Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 10

Pambuka Bagéan 10

Yéhuwah kuwi mahakuwasa. Dhèwèké mesthi isa ngendhalèkké kabèh keadaan. Contoné, Yéhuwah nylametké Yérémia saka sumur bèn dhèwèké ora mati. Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo dislametké wektu wong telu kuwi dilebokké ing ruang pembakaran. Danièl ya dislametké bèn ora dipangan singa. Yéhuwah ya nglindhungi Èster bèn isa nylametké bangsané. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kejahatan. Ramalan soal patung lan wit gedhé mènèhi jaminan nèk Kratoné Yéhuwah bakal mréntah bumi lan nyingkirké kabèh kejahatan.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 57

Yérémia Nyampèkké Berita saka Yéhuwah

Omongané Yérémia kuwi nggawé para pemimpin Yéhuda dadi nesu banget.

PELAJARAN 58

Yérusalèm Dihancurké

Merga terus nyembah allah-allah palsu, wong-wong Yéhuda ora dislametké.

PELAJARAN 59

Cah Papat sing Manut Yéhuwah

Senajan ana ing istanané Nébukhadnézar ing Babilon, cah papat saka Yéhuda tetep manut Yéhuwah.

PELAJARAN 60

Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah

Danièl njelaské arti mimpiné Nébukhadnézar.

PELAJARAN 61

Cah Telu sing Ora Gelem Sujud

Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ora gelem nyembah patung emas sing digawé raja Babilon.

PELAJARAN 62

Mimpi soal Wit Gedhé

Mimpiné Nébukhadnézar nduduhké soal masa depané.

PELAJARAN 63

Tulisan ing Témbok

Kapan tulisan sing anèh muncul, lan apa artiné tulisan kuwi?

PELAJARAN 64

Danièl ing Lubang Singa

Awaké dhéwé kudu ndonga saben dina kaya Danièl.

PELAJARAN 65

Èster Nylametké Bangsané

Èster kuwi wong saka negri liya. Bapak lan ibuné wis mati. Tapi, dhèwèké isa dadi ratu.

PELAJARAN 66

Ézra Mulangké Hukumé Yéhuwah

Bar ngrungokké Ézra, wong Israèl nggawé janji karo Yéhuwah.

PELAJARAN 67

Témbok Yérusalèm

Néhémia ngerti nèk bakal diserang mungsuh. Kenapa dhèwèké ora wedi?