Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 24

Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné

Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné

Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Temoni aku ing gunung. Aku bakal nulis hukumku ing lèmpèngan watu lan tak wènèhké kowé.’ Musa munggah gunung. Musa ana ing kono nganti 40 dina lan 40 wengi. Ing kono, Yéhuwah nulis Sepuluh Préntah ing rong lèmpèngan watu. Terus, lèmpèngan watu kuwi diwènèhké Musa.

Bangsa Israèl mikir nèk Musa ora bakal bali manèh. Bangsa Israèl ngomong karo Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku kabèh.’ Harun ngomong, ’Kéné, emasmu wènèhna aku.’ Terus, Harun nggawé patung anak sapi saka emas-emas kuwi. Bangsa Israèl ngomong, ’Anak sapi iki Gusti Allah sing mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’ Bangsa Israèl mulai nyembah patung anak sapi emas lan nggawé perayaan. Apa kuwi salah? Ya. Bangsa Israèl wis janji mung nyembah Yéhuwah. Tapi, saiki bangsa Israèl ora nepati janjiné..

Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Mudhuna. Bangsa Israèl wis ora manut karo aku. Bangsa kuwi nyembah patung.’ Musa mudhun saka gunung karo nggawa rong lèmpèngan watu.

Pas wis mèh tekan, Musa krungu bangsa Israèl lagi nyanyi. Terus, Musa ndelok bangsa Israèl lagi njogèd lan sujud ing ngarepé patung anak sapi. Musa nesu banget. Musa mbanting lèmpèngan watuné ing tanah. Akibaté, lèmpèngané hancur. Terus, Musa takon karo Harun, ’Ngapa kok kowé manut wong-wong kuwi?’ Harun ngomong, ’Aja nesu. Kowé kan ngerti bangsa Israèl kuwi kaya apa. Bangsa Israèl péngin nduwé allah. Dadi, aku nggawé patung saka emas-emasé wong-wong kuwi.’ Harun kuduné ora nindakké kuwi. Terus, Musa munggah manèh ing gunung. Musa njaluk bèn Yéhuwah ngapura bangsa Israèl.

Yéhuwah ngapura wong-wong sing gelem manut. Dadi, bangsa Israèl kuduné manut karo arahané Musa. Kuwi penting banget.

”Nèk nggawé janji, kowé kudu nepati kuwi, merga Dhèwèké ora seneng karo wong sing bodho. Nèk janji, kudu ditepati.”​—Pengkhotbah 5:4