Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 14

Budhak sing Manut Gusti Allah

Budhak sing Manut Gusti Allah

Yusuf lair wektu Yakub wis tuwa. Mula, Yusuf dadi anak kesayangané Yakub. Nurutmu, piyé perasaané sepuluh kakangé Yusuf? Sepuluh kakangé Yusuf padha iri lan sengit karo Yusuf. Wektu éntuk mimpi sing anèh, Yusuf crita karo kakang-kakangé. Ing mimpi kuwi, Yusuf bakal dadi majikané kakang-kakangé. Kuwi nggawé sepuluh kakangé Yusuf tambah sengit karo dhèwèké.

Wektu kuwi, kakang-kakangé Yusuf lagi njaga domba ing cedhak kutha Syikhèm. Yakub ngongkon Yusuf ndelok keadaané kakang-kakangé. Pas ndelok Yusuf saka kadohan, kakang-kakangé ngomong, ’Lha kuwi si tukang ngimpi! Ayo dipatèni waé!’ Terus, Yusuf dicemplungké ing lubang sing jero. Tapi, salah siji kakangé sing jenengé Yéhuda ngomong, ’Aja! Aja dipatèni! Diedol waé bèn dadi budhak!’ Mula, Yusuf diedol ing pedagang Midian sing arep lunga Mesir. Yusuf diregani 20 dhuwit pérak.

Bar kuwi, jubahé Yusuf dicelupké ing getihé kambing. Terus, jubah kuwi diduduhké bapaké. Kakang-kakangé Yusuf ngomong, ’Pak, iki jubahé Yusuf dudu?’ Yakub ngira nèk Yusuf dipangan kéwan buas. Yakub sedhih banget. Dhèwèké ora isa dihibur sapa-sapa.

Ing Mesir, Yusuf dituku karo pejabat penting sing jenengé Potifar. Yusuf dadi budhak ing omahé Potifar. Tapi, Yéhuwah terus ndhukung Yusuf. Potifar ndelok nèk Yusuf sregep lan isa dipercaya. Mula, Yusuf diwènèhi tugas ngawasi kabèh hartané Potifar.

Bojoné Potifar ndelok nèk Yusuf kuwi nggantheng lan gagah. Saben dina dhèwèké ngejak Yusuf nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Piyé tanggepané Yusuf? Yusuf ora gelem. Dhèwèké ngomong, ’Wegah! Aku ora éntuk nindakké iki! Aku wis dipercaya karo majikanku. Njenengan kuwi bojoné. Nèk aku nindakké iki, berarti aku wis nggawé dosa.’

Bojoné Potifar akhiré meksa Yusuf nindakké hubungan sèks karo dhèwèké. Dhèwèké narik klambiné Yusuf, tapi Yusuf mlayu. Pas Potifar mulih, bojoné Potifar ngomong nèk Yusuf arep merkosa dhèwèké. Potifar dadi nesu banget, padahal kuwi ora bener. Yusuf akhiré dilebokké penjara. Tapi, Yéhuwah ora ninggalké Yusuf.

”Mula, asorna awakmu ing sakngisoré astané Gusti Allah sing kuwat, supaya Panjenengané ngunggulké kowé ing wektu sing ditemtokké.”​—1 Pétrus 5:6