Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”

”Wong Biasa lan Sekolahé Ora Dhuwur”

Para rasul tetep kendel lan diberkahi Yéhuwah

Kisah 3:1–5:11

1, 2. Pas ing cedhak lawang bait, Pétrus karo Yohanes nggawé mukjijat apa?

 PAS kuwi soré-soré, wong-wong Yahudi karo murid-muridé Yésus ana ing bait. Kuwi wektuné ”wong-wong kanggo ndonga”. a (Kis. 2:46; 3:1) Wektu kuwi Pétrus karo Yohanes mèh mlebu lawang bait sing disebut Gerbang Indah. Meskipun ing kono ramé banget, tapi pas Pétrus karo Yohanes mèh mlebu meréka krungu swarané wong sing lumpuh kèt lair lagi njaluk-njaluk sedhekah.​—Kis. 3:2; 4:22.

2 Wong lumpuh kuwi langsung njaluk-njaluk sedhekah karo Pétrus lan Yohanes, terus meréka mandheg lan ngomong ngéné, ”Aku ora nduwé emas utawa pérak. Tapi, apa sing tak duwèni bakal tak wènèhké kowé. Nganggo jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt, mlakua.” Wong akèh sing ana ing kono mesthi kagèt banget ndelok Pétrus nyekel tangané wong sing lumpuh kèt lair kuwi, terus wong kuwi isa ngadeg. (Kis. 3:6, 7) Bayangna, wong sing lumpuh mau ndelok sikilé sing wis mari terus dhèwèké nyoba mlaku. Dhèwèké mesthi seneng banget nganti mlumpat-mlumpat karo muji Gusti Allah.

3. Wong lumpuh sing wis mari lan akèh wong sing ngrungokké Pétrus nduwé kesempatan apa?

3 Wong-wong langsung marani Pétrus karo Yohanes ing Serambi Salomo, terus Pétrus mulai ceramah ing kono. Mbiyèn Yésus mulang murid-muridé ing Serambi Salomo iki. (Yoh. 10:23) Pétrus ngandhani wong-wong kuwi, termasuk wong lumpuh sing mari mau, nèk meréka nduwé kesempatan kanggo mertobat, dosané diapura, lan dadi muridé Yésus, ”pemimpin sing wis dipilih kanggo mènèhi urip”. Kesempatan kuwi luwih berharga timbang emas lan pérak. Kuwi ya luwih berharga timbang mari saka kabèh penyakit.​—Kis. 3:15.

4. (a) Sakwisé Pétrus lan Yohanes marèkké wong sing lumpuh, ana masalah apa? (b) Loro pertanyaan apa sing bakal dibahas ing bab iki?

4 Wektu kuwi keadaané nyenengké banget. Wong sing lumpuh isa mari lan isa mlaku manèh. Wong akèh ya nduwé kesempatan kanggo mertobat lan nglayani Gusti Allah. (Kol. 1:9, 10) Tapi bar kuwi ana masalah. Ana para penguasa lan pemimpin sing péngin bèn meréka mandheg nginjil. (Kis. 1:8) Apa sing isa dipelajari saka Pétrus lan Yohanes, ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”, wektu meréka ngomong karo wong akèh? b (Kis. 4:13) Terus pas ana tentangan, apa sing isa ditiru saka Pétrus, Yohanes, lan murid-murid liyané?

Ora ”Merga Kuwasaku Dhéwé” (Kis. 3:11-26)

5. Apa sing isa dipelajari saka contoné Pétrus?

5 Pétrus karo Yohanes dikelilingi karo wong akèh. Beberapa mungkin ana sing tau ngongkon bèn Yésus dipatèni. (Mrk. 15:8-15; Kis. 3:13-15) Pétrus kendel ngomong nèk wong sing lumpuh kuwi dimarèkké nganggo jenengé Yésus. Pétrus ngomong terus terang nèk meréka sing matèni Yésus. Pétrus ora nesu karo meréka, soalé Pétrus ngerti nèk tumindaké meréka kuwi merga meréka ”ora ngerti” sing bener. (Kis. 3:17) Pétrus menghargai wong-wong kuwi lan nganggep meréka sedulur. Terus sing paling penting, dhèwèké isa nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah. Nèk meréka mertobat lan nduwé iman karo Yésus, Yéhuwah bakal mènèhi meréka ”musim sing nyegerké”. (Kis. 3:19, cathetan ngisor) Pelajarané, awaké dhéwé ya kudu kendel wektu nginjil lan nyritakké nèk sedhéla manèh Yéhuwah bakal nyingkirké wong jahat, tapi awaké dhéwé ya kudu tetep menghargai lan ora kasar. Terus, saiki pas nginjil awaké dhéwé ya nganggep nèk sing dikabari kuwi bakal dadi seduluré awaké dhéwé lan sing paling penting awaké dhéwé isa nyampèkké kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah.

