Pambuka Bagéan 4
Bagéan iki nyritakké soal Yusuf, Ayub, Musa, lan bangsa Israèl. Sétan terus nggawé wong-wong kuwi susah. Tapi, wong-wong kuwi isa tetep setya. Ana sing dijahati, dipenjara, dadi budhak, lan ditinggal mati wong sing disayangi. Tapi, Yéhuwah terus nglindhungi wong-wong kuwi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti piyé carané wong-wong kuwi isa tetep setya senajan ngalami akèh kesusahan.
Yéhuwah nggunakké Sepuluh Hukuman kanggo mbuktèkké nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang allah-allah Mesir. Jelasna piyé carané Yéhuwah nglindhungi umaté ing jaman mbiyèn, lan piyé carané Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé saiki.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 14
Budhak sing Manut Gusti Allah
Yusuf nindakké apa sing bener, tapi ngalami kesusahan. Kenapa?
PELAJARAN 21
Hukuman sing Kesepuluh
Hukuman iki akhiré isa nggawé Firaun sing sombong gelem mbébaské bangsa Israèl.
PELAJARAN 22
Mukjijat ing Laut Merah
Firaun slamet pas ana sepuluh hukuman. Tapi, apa dhèwèké slamet pas Gusti Allah nggawé mukjijat iki?