Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB TELU

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Manungsa?

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Manungsa?

1. Apa kersané Gusti Allah kanggo manungsa?

GUSTI ALLAH nduwé kersa sing apik banget kanggo manungsa. Gusti Allah nggawé manungsa lanang wadon sing sepisanan, sing jenengé Adam lan Kawa. Wong loro kuwi manggon ing taman sing éndah. Gusti Allah péngin manungsa nduwé anak putu, ndadèkké bumi dadi pirdus, lan ngopèni kéwan-kéwan.​—Purwaning Dumadi 1:28; 2:8, 9, 15; deloken Cathetan 6.

2. (a) Saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk kersané Gusti Allah bakal kelakon? (b) Apa kandhané Alkitab bab uripé manungsa mbésuk?

2 Miturut panjenengan, apa awaké dhéwé isa urip ing pirdus? Yéhuwah ngendika, ”Sakèhé karsaningSun bakal kelakon.” (Yésaya 46:9-11; 55:11) Kabèh sing dikersakké mesthi bakal kelakon. Ora ana sing isa ngalang-alangi kersané. Yéhuwah ngendika nèk bumi digawé ”ora banjur disuwungaké”. (Yésaya 45:18) Yéhuwah péngin manungsa ngebaki bumi. Wong kaya apa sing éntuk urip ing bumi, lan kanggo pirang taun? Alkitab kandha, ”Para wong mursid [utawa, sing manut] padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.”​—Jabur 37:29; Wahyu 21:3, 4.

3. Merga ndelok saiki wong padha lara lan mati, apa sing dipikirké wong-wong?

3 Ning, saiki wong-wong padha lara lan mati. Ing endi-endi wong-wong gelut lan matèni siji lan sijiné. Cetha nèk kuwi dudu kersané Gusti Allah. Dadi, apa sebabé kersané Yéhuwah sing apik mau durung kelakon? Mung Alkitab sing isa nerangké alesané.

MUNGSUHÉ GUSTI ALLAH

4, 5. (a) Sapa sing nggunakké ula kanggo omong-omongan karo Kawa? (b) Kok isa wong sing mauné jujur dadi maling?

4 Alkitab kandha nèk Gusti Allah nduwé mungsuh sing ”kaaranan Iblis lan Sétan”. Iblis nggunakké ula kanggo omong-omongan karo Kawa. (Wahyu 12:9; Purwaning Dumadi 3:1) Iblis péngin Kawa percaya, nèk ula kuwi sing lagi ngomong.​—Deloken Cathetan 7.

5 Apa bener Gusti Allah sing nggawé Iblis? Ora. Ana malaékat sing dadi jahat banjur disebut Iblis. Malaékat kuwi mbiyèn ana ing swarga wektu Gusti Allah nggawé bumi, sing dicepakké kanggo Adam lan Kawa. (Ayub 38:4, 7) Kok isa ngono? Coba dipikir, kok isa wong sing mauné jujur dadi maling? Dhèwèké ora dilairké dadi maling, ta? Dhèwèké dadi maling merga péngin nduwèni sing dudu duwèké. Dhèwèké mikirké terus pepénginan kuwi, lan rasa kuwi dadi saya gedhé. Pas ana kesempatan, dhèwèké banjur nyolong. Akhiré dhèwèké dadi maling.​—Wacanen Yakobus 1:13-15; deloken Cathetan 8.

6. Kok isa ana malaékat sing dadi mungsuhé Gusti Allah?

6 Malaékat mau ya kaya ngono. Sakwisé Yéhuwah nggawé Adam lan Kawa, wong loro kuwi dikon nduwé anak putu lan ’ngebaki bumi’. (Purwaning Dumadi 1:27, 28) Malaékat kuwi mikir, ’Kuduné kabèh manungsa nyembah aku, dudu Yéhuwah’. Merga mikirké terus pepénginan kuwi, dhèwèké saya péngin disembah, padahal kuduné manungsa mung nyembah Yéhuwah. Mula, dhèwèké ngapusi lan mblasukké Kawa. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:1-5.) Merga tumindak kaya ngono, dhèwèké dadi mungsuhé Gusti Allah, sing disebut Iblis utawa Sétan.

