Matius Bab 5-7
5 Wektu ndelok kumpulan wong kuwi, Yésus munggah ing gunung. Sakwisé Yésus lungguh, murid-muridé marani dhèwèké. 2 Yésus mulai mulang wong-wong kuwi. Yésus kandha,
3 ”Wong-wong sing sadhar nèk mbutuhké tuntunané Gusti Allah kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.
4 ”Wong-wong sing sedhih kuwi wong sing bahagia merga bakal dihibur.
5 ”Wong-wong sing wataké alus kuwi wong sing bahagia merga bakal éntuk warisan bumi.
6 ”Wong-wong sing péngin banget bèn keadilan ditindakké kuwi wong sing bahagia, merga kepénginan kuwi mesthi bakal kelakon.
7 ”Wong-wong sing nduwé rasa mesakké kuwi wong sing bahagia merga bakal dimesakké.
8 ”Wong-wong sing tulus atiné kuwi wong sing bahagia merga bakal ndelok Gusti Allah.
9 ”Wong-wong sing seneng nggawé rukun kuwi wong sing bahagia merga bakal disebut anak-anaké Gusti Allah.
10 ”Wong-wong sing dianiaya merga nindakké sing bener kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaan swarga bakal dadi duwèké.
11 ”Kowé kuwi wong sing bahagia nèk ana wong sing ngécé, nganiaya, lan mitnah kowé nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu merga aku. 12 Nabi-nabi jaman mbiyèn ya dianiaya kaya ngono. Mula kowé kudu bahagia lan seneng, merga upahmu gedhé ing swarga.
13 ”Kowé kuwi kaya uyah ing donya. Nèk uyah wis ora asin, apa ya isa diasinké manèh? Uyah sing kaya ngono kuwi wis ora ana gunané. Uyah kuwi mung bakal dibuwang ing njaba lan diidak-idak wong.
14 ”Kowé kuwi kaya cahaya sing madhangi donya. Kutha ing ndhuwur gunung mesthi bakal kétok. 15 Wong sing nyumet lampu minyak ora mungkin ndèlèhké lampu kuwi ing ngisor kranjang, tapi ing panggonan sing dhuwur bèn isa madhangi kabèh sing ana ing njero omah. 16 Mula, kaya cahaya sing bersinar, kowé ya kudu nduduhké tumindak sing apik, supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu kuwi lan ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.
17 ”Aja mikir nèk aku teka arep nyingkirké Taurat utawa Tulisané Para Nabi. Aku teka ora arep nyingkirké, ning nggawé kabèh kuwi dadi kenyataan. 18 Percayaa, kaya langit lan bumi sing bakal terus ana, huruf sing paling cilik utawa bagéan huruf sing paling cilik ing Taurat ya bakal terus ana nganti kabèh sing ditulis ing kono kelakon. 19 Mula, sapa waé sing nglanggar salah siji préntah sing dianggep ora penting karo wong-wong lan ngajari liyané bèn nindakké sing padha, wong kuwi bakal dianggep ora pantes kanggo Kerajaan swarga. Ning, sapa waé sing nindakké préntah kuwi lan ngajari liyané nindakké sing padha, wong kuwi bakal dianggep pantes kanggo Kerajaan swarga. 20 Dadi, saiki kowé tak kandhani, nèk tumindakmu ora luwih bener timbang para ahli Taurat lan wong Farisi, kowé ora bakal isa mlebu ing Kerajaan swarga.
21 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, yaiku, ’Aja matèni. Wong sing matèni wong liya bakal digawa ing pengadilan.’ 22 Ning, saiki kowé tak kandhani, saben wong sing terus nesu marang seduluré bakal digawa ing pengadilan. Sapa waé sing nyebut seduluré nganggo kata-kata sing ngrendhahké bakal digawa ing Mahkamah Agung. Sapa waé sing kandha, ’Dhasar goblok!’ bakal dihukum ing Géhéna a sing geniné murub.