6. Apa buktiné nèk Pétrus karo Yohanes rendah hati?

6 Pétrus karo Yohanes rendah hati. Meréka ora nganggep nèk mukjijat kuwi saka meréka dhéwé. Pétrus ngomong, ”Ngapa kok kowé ndeloki aku kaya ngono, apa mbok kira wong iki isa mlaku merga kuwasaku dhéwé utawa merga aku ngabdi marang Gusti Allah?” (Kis. 3:12) Pétrus lan rasul-rasul liyané ngerti nèk kabèh kemampuan lan mukjijat kuwi saka Gusti Allah. Dadi meréka nganggep nèk mung Yéhuwah lan Yésus sing pantes diluhurké.

7, 8. (a) Awaké dhéwé isa mbantu wong-wong bèn apa? (b) Piyé omongané Pétrus soal ”wektuné kabèh dipulihké” kelakon saiki?

7 Awaké dhéwé ya kudu rendah hati pas nginjil. Mémang, awaké dhéwé saiki ora isa nggawé mukjijat kaya para rasul mbiyèn. Tapi awaké dhéwé isa mbantu wong-wong bèn isa nduwé iman karo Gusti Allah lan Yésus. Kaya Pétrus awaké dhéwé ya isa mbantu wong-wong bèn mertobat, dosané diapura, lan diberkahi karo Yéhuwah. Saben taun ana akèh banget sing gelem dibaptis lan dadi muridé Yésus.

8 Kaya sing disebutké Pétrus, saiki kuwi ”wektuné kabèh dipulihké, kaya sing wis Gusti Allah omongké liwat para nabiné sing suci ing jaman mbiyèn”. Kuwi kelakon pas Kerajaané Gusti Allah mulai mréntah taun 1914. (Kis. 3:21; Mzm. 110:1-3; Dan. 4:16, 17) Sakwisé Kerajaané Gusti Allah mréntah, ibadah sing bener dipulihké karo Yésus. Hasilé ana jutaan wong sing dadi rakyaté Kerajaané Gusti Allah. Meréka wis ”nyingkirké kepribadian sing lawas . . . [lan] nganggo kepribadian sing anyar sing digawé sesuai karo karepé Gusti Allah”. (Éf. 4:22-24) Pétrus karo Yohanes isa marèkké wong sing lumpuh merga diwènèhi roh suci saka Gusti Allah. Saiki, awaké dhéwé ya isa kendel nginjil, mulang wong liya soal Alkitab, lan mbantu wong liya dadi muridé Yésus merga bantuan roh suciné Yéhuwah, dudu merga kemampuané awaké dhéwé.

’Aku Ora Isa Mandheg Ngomong’ (Kis. 4:1-22)

9-11. (a) Sakwisé krungu ceramahé Pétrus lan Yohanes, kepala penjaga bait, para imam, lan anggota Mahkamah Agung Yahudi piyé? (b) Meskipun dikongkon mandheg nginjil, apa tékadé para rasul?

9 Akèh wong padha kagum pas ndelok wong sing lumpuh mari lan ngrungokké ceramahé Pétrus. Bar kuwi, kepala penjaga bait lan para imam marani Pétrus karo Yohanes. Kemungkinan wong-wong iki wong Saduki. Wong Saduki kuwi kelompok sing sugih, pengaruhé gedhé ing politik, lan ndhukung pamréntahan Roma. Meréka ora gelem mèlu tradhisiné wong Farisi lan ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. c Dadi, meréka jèngkèl ndelok Pétrus lan Yohanes mulang soal Yésus sing wis diuripké manèh.

10 Wong-wong mau nyekel Pétrus lan Yohanes terus dilebokké penjara. Sésuké Pétrus lan Yohanes diadili ing ngarepé Mahkamah Agung Yahudi. Wong-wong ing Mahkamah Agung Yahudi ngerti nèk Pétrus lan Yohanes kuwi ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”. Dadi, meréka nganggep nèk Pétrus lan Yohanes ora nduwé hak kanggo mulang ing bait. Meréka nggumun ngapa kok Pétrus lan Yohanes isa kendel banget wektu ngomong padahal ora sekolah ing sekolahé guru-guru agama Yahudi. Tapi, sakjané Pétrus karo Yohanes isa kaya ngono merga meréka ”mbiyèn bareng karo Yésus”. (Kis. 4:13) Terus sing diwulangké Yésus kuwi asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.​—Mat. 7:28, 29.

