Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 89

Pétrus Ora Ngakoni Yésus

Pétrus Ora Ngakoni Yésus

Wektu lagi ngumpul ing ruangan ndhuwur salah siji omah, Yésus ngomong karo para rasulé, ’Kowé kabèh bakal ninggalké aku bengi iki.’ Pétrus ngomong, ’Senajan kabèh padha ninggalké njenengan, aku ora bakal ninggalké njenengan.’ Tapi, Yésus ngomong, ’Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ora ngakoni aku nganti ping telu.’

Para rasul padha ninggalké Yésus wektu Yésus digawa ing omahé Kayafas. Tapi, ana rasul loro sing ngetutké grombolan kuwi. Salah sijiné yaiku Pétrus. Pétrus mlebu ing halaman omahé Kayafas lan ngadeg ing cedhak geni bèn ora kadhemen. Salah siji pelayan wédok ndelok wajahé Pétrus, terus ngomong, ’Kowé kan kancané Yésus, ta?’

Pétrus ngomong, ’Dudu. Kowé klèru!’ Pétrus lunga ing arah gerbang. Tapi, ana pelayan wédok liyané sing ndelok dhèwèké. Pelayan kuwi ngandhani wong-wong, ’Wong kuwi kancané Yésus!’ Pétrus njawab, ’Aku ora kenal karo wong kuwi!’ Terus, ana wong lanang sing ngomong, ’Kowé mesthi kancané! Saka caramu ngomong, kétok nèk kowé wong Galiléa, kaya Yésus.’ Tapi, Pétrus sumpah, ’Aku ora kenal karo wong kuwi!’

Pas kuwi, ana pitik jago sing kluruk. Yésus nolèh kanggo ndeloki Pétrus. Pétrus ngerti kuwi, terus kèlingan karo omongané Yésus. Mula, dhèwèké langsung metu lan nangis.

Wektu kuwi, para anggotané Sanhèdrin padha ngumpul ing omahé Kayafas kanggo ngadili Yésus. Sanhèdrin kuwi pengadilan Yahudi. Wong-wong kuwi wis nduwé rencana kanggo matèni Yésus lan lagi nggolèk alesan bèn isa nindakké kuwi. Tapi, wong-wong kuwi ora isa nemokké kesalahané Yésus. Akhiré, Kayafas takon karo Yésus, ’Apa kowé Putrané Gusti Allah?’ Yésus ngomong, ’Iya.’ Kayafas ngomong, ’Awaké dhéwé ora perlu bukti manèh. Wong iki ngécé Gusti Allah!’ Wong-wong kuwi setuju. Wong-wong kuwi ngomong, ’Wong iki kudu mati.’ Yésus dikamplengi, diidoni, ditutupi mripaté, lan dijotos. Terus, wong-wong kuwi ngomong, ’Nèk kowé nabi, coba sebutna sapa sing njotos kowé!’

Pas wis siang, Yésus digawa ing ruang Sanhèdrin, terus ditakoni, ’Apa kowé Putrané Gusti Allah?’ Yésus njawab, ’Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku Putrané Gusti Allah.’ Wong-wong kuwi nganggep nèk Yésus wis ngécé Gusti Allah. Terus, Yésus digawa ing omahé Gubernur Roma sing jenengé Pontius Pilatus. Apa sing bakal kelakon? Ayo diteruské critané.

”Wektuné . . . wis teka, kowé kabèh bakal mencar menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan kowé bakal ninggalké aku dhèwèkan. Nanging aku ora dhèwèkan, merga Bapak ana bareng karo aku.”​—Yohanes 16:32