Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 25

Tabernakel kanggo Ngibadah

Tabernakel kanggo Ngibadah

Wektu Musa lagi ing Gunung Sinai, Yéhuwah ngongkon Musa nggawé téndha sing istiméwa. Téndha kuwi disebut tabernakel. Tabernakel kuwi dienggo bangsa Israèl ngibadah. Tabernakel ya isa digawa ing ngendi waé bangsa Israèl pindhah.

Yéhuwah ngomong, ’Kongkonen bangsa Israèl nyumbangké bahan kanggo nggawé tabernakel.’ Bar kuwi, wong-wong Israèl mènèhi emas, pérak, tembaga, watu-watu berharga, lan perhiasan. Wong-wong kuwi ya mènèhi wol, linen, kulit kéwan, lan liya-liyané. Wong-wong kuwi nyumbang akèh banget. Musa akhiré ngomong, ’Wis cukup. Ora perlu nyumbang manèh.’

Akèh wong lanang lan wong wédok sing trampil mèlu nggawé tabernakel. Yéhuwah sing nggawé wong-wong kuwi isa nindakké tugasé. Ana sing nggawé benang lan kain. Terus, ya ana sing nyulam. Sing liyané masang watu, nggawé barang saka emas, lan ngukir kayu.

Tabernakelé digawé persis kaya sing dikarepké Yéhuwah. Wong-wong kuwi nggawé kordhèn sing apik kanggo misahké tabernakel dadi rong bagéan, yaiku Ruang Suci lan Ruang Mahasuci. Ing Ruang Mahasuci, ana pethi perjanjian sing digawé saka kayu akasia lan emas. Pethi perjanjian kuwi kanggo ngélingké bangsa Israèl nèk wis janji arep manut Yéhuwah. Ing Ruang Suci, ana wadhah lampu saka emas, méja, lan mézbah kanggo mbakar dupa. Ing halaman, ana bak tembaga lan mézbah gedhé.

Yéhuwah milih Harun lan anak-anaké lanang kanggo dadi imam ing tabernakel. Wong-wong kuwi kudu ngurus tabernakel lan nggawé persembahan kanggo Yéhuwah. Harun dadi imam agung. Mula, sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci kuwi mung Harun. Harun mlebu kono setaun pisan kanggo mènèhké korban bèn dosané Harun, keluargané, lan bangsa Israèl isa diapura.

Setaun sakwisé bangsa Israèl lunga saka Mesir, tabernakel kuwi akhiré rampung. Saiki bangsa Israèl nduwé panggonan kanggo ngibadah.

Yéhuwah seneng banget. Kanggo nduduhké perasaané, Yéhuwah ngatur bèn ana awan ing ndhuwuré tabernakel. Nèk awan kuwi ana ing ndhuwur tabernakel, bangsa Israèl ora pindhah. Tapi, nèk awané pindhah, bangsa Israèl mbongkar tabernakel, terus mèlu pindhah.

”Aku krungu swara seru saka tahta kuwi sing kandha, ’Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa. Panjenengané bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah bakal ana bareng karo wong-wong kuwi.’”​—Wahyu 21:3