7. (a) Apa sebabé Adam lan Kawa mati? (b) Apa sebabé awaké dhéwé dadi tuwa lan mati?

7 Adam lan Kawa ora manut karo Gusti Allah lan mangan woh kuwi. (Purwaning Dumadi 2:17; 3:6) Merga Adam lan Kawa tumindak dosa marang Yéhuwah, akhiré wong loro kuwi mati, persis kaya sing dingendikakké Yéhuwah. (Purwaning Dumadi 3:17-19) Anak turuné Adam lan Kawa uga mati merga nduwé dosa. (Wacanen Rum 5:12.) Bèn awaké dhéwé ngerti kena apa anak turuné Adam mèlu dosa, gatèkna conto iki. Nèk panjenengan nggawé roti nganggo cithakan sing péyok, rotiné ya mesthi mèlu péyok, ta? Wektu Adam ora manut, dhèwèké tumindak dosa marang Yéhuwah. Adam sing wis dosa kuwi kaya cithakan roti sing péyok mau. Merga awaké dhéwé anak turuné Adam, dadi ya nduwé dosa. Kuwi sebabé awaké dhéwé dadi tuwa lan mati.​—Rum 3:23; deloken Cathetan 9.

8, 9. (a) Iblis péngin Adam lan Kawa percaya apa? (b) Apa sebabé Yéhuwah ora langsung matèni kabèh sing mbrontak?

8 Iblis mulai mbrontak nglawan Yéhuwah pas dhèwèké ngojok-ojoki Adam lan Kawa bèn ora manut karo Gusti Allah. Iblis péngin Adam lan Kawa percaya nèk Yéhuwah kuwi tukang ngapusi, ora isa mréntah, lan ora péngin manungsa urip ayem tentrem. Iblis ngomong nèk manungsa ora butuh tuntunané Gusti Allah. Iblis uga ngomong kuduné Adam lan Kawa sing nemtokké dhéwé bab sing bener lan sing salah. Dadi, apa sing bakal ditindakké Yéhuwah? Isa waé Yéhuwah langsung matèni kabèh sing mbrontak mau, bèn ora ana sing mbrontak manèh. Ning, kuwi ora bakal isa mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi.

9 Yéhuwah ora langsung matèni kabèh sing mbrontak mau, malah maringi wektu kanggo manungsa ngatur uripé dhéwé. Kuwi bakal mbuktèkké nèk Iblis tukang ngapusi, lan nduduhké nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo manungsa. Kuwi bakal dirembug luwih akèh ing bab 11 buku iki. Pilihané Adam lan Kawa kuwi, nèk miturut panjenengan piyé? Wong loro kuwi percaya karo Iblis lan ora manut karo Yéhuwah. Apa tumindak kuwi bener? Yéhuwah wis maringi kabèh sing dibutuhké Adam lan Kawa, urip sing sampurna, panggonan sing éndah, lan gawéan sing nyenengké. Ning, Iblis ora tau ngekèki apa-apa. Nèk panjenengan dadi Adam lan Kawa, panjenengan bakal manut karo sapa?

10. Awaké dhéwé dikèki pilihan apa?

10 Saiki awaké dhéwé dikèki pilihan sing padha, lan kuwi nemtokké awaké dhéwé isa slamet apa ora. Awaké dhéwé dikèki pilihan arep manut karo Yéhuwah, apa arep manut karo Iblis. Nèk manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé mbuktèkké nèk Iblis kuwi tukang ngapusi. (Jabur 73:28; wacanen Wulang Bebasan 27:11.) Mung sithik sing manut karo Yéhuwah. Sakjané, dudu Yéhuwah sing nguwasani donya iki. Nèk dudu Yéhuwah, terus sapa?

SAPA SING NGUWASANI DONYA IKI?

Nèk pamréntahan donya iki dudu duwèké Iblis, apa kuwi bakal ditawakké marang Yésus?

