Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 34

Gidéon Ngalahké Bangsa Midian

Gidéon Ngalahké Bangsa Midian

Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah manèh lan mulai nyembah allah-allah palsu. Wong Midian nyolong kéwan lan ngrusak tandurané bangsa Israèl nganti pitung taun. Mula, bangsa Israèl ngumpet ing guwa-guwa lan ing pegunungan. Wong-wong kuwi njaluk bèn dislametké karo Yéhuwah. Yéhuwah ngongkon malaékat nemoni cah enom sing jenengé Gidéon. Malaékat kuwi ngomong, ’Yéhuwah wis milih kowé kanggo dadi pejuang sing hébat.’ Gidéon ngomong, ’Aku iki dudu sapa-sapa. Apa isa aku nylametké bangsa Israèl?’

Piyé carané Gidéon isa yakin nèk dhèwèké dipilih Yéhuwah? Gidéon ndèlèhké wulu domba ing tanah. Terus, Gidéon ngomong karo Yéhuwah, ’Nèk sésuk ésuk wulu iki teles merga kena embun lan tanahé tetep garing, aku bakal ngerti nèk Njenengan sing ngongkon aku.’ Sésuké, wuluné teles lan tanahé tetep garing. Tapi, Gidéon njaluk manèh bèn sésuké gentènan wuluné sing tetep garing lan tanahé sing teles. Kuwi kelakon tenanan. Gidéon akhiré yakin nèk Yéhuwah wis milih dhèwèké. Mula, Gidéon ngumpulké pasukané kanggo nyerang bangsa Midian.

Yéhuwah ngomong karo Gidéon, ’Aku bakal nggawé bangsa Israèl menang. Tapi, prajuritmu isih kakèhan. Nèk kowé menang, mengko kowé bakal mikir nèk kuwi merga usahamu dhéwé. Nèk ana prajuritmu sing wedi, kongkonen mulih waé.’ Mula, ana 22.000 prajurit sing mulih, lan sisané tinggal 10.000 prajurit. Bar kuwi, Yéhuwah ngomong, ’Iki ya isih kakèhan. Kongkonen prajuritmu ngombé ing kali. Mung wong-wong sing tetep ngawasi sekitaré sing éntuk lunga karo kowé.’ Akhiré, mung ana 300 wong sing éntuk mèlu Gidéon. Yéhuwah janji nèk wong-wong kuwi bakal ngalahké 135.000 prajurit Midian.

Benginé, Yéhuwah ngomong karo Gidéon, ’Saiki wektuné nyerang wong Midian!’ Gidéon mbagi trompèt lan kendhi gedhé sing isiné obor kanggo kabèh prajurité. Gidéon ngomong, ’Deloken sing tak tindakké. Bar kuwi, kowé kabèh kudu nindakké sing padha.’ Gidéon niup trompèté, mecahké kendhiné, ngacungké oboré, terus mbengok, ’Pedhangé Yéhuwah lan Gidéon!’ Pasukané Gidéon ya nindakké sing padha. Wong Midian wedi lan padha mlayu mencar-mencar. Wong-wong kuwi malah nyerang kancané dhéwé. Yéhuwah mbantu bangsa Israèl manèh kanggo ngalahké mungsuhé.

”Iki kanggo nduduhké nèk kesanggupan sing nggumunké sing padha tak duwèni iki asalé saka Gusti Allah, dudu saka awakku dhéwé.”​—2 Korintus 4:7