Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB LORO

Alkitab Kuwi Buku saka Gusti Allah

Alkitab Kuwi Buku saka Gusti Allah

1, 2. Apa sebabé Alkitab kuwi hadiah sing aji banget saka Gusti Allah?

PIYÉ rasané pas ana kanca sing ngekèki kado marang panjenengan? Mesthiné panjenengan seneng banget merga ana sing nggatèkké, lan ora sabar péngin ngerti isiné. Panjenengan mesthiné ya maturnuwun marang dhèwèké.

2 Alkitab kuwi hadiah saka Gusti Allah. Ing Alkitab ana katrangan sing ora isa ditemokké ing buku liya. Contoné, Alkitab nyritakké nèk Gusti Allah sing nggawé langit, bumi, lan manungsa lanang wadon sing sepisanan. Ing Alkitab ana pathokan-pathokan sing isa dinggo ngadhepi masalah. Alkitab uga njelaské piyé kersané Gusti Allah bakal kelakon, yaiku ndadèkké bumi dadi panggonan sing nyenengké. Alkitab kuwi pancèn hadiah sing aji banget saka Yéhuwah.

3. Wektu sinau Alkitab, panjenengan bakal ngerti apa?

3 Wektu sinau Alkitab, panjenengan bakal ngerti nèk Gusti Allah péngin panjenengan dadi kancané. Saya akèh sinau bab Gusti Allah, panjenengan bakal dadi kanca sing luwih cedhak karo Yéhuwah.

4. Apa sebabé ora ana buku sing kaya Alkitab?

4 Alkitab wis dialih basa ing kira-kira 2.600 basa, lan ana milyaran Alkitab sing wis dicétak. Luwih saka 90 persèn manungsa ing donya isa maca Alkitab nganggo basané dhéwé. Saben minggu ana luwih saka sakyuta wong sing éntuk Alkitab. Pancèn ora ana buku sing kaya Alkitab.

5. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk Alkitab kuwi ”diwangsitaké déning Gusti Allah”?

5 Alkitab kuwi ”diwangsitaké déning Gusti Allah”. (Wacanen 2 Timotéus 3:16.) Ning, mbokmenawa ana sing mikir, ’Alkitab kuwi kan sing nulis manungsa, mosok asalé saka Gusti Allah?’ Alkitab kandha, ’Nanging manut pinuntuné roh sutyi [utawa, suci] manungsa ngetokké tembungé Gusti Allah.’ (2 Pétrus 1:21, Basa Jawa Suriname [BJS]) Kuwi kaya bos sing ngongkon sekretarisé nulis surat. Isiné surat kuwi pikirané sapa? Mesthiné pikirané bosé, ta? Dudu pikirané sekretarisé. Dadi, isiné Alkitab kuwi pikirané Gusti Allah, dudu manungsa sing dikongkon nulis. Gusti Allah nuntun manungsa kanggo nulis pikirané. Alkitab kuwi pancèn ”pangandikané Gusti Allah”.​—1 Tésalonika 2:13; deloken Cathetan 2.

Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru ana ing basa werna-werna

ISINÉ ALKITAB KUWI BENER

6, 7. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk buku-buku ing Alkitab nyambung siji lan sijiné?

6 Alkitab ditulis suwéné 1.600 taun. Wong-wong sing nulis Alkitab urip ing jaman sing béda-béda. Ana sing pendhidhikané dhuwur, ning ana sing ora. Contoné, ana sing gawéané dhokter, wong tani, wong nggolèk iwak, wong angon wedhus, nabi, hakim, lan raja. Senajan sing nulis béda-béda, buku-buku sing ditulis ing Alkitab ora ana sing mbingungké, ning nyambung siji lan sijiné. *

7 Buku Alkitab sing kapisan nyritakké piyé mulainé masalah ing donya iki, lan buku sing pungkasan ngandhani carané Gusti Allah ngrampungké kabèh masalah kuwi, yaiku nggawé bumi dadi pirdus. Alkitab crita bab lelakoné manungsa sing suwéné éwon taun, lan bab kabèh kersané Gusti Allah sing mesthi kelakon.

8. Wènèhana conto nèk katrangané Alkitab bab ilmu pengetahuan kuwi bener.

8 Alkitab kuwi dudu buku kanggo mulang ilmu pengetahuan, lan dudu buku sekolahan. Ning, nèk nyritakké bab ilmu pengetahuan, Alkitab kuwi mesthi bener. Kuwi bukti nèk Alkitab pancèn saka Gusti Allah. Contoné, isiné buku Kaimaman ana sing njelaské bab aturané Gusti Allah bèn penyakit ora nyebar ing antarané wong-wong Israèl. Buku kuwi ditulis suwé sakdurungé manungsa ngerti piyé baktèri lan virus isa marahi lara. Alkitab uga mulang nèk bumi digantung tanpa canthèlan. (Ayub 26:7) Wektu wong-wong percaya nèk bentuké bumi kuwi ora bunder, Alkitab kandha nèk bumi kuwi bunder.​—Yésaya 40:22.