11 Mahkamah Agung Yahudi ngongkon meréka mandheg nginjil. Keputusané Mahkamah Agung Yahudi kuwi penting banget. Malah sakdurungé, meréka sing mutuské nèk Yésus ”pantes mati”. (Mat. 26:59-66) Tapi Pétrus karo Yohanes ora wedi. Ing ngarepé wong-wong sugih, pinter, lan terkenal, meréka tetep sopan lan ngomong ngéné, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.”​—Kis. 4:19, 20.

12. Apa sing nggawé awaké dhéwé kendel nginjil?

12 Apa njenengan isa kendel kaya Pétrus lan Yohanes? Piyé perasaané njenengan nèk nginjil karo wong sing sugih, pinter, utawa terkenal? Piyé nèk ana keluarga, kanca sekolah, utawa kanca kerja sing ngèlèk-èlèk kepercayaané njenengan? Apa njenengan wedi? Nèk iya, njenengan isa sinau carané bèn tetep kendel. Pas ing bumi, Yésus ngajari para rasul bèn kendel wektu nginjil. (Mat. 10:11-18) Sakwisé diuripké manèh, Yésus ya janji nèk dhèwèké bakal ’ngancani murid-muridé nganti akhir jaman’. (Mat. 28:20) Terus, Yésus ya wis nglantik ”budhak sing setya lan wicaksana” bèn mbantu awaké dhéwé isa kendel lan trampil nginjil. (Mat. 24:45-47; 1 Ptr. 3:15) Meréka mènèhi arahan liwat pertemuan ibadah, kaya ing bagéan Urip lan Nginjilé Wong Kristen. Terus ya liwat wacan-wacan sing dhasaré Alkitab, kaya ”Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab” sing ana ing jw.org. Nèk arahan-arahan kuwi ditrapké, njenengan isa tambah kendel nginjil. Kaya para rasul, aja nganti njenengan mandheg nyritakké sing njenengan wis pelajari saka Alkitab.

Aja nganti mandheg nyritakké apa sing wis njenengan pelajari saka Alkitab

”Kabèh Murid Ndonga Bareng marang Gusti Allah” (Kis. 4:23-31)

13, 14. Njenengan kudu piyé nèk ana sing ora seneng njenengan nginjil, lan kenapa?

13 Sakwisé dibébaské saka penjara, Pétrus karo Yohanes ketemu karo sedulur-sedulur. Terus, ”kabèh murid ndonga bareng marang Gusti Allah” bèn isa kendel nginjil. (Kis. 4:24) Pétrus wis ngrasakké nèk karepé Yéhuwah ora isa kelakon nèk mung ngendelké kemampuané dhéwé. Sakdurungé, Pétrus ngendelké kemampuané dhéwé lan ngomong karo Yésus, ”Senajan kabèh kesandhung merga apa sing arep njenengan alami, aku ora bakal kesandhung.” Tapi kaya sing diomongké Yésus, Pétrus malah wedi lan ngomong nèk ora kenal karo Yésus. Dadi saiki Pétrus ora ngendelké kemampuané dhéwé.​—Mat. 26:33, 34, 69-75.

14 Nduwé kemampuan thok ora cukup bèn isa terus nginjil lan dadi muridé Yésus. Pas ana sing ora seneng njenengan nginjil, tirunen Pétrus lan Yohanes sing ndonga karo Yéhuwah bèn tetep kendel. Terus, njaluka bantuané para pinituwa lan sedulur-sedulur sing wis berpengalaman. Nèk sedulur-sedulur ndongakké njenengan, njenengan mesthi isa dadi luwih kendel.—Éf. 6:18; Yak. 5:16.

15. Nèk njenengan ngalami masalah terus mandheg nginjil, njenengan kudu piyé bèn isa semangat manèh?

15 Nèk njenengan ngalami masalah terus mandheg nginjil, élinga nèk mbiyèn para rasul sempet mandheg nginjil sakwisé Yésus dipatèni. Tapi bar kuwi, meréka nginjil manèh. (Mat. 26:56; 28:10, 16-20) Daripada mikir sing ora-ora utawa sing nggawé njenengan ora semangat, njenengan isa sinau saka pengalamané njenengan dhéwé. Terus nèk wis berhasil ngrampungké masalahé, kuwi isa dicritakké ing wong liya. Ceritané njenengan mesthi nyemangati wong liya.

16, 17. Apa sing isa dipelajari saka dongané murid-muridé Yésus?

16 Nèk misalé pamréntah nglarang awaké dhéwé nginjil, awaké dhéwé kudu piyé? Mbiyèn murid-muridé Yésus ora njaluk bèn ora ditentang manèh, soalé meréka mikirké omongané Yésus, ”Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi ya bakal nganiaya kowé.” (Yoh. 15:20) Dadi murid-murid njaluk bèn Yéhuwah ’nggatèkké’ ancamané wong-wong sing nentang. (Kis. 4:29) Murid-murid ngerti nèk meréka dianiaya merga kuwi sesuai karo ramalané Yésus. Terus meskipun ditentang pamréntah, murid-murid ya ngerti nèk sing dikarepké Yéhuwah mesthi ”kelakon ing bumi”, kuwi kaya dongané Yésus.​—Mat. 6:9, 10.