23 ”Mula, wektu kowé nggawa korban ing mézbah, lan ing kono kowé kèlingan nèk sedulurmu lagi jèngkèl karo kowé, 24 tinggalen korbanmu ing ngarepé mézbah, lan lungaa. Rukuna dhisik karo sedulurmu, terus balia, lan wènèhna korbanmu.
25 ”Nèk ana wong sing nuntut kowé ing pengadilan, cepet rampungna masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan akhiré kowé dilebokké penjara. 26 Percayaa, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu nganti dhuwit rècèhmu sing terakhir.
27 ”Kowé wis krungu omongan, ’Aja laku jina.’ 28 Ning, kowé tak kandhani, saben wong sing terus nyawang wong wédok nganti nduwé nafsu, wong kuwi wis laku jina ing njero atiné. 29 Dadi, nèk mripatmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa, cungkilen kuwi, lan buwangen. Mendhing kowé kélangan salah siji mripatmu timbang kabèh awakmu diuncalké menyang Géhéna. b 30 Nèk tanganmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa, tugelen kuwi, lan buwangen. Mendhing kowé kélangan salah siji tanganmu timbang kabèh awakmu mlebu ing Géhéna. c
31 ”Terus, ana omongan, ’Sapa waé sing megat bojoné kudu mènèhi surat cerai.’ 32 Ning, kowé tak kandhani, nèk ana wong lanang sing megat bojoné padahal bojoné ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes, d wong lanang kuwi isa nyebabké bojoné laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat mau ya nindakké laku jina.
33 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, ’Aja sumpah, ning ora nglakoni. Janjimu marang Yéhuwah kudu mbok tepati.’ 34 Ning, kowé tak kandhani: Aja pisan-pisan nggawé sumpah. Aja sumpah demi swarga, merga kuwi takhtané Gusti Allah. 35 Aja sumpah demi bumi, merga kuwi panggonané Gusti Allah ndèlèhké sikilé. Aja sumpah demi Yérusalèm, merga kutha kuwi kutha Raja sing agung. 36 Aja sumpah demi sirahmu, merga kowé ora isa nggawé sak ler rambut waé dadi putih utawa ireng. 37 Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’. Omongan sing ora ditepati kuwi asalé saka Iblis.
38 ”Kowé wis krungu omongan, ’Mripat ganti mripat, lan untu ganti untu.’ 39 Ning, kowé tak kandhani: Aja mbales wong sing jahat karo kowé. Ning, nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna sisan pipimu kiwa. 40 Nèk ana wong sing nggawa kowé ing pengadilan lan péngin njaluk klambi njeromu, wènèhna sisan klambi njabamu. 41 Nèk wong sing nduwé wewenang ngongkon kowé lunga sak kilomèter, lungaa rong kilomèter. 42 Nèk kowé dijaluki wong, ya wènèhna sing dijaluk kuwi. Nèk ana sing arep utang e karo kowé, aja mbok tolak.
43 ”Kowé wis krungu omongan, ’Kowé kudu nresnani wong liya lan sengit karo mungsuhmu.’ 44 Ning, kowé tak kandhani: Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé. 45 Kuwi dadi bukti nèk kowé anak-anaké Bapakmu ing swarga. Dhèwèké nggawé matahari terbit kanggo wong sing jahat lan wong sing apik lan nggawé udan kanggo wong sing bener lan wong sing ora bener. 46 Nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé, apa upahmu? Kowé ora ana bédané karo para petugas pajeg. 47 Nèk kowé ngucapké salam mung marang sedulurmu waé, apa rumangsamu kuwi hébat? Kowé ora ana bédané karo wong-wong saka bangsa liya. 48 Mula, kowé kudu sampurna, f kaya Bapakmu ing swarga sing sampurna.
6 ”Aja tumindak apik mung merga péngin didelok wong. Nèk kowé kaya ngono, kowé ora bakal éntuk upah saka Bapakmu ing swarga. 2 Mula nèk kowé mènèhi sedhekah, aja mbok critak-critakké. Wong munafik nindakké kuwi ing sinagogé g lan ing dalan-dalan bèn dialem wong liya. Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 3 Ning nèk kowé mènèhi sedhekah, aja nganti tanganmu kiwa ngerti sing ditindakké tanganmu tengen, 4 supaya ora ana sing ngerti nèk kowé mènèhi sedhekah. Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh bakal mberkahi kowé.
