Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

MUPUK MINAT

PELAJARAN 9

Isa Ngrasakké sing Dirasakké Wong Liya

Isa Ngrasakké sing Dirasakké Wong Liya

Ayat: ”Kowé kudu ngrasa bahagia karo wong sing bahagia, lan nangis karo wong sing nangis.”—Rm. 12:15.

Conto saka Yésus

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Markus 6:​30-34. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1.    Ngapa kok Yésus karo para rasulé ora péngin ketemu wong akèh sik?

  2.   Apa sing akhiré marakké Yésus gelem mulang wong-wong kuwi?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Nèk isa ngrasakké sing dirasakké wong liya, awaké dhéwé fokusé ora mung nyampèkké kabar apik tapi ya gelem mikirké kebutuhané wong liya.

Carané Niru Yésus

3. Ngrungokké tenanan. Nèk wongé lagi nyritakké perasaané, kekuwatirané, utawa nèk dhèwèké ngomong ora setuju, ya dirungokké sik. Aja dipedhot utawa disepèlèkké. Nèk ngrungokké tenanan, njenengan mbuktèkké nèk perduli karo sing dhèwèké pikirké.

4. Mikirké wong kuwi. Saka sing njenengan gatèkké selama omong-omongan karo wong kuwi, pikirna:

  1.    ’Ngapa ya kok dhèwèké perlu ngerti ajaran sing bener?’

  2.   ’Nèk dhèwèké sinau Alkitab, apa manfaaté kanggo dhèwèké saiki lan sukmbèn?’

5. Ngrembug hal-hal sing bermanfaat kanggo wong kuwi. Nèk isa, ndang duduhna nèk sinau Alkitab kuwi isa marakké dhèwèké ngerti keterangan-keterangan lan saran-saran sing bermanfaat kanggo dhèwèké.