Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Awaké Dhéwé?

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Awaké Dhéwé?

NÈK panjenengan maca koran, nonton TV, utawa ngrungokké radhio, panjenengan kerep ndelok lan krungu crita bab tumindak jahat, perang, lan térorisme. Mbokmenawa panjenengan malah ngrasakké dhéwé kasusahan merga penyakit utawa sedhih merga wong sing ditresnani mati.

Coba dipikir tenanan:

  • Apa iki kersané Gusti Allah kanggo aku lan keluargaku?

  • Saka endi aku isa éntuk bantuan kanggo ngadhepi masalahku?

  • Apa mengko bakal ana katentreman sejati?

Alkitab isa njawab pitakonan-pitakonan kuwi.

ALKITAB MULANG NÈK GUSTI ALLAH BAKAL NGGAWÉ BUMI DADI PANGGONAN SING NYENENGKÉ.

  • Wong-wong ora bakal ngrasakké lara, dadi tuwa, lan mati.​—Wahyu 21:4

  • ”Wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan.”​—Yésaya 35:6

  • ”Mripaté para wong wuta bakal padha kaelèkaké.”​—Yésaya 35:5

  • Wong mati bakal diuripké manèh.​—Yokanan 5:28, 29

  • Ora bakal ana wong sing lara.​—Yésaya 33:24

  • Ora bakal ana wong sing kurang pangan.​—Jabur 72:16

PAÉDAH SAKA WULANGANÉ ALKITAB

Isa waé panjenengan mikir nèk janji-janji sing wis diwaca mau ora bakal kelakon. Ning, Gusti Allah wis janji nèk ora suwé manèh bakal ngowahi bumi iki, Alkitab nerangké piyé carané Gusti Allah nindakké kuwi.

Isiné Alkitab ora mung kuwi. Alkitab kandha piyé carané awaké dhéwé saiki isa urip ayem tentrem. Coba pikirna apa sing nggawé panjenengan kuwatir. Isa waé masalahé bab dhuwit lan keluarga, bab lelara utawa ditinggal mati wong sing ditresnani. Alkitab isa mbantu panjenengan ngadhepi kabèh masalah kuwi, lan Alkitab nduwé jawaban sing nentremké ati saka pitakonan-pitakonan iki:

Nèk maca buku iki, panjenengan nduduhké nèk péngin ngerti wulangané Alkitab. Pitakonan kanggo saben paragraf ing buku iki, isa mbantu panjenengan ngerti wulangané Alkitab. Jutaan wong seneng ngrembug wulangané Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Panjenengan ya isa ngrasakké sing padha. Muga-muga Gusti Allah mberkahi panjenengan bèn isa ngerti apa wulangané Alkitab kanggo panjenengan.