5 ”Terus wektu kowé ndonga, aja kaya wong munafik. Wong-wong kuwi seneng ndonga karo ngadeg ing sinagogé lan ing prapatan supaya didelok wong. Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 6 Ning nèk arep ndonga, mlebua ing kamar lan tutupen lawangé. Bar kuwi, ndongaa marang Bapakmu sing ora kétok. Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh bakal mberkahi kowé. 7 Wektu ndonga, aja ngucapké kata-kata sing padha lan dibolan-balèni kaya wong saka bangsa-bangsa. Wong-wong kuwi ngira dongané bakal dirungokké merga dawa. 8 Dadi, aja kaya wong-wong kuwi. Bapakmu ngerti apa sing mbok butuhké, malah sakdurungé mbok jaluk.
9 ”Mula, kowé kudu ndonga kaya ngéné:
”’Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. 10 Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga. 11 Wènèhana aku panganan sing tak butuhké dina iki, 12 lan tulung dosa-dosaku diapura kaya aku wis ngapura wong sing dosa marang aku. 13 Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha, lan slametna aku saka Iblis.’
14 ”Nèk kowé ngapura kesalahané wong liya, kowé ya bakal diapura Bapakmu ing swarga. 15 Ning, nèk kowé ora ngapura kesalahané wong liya, kesalahanmu ya ora bakal diapura Bapakmu.
16 ”Nèk kowé pasa, wajahmu aja mbok melas-melaské kaya wong munafik. Wajahé wong-wong kuwi dimelas-melaské bèn wong liya ngerti nèk dhèwèké lagi pasa. Percayaa, wong-wong kuwi wis éntuk upahé. 17 Ning nèk kowé pasa, minyakana rambutmu lan raupa, 18 supaya ora ana wong sing ngerti nèk kowé lagi pasa, kecuali Bapakmu sing ora kétok. Terus, Bapakmu sing isa ndelok kabèh bakal mberkahi kowé.
19 ”Aja nglumpukké manèh harta ing bumi, merga kuwi isa dirusak serangga lan karat. Kuwi ya isa dimaling. 20 Ning klumpukna harta ing swarga, merga ing kana ora ana serangga lan karat sing isa ngrusak harta kuwi. Maling ya ora isa nyolong kuwi. 21 Ing endi hartamu, ya ing kono kuwi atimu.
22 ”Mripat kuwi kaya cahaya sing madhangi awak. Mula, nèk mung siji sing dadi fokusé mripatmu, kabèh awakmu bakal padhang. 23 Ning, nèk mripatmu seneng iri, kabèh awakmu bakal peteng. Nèk cahaya sing mbok duwèni kuwi dadi peteng, kabèh awakmu mesthi peteng ndhedhet.
24 ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Dhèwèké bakal sengit marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.
25 ”Mula, aku ngandhani kowé: Aja kuwatir manèh soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan utawa apa sing arep mbok ombé, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo. Urip kuwi kan luwih berharga timbang panganan lan pakaian, ta? 26 Coba deloken manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar benih, ora manèn, lan ora nyimpen panganan. Ning, Bapakmu ing swarga makani manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk kuwi, ta? 27 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik? 28 Ngapa kok kowé kuwatir soal pakaian? Gatèkna kaé kembang lili sing thukul ing ladhang. Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé lan ora njait. 29 Ning, kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget, kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo. 30 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik. 31 Mula, aja nganti kuwatir lan kandha, ’Apa sing arep tak pangan?’ utawa, ’Apa sing arep tak ombé?’ utawa, ’Apa sing arep tak enggo?’ 32 Kuwi kabèh sing digolèki tenanan karo wong-wong saka bangsa liya. Bapakmu ing swarga ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh.
33 ”Mula, Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé. 34 Dadi, aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.