9. Wong-wong sing nulis Alkitab kuwi jujur, kuwi mbuktèkké apa?

9 Wektu Alkitab crita bab sejarah, kuwi ya mesthi bener. Akèh buku sejarah sing isiné ora bener, merga sing nulis ora jujur. Contoné, wong-wong kuwi ora nulis kapan wektuné bangsané kalah perang. Ning, sing nulis Alkitab jujur nyritakké pas bangsa Israèl kalah perang. Sing nulis Alkitab uga nyritakké kesalahané dhéwé. Contoné ing buku Wilangan, nabi Musa crita nèk dhèwèké nggawé salah sing gedhé lan dihukum karo Gusti Allah. (Wilangan 20:2-12) Wong-wong sing nulis Alkitab kuwi jujur, kuwi mbuktèkké nèk Alkitab asalé saka Gusti Allah. Mula awaké dhéwé isa percaya karo Alkitab.

BUKU SING ISINÉ TUNTUNANÉ GUSTI ALLAH

10. Apa sebabé tuntunan ing Alkitab isih ana gunané nèk ditrapké ing jaman saiki?

10 Alkitab kuwi ”metuné sangka pikirané Gusti Allah déwé. Mulané tembung-tembung kuwi kabèh kenèng dienggo mulangi bab sing bener, kenèng dienggo mbenerké piwulang sing klèru, kenèng dienggo mbenerké kelakuan sing ora apik”. (2 Timotéus 3:16, BJS) Tuntunan ing Alkitab isih ana gunané nèk ditrapké ing jaman saiki. Yéhuwah kuwi sing nggawé urip, dadi luwih ngerti sing dipikirké lan dirasakké manungsa. Yéhuwah péngin manungsa urip ayem tentrem, mula ngandhani apa waé sing kudu dilakoni, lan sing kudu disingkiri manungsa.

11, 12. (a) Ana tuntunan apa waé saka Yésus sing ditulis ing Matéus bab 5 tekan 7? (b) Panjenengan isa sinau pathokan liyané apa saka Alkitab?

11 Ing buku Matéus bab 5 tekan 7, ana tuntunan sing apik banget saka Yésus bab carané urip ayem tentrem, carané nduwé hubungan sing apik karo wong liya, carané ndonga, lan carané urip prasaja. Senajan Yésus maringi tuntunan kuwi 2.000 taun kepungkur, ning kuwi isih isa ditrapké nganti saiki.

12 Ing Alkitab, Yéhuwah mulang pathokan-pathokané sing isa mbantu awaké dhéwé nduwèni keluarga sing ayem tentrem, nyambut gawéné apik, lan rukun karo wong liya. Pathokan-pathokané Alkitab mesthi cespleng nèk ditrapké sapa waé lan ing endi waé, utawa pas ngadhepi masalah apa waé.​—Wacanen Yésaya 48:17; deloken Cathetan 3.

PANJENENGAN ISA PERCAYA RAMALANÉ ALKITAB

Nabi Yésaya ngramal nèk kutha Babil bakal dikalahké

13. Nabi Yésaya ngramal apa bab kutha Babil?

13 Akèh ramalané Alkitab sing wis kelakon. Contoné, ramalané nabi Yésaya nèk kutha Babil bakal disirnakké Gusti Allah. (Yésaya 13:19) Nabi Yésaya nyritakké carané kutha kuwi dikuwasani. Nèk arep mlebu kutha kuwi kudu ngliwati lawang sing gedhé banget. Kutha kuwi uga diubengi kali. Ning, nabi Yésaya ngramal nèk kaliné bakal asat lan lawangé ora ditutup. Prajurit sing nyerang bakal nguwasani kutha kuwi tanpa perang. Yésaya ngramal nèk wong sing bakal nguwasani kutha Babil kuwi jenengé Korèsy.​—Wacanen Yésaya 44:27–45:2; deloken Cathetan 4.

14, 15. Piyé carané ramalané nabi Yésaya kelakon?

14 Rong atus taun sakwisé ramalan kuwi ditulis, kutha Babil diserang para prajurit. Prajurité sapa? Kuwi prajurité Korèsy, rajané Pèrsia. Kabèh kedadéan ing kono persis kaya sing diramalké.

