Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 10

Apa Berkahé Nèk Ngrungokké Gusti Allah?

Apa Berkahé Nèk Ngrungokké Gusti Allah?

Wong mati bakal diuripké manèh ing bumi. Kisah 24:15

Bayangna akèh berkah sing bakal njenengan nikmati nèk gelem ngrungokké Gusti Allah. Njenengan bakal bener-bener séhat, ora lara utawa cacad. Wong jahat wis ora ana manèh, lan kabèh wong isa dipercaya.

Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Wong ora bakal dadi tuwa lan mati.

Njenengan isa ketemu manèh karo keluarga lan kanca-kanca. Urip ing Firdaus kuwi nyenengké banget.

Kabèh wong bakal urip ayem tanpa ngrasa wedi.

Kerajaané Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Wahyu 21:3, 4