Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 60

Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah

Kerajaan sing Bakal Terus Mréntah

Raja Nébukhadnézar tau éntuk mimpi sing anèh. Dhèwèké bingung banget nganti ora isa turu. Dhèwèké ngundang para ahli ilmu gaib, terus ngomong, ’Jelasna arti mimpiku.’ Wong-wong kuwi ngomong, ’Tulung critakna mimpiné njenengan.’ Tapi, Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé sing kuduné nyritakké mimpiku. Nèk ora, kowé kabèh bakal tak patèni.’ Wong-wong kuwi njawab, ’Tulung critakna mimpiné njenengan, mengko tak jelaské artiné.’ Nébukhadnézar ngomong, ’Kowé kabèh arep ngapusi aku ya. Cepet critakna mimpiku!’ Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Ora ana manungsa sing isa nindakké kuwi.’

Nébukhadnézar nesu banget. Mula, dhèwèké ngongkon bèn kabèh ahli ilmu gaib lan wong pinter ing negri kuwi dipatèni. Kuwi berarti Danièl, Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo ya bakal dipatèni. Danièl njaluk diwènèhi kesempatan kanggo njelaské mimpi kuwi. Terus, Danièl lan kanca-kancané ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Apa sing ditindakké Yéhuwah?

Liwat penglihatan, Yéhuwah nduduhké Danièl soal mimpiné Nébukhadnézar lan artiné. Sésuké, Danièl nemoni pelayané raja. Terus, dhèwèké ngomong, ’Aja matèni wong-wong pinter. Aku isa njelaské arti mimpiné raja.’ Bar kuwi, pelayan mau ngejak Danièl nemoni Nébukhadnézar. Terus, Danièl ngomong karo raja, ’Gusti Allah nyritakké apa sing bakal kelakon ing masa depan. Iki mimpiné njenengan: Njenengan ndelok patung sing gedhé. Sirahé saka emas, dhadha lan tangané saka pérak, weteng lan pupuné saka tembaga, sikilé saka wesi, lan sikil bagéan ngisoré saka wesi sing dicampur tanah liat. Terus, ana watu sing dipotong saka gunung. Watu kuwi ngantem sikil bagéan ngisor patung kuwi. Patungé remuk dadi bubuk, terus ketiup angin. Akhiré, watu kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.’

Terus, Danièl ngomong, ’Iki artiné mimpi kuwi: Sirah saka emas kuwi nggambarké kerajaané njenengan. Bagéan saka pérak kuwi nggambarké kerajaan sing bakal mréntah sakwisé kerajaané njenengan. Terus, bakal ana kerajaan sing kaya tembaga. Kerajaan iki bakal nguwasani bumi. Bar kuwi, ana kerajaan sing kuwat kaya wesi. Terus, bakal ana kerajaan sing kebagi. Kerajaan kuwi sebagéan kuwat kaya wesi, tapi sebagéan manèh ora kuwat kaya tanah liat. Watu sing dadi gunung kuwi maksudé Kratoné Allah. Kratoné Allah bakal ngancurké kabèh kerajaan lan bakal terus mréntah.’

Nébukhadnézar sujud ing ngarepé Danièl. Nébukhadnézar ngomong, ’Gusti Allahmu sing ngandhani kowé soal mimpi iki. Ora ana Gusti Allah sing kaya Dhèwèké.’ Danièl ora dipatèni Nébukhadnézar. Danièl malah didadèkké panguwasa ing Babilon lan kepalané wong-wong pinter. Yéhuwah njawab dongané Danièl, ta?

”Raja-raja kuwi banjur diklumpukké ing panggonan sing disebut Armagédon ing basa Ibrani.”​—Wahyu 16:16