Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 88

Yésus Ditangkep

Yésus Ditangkep

Yésus lan para rasulé lunga ing Gunung Zaitun liwat Lembah Kidron. Pas kuwi wis liwat tengah wengi lan lagi bulan purnama. Wektu tekan Taman Gètsemani, Yésus ngomong, ”Padha entènana ing kéné lan terusa jaga-jaga.” Yésus maju ngedohi murid-muridé, terus berlutut. Yésus sedhih banget. Dhèwèké ndonga, ”Muga kersané Panjenengan sing kelakon.” Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon malaékaté nguwatké Yésus. Wektu bali, Yésus ndelok murid-muridé lagi turu. Yésus ngomong, ’Tangia. Aja turu manèh. Saiki para mungsuhku bakal nangkep aku.’

Yudas akhiré teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Yudas ngerti nèk Yésus ana ing taman kuwi merga kerep dijak Yésus mrono. Yudas wis ngomong karo wong-wong kuwi nèk bakal nduduhké Yésus kuwi sing endi. Yudas marani Yésus, terus ngomong, ’Halo, Guru.’ Bar kuwi, Yudas ngambung Yésus. Yésus ngomong, ’Yudas, apa kowé ngambung aku bèn aku ditangkep?’

Yésus marani grombolan wong kuwi, terus takon, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Terus, Yésus ngomong, ”Aku iki wongé.” Wong-wong kuwi mundur lan tiba ing tanah. Yésus takon manèh karo wong-wong kuwi, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus ngomong, ’Aku kan wis ngandhani kowé nèk aku iki wongé. Ejarna murid-muridku lunga.’

Pas ngerti nèk Yésus arep ditangkep, Pétrus ngetokké pedhang. Terus, dhèwèké motong kupingé salah siji budhaké imam agung. Budhak kuwi jenengé Malkhus. Tapi, Yésus marèkké kupingé budhak kuwi. Yésus ngandhani Pétrus, ’Lebokna pedhangmu. Nèk kowé nggunakké pedhang, kowé bakal mati merga pedhang.’ Para prajurit akhiré nangkep lan nalèni tangané Yésus. Tapi, para rasul padha mlayu. Bar kuwi, Yésus digawa ing ngarepé imam kepala sing jenengé Hanas. Hanas nakon-nakoni Yésus, terus ngongkon bèn Yésus digawa ing omahé Imam Agung Kayafas. Tapi, apa sing dialami para rasul?

”Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.”​—Yohanes 16:33