Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 4

Merga Adam lan Hawa Manut Sétan, Apa Akibaté?

Merga Adam lan Hawa Manut Sétan, Apa Akibaté?

Merga ora manut, Adam lan Hawa mati. Purwaning Dumadi 3:6, 23

Hawa ngrungokké omongané ula, terus akhiré buah kuwi dipangan. Bar kuwi, buahé diwènèhké Adam bèn dipangan.

Wong loro kuwi ora manut Gusti Allah, mula diusir saka Firdaus.

Akibaté, uripé Adam, Hawa, lan keturunané dadi susah. Adam lan Hawa dadi tuwa lan mati. Pas mati, wong loro kuwi ora gentayangan, ning wis ora ana manèh.

Wong mati kuwi bali dadi debu. Purwaning Dumadi 3:19

Awaké dhéwé kuwi keturunané Adam lan Hawa, mula mesthi bakal mati. Wong mati kuwi ora ngerti apa-apa.​—Pengkhotbah 9:5, 10.

Yéhuwah ora péngin manungsa mati. Ora suwé manèh, wong mati bakal diuripké. Nèk terus manut karo Yéhuwah, wong-wong kuwi isa urip saklawasé.