Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 22

Mukjijat ing Laut Merah

Mukjijat ing Laut Merah

Firaun krungu nèk bangsa Israèl wis lunga saka Mesir. Mula, dhèwèké ngongkon pasukané, ’Siapna kabèh kréta perangku. Ayo ngoyak bangsa Israèl. Bangsa Israèl ora éntuk lunga saka kéné.’ Terus, Firaun lan pasukané ngoyak bangsa Israèl.

Pas siang, Yéhuwah nuntun bangsa Israèl nganggo tiang awan. Pas bengi, Yéhuwah nggunakké tiang api. Yéhuwah nuntun bangsa Israèl ing dhaérah cedhak Laut Merah. Terus, bangsa Israèl dikon kémah ing kono.

Bar kuwi, bangsa Israèl ngerti nèk lagi dioyak Firaun lan pasukané. Tapi, bangsa Israèl kejebak ing antarané laut lan pasukané Mesir. Bangsa Israèl wedi banget. Wong-wong kuwi ngomong karo Musa, ’Awaké dhéwé bakal mati. Kuduné awaké dhéwé tetep ing Mesir waé.’ Tapi, Musa njawab, ’Aja wedi. Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé.’ Musa bener-bener percaya karo Yéhuwah.

Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl mbongkar téndhané. Ing bengi kuwi, Yéhuwah ngatur bèn tiang awan ana ing antarané wong Mesir lan bangsa Israèl. Ing bagéané bangsa Israèl, keadaané dadi padhang. Tapi, ing bagéané wong Mesir, keadaané peteng.

Yéhuwah ngongkon Musa ngarahké tangané ing laut. Bar kuwi, Yéhuwah nggawé ana angin sing banter banget. Angin kuwi nggawé lauté mbelah dadi loro lan dadi ana dalan ing bagéan tengahé. Bangsa Israèl akhiré isa mlaku ing tanah sing garing, ing antarané banyu laut sing dadi kaya témbok ing sisih kiwa lan tengené.

Pasukané Firaun ngetutké bangsa Israèl ngliwati dalan sing ana ing bagéan tengah laut kuwi. Tapi, Yéhuwah nggawé pasukané Firaun dadi kacau. Rodha-rodha krétané padha copot. Para prajurit kuwi mbengok, ’Mlayu! Iki Yéhuwah sing perang.’

Yéhuwah ngongkon Musa, ’Arahna tanganmu ing laut.’ Banyu sing mauné kaya témbok langsung dadi laut manèh. Firaun lan pasukané mati merga kelelep. Ora ana sing slamet.

Ing daratan, kabèh wong nyanyi muji Yéhuwah. Wong-wong kuwi nyanyi, ”Ayo nyanyi kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké wis menang. Jaran lan sing nunggangi wis dicemplungké ing laut.” Pas padha nyanyi, ana wong-wong wédok sing njogèd lan main rebana. Kabèh wong seneng banget merga wis bébas.

”Kuwi sebabé, aku bakal dadi kendel lan kandha, ’Yéhuwah kuwi sing nulungi aku, aku ora bakal wedi. Apa sing isa ditindakké manungsa marang aku?’”—Ibrani 13:6