Pambuka Bagéan 8
Salomo diwènèhi Yéhuwah kawicaksanan lan dikon mbangun bait. Tapi, suwé-suwé Salomo dadi ora manut Yéhuwah. Nèk nduwé anak, jelasna karo dhèwèké nèk sing nyebabké Salomo dadi ora manut kuwi merga nduwé kanca-kanca sing ora nyembah Yéhuwah. Kerajaané kebagi dadi loro, lan raja-raja sing jahat nggawé bangsa Israèl dadi murtad lan nyembah brahala. Wektu kuwi, ana akèh nabiné Yéhuwah sing disiksa lan dipatèni. Ratu Izebèl nggawé kerajaan utara dadi tambah murtad. Ing jaman kuwi, keadaané bener-bener kacau. Tapi, isih ana akèh wong sing nyembah Yéhuwah ing antarané bangsa Israèl. Contoné yaiku Raja Yéhosyafat lan Nabi Èlia.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 44
Bait kanggo Yéhuwah
Yéhuwah njawab dongané Salomo. Terus, Salomo ya diwènèhi kesempatan mbangun bait.
PELAJARAN 46
Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Bener
Gusti Allah sing bener kuwi sapa? Yéhuwah utawa Baal?
PELAJARAN 49
Ratu sing Jahat Dihukum
Izebèl matèni Nabot bèn isa éntuk kebon angguré. Yéhuwah ngerti kabèh sing ditindakké Izebèl.