halaman njaba bait, akèh banget wong Yahudi sing ngumpul ing kono. Nah, ing kono para rasul nggawé mukjijat-mukjijat kaya marèkké wong lara lan ngusir roh jahat. Bahkan wong-wong nganggep meréka isa mari nèk kena bayangané Pétrus. Akèh wong-wong sing mari kuwi gelem dadi muridé Yésus. Hasilé, ”wong-wong sing percaya marang Gusti jumlahé saya akèh, lanang lan wédok”.​—Kis. 5:12-15.

5 Kayafas lan wong Saduki ”iri” lan nglebokké para rasul ing penjara. (Kis. 5:17, 18) Wong-wong Saduki nesu banget merga para rasul mulang nèk Yésus wis diuripké manèh. Padahal wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Para rasul ya ngomong nèk wong-wong isa slamet nèk nduwé iman karo Yésus. Tapi nèk nganti wong-wong ngakoni Yésus dadi Pemimpin, wong-wong Saduki bakal dihukum karo wong-wong Roma. (Yoh. 11:48) Makané wong-wong Saduki péngin para rasul mandheg nginjil.

6. Sapa sing saiki nentang umaté Yéhuwah, lan kenapa?

6 Saiki, umaté Yéhuwah ya ditentang karo wong-wong sing dipengaruhi pemimpin agama. Meréka njaluk bèn pamréntah nglarang awaké dhéwé nginjil. Meréka ya nggunakké berita-berita sing ora bener soal umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé ora kagèt nèk ana pemimpin agama sing nesu banget, lan nentang umaté Yéhuwah. Kenapa? Merga wektu nginjil, awaké dhéwé nyritakké ajaran sing bener lan mbuktèkké nèk ajarané meréka salah. Terus nèk wong-wong gelem nampa ajaran sing bener, meréka dadi ora mèlu-mèlu manèh kebiasaan lan ajaran sing salah.​—Yoh. 8:32

7, 8. Apa pengaruhé omongané malaékat kanggo para rasul, lan pertanyaan apa sing isa awaké dhéwé pikirké?

7 Pas ing penjara, para rasul mungkin mikir nèk meréka bakal dipatèni. (Mat. 24:9) Tapi benginé, ”malaékaté Yéhuwah mbukak lawang-lawangé penjara”. b (Kis. 5:19) Terus malaékat kuwi ngongkon para rasul, ”Lungaa menyang bait lan terus wartakna kabar apik.” (Kis. 5:20) Saka préntahé malaékat mau, para rasul dadi tambah yakin nèk meréka wis bener. Meréka ya dadi nduwé iman sing kuwat lan tambah kendel. Terus ”ésuké, para rasul mlebu ing bait lan mulai mulang.”​—Kis. 5:21.

8 Awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Meskipun ditentang, apa aku tetep nduwé iman lan semangat nginjil?’ Awaké dhéwé isa tetep semangat nginjil merga ngerti nèk ”mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah” kuwi gawéan sing penting lan didhukung malaékat.​—Kis. 28:23; Why. 14:6, 7.

”Penguasa sing Kudu Tak Turuti Kuwi Gusti Allah Dudu Manungsa” (Kis. 5:21b-33)

”Terus, para rasul digawa ngadhep Sanhèdrin.”—Kisah 5:27

9-11. (a) Pas dikon mandheg nginjil, para rasul njawab apa? (b) Piyé umaté Yéhuwah jaman saiki niru para rasul?

9 Kayafas karo kabèh anggota Sanhèdrin ora ngerti nèk para rasul wis ora ana manèh ing penjara. Terus meréka ngongkon para petugas nggawa para rasul bèn ngadhep meréka. Bayangna, para petugas mesthi kagèt banget pas ndélok nèk para rasul wis ora ana ing penjara. Padahal ”penjarané isih dikunci rapet, lan para penjaga ngadeg ing ngarep lawangé”. (Kis. 5:23) Bar kuwi, kepala penjaga bait ngerti nèk para rasul nginjil manèh ing bait. Terus, kepala penjaga bait kuwi karo petugasé nangkep para rasul terus digawa ngadhep Sanhèdrin.