11, 12. (a) Iblis nawakké pamréntahan donya marang Yésus. Kuwi mbuktèkké apa? (b) Ayat endi waé sing ngandhani nèk Iblis sing nguwasani donya iki?

11 Yésus ngerti sapa sing sakjané nguwasani donya iki. Iblis wis tau ngongkon Yésus ”mirsani sakèhé krajan ing donya dalasan kamulyané”. Iblis banjur janji karo Yésus, ”Punika sadaya badhé kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.” (Matéus 4:8, 9; Lukas 4:5, 6) Coba dipikir, ’Nèk pamréntahan donya iki dudu duwèké Iblis, apa kuwi bakal ditawakké marang Yésus?’ Mesthiné ora, ta? Dadi, kabèh pamréntahan kuwi duwèké Iblis.

12 Ning, mbokmenawa panjenengan mikir, ’Kok Iblis isa nguwasani donya iki? Kan Yéhuwah sing nggawé jagat iki?’ (Wahyu 4:11) Pancèn Yéhuwah sing nggawé jagat iki, ning Yésus nyebut Iblis ”panggedhéné jagad iki”. (Yokanan 12:31; 14:30; 16:11) Rasul Paulus nyebut Iblis ”allahé jaman iki”. (2 Korinta 4:3, 4) Lan rasul Yokanan ngomong nèk ”jagat sak kabèhé wis dikwasani Sétan”.​—1 Yokanan 5:19, BJS.

PIYÉ PAMRÉNTAHANÉ IBLIS BAKAL DISINGKIRKÉ?

13. Apa sebabé awaké dhéwé mbutuhké pamréntahan sing anyar?

13 Donya iki dadi saya rusak lan mbebayani. Ana perang, korupsi, wong-wong sing lamis, lan tumindak jahat ing endi-endi. Masalah-masalah iki ora isa dirampungi karo manungsa, senajan upayané wis tenanan. Ning, ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing jahat ing perang Harmagédhon, banjur diganti pamréntahané Gusti Allah.​—Wahyu 16:14-16; deloken Cathetan 10.

14. Sapa sing dipilih dadi raja ing Kratoné Gusti Allah? Alkitab ngramal apa bab Yésus?

14 Yéhuwah milih Yésus dadi Raja ing Kratoné Gusti Allah. Kuwi pamréntahan ing swarga. Éwon taun kepungkur, Alkitab ngramal nèk Yésus bakal dadi ”Ratuning Katentreman” lan pamréntahané bakal ana saklawasé. (Yésaya 9:5, 6) Yésus mulang para muridé bèn ndongakké pamréntahan iki. Yésus ngendika, ”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Matéus 6:10) Ing bab 8 buku iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk Kratoné Gusti Allah bakal nggantèni kabèh pamréntahan sing ana saiki. (Wacanen Dhanièl 2:44.) Banjur, Kratoné Gusti Allah bakal ndadèkké bumi iki dadi pirdus sing éndah.​—Deloken Cathetan 11.

PAMRÉNTAHANÉ GUSTI ALLAH ORA SUWÉ MANÈH

15. ”Bumi anyar” iku apa, ta?

15 Alkitab janji, ”Kita padha nganti-anti marang langit anyar sarta bumi anyar kang kadunungan kayektèn.” (2 Pétrus 3:13; Yésaya 65:17) Kadhang kala, sing dimaksud ”bumi” ing Alkitab kuwi maksudé wong-wong sing manggon ing bumi. (Purwaning Dumadi 11:1) ”Bumi anyar” maksudé wong-wong sing manut lan diberkahi karo Gusti Allah.

16. Wong-wong sing dadi rakyaté Kratoné Gusti Allah bakal éntuk berkah apa, lan apa sing kudu ditindakké bèn éntuk berkah kuwi?

16 Yésus janji nèk wong-wong sing dadi rakyaté Kratoné Gusti Allah ”bakal tampa urip langgeng”. (Markus 10:30) Apa sing kudu ditindakké bèn isa urip saklawasé? Wacanen Yokanan 3:16 lan 17:3 bèn ngerti jawabané. Gatèkna kandhané Alkitab bab pirdus ing bumi mbésuk.

