Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 4

Piyé Nèk Aku Nggawé Salah?

Piyé Nèk Aku Nggawé Salah?

NGAPA PENTING?

Nèk ngakoni salahmu, kowé bakal dadi wong sing luwih tanggung jawab lan isa dipercaya.

KOWÉ KUDU PIYÉ?

Bayangna cerita iki: Wektu bal-balan karo kancané, Tomy mecahké kaca jendhéla tanggané.

Nèk kowé dadi Tomy, kowé kudu piyé?

PIKIREN DHISIK!

KOWÉ NDUWÉ TELUNG PILIHAN:

  1. Mlayu.

  2. Nyalahké wong liya.

  3. Ngandhani tanggamu lan ngomong nèk arep ngijoli.

Kowé isa waé milih pilihan A. Ning, mesthi ana alesan sing apik kanggo ngakoni salahmu, embuh kuwi bab kaca jendhéla utawa liyané.

TELUNG ALESAN KANGGO NGAKONI SALAHMU

  1. Kuwi tumindak sing bener.

    Alkitab kandha, ”Aku padha ngarah supaya satindak-tandukku bisaa utama [”jujur”, Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru (NW)].”Ibrani 13:18.

  2. Wong sing ngakoni salahé biyasané diapura.

    Alkitab kandha, ”Sing sapa nutupi kaluputané ora bakal maju, nanging sing sapa ngakoni lan marèni kaluputané dikasihi déning Allah.”Wulang Bebasan 28:13, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan (BJP).

  3. Sing paling penting, kuwi nyenengké Gusti Allah.

    Alkitab kandha, ”Wong kang laku nasar [utawa, ora jujur] iku nistha tumrap Sang Yéhuwah, nanging karo wong kang temen pasrawungané raket.”Wulang Bebasan 3:32.

Karina sing umuré 20 taun, ndhelikké surat tilang bèn bapaké ora ngerti. Ning kuwi ora isa didhelikké terus. ”Sakwisé setaun, bapakku nemokké surat tilang sing ana jenengku. Wah aku dadi kena masalah manèh,” jaré Karina.

Apa piwulangé? Karina ngomong, ”Nèk kowé nutupi salahmu, masalahé tambah ruwet. Akiré kowé ya tetep kudu tanggung jawab.”

KOWÉ ISA SINAU SAKA SALAHMU

Alkitab kandha, ”Kita padha kerep gawé keluputan.” (Yakobus 3:2, BJP) Kaya sing wis awaké dhéwé sinaoni, nèk kowé ngakoni salahmu, kuwi tandha nèk kowé wong sing andhap asor lan diwasa. Ngakoni salahmu kuwi kudu cepet-cepet ditindakké.

Cara liyané yaiku sinau saka salahmu. Cah wédok jenengé Véra ngomong, ”Saben kesalahan tak dadèkké pengalaman lan pelajaran sing bakal mbantu aku dadi wong sing luwih apik, lan isa ngatasi masalah sing padha ing wektu liya.”

Kowé nyilih sepédhané bapakmu lan ngrusakké. Terus kowé kudu piyé?

  • Meneng waé lan kowé péngin bapakmu ora ngerti.

  • Ngandhani bapakmu sing sakbeneré.

  • Ngandhani bapakmu ning nyalahké wong liya.

Hasil ujianmu èlèk merga kowé ora sinau. Terus kowé kudu piyé?

  • Nyalahké ujiané.

  • Nampa akibaté nèk bijimu pancèn èlèk.

  • Nudhuh nèk gurumu ora seneng karo kowé.

Nèk mung terus mikirké salahmu mbiyèn, kuwi kaya wong sing terus ndelok kaca spion wektu nyopir

Saiki gatèkna manèh cerita mau, lan bayangna nèk kowé sing dadi (1) bapakmu lan (2) gurumu. Nèk kowé ngakoni salahmu, bapak lan gurumu bakal nganggep kowé wong sing piyé? Nèk kowé nutupi salahmu, bapak lan gurumu bakal nganggep kowé wong sing piyé?

Coba diéling-éling manèh salahmu setaun iki lan jawaben pitakonan iki.

Salah apa? Piyé kowé ngatasi kuwi?

  • Aku nutup-nutupi.

  • Aku nyalahké wong liya.

  • Aku langsung ngakoni.

Nèk kowé ora ngakoni salahmu, piyé perasaanmu sakwisé kuwi?

  • Asik, aku aman-aman waé.

  • Ngrasa salah, merga aku kuduné jujur.

Kuduné piyé ngatasi masalah kuwi?

Kowé isa sinau apa saka salahmu?

PIYÉ MENURUTMU?

Apa sebabé ana wong sing wedi ngakoni salahé?

Nèk kowé mesthi nutupi salahmu, wong bakal nganggep kowé wong sing piyé? Ning, nèk kowé ngakoni salahmu, wong bakal nganggep kowé wong sing piyé?Lukas 16:10.