10 Kaya sing disebutké ing paragraf-paragraf awal bab iki, para pemimpin agama wektu kuwi nesu banget lan ngongkon para rasul mandheg nginjil. Para rasul njawab piyé? Pétrus lan rasul-rasul liyané kandha, ”Penguasa sing kudu tak turuti kuwi Gusti Allah dudu manungsa.” (Kis. 5:29) Awaké dhéwé isa niru contoné para rasul, awaké dhéwé ya ora bakal manut karo aturan pamréntah sing ora sesuai karo karepé Gusti Allah. Misalé nèk ”pamréntah” ngongkon awaké dhéwé mandheg nginjil, awaké dhéwé bakal tetep nginjil meskipun dilarang. (Rm. 13:1) Dadi nèk pas nginjilé dilarang, awaké dhéwé kudu tetep wicaksana lan nggolèk cara liya bèn isa tetep nginjil.

11 Jawabané para rasul sing kendel kuwi nggawé para pemimpin agama tambah nesu. Meréka péngin ”matèni” para rasul. (Kis. 5:33) Tapi akhiré para rasul ora sida dipatèni, lha kok isa?

”Kowé Ora Bakal Isa Ngalahké Wong-Wong Iki” (Kis. 5:34-42)

12, 13. (a) Gamalièl ngomong apa karo Sanhèdrin, terus Sanhèdrin piyé? (b) Piyé Yéhuwah mbantu umaté saiki? (c) Nèk awaké dhéwé sengsara merga dadi ”wong sing bener”, kenapa awaké dhéwé ora perlu kuwatir?

12 Gamalièl kuwi ”guru Taurat lan diajèni kabèh wong”. c Dhèwèké ya nduwé peran penting ing Sanhèdrin. Buktiné, dhèwèké isa ”ngongkon bèn para rasul kuwi metu sedhéla”. (Kis. 5:34) Bar kuwi, Gamalièl nyebutké nèk ana kelompok-kelompok sing bubar sakwisé pemimpiné mati. Gamalièl ngongkon bèn anggota Sanhèdrin ngejarké para rasul kuwi, soalé Yésus sing dadi Pemimpiné para rasul lagi waé dipatèni. Gamalièl ngomong, ”Aja mèlu-mèlu urusané wong-wong iki, ning ejarna waé. Nèk wulangan lan gawéan iki saka manungsa, mengko kan ilang dhéwé. Ning, nèk iki asalé saka Gusti Allah, kowé ora bakal isa ngalahké wong-wong iki. Kowé malah kudu ngati-ati merga isa waé jebulé kowé nglawan Gusti Allah.” (Kis. 5:38, 39) Kabèh anggota Sanhèdrin manut omongané Gamalièl. Tapi, para rasul tetep dipecuti lan dikongkon ”mandheg ngomong nganggo jenengé Yésus”.​—Kis. 5:40.

13 Jaman saiki, Yéhuwah isa nggunakké wong-wong penting kaya Gamalièl kanggo mbantu umaté. (WB. 21:1) Yéhuwah nggunakké penguasa, hakim, lan pamréntah bèn kepénginané isa kelakon. (Néh. 2:4-8) Tapi nèk awaké dhéwé ”sengsara” merga dadi ”wong sing bener”, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. (1 Ptr. 3:14) Yéhuwah bakal mènèhi kekuwatan. (1 Kor. 10:13) Terus, kabèh tentangan ya ”ora bakal mempan” nggagalké karepé Yéhuwah.​—Yés. 54:17.

14, 15. (a) Piyé perasaané para rasul bar dipecuti, lan kenapa? (b) Critakna pengalamané umaté Yéhuwah sing tetep setya lan ngrasa seneng meskipun dianiaya.

