Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 19

Telung Hukuman Pertama

Telung Hukuman Pertama

Bangsa Israèl dikon dadi budhak. Yéhuwah ngongkon Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Bébasna umatku bèn isa ngibadah ing padhang belantara.’ Firaun njawab, ’Aku ora perduli omongané Yéhuwah. Bangsa Israèl ora bakal tak bébaské.’ Firaun malah nambahi gawéané bangsa Israèl. Yéhuwah akhiré ngukum Firaun. Apa kowé ngerti piyé carané? Yéhuwah nggunakké Sepuluh Hukuman. Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Firaun ora gelem manut aku. Sésuk ésuk, Firaun bakal lunga ing Kali Nil. Kowé kudu ngandhani dhèwèké nèk banyuné Kali Nil bakal dadi getih. Kuwi merga dhèwèké ora gelem mbébaské umatku.’ Terus, Musa nemoni Firaun. Firaun ndélok Harun mukul Kali Nil nganggo tongkaté. Bar kuwi, banyuné Kali Nil berubah dadi getih. Akibaté, iwak-iwak padha mati, lan kaliné dadi mambu. Banyuné Kali Nil ya dadi ora isa diombé. Tapi, Firaun tetep ora mbébaské bangsa Israèl.

Seminggu bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umatku, bakal ana akèh kodhok ing Mesir.’ Harun ngacungké tongkaté. Bar kuwi, Mesir dadi kebak kodhok. Kodhoké ana ing ngendi-endi. Ana sing ing njero omah, ing tempat tidur, lan ing mangkok. Firaun ngongkon Musa ngomong karo Yéhuwah bèn ngendhegké hukumané. Firaun janji nèk bakal mbébaské bangsa Israèl. Hukumané akhiré mandheg. Wong Mesir padha ngumpulké kodhok-kodhok sing wis mati. Mesir dadi mambu banget. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.

Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kongkonen Harun mukul tanah nganggo tongkaté. Mengko debu-debuné bakal berubah dadi nyamuk.’ Bar kuwi, ana akèh nyamuk ing ngendi-endi. Pelayané Firaun ngomong, ’Iki hukuman saka Gusti Allah.’ Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.

”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti soal kuwasa lan kekuwatanku, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jenengku kuwi Yéhuwah.”​—Yérémia 16:21