Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MUPUK MINAT

PELAJARAN 7

Pantang Menyerah

Pantang Menyerah

Ayat: ”Para rasul tanpa mandheg mulangké lan martakké kabar apik.”—Kis. 5:42.

Conto saka Paulus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Kisah 19:​8-10. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Apa buktiné nèk Paulus pantang menyerah wektu nyampèkké kabar apik?

  2.   Kapan waé Paulus marani manèh kanggo mulang wong-wong sing berminat? Nganti pirang taun dhèwèké kaya ngono?

Sing Isa Dipelajari saka Paulus

2. Bèn isa berhasil marani manèh lan mulai pelajaran Alkitab, kudu gelem ngorbanké wektu lan ya kudu ngupaya tenanan.

Carané Niru Paulus

3. Gelem nyesuaikké jadwal. Pikirna, ’Kapan ya kira-kira dhèwèké isa dihubungi lan nduwé wektu kanggo omong-omongan? Terus, pénaké ing endi omong-omongané?’ Kudu tetep marani manèh meskipun wektuné ora pénak kanggo njenengan.

4. Janjian karo wongé. Saben bar omong-omongan, kudu mastèkké kapan arep marani manèh. Terus nèk wis janjian, ya kudu ditepati.

5. Aja putus asa. Nèk wongé kerep sibuk utawa jarang ing omah, aja langsung mikir nèk dhèwèké ora berminat. (1 Kor. 13:​4, 7) Tapi ya kudu tetep seimbang. Wektuné aja nganti entèk mung dienggo marani wong kuwi thok.—1 Kor. 9:26.