14 Sakwisé para rasul dipecuti, apa meréka dadi wedi lan ora semangat? Ora. Meréka ’lunga saka ngarepé Sanhèdrin, ning tetep ngrasa seneng’. (Kis. 5:41) Meréka ”seneng” dudu merga dianiaya lan dipecuti, tapi meréka seneng merga meréka wis manut karo Yéhuwah lan niru Yésus.​—Mat. 5:11, 12.

15 Awaké dhéwé isa niru contoné para rasul sing tetep ngrasa seneng meskipun dianiaya wektu nginjil. (1 Ptr. 4:12-14) Mémang awaké dhéwé ora seneng nèk diancam, dianiaya, utawa dipenjara. Tapi awaké dhéwé mesthi ngrasa seneng merga wis manut karo Yéhuwah. Ana pengalaman saka sedulur Henryk Dornik. Dhèwèké tetep setya meskipun dianiaya karo pamréntah. Pas sasi Agustus 1994, dhèwèké karo masé dipenjara ing kamp konsèntrasi. Wong-wong sing nganiaya kandha, ”Meréka ora mungkin isa dibujuk. Wong-wong kuwi luwih seneng nèk dihukum mati.” Henryk kandha, ”Aku ora péngin dianiaya. Tapi aku seneng merga aku isa tetep setya karo Yéhuwah.”​—Yak. 1:2-4.

Awaké dhéwé niru para rasul, sing nginjil ”saka omah menyang omah”

16. (a) Bar dibébaské, para rasul nginjilé piyé? (b) Apa buktiné nèk Seksi-Seksi Yéhuwah niru para rasul mbiyèn?

16 Para rasul langsung nginjil manèh. ”Saben dina, ing bait lan saka omah menyang omah” para rasul ”martakké kabar apik soal Kristus”. d (Kis. 5:42) Meréka semangat banget nginjil. Kaya préntahé Yésus, meréka nginjil ing omah-omah. (Mat. 10:7, 11-14) Hasilé, wong sak Yérusalèm ngerti soal kabar apik. Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah niru para rasul sing nginjil ing omah-omah. Awaké dhéwé péngin nginjil karo kabèh wong bèn meréka ngerti soal kabar apik. Gawéan nginjil iki diberkahi Yéhuwah, buktiné ana jutaan sing gelem nampa kabar apik. Akèh-akèhé sing nampa kabar apik kuwi merga diparani karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing omahé.

Wong-Wong sing Dipilih kanggo ”Ngurus Masalah Penting” (Kis. 6:1-6)

17-19. Apa masalah liyané sing dialami murid-muridé Yésus, lan piyé para rasul ngatasi masalah kuwi?

17 Ana masalah liyané sing dialami murid-muridé Yésus. Wektu kuwi ana wong-wong saka dhaérah liya sing teka ing Yérusalèm. Meréka manggon luwih suwé ing kono. Dadi bèn isa nyukupi kebutuhané sedulur-sedulur kuwi selama ing Yérusalèm, murid-murid ing Yérusalèm padha nyumbang. (Kis. 2:44-46; 4:34-37) Tapi ana masalah ”pembagian jatah panganan saben dina”. Soalé randha-randha sing basané Yunani ngrasa ”ora digatèkké”. (Kis. 6:1) Padahal randha-randha sing basané Ibrani digatèkké kebutuhané. Masalah kaya ngéné isa waé nggawé ora rukun merga ana sing ngrasa dibéda-bédakké.

18 Para rasul sing dadi pengurus pusat wektu kuwi ngomong nèk ora apik ”ninggalké gawéan mulangké omongané Gusti Allah mung bèn isa mbagèk-mbagèkké panganan”. (Kis. 6:2) Dadi meréka milih sedulur lanang pitu ”sing dituntun roh suci, lan sing wicaksana” kanggo ngurus ”masalah penting” kuwi. (Kis. 6:3) Wong-wong sing dipilih kuwi ora mung ngurusi pembagian panganan thok. Tapi ya ngurusi soal dhuwit sumbangan, tuku barang-barang sing dibutuhké sedulur-sedulur, lan nggawé cathetan soal pembagian panganan. Wong pitu sing dipilih mau ya nduwé jeneng Yunani. Dadi randha-randha sing basané ya Yunani ngrasa luwih digatèkké lan ora dibéda-bédakké. Bar kuwi, para rasul ndonga lan nglantik sedulur pitu kanggo ngurus ”masalah penting” kuwi. e

