Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 92

Yésus Nemoni Murid-Muridé Manèh

Yésus Nemoni Murid-Muridé Manèh

Ora suwé bar Yésus nemoni para rasul, Pétrus nggolèk iwak ing Laut Galiléa karo Tomas, Yakobus, lan Yohanes. Terus, ya ana murid-murid liyané sing padha mèlu. Wis sewengi wong-wong kuwi nggolèk iwak, tapi ora éntuk apa-apa.

Ésuké, murid-murid ndelok ana wong lanang sing ngadeg ing pantai. Wong lanang kuwi mbengok, ’Apa kowé éntuk iwak?’ Wong-wong kuwi ngomong, ”Ora.” Wong lanang mau ngomong, ”Uncalna jala ing sisih tengené prau.” Mula, murid-murid nguncalké jalané. Murid-murid akhiré éntuk iwak akèh banget nganti ora isa narik jalané ing prau. Yohanes langsung ngerti nèk wong lanang kuwi Yésus. Yohanes ngomong, ”Kuwi Gusti!” Bar kuwi, Pétrus langsung njegur ing laut lan renang nuju pantai. Murid-murid liyané ngetutké numpak prau.

Wektu tekan pantai, murid-murid ndelok ana iwak sing lagi dibakar lan roti. Yésus ngongkon murid-muridé nggawa iwak manèh kanggo dipangan. Terus, Yésus ngomong, ’Ayo padha sarapan dhisik.’

Bar mangan, Yésus takon karo Pétrus, ’Kowé luwih sayang karo aku utawa gawéanmu?’ Pétrus njawab, ’Gusti kan ngerti nèk aku sayang njenengan.’ Yésus ngomong, ’Wènèhana mangan anak-anak dombaku.’ Yésus takon manèh, ’Pétrus, apa kowé sayang karo aku?’ Pétrus njawab, ’Gusti, njenengan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.’ Yésus ngomong, ”Engonen wedhus-wedhus cilikku.” Bar kuwi, Yésus takon manèh ping teluné. Pétrus dadi sedhih banget. Pétrus ngomong, ’Gusti, njenengan ngerti kabèh. Njenengan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.’ Yésus ngomong, ”Wènèhana mangan wedhus-wedhus cilikku.” Terus, Yésus ngomong manèh, ”Terusa mèlu aku.”

”Yésus kandha, ’Mèlua aku, lan aku bakal ndadèkké kowé tukang njala manungsa.’ Wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané lan mèlu Yésus.”​—Matius 4:19, 20