17, 18. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk bakal ana kantentreman ing bumi, lan umaté Yéhuwah bakal urip ayem tentrem?

17 Kabèh sing jahat, perang, lan tumindak kasar, bakal ora ana manèh. Ora bakal ana manèh wong jahat sing manggon ing bumi. (Jabur 37:10, 11) Gusti Allah bakal ”ngendhakaké [utawa, nggawé mandheg] peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi”. (Jabur 46:10; Yésaya 2:4) Bumi bakal dikebaki wong-wong sing manut lan nresnani Gusti Allah. Bakal ana katentreman saklawasé.​—Jabur 72:7.

18 Umaté Yéhuwah bakal urip ayem tentrem. Jaman mbiyèn, wektu bangsa Israèl manut karo Gusti Allah, uripé ayem tentrem merga diayomi Yéhuwah. (Kaimaman 25:18, 19) Ing Pirdus mbésuk, ora ana sing marahi wedi. Awaké dhéwé bakal urip ayem tentrem.​—Wacanen Yésaya 32:18; Mikha 4:4.

19. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk bakal akèh panganan ing bumi?

19 Akèh panganan ing kono. ”Nagari mugi kalubèrana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking paredèn.” (Jabur 72:16) ”Bumi wus mènèhaké pametuné, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.”​—Jabur 67:7.

20. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk bumi bakal dadi pirdus?

20 Saklumahing bumi bakal dadi pirdus. Saben wong bakal nduwé omah sing apik lan kebon dhéwé. (Wacanen Yésaya 65:21-24; Wahyu 11:18.) Saklumahing bumi bakal dadi éndah kaya Taman Èden mbiyèn. Yéhuwah bakal maringi kabèh sing dibutuhké manungsa. Alkitab kandha, ”Paduka ingkang ngegaraken asta Paduka, lan kepareng nuwuki sadaya ingkang gesang.”​—Jabur 145:16.

21. Saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk manungsa lan kéwan bakal padha rukun?

21 Manungsa lan kéwan bakal padha rukun. Kéwan ora bakal nyilakani manungsa manèh. Bocah-bocah cilik bakal ngrasa aman, senajan dolanan ing sakcedhaké kéwan-kéwan sing saiki mbebayani.​—Wacanen Yésaya 11:6-9; 65:25.

22. Apa sing bakal ditindakké Yésus kanggo wong-wong sing lara?

22 Ora ana manèh wong lara. Wektu ing bumi, Yésus nambani wong lara. (Matéus 9:35; Markus 1:40-42; Yokanan 5:5-9) Ning, mengko ing Kratoné Gusti Allah, Yésus bakal nambani kabèh wong lara. Ora ana sing muni, ”Aku lara.”​—Yésaya 33:24; 35:5, 6.

23. Apa sing bakal ditindakké Yésus kanggo wong-wong sing wis mati?

23 Wong mati bakal urip manèh. Gusti Allah janji nèk bakal nguripké manèh akèh wong sing wis mati. ”Badhé wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.”​—Wacanen Yokanan 5:28, 29; Lelakoné Para Rasul 24:15.

24. Piyé rasané nèk panjenengan isa urip ing Pirdus?

24 Awaké dhéwé dikon milih, arep milih sinau Alkitab banjur ngabdi marang Yéhuwah, utawa urip sak karepé dhéwé? Nèk milih ngabdi marang Yéhuwah, awaké dhéwé bakal isa ngrasakké akèh berkah sing nyenengké ati. Mbiyèn, penjahat sing ana ing jèjèré Yésus péngin diuripké manèh nèk Yésus dadi Raja. Yésus janji marang wong kuwi, ”Kowé bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.” (Lukas 23:43) Awaké dhéwé bakal sinau bab Yésus Kristus, lan ngerti piyé carané Yésus mujudké janjiné Gusti Allah.