Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 73

Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

Yohanes kuwi anaké Zakharia lan Élisabèt. Wektu wis gedhé, Yohanes dadi nabi. Yéhuwah ngongkon Yohanes ngandhani wong-wong nèk Mésias bakal teka. Yohanes ora mulang ing sinagogé utawa ing kutha, tapi ing padhang belantara. Akèh wong teka saka Yérusalèm lan Yudéa kanggo sinau saka Yohanes. Dhèwèké mulang nèk wong-wong kuwi kudu mertobat bèn isa nyenengké Gusti Allah. Sakwisé sinau saka Yohanes, akèh wong sing mertobat. Yohanes akhiré mbaptis wong-wong kuwi ing Kali Yordan.

Uripé Yohanes sederhana. Pakaiané saka wulu unta. Panganané yaiku walang lan madu. Wong-wong péngin ngerti soal Yohanes. Malah, wong Farisi lan Saduki sing sombong ya teka nemoni Yohanes. Yohanes ngomong, ’Kowé kudu berubah lan mertobat. Aja sombong. Senajan kowé keturunané Abraham, kuwi ora berarti kowé anak-anaké Gusti Allah.’

Akèh wong teka nemoni Yohanes, terus takon, ’Apa sing kudu tak tindakké bèn isa nyenengké Gusti Allah?’ Yohanes njawab, ’Nèk kowé nduwé klambi loro, sijiné kudu mbok wènèhké wong sing mbutuhké.’ Apa kowé ngerti kenapa Yohanes ngomong ngono? Yohanes péngin wong-wong kuwi ngerti nèk kudu sayang karo wong liya bèn isa nyenengké Gusti Allah.

Yohanes ngandhani para petugas pajeg, ’Kowé kudu jujur. Aja ngapusi wong liya.’ Yohanes ya ngandhani para prajurit, ’Aja meksa wong liya mènèhi kowé dhuwit, lan aja nggawé tudhuhan palsu.’

Para imam lan wong Lèwi ya teka nemoni Yohanes. Wong-wong kuwi takon, ’Sakjané kowé sapa, ta? Wong-wong péngin ngerti soal kowé.’ Yohanes njawab, ’Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, sing nuntun wong-wong bèn cedhak karo Yéhuwah, kaya omongané Nabi Yésaya.’

Wong-wong seneng karo apa sing diwulangké Yohanes. Akèh wong ngira nèk Yohanes kuwi Mésias. Tapi, Yohanes ngomong, ’Wong sing luwih penting ketimbang aku bakal teka. Malah nyopot sandhalé waé aku ora pantes. Aku mbaptis nganggo banyu. Tapi, wong kuwi bakal mbaptis nganggo roh suci.’

”Wong iki teka dadi seksi kanggo mènèhi kesaksian bab pepadhang kuwi, supaya liwat omongané, kabèh wong isa percaya.”​—Yohanes 1:7