17 Murid-murid donga, ”Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu.” Dongané murid-murid kuwi sesuai karo karepé Yéhuwah. Bar kuwi, Yéhuwah njawab dongané meréka, terus ”panggonan sing dienggo ngumpul kuwi dadi goncang, lan wong-wong kuwi dituntun roh suci. Bar kuwi, kabèh wong kuwi kendel ngumumké omongané Gusti Allah”. (Kis. 4:29-31) Karepé Yéhuwah mesthi kelakon. (Yés. 55:11) Awaké dhéwé ya isa niru contoné murid-murid mbiyèn. Meskipun ana tantangan utawa masalah, tapi nèk awaké dhéwé ndonga lan njaluk bantuané Yéhuwah, Yéhuwah mesthi bakal mènèhi kekuwatan bèn awaké dhéwé isa kendel nginjil.

Sing Diapusi ”Dudu Manungsa, Ning Gusti Allah” (Kis. 4:32–5:11)

18. Piyé murid-murid ing Yérusalèm mbantu murid-murid liyané?

18 Anggota jemaat ing Yérusalèm tambah akèh nganti luwih saka 5.000. d Meskipun saka dhaérah sing béda-béda tapi murid-murid isa rukun merga ”nduwé cara mikir lan perasaan sing padha”. (Kis. 4:32; 1 Kor. 1:10) Murid-murid ing Yérusalèm ora mung ndonga njaluk berkahé Yéhuwah, tapi meréka ya ngupaya mbantu bèn sedulur-sedulur liyané nduwé iman sing kuwat lan mènèhké sing dibutuhké sedulur-sedulur kuwi. (1 Yoh. 3:16-18) Contoné, pas ana sedulur-sedulur saka dhaérah sing adoh sing manggon ing Yérusalèm luwih suwé, Yusuf sing kerep disebut Barnabas ngedol tanahé, terus dhuwité dikèkké sedulur-sedulur kuwi.

19. Ngapa kok Yéhuwah matèni Ananias lan Safira?

19 Ananias lan Safira ya ngedol tanahé terus dhuwité disumbangké kanggo sedulur-sedulur liyané. Meréka ngomong nèk wis mènèhké kabèh hasil saka tanah kuwi. Padahal ”meneng-meneng Ananias nyimpen sebagéan dhuwit hasil saka ngedol tanah mau”. (Kis. 5:2) Yéhuwah matèni Ananias lan Safira dudu merga nyumbangé mung sithik tapi merga niaté jahat, terus meréka ya ngapusi. Pétrus ngomong karo Ananias, ”Sing mbok apusi kuwi dudu manungsa, ning Gusti Allah.” (Kis. 5:4) Yésus ya ora seneng karo wong-wong sing munafik. Wong-wong sing kaya ngono ora péngin nyenengké Gusti Allah tapi mung péngin dipuji-puji manungsa.​—Mat. 6:1-3.

20. Pas nglayani Yéhuwah utawa pas nyumbang, awaké dhéwé kudu piyé?

20 Kaya murid-murid jaman mbiyèn ing Yérusalèm, saiki Seksi-Seksi Yéhuwah ya seneng ngekèki sumbangan sukaréla kanggo ndhukung gawéan nginjil. Yéhuwah ora meksa umaté kanggo mènèhi sumbangan, Yéhuwah ya péngin umaté bahagia wektu mènèhi. (2 Kor. 9:7) Yéhuwah ora nggatèkké jumlahé sumbangané awaké dhéwé, sing digatèkké Yéhuwah kuwi niaté. (Mrk. 12:41-44) Aja nganti awaké dhéwé kaya Ananias lan Safira sing kepéngin dipuji-puji pas nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé isa niru Pétrus, Yohanes, lan Barnabas sing nglayani Yéhuwah merga sayang karo Yéhuwah lan karo sedulur-sedulur.​—Mat. 22:37-40.

a Wektuné wong-wong kanggo ndonga kuwi ya barengan karo wektuné mènèhké korban pas ésuk lan soré. Pas soré korbané diwènèhké ”jam kesanga” utawa kira-kira jam telu soré.

c Deloken kothak ” Imam Agung lan Para Imam Kepala”.

d Taun 33 M, ing Yérusalèm jumlahé wong Saduki kuwi mung ana sithik lan wong Farisi mung ana kira-kira 6.000. Mungkin merga jumlahé sithik, meréka wedi nèk wong-wong sing dadi muridé Yésus tambah akèh.