Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 16

Buktèkna Nèk Panjenengan Nresnani Gusti Allah

Buktèkna Nèk Panjenengan Nresnani Gusti Allah

Nèk péngin terus kekancan, kudu sok omong-omongan karo kanca panjenengan. Panjenengan ngrungokké kanca kuwi, lan dhèwèké ngrungokké panjenengan. Panjenengan uga ngomongké sing apik-apik bab kanca kuwi marang wong liya. Kuwi padha karo nèk awaké dhéwé kekancan karo Gusti Allah. Gatèkna kandhané Alkitab bab iki:

Ajega ndonga marang Yéhuwah. ”Tansah padha ndedongaa.”—Rum 12:⁠12, Basa Jawi Padintenan (BJP).

Wacanen Alkitab. ”Tembung-tembung isiné pituturé Gusti Allah kuwi kabèh metuné sangka pikirané Gusti Allah déwé. Mulané tembung-tembung kuwi kabèh kenèng dienggo mulangi bab sing bener, kenèng dienggo mbenerké piwulang sing klèru.”​—2 Timotéus 3:16, Basa Jawa Suriname (BJS).

Wulangen wong liya bab Gusti Allah. ”Mulané padha lungaa, sakabèhing bangsa padha dadèkna siswaKu, . . . padha wulangen bab apa kang wis Dakdawuhaké marang kowé kabèh.”—Matéus 28:19, 20.

Ayo padha cedhak karo kanca-kancané Gusti Allah. ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana.”—Wulang Bebasan 13:20.

Ayo teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing Balé Ibadahé. ”Hayuk pada nggatèkké marang sakpada-pada, kanggo tanda katrésnan lan kabetyikan [kabecikan] marang sakpada-pada . . . pada ngélingké sakpada-pada.”—Ibrani 10:24, 25, BJS.

Ayo mèlu nyumbang kanggo ndhukung gawéan nginjil. ”Saben wong mènèhana manut rilaning atiné, lan aja karo nggrundel utawa merga kepeksa. Sebab Gusti Allah ngasihi wong sing wèwèh kanthi sukalila.”—2 Korinta 9:7, BJP.