15 Bengi pas diserang prajurité Korèsy, wong-wong ing kutha Babil lagi nganakké pèsta. Wong-wong ing kono rumangsa aman merga diubengi kali lan témbok sing kukuh. Ing njaba kutha Babil, Korèsy lan para prajurité ngilèkké banyuné ing panggonan liya bèn kali kuwi rada asat, dadi para prajurit kuwi isa liwat. Terus piyé carané para prajurit kuwi isa ngliwati témboké kutha Babil? Kaya sing diramalké, lawang-lawangé kutha kuwi wis mbukak, dadi para prajurit kuwi isa nguwasani kutha Babil tanpa perang.

16. (a) Apa ramalané nabi Yésaya bab kutha Babil mbésuké? (b) Apa buktiné ramalan kuwi kelakon?

16 Nabi Yésaya ngramal nèk kutha Babil ora bakal dienggoni manèh. Dhèwèké nulis, ”Ing saterusé bakal ora ana wongé, lan ora ana kang ngenggoni nganti turun-tumurun.” (Yésaya 13:20) Apa ramalan kuwi kelakon? Bekasé kutha Babil saiki isa ditemokké kira-kira 80 kilomèter sisih kidulé kutha Baghdad, ing negara Irak. Bekasé kutha kuwi saiki mung tumpukan bata waé. Nganti saiki ora isa dienggoni. Yéhuwah nyirnakké kutha Babil nganggo ”sapu panggempuran”.​—Yésaya 14:22, 23. *

Bekasé kutha Babil

17. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk kabèh janjiné Gusti Allah bakal kelakon?

17 Akèh ramalané Alkitab wis kelakon. Bukti kuwi nggawé awaké dhéwé percaya ramalané Alkitab bab donya mbésuk. Janjiné Yéhuwah sing arep nggawé bumi iki dadi pirdus uga bakal kelakon. (Wacanen Wilangan 23:19.) Awaké dhéwé nduwé pengarep-arep ”urip langgeng kang sadurungé purwaning jaman wus kaprasetyakaké déning Gusti Allah kang ora dora [utawa, ngapusi]”.​—Titus 1:2. *

ALKITAB ISA NGOWAHI URIPÉ MANUNGSA

18. Apa kandhané Rasul Paulus bab ”pangandikané Gusti Allah”?

18 Awaké dhéwé wis sinau nèk ora ana buku sing kaya Alkitab. Buku-buku ing Alkitab nyambung siji lan sijiné. Isiné Alkitab bab ilmu pengetahuan lan sejarah kuwi mesthi bener. Alkitab uga mènèhi tuntunan kanggo urip saben dina, lan akèh ramalané wis kelakon. Ning, sakjané ora mung kuwi. Rasul Paulus nulis, ”Sabab pangandikané Gusti Allah iku gesang lan santosa [gedhé kuwasané, NW].” Apa maksudé?​—Wacanen Ibrani 4:12.

19, 20. (a) Piyé carané Alkitab isa mbantu mriksa panjenengan saktenané? (b) Piyé carané panjenengan ngajèni Alkitab?

19 Alkitab isa ngowahi urip panjenengan. Kuwi isa mbantu mriksa piyé panjenengan saktenané. Alkitab isa mbantu panjenengan ngerti piyé sakjané pikiran lan ati panjenengan. Contoné, mbokmenawa awaké dhéwé rumangsa nresnani Gusti Allah, ning tresna kuwi perlu bukti, yaiku awaké dhéwé perlu nindakké kabèh sing wis disinaoni saka Alkitab.

20 Alkitab pancèn hadiah saka Gusti Allah. Gusti Allah péngin panjenengan ngajèni Alkitab. Carané yaiku terus maca lan nyinaoni Alkitab. Panjenengan bakal ngerti kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa. Kuwi bakal dirembug ing bab 3 buku iki.

^ par. 6 Ana sing kandha nèk Alkitab kuwi ora nyambung, ning kuwi ora bener. Deloken buku Alkitab—Firman dari Allah atau dari Manusia? bab 7 sing dicétak déning Seksi-Seksi Yéhuwah.

^ par. 16 Nèk péngin ngerti katrangan sing luwih akèh bab ramalané Alkitab, panjenengan isa maca buku sing judhulé Buku bagi Semua Orang kaca 27-29 sing dicétak déning Seksi-Seksi Yéhuwah.

^ par. 17 Kutha Babil sing disirnakké mau, dadi salah siji bukti nèk ramalané Alkitab wis kelakon. Panjenengan isa maca ramalané Alkitab bab Yésus Kristus ing Cathetan 5.