7 ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili, 2 merga kowé bakal diadili nurut caramu ngadili. Wong liya ya bakal tumindak marang kowé nurut caramu tumindak marang wong liya. 3 Dadi, ngapa kok kowé ndelok jerami ing mripaté sedulurmu, ning ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé? 4 Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak jupuké jerami ing mripatmu,’ padahal ana balok kayu ing mripatmu dhéwé? 5 Hé wong munafik, etokna dhisik balok kayu saka mripatmu, bar kuwi kowé lagi isa ndelok cetha lan njupuk jerami ing mripaté sedulurmu.
6 ”Aja mènèhké apa sing suci marang asu, lan aja nguncalké mutiaramu marang babi, merga kuwi mung bakal diidak-idak, lan kéwan-kéwan kuwi bakal nyerang kowé.
7 ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang. 8 Saben wong sing njaluk bakal nampa, saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 9 Apa ana ing antaramu sing dijaluki roti anaké malah mènèhi watu, 10 utawa nèk dijaluki iwak malah mènèhi ula? 11 Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi apa sing apik kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.
12 ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi. Sakjané, kuwi intiné Taurat lan Tulisané Para Nabi.
13 ”Mlebua liwat gerbang sing sempit, merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah ing kematian, lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. 14 Ning, gerbang sing sempit lan dalan sing sempit kuwi ngarah ing urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.
15 ”Kowé kudu waspada karo nabi-nabi palsu sing marani kowé. Wong-wong kuwi éthok-éthok dadi domba, padahal asliné serigala sing rakus. 16 Kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé. h Suket eri ora bakal ngasilké buah anggur utawa buah ara, ta? 17 Wit sing apik bakal ngasilké buah sing apik, lan wit sing èlèk bakal ngasilké buah sing èlèk. 18 Wit sing apik ora isa ngasilké buah sing èlèk. Wit sing èlèk ora isa ngasilké buah sing apik. 19 Saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong. 20 Dadi, kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.
21 ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kerajaan swarga. Ning, mung wong sing nindakké karepé Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana. 22 Pas dina kuwi, bakal ana akèh wong sing kandha, ’Gusti, Gusti, aku kan wis ngramal nganggo jenengmu, ngusir roh-roh jahat nganggo jenengmu, lan nindakké akèh mukjijat nganggo jenengmu, ta?’ 23 Ning, aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé. Lungaa kana, hé kowé wong-wong sing nglanggar hukum.’
24 ”Mula, saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana sing mbangun omahé ing ndhuwur watu. 25 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu. 26 Ning, saben wong sing ngrungokké omonganku iki ning ora gelem nindakké bakal kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir. 27 Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé, omah kuwi ambruk lan remuk kabèh.”
28 Sakwisé Yésus rampung ngomongké kuwi kabèh, kumpulan wong kuwi kagum karo carané Yésus mulang, 29 merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.
a Panggonan kanggo ngobong sampah sing ana ing njaba kutha Yérusalèm. Jeneng Yunani kanggo Lembah Hinom, sing ana ing sisih kidul lan barat dayané Yérusalèm jaman mbiyèn. Ora ana bukti sing nyebutké nèk kéwan utawa manungsa sing isih urip diuncalké menyang Géhéna kanggo diobong utawa disiksa. Dadi, panggonan kuwi ora mungkin nglambangké panggonan kanggo nyiksa manungsa nganggo geni saklawasé. Ning, kata Géhéna digunakké Yésus lan murid-muridé kanggo nglambangké hukuman mati tanpa ana harapan kanggo diuripké manèh.
d Saka kata Yunani porneia, istilah sing maksudé kabèh hubungan sèks sing dilarang, contoné laku jina, pelacuran, hubungan sèks karo wong sing dudu bojoné, hubungan sèks karo wong sing padha lanangé utawa padha wédoké (homosèks), lan hubungan sèks karo kéwan (bèstialitas).
e Maksudé, nyilih tanpa bunga.
f Utawa ”lengkap”.
g Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
h Utawa ”tumindaké”.