Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Donga

Donga

Apa buktiné nèk Yéhuwah ngrungokké lan njawab donga?

Mzm 65:2; 145:18; 1Yoh 5:14

Deloken Mzm 66:19; Kis 10:31; Ibr 5:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Raj 18:​36-38—Pas Èlia arep mbuktèkké nèk nabi-nabiné Baal kuwi salah, dhèwèké ndonga lan dongané langsung dijawab karo Yéhuwah

    • Mat 7:​7-11—Yésus ngandhani nèk awaké dhéwé kudu terus ndonga lan Yéhuwah mesthi ngrungokké

Awaké dhéwé kudu ndonga karo sapa?

Dongané awaké dhéwé kudu disampèkké liwat jenengé sapa?

Dongané sapa waé sing dirungokké Yéhuwah?

Dongané sapa sing ora dirungokké Yéhuwah?

WB 15:29; 28:9; Yés 1:15; Mi 3:4; Yak 4:3; 1Ptr 3:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • Yos 24:​9, 10—Yéhuwah ora gelem ngrungokké dongané Biléam sing ora sesuai karo karepé Yéhuwah

    • Yés 1:​15-17—Yéhuwah ora gelem ngrungokké dongané umaté sing ora manut lan wis matèni wong akèh

Ing akhir donga kudu ngomong apa, lan kenapa?

Apa ing Alkitab ana keterangan soal posisi pas ndonga?

Umaté Yéhuwah isa ndongakké apa waé pas ngibadah bareng?

Kis 4:​23, 24; 12:5

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Bb 29:​10-19—Pas wong-wong Israèl nyumbang kanggo pembangunan bait, Raja Daud mimpin donga ing ngarepé wong-wong kuwi

    • Kis 1:​12-14—Para rasul, adhi-adhiné Yésus, Maria, lan wong-wong wédok liyané ndonga bareng ing kamar ndhuwur ing Yérusalèm

Kenapa aja nganti isi dongané awaké dhéwé mung kanggo nggawé wong liya terkesan?

Kenapa kudu ndonga sakdurungé mangan?

Kenapa kudu terus ndonga?

Rm 12:12; Éf 6:18; 1Tés 5:17; 1Ptr 4:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • Dan 6:​6-10—Danièl tetep ndonga kaya biasané meskipun isa waé dhèwèké dipatèni

    • Luk 18:​1-8—Yésus nyritakké perumpamaan soal hakim sing akhiré gelem mbantu wong wédok sing terus-terusan njaluk tulung. Perumpamaan kuwi nduduhké nèk Yéhuwah bakal ngrungokké lan njawab dongané wong-wong sing terus-terusan ndonga

Bèn isa diapura, pas ndonga awaké dhéwé kudu piyé?

2Bb 7:​13, 14

  • Kisah ing Alkitab:

    • 2Raj 22:​11-13, 18-20—Merga Yosia rendah hati lan manut karo Yéhuwah, Yéhuwah apikan lan mberkahi dhèwèké

    • 2Bb 33:​10-13—Pas ndonga, Raja Manasyé rendah hati lan njaluk bèn diapura Yéhuwah. Yéhuwah ngapurani dhèwèké lan ndadèkké Manasyé raja manèh

Bèn isa diapura Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

Kenapa kok awaké dhéwé kudu ndonga bèn karepé Yéhuwah kelakon?

Kenapa dongané awaké dhéwé kudu nduduhké nèk awaké dhéwé nduwé iman karo Yéhuwah?

Apa waé sing isa didongakké?

Ndonga bèn jenengé Yéhuwah diluhurké

Ndonga bèn Kerajaané Gusti Allah mréntah ing bumi

Ndonga bèn karepé Yéhuwah kelakon

Njaluk bèn Yéhuwah nyukupi kebutuhané awaké dhéwé

Njaluk ngapura

Njaluk bantuané Yéhuwah bèn ora kegodha nglakoni sing salah

Ngucap syukur

Njaluk bèn nduwé pemahaman, pertimbangan sing apik, lan kawicaksanan

WB 2:​3-6; Flp 1:9; Yak 1:5

Deloken Mzm 119:34

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Raj 3:​11, 12—Yéhuwah seneng merga Salomo njaluk kawicaksanan. Yéhuwah ngekèki Salomo kawicaksanan

Njaluk roh suci

Ndongakké sedulur liya, termasuk sing dianiaya

Muji lan ngluhurké Yéhuwah

Mzm 86:12; Yés 25:1; Dan 2:23

  • Kisah ing Alkitab:

    • Luk 10:21—Ing ngarepé wong akèh, Yésus muji Yéhuwah merga Yéhuwah ngekèki kesempatan bèn wong-wong sing rendah hati ngerti pengetahuan sing bener

    • Why 4:​9-11—Para malaékat mènèhké kemuliaan marang Yéhuwah lan ngluhurké Dhèwèké

Ndonga bèn pamréntah ngijinké awaké dhéwé ngibadah lan nginjil

Apa awaké dhéwé éntuk ndonga pas dibaptis?

Apa awaké dhéwé éntuk ndongakké wong-wong sing lagi ora cedhak karo Yéhuwah?

Kenapa pas mimpin donga, wong lanang biasané ora nganggo tutup kepala? Kenapa wong wédok kadhang kudu nganggo tutup kepala utawa kudhung pas mimpin donga?

Yéhuwah ora seneng karo donga sing terlalu dawa lan digawé-gawé. Yéhuwah luwih seneng donga sing piyé?

KP 3:41; Mat 6:7

  • Kisah ing Alkitab:

    • 1Raj 18:​25-29, 36-39—Nabi-nabi Baal ndonga karo Baal saka ésuk nganti awan, tapi ora dijawab

    • Kis 19:​32-41—Selama rong jam, wong-wong ing Éfésus ngomong, ”Muga-muga Artémis, dèwiné wong Éfésus, diluhurké.” Tapi kuwi ora ana hasilé. Malah gubernur ing kono ngongkon bèn wong-wong kuwi ora nggawé kisruh manèh