Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 9

Pambuka Bagéan 9

Bagéan iki nyritakké soal cah enom, nabi, lan raja sing nduwé iman karo Yéhuwah. Ing Siria, ana cah wédok Israèl sing percaya nèk nabiné Yéhuwah isa nggawé Naaman séhat manèh. Nabi Èlisa yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké saka pasukan mungsuh. Senajan bahaya, Imam Agung Yéhoyada nglindhungi Yéhoas sing isih cilik saka mbahé sing jahat, yaiku Atalia. Raja Hizkia ora wedi karo pasukan Asiria merga percaya nèk Yéhuwah bakal nglindhungi Yérusalèm. Raja Yosia nyingkirké brahala, ndandani bait, lan ngejak rakyaté nyembah Yéhuwah manèh.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 51

Kepala Pasukan lan Cah Wédok

Cah wédok Israèl ngomong karo majikané soal kuwasané Yéhuwah. Hasilé, bojoné majikané isa séhat manèh.

PELAJARAN 52

Jaran lan Kréta Perang Berapiné Yéhuwah

Pelayané Èlisa dadi yakin nèk éntuk luwih akèh dhukungan ketimbang para mungsuhé.

PELAJARAN 53

Yéhoyada sing Kendel

Imam sing kendel nglawan ratu sing jahat.

PELAJARAN 54

Yéhuwah Sabar karo Yunus

Kenapa salah siji nabiné Yéhuwah ditelen iwak gedhé? Piyé carané dhèwèké isa slamet? Yéhuwah mulang dhèwèké soal apa?

PELAJARAN 55

Malaékaté Yéhuwah Nglindhungi Hizkia

Para mungsuhé Yéhuda ngomong nèk Yéhuwah ora bakal nglindhungi umaté. Tapi, omongané wong-wong kuwi salah.

PELAJARAN 56

Yosia Seneng Hukumé Yéhuwah

Yosia dadi raja pas umuré wolung taun. Dhèwèké mbantu rakyaté nyembah Yéhuwah.