Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 67

Témbok Yérusalèm

Témbok Yérusalèm

Pas jamané Ézra, ana wong Israèl sing dadi pelayané Raja Artahsasta. Wong kuwi jenengé Néhémia. Néhémia manggon ing salah siji kutha ing Pèrsia yaiku Syusyan. Seduluré Néhémia sing teka saka Yéhuda nggawa kabar èlèk. Dhèwèké ngomong, ’Keadaan ing Yérusalèm lagi ora aman. Témbok lan gerbang kutha sing dihancurké wong Babilon durung dibangun manèh.’ Néhémia dadi sedhih banget. Dhèwèké péngin lunga ing Yérusalèm kanggo mbantu wong-wong kuwi. Mula, dhèwèké ndonga bèn diijinké raja.

Raja nggatèkké nèk Néhémia lagi sedhih. Raja takon, ’Kowé kenapa? Kok ora kaya biasané?’ Néhémia njawab, ’Aku sedhih merga Yérusalèm durung dibangun manèh.’ Terus, raja takon, ’Apa sing isa tak bantu?’ Néhémia langsung ndonga ing njero ati. Bar kuwi, dhèwèké ngomong, ’Tulung ijinké aku lunga kanggo mbangun témbok Yérusalèm.’ Raja Artahsasta ngijinké Néhémia lunga lan mastèkké perjalanané Néhémia aman. Néhémia ya didadèkké gubernur Yéhuda lan diwènèhi kayu kanggo mbangun gerbang kutha.

Wektu tekan Yérusalèm, Néhémia mriksa témbok kutha. Terus, para imam lan pemimpin dikumpulké. Bar kuwi, Néhémia ngomong, ’Iki parah banget. Témbok iki kudu cepet-cepet dibangun manèh.’ Wong-wong kuwi setuju, terus mulai mbangun témbok Yérusalèm.

Tapi, mungsuh-mungsuhé wong Israèl ngécé lan ngomong, ’Nèk ana rubah sing munggah témbok kuwi, mesthi témboké bakal ambruk.’ Tapi, wong Israèl ora perduli lan terus mbangun. Hasilé, témboké dadi tambah dhuwur lan kuwat.

Bar kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Israèl nduwé rencana kanggo nyerang Yérusalèm saka arah sing béda-béda. Wektu ngerti rencana kuwi, wong Israèl dadi wedi. Tapi, Néhémia ngomong, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé.’ Néhémia nugaské penjaga bèn mungsuh-mungsuh ora isa nyerang wong-wong sing lagi mbangun.

Mung 52 dina, témbok lan gerbang kutha Yérusalèm akhiré rampung dibangun. Néhémia ngejak kabèh wong Lèwi lunga ing Yérusalèm kanggo ngrayakké kuwi. Dhèwèké mbagi wong-wong kuwi dadi rong kelompok penyanyi. Terus, wong-wong kuwi mlaku ing ndhuwur témbok ing rong arah sing béda lan ngubengi kutha kuwi. Wong-wong kuwi mainké trompèt, simbal, lan harpa. Wong-wong kuwi ya nyanyi kanggo Yéhuwah. Ézra mlaku karo kelompok sing pertama lan Néhémia karo kelompok sing keloro. Terus, rong kelompok kuwi ketemu ing bait. Kabèh wong mènèhi korban kanggo Yéhuwah. Wong-wong kuwi seneng banget nganti swarané isa dirungokké saka kadohan.

”Senjata apa waé sing digawé kanggo nglawan kowé ora bakal mempan.”​—Yésaya 54:17