Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAMPIRAN B

Kapan Omong-omongané Ora Perlu Dilanjutké?

Kapan Omong-omongané Ora Perlu Dilanjutké?

Biasané awaké dhéwé bakal tetep nglanjutké omong-omongan karo wong sing mungkin awalé ora setuju utawa karo wong sing akèh takon merga péngin ngerti. Soalé isa waé wong kuwi ”wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé”.—Kis. 13:48.

Tapi piyé nèk misalé wongé ngamuk, ngejak debat, utawa malah ora gelem nanggepi? Omong-omongané ora perlu dilanjutké manèh. Kudu tetep tenang lan sopan. (WB. 17:14) Ngomongé ya kudu sing apik. Sapa ngerti sukmbèn dhèwèké gelem dijak omong-omongan manèh.—1 Ptr. 2:12.