Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Bapak

Bapak

Bapak nduwé tanggung jawab apa ing keluarga?

PT 6:​6, 7; Éf 6:4; 1Tim 5:8; Ibr 12:​9, 10

  • Kisah ing Alkitab:

    • PD 22:2; 24:​1-4—Merga sayang karo Ishak, Abraham berupaya nggolèkké bojo kanggo Ishak sing padha-padha nyembah Yéhuwah

    • Mat 13:55; Mrk 6:3—Yésus disebut ”anaké tukang kayu”. Yésus ya disebut ”tukang kayu”. Kuwi berarti Yusuf wis nglatih Yésus bèn nduwé ketrampilan dadi tukang kayu

Kenapa kudu sayang lan ngajèni bapak?

Pa 20:12

Deloken Mat 6:9

  • Kisah ing Alkitab:

    • Hos 11:​1, 4—Yéhuwah ngajèni para bapak. Buktiné, Yéhuwah madhakké Dhèwèké kaya bapak. Kaya bapak sing ngandhani lan sayang karo anaké, Yéhuwah ya kaya ngono karo umaté

    • Luk 15:​11-32—Yésus ngajèni para bapak. Buktiné, Yésus nyritakké nèk Yéhuwah kuwi kaya bapak sing gelem ngapurani anaké sing wis mertobat