Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 15

Kanca-kancané Gusti Allah Nindakké sing Bener

Kanca-kancané Gusti Allah Nindakké sing Bener

Nèk panjenengan nduwé kanca sing digumuni lan diurmati, panjenengan mesthi péngin niru dhèwèké. Alkitab kandha, ”Sang Yéhuwah iku becik lan adil.” (Jabur 25:8) Bèn dadi kancané Gusti Allah, awaké dhéwé kudu becik lan adil. Alkitab uga kandha, ”Awit saka iku padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih lan lumakua ing katresnan.” (Éfesus 5:1, 2) Carané nindakké sing bener yaiku:

Seneng nulungi wong liya. ”Ayo padha gawé becik marang wong kabèh.”—Galati 6:10.

Kerja tenanan. ”Wong kang gawéné nyolong, aja nyolong manèh, nanging becik nyambut-gawé kanthi tumemen [tenanan] lan nglakoni pagawéan kang becik kalawan tangané dhéwé.”—Éfesus 4:28.

Njaga badan lan tumindaké tetep resik. ”Hayuk ta saiki pada ngresiki uripé awaké déwé sangka sembarang sing nggawé regeté badan lan atiné awaké déwé.”—2 Korinta 7:1, Basa Jawa Suriname (BJS).

Ngajèni lan ngurmati para anggota kluarga panjenengan. ”Dadi tumraping kowé: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhéwé, déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang. Hé bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu.”—Éfesus 5:33–6:1.

Nresnani wong liya. ”Payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkané saka ing Gusti Allah.”—1 Yokanan 4:7.

Manut karo hukum pamréntah utawa negara. ”Saben wong mbangun-turuta marang pangwasané negara . . . mulané padha mbayara marang pangwasa apa sing dadi kuwajibanmu; yèn pajeg ya pajeg.”—Rum 13:1, 7, Basa Jawi Padintenan (BJP).