Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 4

Carané Sinau Bab Gusti Allah

Carané Sinau Bab Gusti Allah

Carané sinau bab Gusti Allah yaiku maca Alkitab. Mbiyèn, Gusti Allah milih wong-wong lanang kanggo nulis tuntunané. Tulisan kuwi disebut Alkitab. Saiki, awaké dhéwé isa sinau bab Gusti Allah saka Alkitab. Merga isiné kabar saka Yéhuwah, Alkitab disebut Sabdané Gusti Allah. Awaké dhéwé isa percaya karo Alkitab, merga Yéhuwah ora bakal ngapusi. (Ibrani 6:18) Sabdané Gusti Allah kuwi mesthi bener.​—Yokanan 17:17.

Alkitab kuwi salah sijiné hadiah sing aji banget saka Yéhuwah. Alkitab kuwi kaya surat saka bapak sing nresnani anak-anaké. Alkitab ngandhani bab janjiné Gusti Allah sing arep ndadèkké bumi dadi Pirdus. Awaké dhéwé isa ngerti saka Alkitab bab apa sing wis, sing lagi, lan sing arep ditindakké Yéhuwah kanggo manungsa. Alkitab uga ngandhani carané ngadhepi masalah lan carané bèn urip ayem tentrem.​—2 Timotéus 3:16, 17.

Seksi-Seksi Yéhuwah sing dadi kancané Gusti Allah bakal mbantu panjenengan ngerti wulangané Alkitab. Nèk péngin tenan sinau Alkitab, langsung waé ngomong karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Sinauné ora mbayar. (Matéus 10:8) Panjenengan uga isa mèlu pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Balé Ibadah. Nèk teka ing pakumpulan ibadah iki, pangertèn panjenengan bab Gusti Allah bakal saya tambah.

Panjenengan isa sinau bab Gusti Allah saka sing digawé. Contoné, Alkitab kandha nèk Gusti Allah sing nggawé langit lan bumi. (Purwaning Dumadi 1:1) Wektu Yéhuwah nggawé langit, Yéhuwah uga nggawé srengéngé. Apa sing isa disinaoni bab Yéhuwah saka anané srengéngé? Kwasané Yéhuwah kuwi gedhé banget. Mung Yéhuwah sing isa nggawé barang sing marai gumun, kaya srengéngé mau. Srengéngé isa mènèhi panas lan madhangi bumi, ning srengéngé kuwi ora kobong. Saka kono, awaké dhéwé uga ngerti nèk Yéhuwah kuwi pinter banget.

Sing digawé Yéhuwah nduduhké nèk Yéhuwah nresnani manungsa. Coba dipikir bab anané woh-wohan sing werna-werna. Isa waé Yéhuwah nyedhiyakké woh-wohan mung sak werna thok, apa malah babar blas ora nyedhiyani. Ning, Yéhuwah maringi awaké dhéwé woh-wohan sing bentuk, ukuran, werna, lan rasané béda-béda. Iki nduduhké nèk Yéhuwah kuwi ora mung nresnani manungsa, ning uga loma, pinter, lan apikan.​—Jabur 104:24.