19 Apa kuwi berarti wong pitu sing dipilih mau ora nginjil? Meréka tetep nginjil. Misalé Stéfanus, dhèwèké kendel lan wicaksana pas nginjil. (Kis. 6:8-10) Terus Filipus, dhèwèké ya disebut ”penginjil”. (Kis. 21:8) Dadi wong pitu sing dipilih mau kuwi penginjil sing kendel lan semangat.

20. Apa waé buktiné nèk umaté Yéhuwah saiki niru contoné para rasul mbiyèn?

20 Umaté Yéhuwah saiki niru contoné para rasul mbiyèn. Sedulur-sedulur lanang sing dadi pengawas kudu wicaksana lan manut tuntunané roh suci. Liwat arahané Pengurus Pusat, sedulur-sedulur sing memenuhi syarat ing Alkitab isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat. f (1 Tim. 3:1-9, 12, 13) Meréka isa dilantik merga arahané roh suci. Sedulur-sedulur iki bakal ngurus ”masalah penting” ing jemaat. Contoné, para pinituwa ngatur bantuan sing cocog kanggo para lansia ing jemaat. (Yak. 1:27) Ana sing mèlu mbangun Balai Ibadah, ngatur pertemuan wilayah, utawa dadi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit. Terus, abdiné jemaat ya nduwé tugas-tugas liya sing ndhukung para pinituwa. Meskipun nduwé tugas-tugas penting ing organisasi, meréka ya kudu tetep nginjil.​—1 Kor. 9:16.

”Omongané Gusti Allah Terus Kesebar” (Kis. 6:7)

21, 22. Apa buktiné nèk Yéhuwah mbantu murid-muridé Yésus wektu kuwi?

21 Yéhuwah mbantu murid-muridé Yésus bèn tetep setya pas dianiaya. Yéhuwah ya mbantu ngatasi masalah sing ana ing jemaat lan mberkahi murid-muridé Yésus. Buktiné, ”omongané Gusti Allah terus kesebar, lan jumlahé murid-murid dadi saya akèh banget ing Yérusalèm. Sakliyané kuwi, akèh imam ya dadi wong sing percaya”. (Kis. 6:7) Iki salah siji bukti nèk murid-muridé Yésus tambah akèh wektu kuwi. (Kis. 9:31; 12:24; 16:5; 19:20; 28:31) Saiki, awaké dhéwé mesthi ya seneng lan tambah semangat wektu ngerti nèk umaté Yéhuwah tambah akèh.

22 Pas jamané para rasul, pemimpin agama nesu banget lan terus ngupaya nganiaya murid-muridé Yésus. Ing bab berikuté, awaké dhéwé bakal mbahas soal Stéfanus sing dianiaya merga terus nginjil.

b Ing buku Kisah, malaékat disebutké ping 20. Iki pertama kaliné malaékat disebutké ing buku Kisah, merga ing Kisah 1:10 ora langsung disebutké malaékat tapi ”wong lanang loro sing nganggo klambi putih”.

d Deloken kothak ” Nginjil ’Saka Omah Menyang Omah’”.

e Kemungkinan wong-wong iki wis memenuhi syarat dadi pinituwa makané meréka dikon ngurus ”masalah penting” iki. Tapi ing Alkitab ora dijelaské kapan mulai ana wong lanang sing dilantik dadi pinituwa kanggo ngurusi jemaat.

f Pas jamané para rasul, ana beberapa wong lanang sing dipilih kanggo nglantik pinituwa-pinituwa. (Kis. 14:23; 1 Tim. 5:22; Tit. 1:5) Saiki, Pengurus Pusat nglantik pinituwa wilayah. Terus, pinituwa wilayah kuwi diwènèhi tanggung jawab kanggo nglantik pinituwa lan abdiné jemaat.