Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 8

Sapa Waé Mungsuhé Gusti Allah?

Sapa Waé Mungsuhé Gusti Allah?

Mungsuhé Gusti Allah sing utama yaiku Iblis. Iblis kuwi malaékat sing mbrontak nglawan Yéhuwah. Iblis terus ngupaya nglawan Gusti Allah lan nggawé sengsarané manungsa. Iblis kuwi jahat banget. Dhèwèké tukang ngapusi lan tukang matèni wong.​—Yokanan 8:44.

Malaékat liyané mèlu Iblis mbrontak nglawan Gusti Allah. Alkitab nyebut para malaékat iki dhemit utawa memedi. Kaya Iblis, dhemit-dhemit iki mungsuhé manungsa. Para dhemit iki seneng nyengsarakké manungsa. (Matéus 9:32, 33; 12:22) Yéhuwah bakal numpes Iblis lan para dhemité kanggo saklawasé. Tegesé, mung kari sedhéla manèh wektuné Iblis lan para dhemité nyengsarakké manungsa.​—Wahyu 12:12.

Nèk péngin dadi kancané Gusti Allah, aja gelem manut karo Iblis. Iblis lan para dhemité sengit banget karo Yéhuwah. Iblis lan para dhemité dadi mungsuhé Yéhuwah lan péngin panjenengan uga mèlu dadi mungsuhé Gusti Allah. Panjenengan kudu milih sapa sing arep disenengké, Iblis utawa Yéhuwah? Nèk péngin urip saklawasé, panjenengan kudu milih manut karo Yéhuwah. Iblis nganggo cara lan upaya werna-werna kanggo ngapusi manungsa. Saiki akèh wong sing lagi diapusi.​—Wahyu 12:9.